Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (10) Kaca 69 -75

 

( Bab gêsang lan panggêsanganing manungsa tuwin ihtiyaripun )

2. Ing dalunipun rêrêmbagan bab gêsang lan panggêsanganing manungsa tuwin ihtiyaripun. Nyandhak kawruh Tasawuf lan Fêkih, Endrasmara milih Fêkih ingkang mupakat kanggenipun tiyang Jawi. Endrasmara mêdhar bab pratingkahing cumbana tuwin sipat-sipating wanita dalah panggigahing napsu asmara
Kaca 69-7

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 4 - Kaca : 69

275 Balabak

2.
Wus alinggar samya ngambil toya kadas |
nulya ge |
minggah maring langgar Nurwitri gya adan |
larase |
slendro pathêt sanga swara rum ngumandhang |
lantase ||

3.
Bakda adan samya asêmbahyang sunat |
Mahribe |
rampung sunat Ki Nurwitri tandya kamat |
larase |
pelog pathêt barang miring sawatara |
sêrune ||

4.
Cêping kamat parlu Mahrib kang dumadya |
imame |
endrasmara tarêtip suwara cêtha |
bakdane |
wêktu Mahrib nutug pupujiyannira |
dhikire ||

5.
Rêmpêg sêsêg laras prajèng Ngèksiganda |
lagune |
têkèng Ngisa myang sunat-sunat wus bakda |
nulya ge |
samya mandhap saking langgar mring pondhoknya |
asone ||

6.
endrasmara ngatêrkên sarwi tatanya |
ing mangke |
kaparênge sugata manira |
dhahare |
punapi nèng griya punapi binêkta |
pondhoke ||

7.
Cêbolang ngling sangêt ing panuwunkula |
sarèhne |
taksih tuwuk prayogi botên kewala |
nadhahe |
endrasmara mantuk parentah rabinya |
dèn age ||

8.
Sugatamu kinang pangudutan lawan |
wedange |
lan nyamikan iku bae ladèkêna |
sêgane |
ora susah awit kabèh isih padha |
warêge ||

9.
Wus lumadi andhèr tinata ing ngarsa |
tan suwe |
endrasmara mring pondhoke tamunira |
dêlinge |
lah sumangga sampun pakèwêt ing nala |
ecane ||

10.
Lèlèh-lèlèh (m)birat rapuhing sarira |
sambènne |
ngunjuk wedang dhaharan sawontênira |
tamune |
ananggapi samya sasêkecanira |
patrape ||

11.
Kyai Wisma manêmbang mring tamunira |
dêlinge |
yayi mugi kaparênga mêdharêna |
raose |
ing Kitabing Tasawub babing ngagêsang |
tamtune ||

Jilid 4 - Kaca : 70

12.
Cêbolang ngling nitik saking ing surasa |
èstune |
manungsèku tinartamtu ing Pangeran |
kodrate |
pyambak-pyambak lalampahane nèng donya |
mulyane ||

13.
Myang sangsara bêgja cilaka waluya |
sakite |
sugih miskin ngagêsang tanapi laya |
milane |
nir pamikir kajawi mung lumaksana |
anane ||

14.
Tanpa parlu pados sarat budidaya |
margine |
wus tinamtu upama anandhang roga |
èstune |
bilih sampun wêdaling saras nir tamba |
sarase ||

15.
Lamun sampun pinasthi ing ajalira |
èstune |
ingusadan tan saras têmah palastra |
glèthèke |
wontên malih kasêbut Palakil-kobra |
iribe ||

16.
Bab babêtan papasthène kang manungsa |
mulyane |
myang sangsara bêkja lawan cilakanya |
malihe |
kalakuwan tanapi sagêsangira |
lakone ||

17.
Dadosipun wus pinasthi kang manungsa |
gêsange |
anèng donya miwah panggêsangannira |
malihe |
ing lêlakon kasêbut Palakil-kobra |
gancare ||

18.
Ing Tasawub kalawan Palakil-kobra |
bèntênne |
mawa mratèlakkên kang dadya jalaran |
blaine |
lan mratelakkên panulak supadya |
harjane ||

