| (11) Kaca 76 - 88 |
| ( Kyai Haji Nurgirindra ngawontênakên pèngêtan maulud Nabi ) |
3. Kyai Haji Nurgirindra ngawontênakên pèngêtan maulud Nabi ngundang Mas Cêbolang dalah para santrinipun. Mas Cêbolang mirêngakên katrangan bab Asma'ulhusna (Asmaning Allah) tuwin khasiatipunKaca 76 - 88 |
Jilid 1 - Kaca : 5
6. Kulup wus padhang tyasingsun |
datan sumêlang ing ati |
sira kariya raharja |
têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |
batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||
7. Têmbe ing sapungkuringsun |
sakèhe dunyarta mami |
sidhêkahna kang warata |
pêkir miskin anak yatin |
lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||
8. Poma kulup wêkasingsun |
Ni Samboja nulya lalis |
sawusira binêrsiyan |
layon kinubur tinunggil |
lan raka Kyai Samboja |
ing mangkya titiyang Giri ||
9. Lastantun pamundhinipun |
ing gusti Jêng Sunan Giri |
samya kapanjingan iman |
nglampahi sarengat Nabi |
ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||
10. Gêmah arjane kalangkung |
tan ana kang laku juti |
samya cêkap nyandhang mangan |
adoh ingkang dadya miskin |
têntrêm ciptane raharja |
wong ngamanca kathah prapti ||
11. Kabanjur tan arsa mantuk |
kalajêng wisma ing Giri |
raja pandhita Sètmata |
jujuluk Susunan Giri |
Gajah Kadhaton minulya |
kawêntar ing liya nagri ||
12. Miwah wus pinundhut mantu |
ing Suhunan Ngampèlgadhing |
dhinaupkên lan putrinya |
Nyai Agêng Ratu nami |
atut dènnya palakrama |
lêstantun ngantya sisiwi ||
13. Wowolu èstri myang jalu |
Nyi Agêng angrumiyini |
kondur maring rahmatolah |
layon sumare anunggil |
marasêpuh èstri priya |
garwa putra gung prihatin ||
14. Sigêg gantya kang winuwus |
Brawijaya Narapati |
mirêng pawartos sanyata |
ing mangkya Susunan Giri |
linulutan sakèh janma |
nungkul tan kalawan jurit ||
15. Sang prabu utusan gupuh |
Gajahmada kyana patih |
kinèn lumampah priyangga |
mukul prang Giri Garêsik |
tan cinatur lampahira |
wus prapta jajahan Giri ||
16. Gègère kadya pinusus |
kang katrajang samya ngili |
minggah kadhaton Prawata |
Jêng Sunan Giri marêngi |
anyêrat manêdhak Kur'an |
kagyat mirêng suwaraning ||
Jilid 1 - Kaca : 6
17. Tiyang alok mungsuh rawuh |
sumêdya ngrisak ing Giri |
kalam ingkang kagêm nyêrat |
anulya binucal aglis |
andodonga ing Pangeran |
sinêmbadan ing sakapti ||
18. Kalam lajêng dadya dhuwung |
cumlorot ngamuk pribadi |
pra wadya ing Majalêngka |
kathah ingkang angêmasi |
sakantune kang palastra |
pra samya lumayu (ng)gêndring ||
19. Mantuk marang Majalangu |
sawusira mêngsah gusis |
dhuwung wus wangsul pribadya |
sumèlèh ing ngarsanèki |
panyêratan sang pandhita |
sarta akukuthah gêtih ||
20. Kagyat risang amanêngkung |
miyat dhuwung kuthah gêtih |
dahat panalangsanira |
dyan dodonga mring Hyang Widdhi |
mugi Allah ngapuntêna |
solah amba ingkang sisip ||
21. Sang pandhita ngandika rum |
marang ing wadyanirèki |
kabèh padha piyarsakna |
myang anêksènana sami |
katgèki sun wèhi aran |
si Kalammunyêng prayogi ||
22. Sakèh wadya saur manuk |
wus samya kalilan mulih |
mring wismane sowang-sowang |
lêstantun asramèng Giri |
jumênêngnya Jêng Susunan |
Prabu Sètmata linuwih ||
23. Gêmah arjane kalangkung |
saya wêwah wadyanèki |
tan ana kang kasangsaya |
nahan wus antara lami |
Sunan Giri nandhang gêrah |
kaparêng praptaning takdir ||
24. Kundur mring rahmatolahu |
gumêr tangis ing jro puri |
wandu wandawa sungkawa |
layon sawusing barêsih |
sinarèkkên nora têbah |
sangking padalêmanèki ||
25. Sedanira tilar sunu |
sadasa kakung lan putri |
kang kalih sang king ampeyan |
Pangran Pasirbata nênggih |
kalawan Siti Rohbayat |
wowolu sangking padêmi ||
26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |
putra sêpuh sinung nami |
Ratu Gêdhe ing Kukusan |
