Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (12a) Kaca 89 – 105

 

( Ngawontênakên wilujêngan pêndhak gêblagipun Ki Dêmang )
4. Mas Cêbolang dalah para santrinipun dhèrèk Haji Nurgirindra dhatêng griyanipun Nyai Wulanjar Dêmang ing Paricara ingkang ngawontênakên wilujêngan pêndhak gêblagipun Ki Dêmang. Mas Cêbolang ingkang katêdha têrbangan kanthi bêksan, sêngaja namur dados pawèstri nama Kèn Suwadi. Bêksan gêgêndhinganipun pêpujian salawat, nggêlarakên lampahan Dewa Ruci, ngèlmu raos tuwin pitutur. Bokmas Dêmang sakalangkung kapranan dhatêng Kèn Suwadi, mila katêdha nyipêng. Panamuripun Mas Cêbolang sakalangkung rêmit; ing dalu badhar sanyatanipun, ewadene malah dados pirênanipun Nyai Dêmang, lajêng posah-pasihan
Kaca 89 - 120

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 4 - Kaca : 89

278 Pangkur

3.
Ènthènge tanpa acêgah |
nanging paran wis watêke wong cilik |
kang kurang pamikiripun |
nêtêpi kêbodhowan |
arang ingkang ngandêl malah grunêngipun |
tiwas nyêngka kraya-raya |
mung mêngkono jêbulnèki ||

4.
Thênging tyas mung nyuwun barkah |
katêkanna kang dadi kajatmami |
nora arêp jaluk wuruk |
pujian mèl-êmèlan |
beda têmên lan ki Dul Lothung kang kombul |
omahe kêbak panganan |
mênyan kêmbang borèh wangi ||

5.
Kadhang nganggo mundhut arta |
sakolure kanggo slamêtan amrih |
gatine kang dadya kayun |
ingkang padha tumêka |
nora susah dipurih awèh wus tamtu |
nganak-anakake arta |
katulak eklasing ati ||

6.
Kang mangkana wus maratah |
tanpa titi mung lagi ngrungu warti |
gurawalan numbuk bêntus |
daya-daya ing karsa |
nanging nora bisa maoni katèngsun |
kasugihaning Pangeran |
kamurahing Hyang Widdhi ||

7.
Cêbolang sru sukèng nala |
lan umatur sabda ingkang kawijil |
kalangkung pamundhiulun |
ingkang datanpa timbang |
nir ing daya atur wawalês kang mungguh |
tan lyan muhung sungkêm-amba |
ing lair anrusing batin ||

8.
Tumanêm ing maknawiyah |
Kyai Kaji mènêm wacana manis |
sukur Alkamdulillahu |
nahan wus gagat-enjang |
abubaran Cêbolang sarewangipun |
wangsul maring pamondhokan |
lajêng sêmbahyang Subêki ||

9.
Kacarita Mas Cêbolang |
wus sapasar dènnya nèng Wanagiri |
Ki Kaji saya sihipun |
ratri pantara siyang |
tansèng ngarsa winêdharan sakèh kawruh |
tanapi Ki endrasmara |
lir sudara nunggil kapti ||

10.
Kalok parapating desa |
nahan wontên walanjar mêrakati |
dêdêg lênjang sarwa turut |
rema kèh sarwa krêsna |
netra (n)jait kocak (m)balerah mawèh kung |
grana runggih malicarma |
lathi dhamis sumèh manis ||

11.
Waja krêsna nglar brêmara |
kuning wênês lugune cêmêng manis |
dadya kakêmbanging kidung |
wlanjaring Paricara |
awêwangi (m)Bokmas Dêmang Puspamadu |
lêstari kadêmangannya |
suyut sakèhing wong cilik ||

Jilid 4 - Kaca : 90

12.
Tanapi parapat desa |
tuwin para babenggole wong juti |
samya rumêksa tan ayun |
ngrurusak amitênah |
labêt saking kalèban (m)bêg darma ayu |
danarta busana boga |
mintir lir ilining warih ||

13.
Lêgawa anrusing nala |
parmaning Hyang kacukupe lêstari |
krêtarja sawêngkonipun |
sêpi angkara murka |
sabên taun lèk gêblage lakinipun |
nyuruhi tangga parapat |
kaum santri kinèn tahlil ||

14.
Bakda tahlil tarêbangan |
mangkya nuju tanggal gêblaging laki |
wimbuh karohan ing tutur |
Kyai ing Girimarta |
katamuwan santri saking tanah Kêdhu |
pramèng gêndhing tarêbangan |
swara apik warna pêkik ||

15.
Kadêmangan Paricara |
jalu èstri sayuk anambut kardi |
badhe sasêgahing tamu |
maragat bèbèk ayam |
menda gibas ing pawon swara gumuruh |
èstri kang samya lah-olah |
ing pandhapi wus rinakit ||

16.
Sigêg kang anambut karya |
Nyai Dêmang parentah marang dasih |
ngaturi lir adatipun |
kang maring Girimarta |
pan winêkas Kiyai saputra-mantu |
miwah santrinya sadaya |
tinartamtu samya prapti ||