19.
Dados taksih nindakkên isaratira |
bèntêne |
mênggah ingkang isarat kang mrih raharja |
badane |
lawan maring kulawarga wus wajibnya |
tiyange ||

20.
Kêdah mawa istiyar sakadarira |
tamtune |
wus kasêbut ing kjtab Pêkih punika |
uripe |
manungsèku tartamtu wênang istiyar |
ywa supe ||

21.
endrasmara duk myarsa goyang kêpala |
dêlinge |
langkung èwêt mênggah pamanah-kawula |
sèlèhe |
nyungkêmana Tasawub dèrèng kuwasa |
rikine ||

22.
Èstunipun kasêbut Pêkih punika |
saene |
nanging bilih ngèngêti Tasawubira |
kêmbane |
ing istiyar tiwas sayah tanpa karya |
lampahe ||

Jilid 4 - Kaca : 71

23.
Kadiparan mênggah yayi sumèlèhnya |
kalihe |
Cêbêlang ngling bilih pamanggih kawula |
èstune |
ing Tasawub punika kangge ing nala |
gathêke ||

24.
Kang kasêbut ing kitab Palakil-kobra |
malihe |
kang kaênas ing kitab Pêkih punika |
manggènne |
kangge Jawi mufakat lampahe gêsang |
limrahe ||

25.
Dadosipun mênggah agêsang punika |
ecane |
punapa kang kalimrah kanggo manungsa |
tatane |
inggih linampahan sacara-caranya |
wajibe ||

26.
Bilih sampun tumindak ing tatacara |
laire |
dalêm batin muhung nglampahi narima |
sumendhe |
wit manungsa tan wruh ing papasthènnira |
têmêne ||

27.
Uningane papasthèn yèn wus kalakyan |
babare |
de manungsa punika pan têmbung Arab |
têgêse |
têmbung Jawi kang linalèkkên punika |
wus jèngglèh ||

28.
De Tasawub têgêse kang têmbung Jawa |
rêsike |
ing suraos kawruh kang tan kasipatan |
ing akèh |
kajêngipun kawruh batine manungsa |
yakine ||

29.
Dene Pêkih wêrdi kawruh kawujudan |
wèntèhe |
kawruh ingkang manungsa kang linampahan |
badanne |
ing sajroning gêsang wontên dalêm donya |
slamine ||

30.
Duk miyarsa endrasmara latah-latah |
gujênge |
adhuh yayi atut ingkang pangandika |
rakane |
ing pamanggih sampun condhong lan punika |
rikine ||

31.
Ngèstokakên ing Pêkih mila kawula |
samangke |
rabi catur gêndhon rukon saudara |
anggêpe |
jalarannya angêgungkên budidaya |
kumpule ||

32.
Cêbolang ngling paran ingkang budidaya |
gancange |
bilih kenging kawêdharakên kapyarsa |
tyang sanès |
kaparênga mahyakkên dadya tuladha |
èstune ||

33.
endrasmara ngakak nampèl wêntisira |
dêlinge |
pancènipun tan pantês winêdharêna |
sarèhne |
jroning manah yayi wus dadya sudara |
dadose ||

Jilid 4 - Kaca : 72

34.
Ulun kêdah mahyakkên balaka-suta |
jlèntrèhe |
nanging sampun kirang-kirang pangaksama |
sêbabe |
têmbung lekoh bikak wadosing sanggama |
patrape ||

35.
Cêbolang ngling èstu tan dados punapa |
wiyose |
anambahi rumakêting saudara |
milane |
sampun mawi wangwang rèh wus nunggal karsa |
arine ||

36.
endrasmara kataman ing manuara |
nulya ge |
mêdhar sabda milane yayi rakanta |
angrèntèng |
saking atrap nalika murwa cumbana |
tingkahe ||

37.
Jalêr èstri jêng-ajêngan linggihira |
timpuhe |
mindha wêktu sêmbahyang tahiyat awal |
dhèmêse |
èstri lajêng tinungkulkên sirahira |
pindhane ||

38.
Kadi ayun ginêcêl kakunge nulya |
amire |
sarta lajêng ngrangkul iga wêkasira |
têngênne |
asta ingkang kiwa ngasta jèngkunira |
èstrine ||