nulya Sunan Dalêm nênggih |
katrinira apanêngran |
Susuhunan Têgalwangi ||
27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |
panca Sunan Kidul nênggih |
Ratu Gêdhe Saworasa |
Sunan Kulon kang sumêndhi |
Sunan Waruju ragilnya |
wau ta ingkang winardi ||
Kacara 1 : 7
28. Sasampunira pangubur |
kumpul para wadya Giri |
angrêmbag ingkang gumantya |
mandhirèng Susunan Giri |
pra wadya wus golong rêmbag |
Sunan Dalêm kang gumanti ||
29. Gya ingangkat ajujuluk |
Sunan Giri kaping kalih |
Susunan Giri Kadhatyan |
garwa kakalih padêmi |
tan mashur ing panjênêngan |
Jêng Sunan wus praptèng jangji ||
30. Kundur mring rahmatolahu |
ugi sumare ing Giri |
atilar putra sadasa |
(m)bajêng Sunan Sedamargi |
panênggaknya apêparab |
Sunan Giri Prapèn Adi ||
31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |
Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |
Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |
Pangran Bongkok nulya Nyai |
Agêng Waru arinira |
Pangeran Bulu sumêndhi ||
32. Wragil Pangran Sedalaut |
paripurna kang wus swargi |
rêmbag kang yoga gumantya |
kêmpal sakèhe kang dasih |
Sunan Parapèn ingangkat |
linuwih lir eyang swargi ||
33. Mandhirèng Giri Kadhatun |
jujuluk maksih lêstari |
Sunan Giri Prapèn dibya |
suyut kang wadya gung alit |
kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||
3. Mêgatruh
1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |
sampun amiyarsa warti |
lamun Sunan Giri Prabu |
Sètmata wus angêmasi |
mangkya wayahe gumantos ||
2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |
lalajone kadya nguni |
sang wiku tan arsa nungkul |
marang nagri Majapait |
dadya sru bêndu sang katong ||
3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |
miwah kinanthèn pra siwi |
angirid wadyabala gung |
kinèn ngrabasèng ing Giri |
wus samapta nulya bodhol ||
Jilid 1 - Kaca : 8
4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |
mring sang prabu Majapait |
wus budhal carakèng prabu |
kya patih myang rajasiwi |
balane lir samodra rob ||
5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |
karsanira nanggulangi |
mring carakèng Majalangu |
tan dangu mêngsah kaèksi |
nulya pinapak prang popor ||
6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |
kathah ingkang nandhang kanin |
tanapi tumêkèng lampus |
Sunan Prapèn angoncati |
sagarwa putra wus lolos ||
7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |
binasmènan kitha Giri |
sadaya wus dadya awu |
rajabrana dènjarahi |
rajaputra tindak alon ||
8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |
Sunan Giri kang wus swargi |
ingkang rumêksa ing kubur |
tyang kakalih samya dhêngkling |
rawuhe sang prawira nom ||
9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |
gya tumandang sagung dasih |
halate sang maha wiku |
cihnaning wali linuwih |
singa cêlak anggaloso ||
10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |
kang kantun kalangkung giris |
bramantya sang rajasunu |
tumandang pribadi ajrih |
merang lamun tan kalakon ||
11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |
kinèn andhudhuk dèn aglis |
binilaèn yèn tan purun |
pasthi tumêkèng ing lalis |
kinarya coban kris waos ||
12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |
dupi prapta blabak jati |
tutuping tabêlanipun |
binuka saking sakêdhik |
nulya ana ingkang miyos ||
13. Warni kombang tan petungan kathahipun |
mabur ngèbêki wiyati |
maniyub lir langit rubuh |
nêmpuh wadya Majapait |
dènnya nanggulang pakewoh ||
14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |
bingung wadya Majapait |
ting bilulung rêbut dhucung |
dènnira angungsi urip |
sèlèh gagamaning pupoh ||
Jilid 1 - Kaca : 9
15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |
sirah rapêt ngroyok sikil |