17.
Kang kinèn mentar (n)dum paran |
praptèng Girimarta matur kiyai |
sowankula dipunutus |
putranta (m)Bokmas Dêmang |
mangke dalu kiyai myang putra-mantu |
dipunaturi sadaya |
tahlilan lajêng kêndhuri ||

18.
Wah malah putra sampeyan |
nyuwun kaum kalawan santrinèki |
tarêbangipun ywa kantun |
kyai lon lingira, |
iya bêcik lawan tutura lurahmu |
kajaba santri padatan |
ulun ambêkta têtami ||

Jilid 4 - Kaca : 91

19.
Santri saking tanah manca |
kang sinung ngling manêmbah mundur aglis |
kiyai mangetan gupuh |
pinanggih endrasmara |
myang tamune binejanan sadaya wus |
endrasmara lan Cêbolang |
wus rêmbuk salire wadi ||

20.
Matur lirih maring rama |
langkung suka sakarsa anjurungi |
baskara diwasa surup |
bakdane wêktu Ngisa |
Kyai Kaji putra mantu santri tamu |
mangkat saking Girimarta |
ing Paricara wus prapti ||

21.
Èstri laju maring wisma |
jalu anèng pandhapa thirik-thirik |
ri kang pinangka panunggul |
Kiyai Nur Girindra |
Nyai Dêmang wus tundhuk lan rabinipun |
endrasmara papat pisan |
(m)bêkta pawèstri sawiji ||

22.
Ing warna kalangkung pelag |
sumèh manis Nyi Dêmang tanya aris |
puniku sintên (m)bakayu |
baya manggunge kakung |
dene dèrèng wontên kang kuciwèng sêmu |
(m)bakayu sakawan pisan |
têka sampun dènadhèni ||

23.
Nyai endrasmara latah |
adhi dêmang punika tamumami |
saking Pingit asalipun |
sarêngan santri gangsal |
Mas Cêbolang ingkang pinangka pangayun |
lan rakanta sinudara |
kadi tunggil yayah bibi ||

24.
botên ilok yèn lamisa |
kula matur prasajan dhatêng adhi |
Mas Cêbolang warninipun |
plêg kadya Samba-pradan |
sawêg nêdhêng ngèlmine sampun kacakup |
kaot èstri lawan priya |
lan punika botên kalih ||

25.
(m)Bokmas Dêmang ririh tanya |
(m)bakyu niku punapa rabinèki |
yèn saking cariyosipun |
namung sarêngan lampah |
tunggil purug wikana saèstunipun |
wawi takènna piyambak |
lah adhi mang majêng ngriki ||

26.
Kang kinèn tumungkul lingnya |
sampun ulun kewala wontên ngriki |
nulya pinaranan gupuh |
sarwi asung pambagya |
manuhake (ng)gih adhi kang nêmbe têpung |
dhuh lae sintên sinambat |
kula pun Siti Suwadi ||

27.
Saking Pingit adrênging tyas |
yun uninga ing ngèlmi kang sêjati |
saru-siku datan ketung |
ginunêm tan rinasa |
awit Allah satuhu sipat ngalimun |
sampun ingkang bangsa badan |
klêthêking tyas ngawikani ||

Jilid 4 - Kaca : 92

28.
Èstu (m)botên kasamaran |
lampah kula badhe mring Pranaragi |
sasarêngan nèng dêlanggung |
lan Kimase Cêbolang |
awit alit kêmpal ngaos wontên Kêdhu |
kulina duk alit mila |
mila sêpên walangati ||

29.
Rêsêping tyas Nyai Dêmang |
tanggap tanduk mring para tamu èstri |
mintir buja-kramanipun |
sigêg kang mong tamu dyah |
ing pandhapi wus pêpêg kang para tamu |
awit tahlil swara rampak |
Nur Girindra kang ngimami ||

30.
Paragat tahlil andonga |
Ki Nurwitri nasibi ngalik-alik |
amin gumrênggêng gumulung |
rampung pandonganira |
ramya maca Patekah sadayanipun |
tamat ing Patekah nadhah |
satirahe dènbêrkahi ||

31.
Pra tamu jênêk pinarak |
Kyai Kaji parentah mring pra santri |
padha sêntakên trêbangmu |
Nurwitri abawa-a |
gêndhing trêbang amirit gêndhing Mêntarum |
didimène padha myarsa |
para kadang-kadang wukir ||

32.
Ki Nurwitri wus ambuka |
gêndhing Kayun swara rum milêt mêthit |
tarêbang gobyog gunêmbrung |
pra santri tarung rampak |
Allah kayun mubakên maholle wal ku |
lubarani lajêngira |
johar waliyul olahi ||

33.
Kang samya mantuk winarna |
dupi mirêng tarêbang amêlingi |
bènèh lawan sabênnipun |
samya wangsul sarêngan |
lan têtangga tanapi parêpat dhusun |
èstri atanapi priya |
gumrubyug samya ningali ||

34.
Jêjêl uyêl nèng plataran |
bêntêt pêpêt minggah èmpèr pandhapi |
uyêg tarêbang binarung |
ngandhêlong iramanya |
tandya suwuk maos salawat sadarum |
angaring-aring uswasa |
sinambi nginum nyênyamik ||