39.
Kabêngganga ing sawatawis kewala |
pukange |
sirahipun kacêrakkên ywa kasêsa |
lajênge |
sinarèkkên kakung majêng lênggahira |
timpuhe ||

40.
botên ewah pupuk jêngku kaajêngna |
manggènne |
nèng têngahe kalih pupuning wanita |
dadose |
kadi gapit pupu jêngkuning kakungnya |
kalihe ||

41.
lajêng pupunipun èstri ingkang kiwa |
slonjore |
katumpangkên pupuning kakung kang kanan |
lahdene |
jêngkunipun èstri kang kiwa punika |
lajênge ||

42.
Dipun jonjitakên ngadêg sawatara |
cêkake |
bilih sampun asami mapan sakeca |
kalihe |
ingkang jalêr lajêng maca Bissêmilah |
slajênge ||

43.
Utamine lajêng maos ingkang ayat |
Kursi-ne |
wusing katam purusa katamakêna |
kang sarèh |
wusing manjing satêngah gya katindakna |
campuhe ||

Jilid 4 - Kaca : 73

44.
Srana ngangge patrap adat ingkang dadya |
klinane |
lah ing ngriku lajêng ngwontênkên sasmita |
klècême |
grêgêt saut pratingkahira wanita |
puruge ||

45.
Kang nêdahkên carêm marêming wardaya |
têngranne |
yèn wuluning wanita sranduning angga |
ababe |
myang mêngkorok punika sampun katujwa |
carêmme ||

46.
Yèn tyang bongoh lêbête pastapurusa |
maring hès |
ingkang kadya galak sawêr nèng lêbêtnya |
êlènge |
aywa nganti kêmba kang alon kewala |
tanduke ||

47.
Yèn tyang dhenok lêbête pastapurusa |
mring hèse |
katindakna lir ngaras gandaning sêkar |
isthane |
amung èstri patrape lir sumèndhènnya |
usuke ||

48.
Yèn tyang sengoh wiwit lêbêting purusa |
prênahe |
sangandhaping pasunatan ingkang kanan |
lajênge |
radi lêrês satêngahipun wiwara |
campuhe ||

49.
Nanging èstri sarana katilêmêna |
patrape |
pan satêngah lungguh suku kalihira |
dèn-dêgke |
jêngkunira tinêkuk mung sawatara |
bênggange ||

50.
Yèn tyang (n)dêmênakkên lêbêting purusa |
kawite |
ingkang ngandhap ingkang iring têngên sarta |
patrape |
lir baita layar anjog rumambaka |
têngahe ||

51.
Yèn wus prapta nglêbêt jêlamprang patrapa |
kang sarèh |
alon-alon yèn toya lir yiyit mina |
ngêcêpèh |
lah ing ngriku lajêng kenging kasêngkakna |
tandange ||

52.
Yèn tyang sumèh saking ngandhap pasunatan |
wiwite |
praptèng têngahing baga madya wiwara |
campuhe |
yèn wis mijil yiyit lajêng katindakna |
rukête ||

53.
Yèn tyang manis saking ngandhap pasunatan |
wiwite |
radi ngiwa lir brêmara ngisêp sêkar |
tingkahe |
bilih sampun campuh nèng sajroning baga |
sartane ||

54.
Wus binanton toya lir yiyiting mina |
malihe |
wus senggolan lawan talanakanira |
nulya ge |
sinarêngan nanging kang awis kewala |
tindake ||

Jilid 4 - Kaca : 74 Kaca

55.
Yèn tyang mêrakati ngandhap pasunatan |
wiwite |
wusing manjing lir ngisik-ngisik lêngênnya |
patrape |
tumindaking purusa lir lumaksana |
pinggire ||

56.
Ing jujurang kang alon supaya aywa |
malèsèt |
bilih sampun binanton lir yiyit mina |
lajênge |
kasarênga saha ngrangu napasira |
santêre ||

57.
Yèn wus bantêr wêdaling napasing grana |
kang sisèh |
lajêng kenging winêdalkên mani maya |
jumbuhe |
lan wêdaling rahsaning wanita uga |
sarênge ||