ngaruara sambat bingung |
prapta nagri Majapait |
kombang anglut datan kegoh ||
16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |
tan kawawa nanggulangi |
dadya tilar prajanipun |
sawadya balanirèki |
gusis praja tan ana wong ||
17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |
wangsul mring nagrinya malih |
siji tan ana kang kantun |
sang aprabu Majapait |
sawadya wangsul ngadhaton ||
18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |
datan nêdya malih-malih |
nyikara dhatêng sang wiku |
ngamungêna ingkang uwis |
ing tyas datan walangatos ||
19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |
kanugrahan mantun dhêngkling |
gagancangan lampahipun |
anusul Jêng Sunan Giri |
ingkang lagya amakuwon ||
20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |
tyang kalih marêk tur uning |
ing mangkya mêngsah wus larut |
jalaran tinêmpuh dening |
kombang ingkang mapak pupoh ||
21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |
tilar gagamaning jurit |
samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |
tan ana ingkang tinolih |
swarane pating galêmbor ||
22. Sampun katur ing purwa wasananipun |
dalah waluyaning dhêngkling |
sang wiku kalangkung sukur |
(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |
rahayu ywa na pakewoh ||
23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |
wus paripurna ing nguni |
eca tyase para wadu |
satêngah ana kang kibir |
sajêg tan na mungsuh rawoh ||
24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |
lamun kraton Majapait |
wus andungkap sirnanipun |
jalarane sangking siwi |
dyan Patah mijil karaos ||
|
Jilid 4 - Kaca : 76 276 Salisir 24. 25. 26. 27. 28. 29. 30. 31. 32. 33. 34. 35. 36. 37. 38. 39. Jilid 4 - Kaca : 77 40. 41. 42. 43. 277 Lonthang 1. 2. 3. 4. 5. 6. sapa maca nglanggêngakên pamacane sabên dina | Jilid 4 - Kaca : 78 7. sapa wonge maca | 8. 9. 10. yèn winaca, sabên dina kaping satus kathahira | 11. 12. yèn winaca, kaping patangpuluh siji sabakdanya | 13. yèn winaca ping salikur mangka salamêt wong ika | 14. lamun yun cumbana, lawan garwa, winaca mangka yèn dadya | 15. yèn winaca kaping satus, mangka benjing yèn palastra | 16. lamun ana | 17. Jilid 4 - Kaca : 79 18. 19. 20. 21. 22. 23. 24. 25. 26. 27. 28. Jilid 4 - Kaca : 80 29. 30. 31. 32. 33. 34. 35. 36. 37. 38. 39. Jilid 4 - Kaca : 81 40. 41. 42. 43. 44. 45. 46. 47. 48. 49. 50. Jilid 4 - Kaca : 82 51. 52. 53. 54. 55. winaca, nganti têkan lêsing nendra, pra malaikat (n)dongakêna mulyanira || 56. mring wadonne, myang mring anak kathah ika, mandan runtut, anak tan ana sulaya || 57. Asma iku, mangka Allahu tangala, nyantosakkên ing manahe kang maca || 58. ing sawiji-wiji, wiji ngakèhna pamaca, insa Allah tinêkan barang karsanya || 59. mangka Allah ngapura sakèh dosanya, mring kang maca insa Allah ora cidra || 60. nora atut ênggonne apalakrama, para padu asulaya || 61. pinakakna, mring kang marahi sulaya, insa-Allah atut runtut wong punika || Jilid 4 - Kaca : 83 62. dèn-sêngiti marang kadang sanak mitra, winaca-a kaping pitung puluh sapta || 63. insa Allah, kèhing kadang sanak mitra, nulya padha mulyakkên bêrkating Asma || 64. kaping satus, siji sidhakêp astanya, insa Allah mintir wêning nalarira || 65. lanang wadon kalle tan salèh atinya, wanci Subuh babathuke cinêkêla || 66. sarta maca kaping sawêlas kang Asma, insa Allah dadya salèh rarya ika || 67. kang kelangan barang kinggatan kawula | 68. têngah dalu, gya sinèlèhkên ing asta, myang tumênga, insa Allah ntuk pratela || 69. miwah gêni, angin gêdhe winaca-a, insa Allah salamêt nora sangsara || 70. mungsuh luwih gêdhe, iku winacakna, marang apêm sèwu iji kathahira || 71. niyatira, nulak satru sarta maca, yaa kawiyu, mungsuhe ajrih sadaya || 72. mangka nora, mêdal toya susunira, tinulis