Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 10

Kontak Admin.

email-kidemang

(23a) Kaca 188 – 203

 

( Nyariosakên lêlampahanipun ing alam pêjah

dumugi siksa naraka )

11. Kyai Nursubadya andongèngakên kapanggihipun pathakipun (cumplungipun) Raja Ngêsam kalihan Nabi Ngisa. Pathak kagêsangakên lan nyariosakên lêlampahanipun ing alam pêjah dumugi siksa naraka. Wêkasan kagêsangakên malih, murih martobat sungkêm ing Gusti Allah anut tuntunan agami
Kaca 188 - 209

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 4 - Kaca : 188

297 Dhandhanggula

14.
Kang kasêbut ing kitab Mamahi |
jinawèkkên sratan maksih Arab |
ananging ulun yêktine |
tan apil criyosipun |
dhuh Kemase lamun nyarêngi |
amaos lagu praja |
Cêbolang panuju |
kitab wus sinungkên marang |
Mas Cêbolang tinampèn saksana wiwit |
Sarkara-tururarya ||

15.
Amiwiti amuja Hyang Widdhi |
kang murah ing donya sih ngakerat |
mugyantuk kang supangate |
sarta lan bêrkahaipun |
Kangjêng Nabi Muhammad tuwin |
sagung para ambiya |
mukmin musim sagung |
mugi sami atulunga |
anuwunkên pangapuraning Hyang Widdhi |
kabèh makluke Allah ||

16.
Gya atangat bêbuka wawarti |
mring sagunging nak putu sadaya |
Nabi Ngisa Rohullahe |
nalikanya lumaku |
midêr-midêr jawi nagari |
Ngêsam nênggih ing kuna |
kèndêl ing dêlanggung |
amanggih pathak wong kuna |
Nabi Ngisa pathak arsa dèntakoni |
ngunandikèng wardaya ||

17.
Sirah pathak katingal wus putih |
tanpa gêmbung gumlundhung nèng lêmah |
Nabi Ngisa mandhêg age |
amikir jroning kalbu |
langkung wêlas Nabi ningali |
samana andêdonga |
Nabi Ngisa luhung |
ing Allah kang maha mulya |
mugi-mugi pathak kêna dèntakoni |
saking wêlas tumingal ||

18.
Pandongane Nabi ya Lillahi |
ya sayidi wa malaiika |
mangkana rapal jawane |
he Allah Pangeranku |
Gustiningsun panuwunmami |
dhatêng kagungan Tuwan |
amba wlas andulu |
anênggih dhatêng pun pathak |
dene botên kenging dipuntakèni |
amba nuwun ing Tuwan ||

19.
Mugi-mugi Tuwan angidèni |
yèn kawula takèni kang pathak |
tan antara nora suwe |
ana swara karungu |
saking arah Nabi dumêling |
mêngkene ingkang swara |
hèh Nabi linuhung |
lah sira ta takonana |
marang pathak ingsun akon anauri |
marang tatakonira ||

Jilid 4 - Kaca : 189

20.
Kangjêng Nabi Ngisa tanya aris |
marang pathak hèh pathak wong kuna |
kang ilang kulit daginge |
lah ta sira sumaur |
kapan ingsun ingkang nakoni |
kalawan kodrating Hyang |
pathak gya sumaur |
lawan ing lesan pasekat |
ngucap klimah Lailaha Illalahi |
wa Ngisa-u Rohulah ||

21.
Inggih gusti Nabi kang linuwih |
lah punapa kang tuwan danguwa |
inggih kawula jawabe |
anging Allah kang Agung |
ingkang kinon amba nauri |
ngandika Nabi Ngisa |
pathak apa iku |
sira pathak apa lanang |
ingkang mau apa sira wong pawèstri |
duk nalika nèng donya ||

22.
Lawan ingsun tatakon ing nguni |
apa pathake uwong cilaka |
apa wong bêgja maune |
apa sugih donyagung |
nalikamu ya maksih urip |
apa ta pêkir sira |
duk urip kang mau |
apa ta kandhangan ala |
apa bêcik mèlu ewone wong sigit |
apa ewon wong ala ||

23.
Apa sira kandhanganing nginggil |
apa èndhèk dêdêgmu ing kuna |
lawan sun takon maune |
wong loma yèn jinaluk |
apa kumêd yèn dèn-jaluki |
salir ingkang katêdha |
pêkir miskin kumpul |
karana pêkir malarat |
sumaura pan ingsun arsa udani |
nuli sira jarwa-a ||