58.
Tyang jatmika saking nginggil pasunatan |
purwane |
patrapipun lir mangaras lisah tama |
wangine |
dumuk-dumuk rumuhun supados mêdal |
manahe ||

59.
Kawistara gadhah grêgêt myang wus mêdal |
yiyite |
sang purusa tumulya kalêbêtêna |
mring hèse |
ywa talangke dènnira mrih rasa tama |
slisire ||

276 Salisir

1.
Dhasar cucut endrasmara |
carita mrih sukanira |
tamu kang suka miyarsa |
gar-gêr pindha ngadu sata ||

2.
Kang sampun gumlar sadaya |
purwaka tamtu lir ngarsa |
mung tingkahe tumanduknya |
punika kang beda-beda ||

3.
wontên malih sadèrèngnya |
matrapkên pastapurusa |
kêdah mawas tyangira |
pamulune kang sarira ||

4.
Yèn tiyang cêmêng-manis ika |
panggènanne kang asmara |
wontên lathi kalihira |
lawan nèng wudêl manggènnya ||

5.
Mila bilih yun cumbana |
kêdah dipun-wiwitana |
ngaras lathi kalih sarta |
angalapa napasira ||

6.
Wêdale napas wanita |
kang priya anampannana |
linnêbêtkên dhatêng garba |
gya mangingsêp wudêlira ||

7.
Ing wanci wêdaling rahsa |
pukul kalih tamtunira |
nanging yèn kapadhan karsa |
èstu tilar wancinira ||

Jilid 4 - Kaca : 75

8.
Nêmu-giring kang sarira |
ijêm pupus sasaminya |
manggènnipun kang asmara |
lan cêmêng-manis pan samya ||

9.
Tan seos samuwanira |
mung wanci wêdaling rahsa |
wit jam kalihwêlas ngantya |
dumugi ing êjam sapta ||

10.
Bang-bang awak kang sarira |
manggènne asmaragama |
wontên mripat kalihira |
bilih yun murwèng sanggama ||

11.
Mripat kalih dèn-arassa |
dene wêdaling kang rahsa |
awit jam nêm sontên ngantya |
dumugi ing bangun rina ||

12.
Bilih abrit kang sarira |
panggènanne kang asmara |
wontên ing pilingan kiwa |
bilih yun murwèng sanggama ||

13.
Punika kang dèn-arassa |
dene wêdaling kang rahsa |
ing têngah dalu dumugya |
Jam sakawan enjing ika ||

14.
Sarampunging parlu nulya |
ngêlêt kêcohnya priyangga |
tigang êlêtan punika |
minangka ngêjogi rahsa ||

15.
Lah yayi amung punika |
mangunahing rakapara |
kang wus katandangan samya |
lam-lammên tan sagêt lupa ||

16.
Cêbolang sarencangira |
sadaya suka miyarsa |
ing gotèke Endraprastha |
mawantah tanpa warana ||

17.
Kasaru ing praptanira |
Kyai Kaji Nurgirindra |
ngadêg nèng têngah wiwara |
alon dènnira tatanya ||

18.
Pantèn sapa tamunira |
têka rame sun-miyarsa |
gar-gêran asukarêna |
pratandha condhonging karsa ||

19.
endrasmara apranata |
tamu saking ing pracima |
tanah Kêdhu Kilèn-Praga |
badhe dhatêng Pranaraga ||

20.
Mas Cêbolang kakasihnya |
myang sakawan rencangira |
Ki Nurwitri Ki Saloka |
Palakarti Kartipala ||

21.
Sontên wau dhatêngira |
(n)jujug ing sêndhang anulya |
kula bêta marang wisma |
Ki Kaji mapan lingira ||

22.
Sukur Alkamdulilahi |
ulun uga sukèng ati |
sira tamuwan pêrmati |
yèn padha lêga ing ati ||

23.
Iki durung pati wêngi |
prayoga ing wismamami |
sasambèn maulud Nabi |
samonèku yèn marêngi ||

   kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (09) Kaca 64 - 68
  • (11) Kaca 76 - 88 >