nèng pinggan putih sawusira || Jilid 4 - Kaca : 84 73. wussing akum, dèninum myang binorèhan, mring prêmbayun, sa Allah mêdal toyanya || 74. mangka lumuh kinarsan among asmara | 75. winaca ing kanaka tinuruh toya, inginumkên ilang cangkême kang ala || 76. nuju ari, Jumuwah saklah raharja, saking siksa ngakerat ing têmbenira || 77. winaca ping, sanga, driji dènubêngna, ing padharan salamêt wawratanira || 78. tan karuwan, ing dununging winaca-a, padon wisma, catur gya antuk pawarta || 79. ajrih mlarat, winaca Asma punika, insa Allah lastari sarta raharja || 80. duk yun nendra, tumêka panendranira, insa Allah nir rubeda jroning nendra || 81. nèng têngahing ara-ara pamacanya, insa Allah dadi kêndêl manahira | 64 || Jilid 4 - Kaca : 85 82. ing nalika sabên-sabên nêdha, mangka dadya padhang manahing wong ika || 83. ing panganan kang manis-manis rasanya, mangka dadya ilang alane tyasira || 84. akapêncil, ing lampah myang bandayuda, ngalih wisma malaikat nulung sira || 85. ping sawêlas, (m)bari sujud wancinira, têngah dalu dadya sidik paningalnya || 86. ing donyane winaca, nalikanira jroning wulu ing dalêm gaotanira || 87. wungu nendra mangka dadi wruh wong ika, ing gawene kang sabênêr-bênêrira || 88. gya winaca sa Allah nora tumêka, gêgamaning mêngsah satêmah yuwana || 89. sabên ari kaping satus kathahira, manjing ing tyas, sakèhing kabêcikannya || 90. kasambadan sakajate winaca-a, kaping sèwu, pitung Jumuwah laminira || 91. sabên ari, mangka dadi olèh sira, panggaweyan kang bênêr bêcik sanyata || Jilid 4 - Kaca : 86 92. sabên-sabên bakdane sêmbahyang ika, mangka dadya padhanging paningalira || 93. sabên dina, kaping tigangdasa-tiga, mangka olèh ngèlmu rasa kang sanyata || 94. dènnya omah-omah adoh pancabaya, tinulisa ing kêndhi anyar anulya || 95. 96. jalma èstri, nuju kèl myang nipas ika, insa Allah slamêt tan na kara-kara || 97. dinamokkên maring rarya lit atmajanta, insa Allah salamêt kalis ing lara || 98. kaping satus, sawidak bakdaning Luka, mangka ingapura sakèhing dosanya || 99. kalle akèh mangka Allahu Tangala, manjingake sawarga maring wong ika || 100. rina wêngi, namung sapikantukira, ingapura ing sadosa-dosanira || 101. sabên ari namung sakuwasanira, Jilid 4 - Kaca : 87 102. Dul jalali wal Ikrami (85. [...] = Dzul Jalaali wal Ikraam) | 103. slamêt saking, sakèhing godha rêncana, aywa lupa winaca sakuwasanya || 104. kasinungan momong wong akèh wiaca, wêktu Luka nênga langit ping sadasa || 105. slamêt saking sakèhe bilai poma, winaca-a amung sakuwasanira || 106. ping sapuluh Jumuwah sa-Jumuwahnya, kaping sèwu nora pêgat rijêkinya || 107. sapa wonge maca, tan winanci muhung sakuwasanira, nora karêm jêjaluk mring liyanira || 108. binêndon ing laki winaca yèn arsa, nendra mangka ilang nêpsune lakinya || 109. nuju malêm Jumuwah ping satus ika, mangka nora kêna mlarat salaminya || 110. winaca-a ping satus sabên sadasa, dinamokna ing prau tan kêna kèrêm harja || Jilid 4 - Kaca : 88 111. wanci wêngi kaping sèwu kathahira, mangka sinung padhang tyase kang amaca || 112. drajating wong Arip winaca tumênga, (n)junjung asta tamat ingusapkên surya || 113. winaca-a kaping sèwu kathahira, insa Allah sirna kang prihatinira || 114. kaping satus mangka yêkti tinarima, ing sakèhe amale wong kang amaca || 115. kaping satus sadurunge mêtu surya, tan ngênani sawiji-wiji mring sira || 116. ing tingkahe, miwah mring sariranira, winaca ping sèwu sasirêping jalma || 117. antarane Mahribi kalawan Ngisa, sabar amot wêlasan yudakanaka || 278 Pangkur 1. 2. |




























3. Kyai Haji Nurgirindra ngawontênakên pèngêtan maulud Nabi ngundang Mas Cêbolang dalah para santrinipun. Mas Cêbolang mirêngakên katrangan bab Asma'ulhusna (Asmaning Allah) tuwin khasiatipun