35.
Nurwitri matur manêmbah |
kyai miwah (m)bokmase yèn marêngi |
tinimbang kang tinon suwung |
prayogi dhinulêngan |
iya atut nanging tan ana kang pêcus |
(m)bok manawi tan lênggana |
Siti Suwadi (n)dhulêngi ||

Jilid 4 - Kaca : 93

36.
Ah apa iya gêlêma |
endrasmara maringa wisma aglis |
tarinên dhewe tamumu |
kalamun wis kaduga |
anjaluka lilah marang ing arimu |
endrasmara wus mring wisma |
manggihi Siti Suwadi ||

37.
Dhuh yayimas lalu eman |
langkung kathah jalma kang niningali |
apa dene para tamu |
tan ana sêdya linggar |
sru karênan myarsa gêndhing têmbang kidung |
saendah dhinulêngêna |
kiraku luwih prayogi ||

38.
Yayi krana-Lah kewala |
yèn wus sagah dak matur maring nyai |
kang sinung ngling mèsêm matur |
ulun sumanggèng karsa |
namung nyuwun ngampil sinjang kangge kudhung |
endrasmara sukèng driya |
matur maring nyai panti ||

39.
Adhi nyai kadiparan |
Nyai Dêmang sukèng tyas amurugi |
Siti Suwadi rinangkul |
apa kang dakwalêsna |
dene nêmbe wanuh wus kadi sadulur |
bangun turut wèh sukèng tyas |
sakarsa tan nyulayani ||

40.
Dhuh yayi woding wardaya |
èstu lamun (m)bakyumu durung uning |
wong andhulêng tingkahipun |
apa kang dadya sarat |
wêcakêna yayi ywa nganggo pakewuh |
inggih kang-(m)bok namung sinjang |
lêlêmês sawontênnèki ||

41.
Nyai Dêmang wus sadhiya |
endrasmara mêdal katur ing Kyai |
wus dhangan sadayanipun |
kiyai latah-latah |
lah Nurwitri mangsa bodhowa sirèku |
santriku anut kewala |
sakancamu (n)jrudêmungi ||

279 Jurudêmung

1.
Siti Suwadi wus mêdal |
limar wilis ngagêm kudhung |
mung katingal suryanipun |
mancorong netra balerah |
lir wulan katawêng mêndhung |
munggèng têngahing pêndhapa |
dhèmês mêmês sila panggung ||

2.
Iyêg kang samya tumingal |
labêt durung tau wêruh |
mawarna pangiranipun |
tlèdhèk wadon iku baya |
priye mêngko(ng)gonne gambuh |
nganggo sindhèn apa ora |
wong santri wiyaganipun ||

Jilid 4 - Kaca : 94

3.
Ni Suwadi lêkas bawa |
swara lantas wilêt arum |
kang myarsa cingak sadarum |
tumanêm mring tyas kasmaran |
kapirangu gandrung-gandrung |
laras slendro pathêt sanga |
lagon Gambirsawit mungguh ||

4.
Ya ila la ilalah |
la ilaha ilalahu |
Muhkamadun Kabibuhu |
madum Muhkamad salalah |
la ilaha ilulahu |
Muhkamadun Kabibulah |
Muhkamadun Kabibuhu ||

5.
Tinampan ing santri samya |
swara rêmpêg nora umyung |
tarêbang agêng jumêngglung |
dèrèng minggah kang irama |
dhung prong prong pêg pak pong pong brung |
dhung dhah dhung dhêng tong tung tung brang |
gya dhulêng parikanipun ||

6.
Tarlèn mung ingêla-êla |
kawilêt lêlangan lagu |
lêng lêng kalingan kalalun |
kalangan langêning brata |
marang mirong rangu-rangu |
karungrungan maring riya |
riyaning tyas lir tinutus ||

7.
Puspa krêsna ing astana |
kalabang sinandhung murub |
karênan maring sihipun |
satriya andêling yuda |
surasaning tyas wulangun |
wilatung buntal sarotan |
anggung katingal wong agung ||

8.
Dalanggung loro parannya |
jangkrik gunung wong angrangkung |
kadi tan nyimpang siringsun |
kramaning pulasing wayang |
satawana akukuncung |
mêrakati warnanira |
bêndera lit sun lalayu ||

9.
Minarda ing pakêdhungan |
patinggi tilar dhudhukuh |
baya kasusahan wuyung |
walulang rineka jalma |
kukus gantung jêbug arum |
wayanganne kang sinawang |
sumapala polahipun ||

10.
Atmaraga minangkara |
tan sawala langêning hyun |
srênging karsa kêmbang banyu |
wisesa antuking nala |
wusing karsa gayung sumur |
dadi tatambaning branta |
kunir jênar yèn katêmu ||

Jilid 4 - Kaca : 95

11.
Narmada têmpur samodra |
anyungap rasaning kalbu |
gagêlang munggèng panuduh |
tan liya-liya mung sira |
sêsulung kang mêdal esuk |
dalan gêdhe jroning praja |
yèn tan lironsih kalurung ||

12.
Macan galak wulu badhak |
mangsaborong raganingsun |
burad-pada (m)bok ya wanuh |
guladrawa pinasthika |
baya laliya maringsun |
kang sela panglawêt ganda |
kapisanan ing pandulu ||