24.
Gya umatur pathak dhatêng Nabi |
pan kawula gusti Nabi Ngisa |
tuhu jalêr sêwaune |
sanès èstri pukulun |
lawan malih amba (n)Jêng Nabi |
kandhangan tiyang bêgja |
mênggah awakulun |
sanès tiyang kang cilaka |
awakamba ing suwau tiyang sugih |
sanès tiyang kang nistha ||

25.
Lawan amba golongan wong sigit |
sanès tiyang awon warna amba |
kang minangka unusane |
lan malih amba luhur |
sanès tiyang andhap ta Gusti |
kalêbêt tiyang singgah |
agêng-inggil ulun |
lan sayêkti amba loma |
dhatêng arta sanès tiyang kumêt Gusti |
kalêbêt tiyang blaba ||

26.
Sarta amba punika (n)Jêng Nabi |
ing nalika taksih anèng donya |
jumênêng ratu maune |
nagri Ngêsam pukulun |
ing nalika dados narpati |
tan wontên ingkang ngrusak |
ing karatonulun |
lami ngadêg ratu Ngêsam |
kula Gusti ngantos kawanatus warsi |
tan wontên kang nukarta ||

Jilid 4 - Kaca : 190

27.
Lawan malih amba Gusti Nabi |
duk jumênêng nata nagri Ngêsam |
amba sangêt ing asihe |
dhatêng pêkir sadarum |
miwah miskin kula asihi |
amba kang asung boga |
pêkir miskin kumpul |
lan malih Gusti kawula |
duk jumênêng ratu ing Ngêsam ta Gusti |
ing sabên-sabên dina ||

28.
Asidhêkah kawula (n)Jêng Nabi |
saarinya inggih sèwu dinar |
pikantuk tiyang sèwune |
dinar kalangkung sêpuh |
êmas nigangdasa-kakalih |
punika saarinya |
amba damêl laku |
kalawan lampahkawula |
anyukani têdha tiyang kluwèn Gusti |
sabên ari tan gothang ||

29.
Inggih angsal tiyang sèwu Gusti |
(ng)gènkawula anyukani boga |
tiyang sèwu sadintêne |
ngantos salaminipun |
lawan amba Gusti rumiyin |
kawula asung sandhang |
sadintên tyang sèwu |
tiyang kang sami kawudan |
amba-sungi sandhangan pantês prayogi |
sabên ari kawula ||

30.
Nalikane kawula (n)Jêng Nabi |
dados ratu ing nagari Ngêsam |
kalangkung sênêng sukane |
yèn cangkrama wana gung |
dipun ayab sakèhing abdi |
kathahipun kang wadya |
tiyang kawanèwu |
amangangge sarwa sutra |
murub mubyar busanane wadyamami |
kasmaran ingkang miyat ||

298 Asmaradana

1.
Kawula umatur malih |
ing Gusti (n)Jêng Nabi Ngisa |
duk amba jumênêng katong |
wontên ing nagari Ngêsam |
dahat sukaning driya |
pan amba sugih kalangkung |
nuruti kajênging manah ||

2.
Duk kawula mêdal jawi |
kawula amêng-amêngan |
dèniring wadyabalane |
tiyang kang mawi makutha |
pinatik nawarêtna |
mutyara intên jumêrut |
sasotya di myang pakaja ||

3.
Mirah nulya intên bumi |
mangkana pathak pralêbda |
anglajêngakên ature |
nanging kawula punika |
dhuh Gusti Nabi Ngisa |
sayêktine tiyang kupur |
gagêtun kasèp ing mangsa ||

Jilid 4 - Kaca : 191

4.
Nabi Ngisa ngandika ris |
andangu pathak mangkana |
ing mangsa pira lawase |
olèhira mati ika |
kapriye tingalira |
nalikane anèng kubur |
pakewuh apa kang têka ||

5.
Lan apa maning kang kèksi |
kang tinêmu dening sira |
lah kapriye sayêktine |
rupêking kubur punika |
kalawan pancabaya |
têkane malekatipun |
patakone kaya ngapa ||

6.
Umatur pathak ring Nabi |
ya Nabi Ngisa Rohollah |
Gusti andangu gatine |
prakawis kasusahan |
botên wagêd matura |
pandamêl kang dahat agung |
sami pinanggih sadaya ||

7.
Sadangu kawula mati |
amanggih siksa ngakerat |
kawanatus tahun rêke |
langkung pitungdasa warsa |
lamine amba pêjah |
siniksa wontên ing kubur |
ngakerat langkung musakat ||

8.
Ya Nabi Ngisa linuwih |
amba umatur ring tuwan |
rikala awit sakite |
kawula manggèn panggonan |
langse ingkang pinajang |
kapetak-petak mulya gung |
pinajang inguparêngga ||

9.
Amba linggih ganti-ganti |
dhatêng lêbêting pajangan |
nuntên karaos sakite |
amumêt sirahkawula |
nênggih namung sasangat |
anuntên kawula wangsul |
alinggih dhatêng pandhapa ||

10.
Sangsaya karaos sakit |
tan bêtah anandhang lara |
kawula tilêm kanthile |
malah anangis kawula |
langkung ing sakitamba |
juru ladèn sami ngrungu |
amba malah galasahan ||

11.
Sakathahing para èsthi |
myang sêlir para parêkan |
sami ngupados dhukunne |
wontên ingkang damêl tamba |
pra dhukun dhatêng kesah |
tamba pintên-pintên tumpuk |
kang tumrap badankawula ||

12.
Tan wontên kang mupangati |
sakathahing dhukun tamba |
bokinggih wontên sudane |
sangsaya mêwahi lara |
tan wontên mayarira |
raos sangsaya kadudut |
kawula pongah-pangihan ||

13.
sarêng sakit sampun lami |
gangsal ari watawisnya |
tan bêtah nandhang sakite |
sumaput panonkawula |
untu pan ngantos oyag |
gumêtêr jasad sadarum |
kawula tan sagêd obah ||

14.
Parêkan sêlir mijêti |
wontên ingkang nganggang-anggang |
anggosoki sukuningong |
sangsaya wimbuh larane |
tan wontên kang mupangat |
nuli kantaka katèngsun |
parêkan sami karuna ||

Jilid 4 - Kaca : 192

15.
Wong dalêm pating jalêrit |
gègèr umung jroning pura |
pating jalêrit tangise |
santana kawula-warga |
sami dhatêng sadaya |
botên mupangat mring ulun |
saya pêtêng kang paningal ||

16.
Nuntên kawula ngêmasi |
sakèh wong ing dalêm pura |
lir wukir rêbah tangise |
sawênèh pan gêgulungan |
nèng siti niba-niba |
ana nyuwèk sinjangipun |
wênèh wontên (ng)gêblog jaja ||

17.
Sawênèh anibèng siti |
sawênèh angrontog rema |
amba miyarsa tangise |
tan wontên ingkang mupangat |
sakèhe kang nalangsa |
sadayanya abdiulun |
sambate kadi gêrantang ||

18.
Nuli malaekat prapti |
astanya lajêng anyandhak |
êrohkawula ginèndhèng |
wus pisah kalawan jasad |
sartane malekat |
ambêkta wadhah puniku |
isinya inum-inuman ||

19.
Sukunya malekat kalih |
saking gung miwah apanjang |
dhatêng bumi pitu ngisor |
lan sirahe malekat |
langkung gêng luhur dahat |
sundhul ing langit kapitu |
netranya lir pendah surya ||

20.
Lan gênge suwiwi kalih |
malekat ingkang prapta |
suwiwi kanan agênge |
wiyaripun sami jagat |
wontên sawarganira |
kang kiwa suwiwinipun |
ing lêbêt isi naraka ||

21.
nênggih malekat kang prapti |
awakipun warni papat |
abrit cêmêng suwarnane |
ana kuning ana pêthak |
kawula langkung hebat |
ajrih sangêt amba (n)dulu |
de malekat langkung gêngnya ||

22.
Kawula ajrih tan sipi |
aningali mring malekat |
nênêm cacahe sirahe |
sasiki ing têngênira |
sirahe malekat |
sasiki ing têngênipun |
sirahe kang malaekat ||

23.
Sirah ingkang juga munggwing |
ing ngajêng prênahing jaja |
sajuga dalamakane |
prênahe wau kang sirah |
nênggih ingkang satunggal |
sirah wontên jêngkunipun |
satunggal gêgêr prênahnya ||

24.
Nabi Ngisa ngandika ris |
(n)dangu malih mring pun pathak |
apa ta sira atakèn |
maring malaekat ika |
aturipun sang pathak |
inggih amba takèn wau |
sêmu ajrih amba pêksa ||