13.
Panu biru munggèng jaja |
puspita lêsah ing gêlung |
suntohi layon wong ayu |
gong alit ing pawayangan |
suntêdha bisa-a kumpul |
karanjang pangubak nila |
wus kaburan wartanipun ||

14.
Samya karênan kang mulat |
mring kang (n)dhulêng ojrat luhung |
yèn têkan sèlèhanipum |
tinampèn bawa sauran |
inginggahkên gêndhingipun |
ngalètèr akakalangan |
abêsus saingga gambyong ||

15.
Sisirig munyêt ing tingal |
liringe kadya tinutus |
maratani èstri jalêr |
ingkang kataman naratab |
kakêtêge sêntug-sêntug |
barêng angunjal ambêgan |
jalu têngah tuwuh pikun ||

16.
Lir gana kèh kang (m)bêngkayang |
mangah-mangah manggut-manggut |
pinathêt mêksa katrucut |
gumêh kakêmpunge lêga |
ngunjal napas mangap tanggung |
bêtèke kataman brangta |
kapiadrêng kalangkung ||

17.
Kèh nyuwara tan riringa |
titènana mêngko lamun |
mantuk maring pondhokipun |
dakadhang mangsa mrucuta |
sapa wani malang megung |
baya wus bosên nèng donya |
(n)dak slênthik bae (m)balêdug ||

18.
Kathah pangucaping jalma |
kang samya kataman gandrung |
wus rinantam jroning kayun |
dènnya mrih kapadhan karsa |
nahên kang dhulêng wus nutug |
ngandhêlong ingkang irama |
tan pantara dangu suwuk ||

Jilid 4 - Kaca : 96

19.
Wangsul marang jroning wisma |
(m)Bokmas Dêmang mapag gapyuk |
linukaran kudhungipun |
angga jêmêk sawatara |
mung plarapan ting parêntul |
tinutulan usap asta |
tinoyanan arum-arum ||

20.
Yayi sayahmu saiba |
kang tinanya mèsêm muwus |
pangèstunipun (m)bakayu |
badan ringas manah bingah |
adhuh yayi sukur-sukur |
wus dakadhêmake wedang |
pala cêngkèh kaduk kêcut ||

21.
Lêgine mung lamat-lamat |
nyirnakkên saliting gulu |
kalawan dhaharanipun |
wowohan myang lah-olahan |
sambinên ywa nganggo rikuh |
duwèkku ya darbèkira |
nanggapi kang tampi wuwus ||

22.
Pra tamu èstri sadaya |
sih sênêngira kalangkung |
bêjane pamintanipun |
têmbe kaparêng mampira |
dhumatêng ing dhukuhipun |
wanti-wanti pamêlingnya |
kang kinèn ngêcani kalbu ||

23.
Ing jawi mangkya winarna |
Ki Kaji ngandika aris |
hèh Nurwitri bêcik banjur |
palilah lalagon Jawa |
padha ngêrti kang anggugu |
kang sinung ngling (n)dhêku nulya |
(m)buka nuskah rowiyèku ||

24.
Swara manis arum raras |
mêrit mêthit ngrujit wuluh |
mêmbat ngayut-ayut kalbu |
salawat barung ping tiga |
la ilalaha ilolahu |
Muhkamadun Rasullolah |
Muhkamad Kabilulahu ||

25.
Tinampèn kèh saurannya |
gênturan têrêbangipun |
alêlagon Sêkar-gadhung |
Ki Nurwitri wus manêngah |
emprak datan mawa kancuh |
malêtêr anèng kalangan |
sasingire kalanipun ||

26.
Sang Wrêkudara pratistha |
nèng têlênge samodra gung |
pinanggya jawata luhung |
paparap Sang Dipaningrat |
kang kinarya bukanipun |
Dewa Ruci angandika |
marang sang sêdya linuhung ||

Jilid 4 - Kaca : 97

27.
Hèh Wrêkudara apa |
prapta ing kene karyamu |
miwah apa ta sêdyamu |
ing kene sêpi kaliwat |
nir busana buktinipun |
amungna ya ana kaleyang |
tumiba ing ngarsaningsun ||

28.
Mung iku ingkang sunpangan |
garjitèng tyas duk angrungu |
sang Wrêkudara sru ngungun |
dene bajang tanpa rowang |
agêdhe jajênthikingsun |
ucape ladak kumêthak |
Dewa Ruci malih wuwus ||

29.
Lan maning Wrêkudara |
kene kèh panca-boyèstu |
lamun nora êtoh lampus |
sayêkti tan sagêd prapta |
lan ciptamu nora urup |
têka sira paripaksa |
nora ngeman-eman lampus ||

30.
Sabda kluhuran tan ana |
kewran ri sang Bayusunu |
dènnira arsa umatur |
dene datan wruh ing gatya |
dadya alon dènnya matur |
mangsa borong Sang Ayogya |
Sang Wiku lingira arum ||

31.
Sira bèbète Hyang Siwah |
Brama witing para ratu |
iya ta bapanirèku |
turun saking Sang Hyang Brama |
Kunthi ibunira èstu |
turase Hyang Narayana |
amung patutan têtêlu ||

32.
Yudhisthira kang pangarsa |
panênggake ya sirèku |
Pêrmadi panêngahipun |
ingkang loro kadangira |
saking Dyah Madrim puniku |
jangkêp Pandhawa prastanta |
kene saking tuduhipun ||