Jilid 4 - Kaca : 193

25.
Dhuh malekat kadospundi |
sirah paduka kang kanan |
punapa ta ing damêle |
sauripun malaekat |
sirahingsun kang kanan |
karya (n)jabêl roh sadarum |
sakèhing wong miskin ika ||

26.
Ingkang kiwa kadipundi |
punapa damêle tuwan |
sirah paduka kiwane |
sumaur ris malaekat |
sirahingsun kang kiwa |
anjabêl sakèh roh iku |
wong kang nèng makrig(?) sadaya ||

27.
Pathak atêtakon malih |
dhumatêng kang malekat |
sirah paduka sikine |
inggih kang wontên ing ngarsa |
punapa damêlira |
malaekat sauripun |
sirahsun ngarsa punika ||

28.
Kabutuh anjabêl maring |
sagunging umat Muhkhamad |
Nabi kang wêkasan dhèwè |
dhuh Nabi Ngisa Rohollah |
amba dèrèng uninga |
wadana kalangkung bagus |
tinimbang sakèh rainya ||

29.
Kang (n)jabêl umat (n)Jêng Nabi |
Muhkhamad bagus piyambak |
tan wontên mèmpêr warnine |
anuntên amba têtanya |
nênggih ring malekat |
sirah tuwan malihipun |
kang wontên luhuring pada ||

30.
Punapa damêle ugi |
sauripipun malaekat |
anjabêl êroh sakèhe |
kang anèng langit kasapta |
sagunging malaekat |
puniku bubuhanipun |
sakèh nyawaning malekat ||

31.
Amba atêtanya malih |
dhumatêng ing malaekat |
sirah tuwan sawijine |
kang wontên sor jêngkunira |
sumaur malaekat |
anjabêl sakèh roh iku |
isining bumi kasapta ||

32.
Sirah tuwan wontên gigir |
gih kabubuhan punapa |
malekat alon saure |
iya iku kabubuhan |
(n)jabêl sakèh roh kopar |
ahli naraka sadarum |
puniku kang kabubuhan ||

33.
Nabi Ngisa ngandika ris |
andangu dhatêng pun pathak |
ingsun tanya satêmêne |
lah kapriye tingalira |
ing pati nêmu apa |
mungguh sakèhing pakewuh |
ing pati apa kang ana ||

34.
Pathak matur maring Nabi |
ya Nabi Ngisa Rohollah |
paningalamba salinne |
malaekat (n)jabêl nyawa |
dadose tigang pantha |
kang sapantha karyanipun |
(m)baurêksa ing naraka ||

Jilid 4 - Kaca : 194

35.
Anyêpêng gada ngajrihi |
sapanthanya malaekat |
(m)basêngut pinggir nrakane |
satêngah kang malaekat |
(n)dhodhok mêrêngut kewala |
nèng têpining nrakanipun |
pitung puluh malaekat ||

36.
Rupinipun warni-warni |
malaekat beda-beda |
angajrihi sadayane |
sakathahing malaekat |
angunci lesanamba |
tan wagêt amba calathu |
binungkêm ing malaekat ||

37.
Kalamun amba ing nguni |
upami tan binungkêma |
lesanamba sayêktine |
nalika amba sakarat |
saking sangêting lara |
èstu mirêng sambatulun |
ing langit kasapta pisan ||

38.
Lawan malaekat malih |
sadaya wau pra samya |
anutupi netraningong |
malekat malih ambanda |
tangan kalih tan obah |
malekat pitung puluh |
anggèrèt dhatêng kawula ||

39.
Kadi tiyang (ng)gèrèt anjing |
sakathahe malaekat |
amba ginalandhang bae |
tinibakakên naraka |
Nabi Ngisa ngandika |
lah ta piye rasanipun |
sira anèng ing naraka ||

40.
Lah êndi ingkang ngèmpêri |
apa padha gêni donya |
sakala cinêmplungake |
munggèng jêroning naraka |
umatur pathak jalma |
sarêng amba wus kacêmplung |
mungkur malaekat samya ||

299 Pangkur

1.
Dhuh Nabi Ngisa Roholah |
tatkalane amba nèng ing yomani |
sarêng kawula kacêmplung |
ing naraka kawula |
lajêng ical kulit daging lawan balung |
amung kantun êroh amba |
kawula ajêrit-jêrit ||

2.
Anuli amba ingêntas |
winangsulkên dhatêng naraka malih |
roh amba dinêgêm asru |
dhatêng ing malaekat |
wangsul marang ngalamdonya awakulun |
sampuning amba siniksa |
wangsul maring donya malih ||

3.
Nuli jasad ingêdusan |
kinakapan lawan ing sinjang putih |
anuntên amba pinikul |
binêkta mring kuburan |
wus sinèlèhakên wau jroning kubur |
nuli amba ingurugan |
ing siti kantun gumlinting ||

Jilid 4 - Kaca : 195

4.
Kang ngiring wus mantuk samya |
apan amba kantun gumuling siti |
antukipun amba wêruh |
amba kantun piyambak |
anèng kubur tanpa rowang gumaluntung |
roh-amba winangsulêna |
dhumatêng jasad ngong malih ||

5.
Sigra prapta malaekat |
pan kakalih malekat kang (n)dhatêngi |
parêng amba nuli lungguh |
sarta manis wacana |
anulisa anak Adam dipun-gupuh |
kang kadya panulisira |
duk maksih anèng donyèki ||

6.
Amalira tulisana |
nalikane sira anggawe bêcik |
ana ing donya kang tuhu |
nuntên amba angucap |
lah punapa kang amba damêl nunurun |
kalam daluwang tan gadhah |
punapa kadamêl mangsi ||

7.
Malekat sarêng angucap |
kalamira sira gawe dariji |
mangsine iku idumu |
kêrtase tanganira |
dipun inggal manawa tumuli rawuh |
malekat kang kaduk sura |
manawa banjur (ng)gêbugi ||

8.
Apa ta sira anangga |
panggadane malekat kang (n)dhatêngi |
ingkang aran Wanakirun |
sunbatang datan kêlar |
mila enggal anuruta dènagupuh |
nalikane anèng donya |
amalira ingkang bêcik ||

9.
Dhuh Gusti (n)Jêng Nabi Ngisa |
sarêng musna nênggih malekat kalih |
tatkalane apitutur |
dhatêng jasatkawula |
nuntên prapta nênggih malaekat Kirun |
netranira kadi surya |
dêdêge sundhul wiyati ||

10.
Langkung cêmêng mukanira |
malaekat ingkang sami (n)dhatêngi |
swaranya lir pendah gludhug |
remanya jatha gimbal |
netranira malorok andik kadulu |
lambe kalih tibèng jaja |
kang nginggil anggarut langit ||

11.
Malekat kalih angucap |
ingkang nama Kirun agya nakènni |
satunggalnya Wanakirun |
alinggih sandhing amba |
pan kawula kinèn ngadêg Wanakirun |
jangga-amba dipun candhak |
nuli amba dèn-gêbugi ||

Jilid 4 - Kaca : 196

12.
Kalawan gadane tosan |
agêngipun gada sami lan rêdi |
sarêng kawula pinukul |
mring kalih malekat |
kanan kering asarêng pamukulipun |
balung kulit daging amba |
wus sirna awor lan siti ||

13.
Patakènnya asru nyêntak |
tingkahipun nênggih malekat kalih |
hèh ta sapa Pangeranmu |
makatên pangucapnya |
sampun ical akalamba tan sumaur |
saking jrih kawula dahat |
milamba datan nauri ||

14.
Badanamba dharodhogan |
anggêtêri ngoplok datan nauri |
anuli amba pinupuh |
gadaning malaekat |
sarta takèn tan liyan patakènipun |
hèh hèh sapa Pangeranta |
saryanggada gung tininggil ||

15.
Amba datan sagêd jawab |
botên pirsa Pangeran malih-malih |
amung brahalamba wau |
ingkang kawula sêmbah |
sangsaya sru krodhaning malekat Kirun |
tan kêndhat panggadanira |
kering kanan anggêbugi ||

16.
Anuntên amba inguntal |
dhatêng bumi siti sarêng anjêrit |
sarya bumi ngucap asru |
mêlèhkên ing kawula |
sira mangan rêjêkinira Hyang Agung |
kang tuwuh sing gigiringwang |
milane sira suncêpit ||

17.
Sakathahing têtanêman |
ingkang sami tuwuh ing gigirmami |
sawêtune uwohipun |
sira ingkang amangan |
nora (n)jaluk brahalanta kayu watu |
pagene sira tan nêmbah |
Pangeran kang murbèng bumi ||

18.
Sira pan satruning Allah |
wêkasane samêngko sira mati |
katêmu ing wêtêngingsun |
lah mara ge budiya |
ingsun cêpit lah (n)jaluka tulung watu |
iku ingkang sirasêmbah |
brahala mêngko nèng êndi ||