33.
Gurupara Dhangyang Druna |
kinèn ngulatana ranu |
urip tirta bêning iku |
kang sira lakoni baya |
angèl pratingkahe idhup |
aywa lunga yèn tan wruha |
ingkang pinaran ing purug ||

34.
Lawan sira aywa nadhah |
yèn tan wruha rasanipun |
ywa nganggo-anggo sirèku |
yèn tan wruh ranning busana |
wêruhe atakon tuhu |
bisane têtiron nyata |
dadi lan tumandangipun ||

35.
Pan mangkono ing agêsang |
ana jugul saking gunung |
arsa tuku mas kang luhung |
mring kêmasan gya sinungan |
lancung kuning wus dènsêngguh |
kêncana kang luwih mulya |
mangkono ingabêktèku ||

36.
Kalamun durung waspada |
kang sinêmbah prênahipun |
sru (n)dhêku sang Bayusunu |
noraga de Sang Bathara |
sidik patitis kalangkung |
dadya malatsih manêmbah |
anuwun jinatyan èstu ||

Jilid 4 - Kaca : 98

37.
Sintên ta paparap tuwan |
têka pribadi dudunung |
sang Marbudyèngrat lingnya rum |
iya ingsun Ruci Dewa |
matur malih Bayusunu |
pukulun yèn mêkatênna |
pun patik nyuwun sih èstu ||

38.
Datan wruh pruwitèng badan |
sasat sato ing wana gung |
tan mantra waspadèng dunung |
sukcine kang jiwa-raga |
sakalangkung mudha punggung |
cinacad jagad wiryawan |
kèsi-èsi ing tumuwuh ||

39.
Angganing kanang curiga |
ulun tanpa wrangkanipun |
ngandika ri sang Linuhung |
lah ta mara Wrêkudara |
sira umanjinga gupuh |
marang guwagarbaningwang |
miyarsa kagyat gumuyu ||

40.
Angguguk aris turira |
paduka alit kalangkung |
kawula agêng aluhur |
inggih pangawak parbata |
saking pundi marganipun |
jajênthik kewala sêsak |
ngandika malih sang Wiku ||

41.
Kaki gêdhe êndi sira |
lan jagad saisinipun |
tan sêsak lamun lumêbu |
marang ing jro garbaningwang |
duk myarsa sang Bayusunu |
èstu jrih matur sandika |
mènglèng sang Dewa Ruci nung ||

42.
Yèku nu karnèngsun kiwan |
sigra manjing Bayusunu |
wus praptèng jro garbanipun |
non tasik nir têpinira |
lêyêp mahawan ngêlangut |
saking dohe kang kawuryan |
Dewa Ruci nguwuh-uwuh ||

43.
Hèh apa katon ing sira |
umatur têbih kalangkung |
datan wontên kang kadulu |
uwung-uwung awang-awang |
ing saparan-paran ulun |
datan mulat kilèn wetan |
kidul êlèr ngandhap luhur ||

44.
Ing pungkur tanapi ngarsa |
dasihe kalangkung bingung |
Dewa Ruci ngandika rum |
aja amaras tyasira |
sang Sena byar wus dumunung |
ngadhêp Sang Wiku kawangwang |
cahyanya mancur ngunguwung ||

Jilid 4 - Kaca : 99

45.
Sena nolèh wruh ing prênah |
Sang Hyang Surya wus kadulu |
ecèng tyas ngadhêp Sang Wiku |
anèng ing jagad walikan |
ngandika malih Sang Luhung |
lumaku anduduluwa |
apa kang katon sirèku ||

46.
Sena matur wontên warna |
sakawan ingkang kadulu |
sadaya kang wau-wau |
wus nir datan katingalan |
mung sakawan prakarèku |
krêsna rêta jênar seta |
mèsêm ngandika Sang Luhung ||

47.
Kang dhingin sira non cahya |
gumawang tan wruh rannipun |
pan Pancamaya puniku |
jatine ing tyas sanyata |
pangarêping sarirèku |
têgêse ing tyas ingaran |
muka sipat kang anuntun ||

48.
Marang sipat kang sanyata |
jatining sipat linangkung |
mangka tinulya lyap-luyup |
awas na rupa ywa namar |
kwasaning tyas êmpannipun |
tingaling driya puniku |
aningali mring satuhu ||

49.
Eca tyase Wrêkodara |
kalane miyarsa wusus |
tyas sumringah lagya kuncup |
de rupa kang catur warna |
iku durgamaning kalbu |
mêpêki isining jagad |
ati têlung prakarèku ||

50.
Dadi pamurunging lampah |
kang bisa pisah saèstu |
sida amor ing gaibun |
iku mungguhing atapa |
ati kang tatêlu mau |
krêsna rêta jênar samya |
nyêgah cipta kang lêstantun ||

51.
Pamoring kang Suksma mulya |
yèn tan kawilêt tri mau |
yêkti sida sirnanipun |
sarira lêstari nunggal |
poma dènawas dènemut |
durgama kang munggèng nala |
panguwasane dènwêruh ||

52.
Kang irêng luwih prakosa |
panggawene srêngên bêndu |
(n)dadra ngambra-ambra masruh |
ati kang ngadhangi marang |
ing kabêcikan sawêgung |
de rêtèku tuduh duka |
kèh penginaning rahayu ||

53.
Sêmbrana panas-atènan |
(m)buntoni manah kang emut |
maring kawaspadan muhung |
dene kang arupa jênar |
(ng)gulang sabarang ciptèku |
kang tan sayogya dadinya |
myang panggawe kang mrih tulus ||

54.
Kang ngandhêgi ati jênar |
pangrusak binanjur jumrung |
mung kang putih iku tuhu |
ati antêng sukci nyata |
prawira kaharjan ayu |
namung iku ingkang wignya |
nampèni sasmita tuhu ||

Jilid 4 - Kaca : 100

55.
Myang nampèni sih nugraha |
ênggonne bisa tumanduk |
kalêstarèn pamoripun |
ing kapti yèku mungguhnya |
katêlu balane agung |
kang seta datanpa rowang |
milu gung kasoran pupuh ||

56.
Yèn bisa nêmbadanana |
mring sukêr tri prakarèku |
sida kono pamoripun |
puniku tanpa tuduhan |
pamore kula-Gustiku |
Wrêkudara duk miyarsa |
saya sêngkut pamrihipun ||

57.
Birai mring kauwusan |
ing urip sampurnèng kumpul |
patang prakara wus surut |
urup siji kang katingal |
wêwolu ing warnanipun |
sang Wrêkudara aturnya |
punapa ta wastanipun ||

58.
Urup juga astha warna |
pundi kang sanyatanipun |
wontên kadi rêtna mancur |
wontên kadi maya-maya |
wontên abra markatèku |
Marbudèngrat angandika |
iku kajatèning kumpul ||

59.
Saliring warna têgêsnya |
iya ana ing sirèku |
myang sining bumi sadarum |
ginambar nèng angganira |
apadene jagad agung |
jagad cilik tan prabeda |
purwane ana lor kidul ||

60.
Kulon wetan luhur ngandhap |
krêsna rêta jênar pingul |
panguripe buwanèku |
lamun ilang warnaningkang |
iya jagad kabèh iku |
tan ana ingkang kliwatan |
miwah tan ana kang suwung ||

61.
Saliring reka tan ana |
kinumpulakên sadarum |
ana rupa kang siji mung |
datan kakung tan wanodya |
lir tawon gumana iku |
kang agawang putran dênta |
lah payo dulunên gupuh ||

62.
Wrêkudara wus umiyat |
kang lir putran gadhing luhung |
cahya kumilat umancur |
tumeja nguwung wangkawa |
punapa inggih punika |
warnaning Dat kang ngulatan |
kayaktène rupa tuhu ||

63.
Nauri Sang Ruci Dewa |
kang sira sêdya lèn iku |
kang mumpuni bêk sadarum |
sira dulu boya kêna |
tanpa rupa nir warnèku |
datan gatra tan satmata |
atanapi tanpa dunung ||

64.
Mung dumunung mring kang awas |
mung sasmita nèng jagad gung |
kêbêk tan kêna dinumuk |
de kang sira dulu pindha |
puputran mutyara mancur |
angkara-kara sumunar |
pan Pramana arannipun ||

Jilid 4 - Kaca : 101

65.
Tunggal anèng ing sarira |
nanging tan mèlu margiyuh |
myang tan mèlu mangan turu |
tan amèlu lara lapa |
yèn iku pisah (ng)gènnipun |
raga nglumpruk badan lungkrah |
ingkang kuwasa ya iku ||

66.
Nandhang rahsa kauripan |
dening Suksma kang linuhung |
sinung sih anandhang idhup |
ingakên rahsaning Êdat |
sinandhangkên nèng sirèku |
kadi simbar nèng kakaywan |
aranning raganirèku ||

67.
Uriping Pramana ika |
inguripan Suksma nêngguh |
misesa ing sarirèku |
yèn mati mèlu kalêswan |
yèn nir Suksmaning ragèku |
gya uriping Sukma mulya |
mau wus nunggal lan wujud ||

280 Dhandhanggula

1.
Sigêg mangkya kang winarnèng tulis |
para tamu miwah kang tumingal |
wayang-wuyungan driyane |
gorèh dènnira lungguh |
pra wadonan cacadhang kapti |
wênèh ririh wicara |
baguse anggambuh |
suwe nora awèh ulat |
mêngko lamun malembar marang ing (n)jawi |
dakajak mring wismèngwang ||

2.
Ulun kungkung boya kêna mijil |
andadaha badanku sadaya |
dènkêndho sing (m)bathok kiye |
rewange mlerok muwus |
jangji mênga tanpa pakering |
ambadhog darkèbingwang |
dhedhekaku mau |
dèntêmu pèk nèng dêdalan |
titènana nora wurung kramas gêtih |
(n)njêngèk kang sinung ujar ||

3.
Ngubêr-ubêr wawan-winawan ngling |
kabarangat grêjêg têmah tukar |
gègèr pinisah wong akèh |
para sêmbèr narucul |
antuk ênggon jêngglong nèng ngarsi |
tan ngrèmèsi kang tukar |
samya adol ayu |
timpuh siduwasta kiwa |
kêmbên kêndho nglowong payudara mingis |
kurang sathithik wutah ||

4.
Wis antara dangu Ki Nurwitri |
dènnya (ng)gambuh sêsêging irama |
magênturan sru trêbange |
ngandhêlong tandya suwuk |
maca slawat angaring-aring |
sugata wedang dharan |
sumaos ing ngayun |
endrasmara lon lingira |
wawi sami simambi sawontênnèki |
kang ingacaran rahab ||

Jilid 4 - Kaca : 102

5.
(m)Bokmas Dêmang atatanya ririh |
mring Suwadi adhi ana ika |
ingkang di kêmbang lambe |
Cêbolang iku mau |
kang tinanya nauri aris |
punika rencangira |
Nurwitri rannipun |
botên tumut Ki Cêbolang |
sawêg pambêng kilap mangke (m)bokmanawi |
sagêt mapag kewala ||

6.
Rak ya kêna ta dhi arêp uning |
Ni Suwadi (ng)glêgês lon turira |
manawi namung warnine |
botên awisan èstu |
kilap bilih ayun udani |
silitipun canthoka |
kula botên tanggung |
suka tuwin botênnira |
mBokmas Dêmang ririh nyiwêl wêntis kering |
labêt tyas sru susila ||

7.
Nahên wau kang anèng pandhapi |
Nurgirindra alon angandika |
lagi têngah wêngi kiye |
lan bangêt (ng)gonku ayun |
wruh bacute sang Bayusiwi |
(ng)gonne antuk nugraha |
saking Dewa Timur |
pra santri bae kang emprak |
sira lawan endrasmara kang asingir |
tutuge mau ika ||

8.
endrasmara nyandhak trêbang aglis |
wus pinangku ginalewang bawang |
Randhanunut lalagone |
sagahannya winuwus |
êmpok pering tiba anjêngking |
para santri kang emprak |
cara Argakidul |
amung sasuka-sukanya |
nora turut lawan iramaning gêndhing |
uyêl pan nora tata ||

9.
Santri Arga kèndêl nulya ganti |
ingkang emprak Pala Kartipala |
alus turut pangemprake |
kaliye ngêmut sumbu |
talerongan brongotan api |
bêbakaran priyawak |
tênggok githokipun |
suka kang sami umiyat |
alok-alok suraknya mawanti-wanti |
saking sangêting suka ||

10.
Nahan ingkang (n)dumugèkkên singir |
Ki Nurwitri lawan endrasmara |
muhung kakalih kang nyêngkèng |
sak plak suwara arum |
anglir pathêt nyamplêng nêmnèki |
mêrit mêthit araras |
wilêt nganyut-anyut |
hebat kang samya miyarsa |
nglajêngakên sang Sena duk sinung uning |
kaananing Pramana ||

Jilid 4 - Kaca : 103

11.
Sirna iku iya kang pinanggih |
uriping Suksma ingkang sanyata |
kaliwatan upamane |
lir rasaning kamumu |
kang Pramana amratandhani |
tuhu tunggal pinangka |
jinatèn puniku |
umatur sang Wrêkudara |
inggih pundi warnane ingkang sayêkti |
Dewa Ruci ngandika ||

12.
Nora kêna yèn iku sira prih |
lawan kaanan samata-mata |
gampang angèl pirantine |
Wrêkudara umatur |
kula nyuwun pamêjang malih |
inggih kêdah uninga |
babarpisannipun |
pun patik ngaturkên pêjah |
ambancana anggèn-anggèn ingkang pasthi |
sampun tuwas kangelan ||

13.
Angandika alon Dewa Ruci |
Wrêkudara sira nora kêna |
yèn kudu wruh samêngkone |
yêktine sira luluh |
yèn ngantiya sira udani |
yèn sira umêksa |
na tatrapanipun |
sirnakêna wujudira |
iya lawan netranira iku kaki |
supaya yèn tumêka ||

14.
Iya marang kang sira-ulati |
sayêktine kang dadya warana |
wujud netranira dhèwè |
iku pangkalan agung |
Wrêkudara nêmbah nuwun sih |
yèn kula kadugiya |
tatrap kang puniku |
iribe kadya punapa |
warnaning Dat Dewa Ruci angling ririh |
tan ana kang amimba ||

15.
Nanging ana têrsandhane kaki |
lamun krasa wujudira sirna |
kari netra ati bae |
nanging datan kadulu |
bumi langit datan kaèksi |
iku tandha yèn prapta |
nugraha Hyang Agung |
kaki lênyêpe kewala |
jagad anyar kabèh tan ana nimbangi |
warna kadya mangkana ||

16.
Yèn wis luwar dènangati-ati |
dènwaspada sajroning wardaya |
benjing praptèng wasanane |
poma kaki dènemut |
panunggale kawula-Gusti |
sahir kabir tan ana |
wus dadi sawujud |
tan ana (ng)gonne angalap |
wujud iku ngalap kabèh wus kawingkis |
yèku jatining tunggal ||

17.
Nora beda wong sinau kaki |
iya pati sajroning ngagêsang |
lan yèn prapta wêkasane |
sayêkti tunggal iku |
tan prabeda tingalirèki |
Wrêkudara anêmbah |
nuwun sih pakulun |
sasampêtana karasa |
tyas sumringah madêg kasudiran amrih |
marang alam kamuksan ||

Jilid 4 - Kaca : 104

18.
Yèn makatên amba datan mijil |
sampun eca nèng riki kewala |
botên wontên sangsayane |
tan niyat mangan turu |
botên arip botên angêlih |
botên ngrasa kangèlan |
botên angrês linu |
amung nikmat lan mupangat |
Dewa Ruci lingira iku tan kêni |
yèn nora lan antaka ||

19.
Sangsaya sihira Dewa Ruci |
marang sang kaswasih ing panêdha |
lah iya dènawas bae |
mring pamurunging laku |
aja ana karêmirèki |
dènbênêr tekadira |
ing anggêpirèku |
yèn wus kasikêp ing sira |
aja muhung dènanggo marah yèn angling |
yèku rèh pipingitan ||

20.
Nora kêna yèn sira rasani |
lan sasama-samaning manungsa |
kang nora lan nugrahane |
yèn ana nêdya padu |
angrasani rarasan iki |
ya têka kalahana |
aja kongsi banjur |
aywa ngadêkkên sarira |
ywa karakêt marang wisayaning ngurip |
balik sikêpên uga ||

21.
Kawisayan kang marang ing pati |
dènkaasta pamanthêning cipta |
rupa ingkang sabênêre |
sinêngkêr buwanèku |
urip nora nana nguripi |
datan antara mangsa |
iya ananipun |
pan wus ana ing sarira |
tuhu tunggal sasana lawan sirèki |
tan kêna pisahêna ||

22.
Tan na wênèh sangkanira nguni |
tunggal sangat matining bawana |
pandulu pamiyarsane |
wus anèng ing sirèku |
pamirsane Suksma sayêkti |
iya tan lawan karna |
ing pandulunipun |
iya tan kalawan netra |
karnanira netranira kang kinardi |
anane anèng sira ||

23.
Laire Suksma anèng sirèki |
atinira kang ana ing Suksma |
iya mangkene tatrape |
kadya wrêksa tinunu |
ananing kang kukusing agni |
sarta kalawan wrêksa |
lir toya lan alun |
kadya menyak anèng powan |
raganira ing rèh mobah lawan mosik |
iya sarta nugraha ||

24.
Yèn wruh pamore kawula-Gusti |
sarta Suksma kang sinêdya ana |
de warna nèng sira (ng)gonne |
lir wayang sarirèku |
saking dhalang solahing ringgit |
mangka panggung kang jagad |
lire badan iku |
amolah lamun pinolah |
sasolahe kumêdhèp myarsa ningali |
tumindak lan pangucap ||

Jilid 4 - Kaca : 105

25.
Kawisesa amisesa sami |
datan antara pamoring karsa |
jêr tanpa rupa rupane |
wus anèng ing sirèku |
upamane paesan jati |
ingkang ngilo Hyang Suksma |
wayangan puniku |
kang ana sajroning kaca |
iya sira jênênging manungsa iki |
rupa sajroning kaca ||

26.
Luwih gêngnya kalêpasan iki |
lawan jagad agêng kalêpasan |
kalawan luwih lêmbute |
salêmbutaning banyu |
apan lêmbut kamuksan ugi |
luwih alit kamuksan |
saaliting têngu |
pan maksih alit kamuksan |
lire luwih amisesa ing sakalir |
lire lêmbut alitnya ||

27.
Bisa nuksma ing lêmbut lan alit |
kalimputan kabèh kang rumangkang |
gumrêmêt iya tan pae |
kaluwihan sadarum |
luwih iya dènnya nampani |
tan kêna ngandêlêna |
ing warah lan wuruk |
dènsangêt pangwsanira |
badannira wasuhên pragnyana ngungkih |
wruha rungsiting tingkah ||

28.
Wuruk iku kang minangka wiji |
kang winuruk upamane papan |
pama kacang lan kêdhêle |
sinêbarna ing watu |
yèn watune datanpa siti |
kodanan kêpanasan |
pasthi nora thukul |
lamun sira bijaksana |
tingalira sirnakna ngananirèki |
dadi tingaling Suksma ||

29.
Rupanira swaranira nuli |
ulihêna mring kang darbe swara |
jêr sira ingakên bae |
mimilih kang satuhu |
nanging aja duwe sirèki |
pakarêman kang liya |
marang Sang Hyang Luhur |
dadi sarira bawana |
obah osikira wus dadi sawiji |
ywa roro anggêpira ||

30.
Yèn ta dadi anggêpira yêkti |
yèn angrasa roro maksih was-was |
kêna ing rêngu dadine |
yèn wus siji sawujud |
sakarêntêking tyasirèki |
apa cinipta ana |
kang sinêdya rawuh |
wus kawêngku anèng sira |
jagad kabèh jêr sira ingakên yêkti |
gêgênti dènnya sagah ||

31.
Wusnya mudhêng pratingkah kang iki |
dènawingit sarta dènasasap |
sasabana panganggone |
nanging ing batinipun |
ing sakêdhèp tan kêna lali |
laire sasabana |
kawruh patang dhapur |
padha anggêpên sadaya |
kalimane kang siji iku prêmati |
kanggo ing kene kana ||


   kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (11) Kaca 76 - 88
  • (12b) Kaca 106 – 120 >