19.
Saksana anuli prapta |
malaekat wontên malih (n)dhatêngi |
sakalangkung gêng aluhur |
sarta ambêkta gada |
malaekat kakalih duk praptanipun |
tan wontên suwaranira |
sru lajêng sami (ng)gêbugi ||

20.
Nuli wontên undhang-undhang |
ngisor Aras swara asru dumêling |
kapyarsa anguwuh-uwuh |
sèrèdên ing naraka |
ya kang sira gêbugi dimène ajur |
balung daging kulitira |
tantara cinandhak aglis ||

Jilid 4 - Kaca : 197

21.
Malekat kalih tumandang |
angrêrèwèng dhatêng kawula yêkti |
sarêng prapta pinggiripun |
naraka kantar-kantar |
amba lajêng jinungkirakên rumuhun |
gya cinêmplungkên naraka |
balung daging marotholi ||

22.
Asru ing panjêritingwang |
ing karaos kadi kapirêng langit |
langkung sangêt sakitipun |
bêbalung kulit sirna |
mung pinanggih raosing sakit kalangkung |
sanajan jasat wus sirna |
myang sinom-amba barindhil ||

300 Sinom

1.
Kawula matur ing tuwan |
Nabi Ngisa Rohulahi |
duk amba wontên naraka |
pintên-pintên warsa Gusti |
lami manjing ing agni |
inggih jroning gêni murub |
saksana dipunêntas |
dhatêng malekat kêkalih |
nèng ngandhaping Aras unggyanipun ngêntas ||

2.
Amba nèng ngandhaping Aras |
kawula inggih ningali |
ngandhaping Aras katingal |
ing Kursi kalangkung adi |
pinatik intên bumi |
mirah abang wungu dadu |
Kursi cahya sakawan |
têngahing Aras satunggil |
satunggilnya mungging sakiwaning Aras ||

3.
Ing ngajêng Aras satunggal |
ing wingking Aras satunggil |
kursi wau langkung jêmbar |
papaèse warni-warni |
yèn tinon (m)balêrêngi |
ting karêlip ting palancur |
amba takèn malekat |
sintên ingkang dèncaosi |
linggih Kursi sakawan apelag-pelag ||

4.
Sumaur kang malaekat |
ingkang dèncaosi Kursi |
papat ingkang endah-endah |
kang sawiji Nabi Brahim |
ingkang sijine nênggih |
nabi kêkasih Hyang Agung |
aran Nabi Muhkamad |
wêkasanne para nabi |
panutannya manungsa sangalamdonya ||

5.
Apadene kang sajuga |
ingkang sinaosan Kursi |
Nabi Musa Kalamolah |
putranya Ngemram linuwih |
Kursi kalangkung èdi |
papaèse abra murub |
pinatik nawarêtna |
gêbyar-gêbyar (m)balêrêngi |
jangkêpipun Kursi sakawan punika ||

Jilid 4 - Kaca : 198

6.
Kawula tanya kang gadhah |
dhatêng malaekat Gusti |
jangkêpe Kursi sakawan |
tiga wus wontên (ng)gadhahi |
sêkawanipun inggih |
punika gih taksih suwung |
dèrèng wontên kang gadhah |
amba nuntên tanya malih |
malaekat punika sintên darbeya ||

7.
Jangkêpe kursi sakawan |
lah ta sintên darbe kursi |
sauripun malaekat |
iku ingkang dènsaosi |
Nabi Ngisa ing benjing |
punika saosanipun |
jangkêp Kursi sakawan |
sampun wontên kang darbèni |
tan antawis kawula malih binêkta ||

8.
Sinèrèt ing malaekat |
cinêmplung naraka malih |
binêkta ring malaekat |
arsa ring naraka malih |
juru naraka Jakhim |
kawula binêkta ambyur |
malekat Jabaniyah |
amba Gusti sru nyakari |
rai amba kwula cakari priyangga ||

9.
Lan amba awas tumingal |
jroning naraka kaèksi |
wontên tyang sêpuh satunggal |
wontên jro naraka linggih |
(m)basêngut netra andik |
kukus mêdal irungipun |
kinêpung malaekat |
Jabaniyah kanan kering |
gulunipun dhinadhung ing malaekat ||

10.
Ing rante wêsi apanjang |
tiyang sêpuh dèntakèni |
jinirêt ing malaekat |
kanan kering aningsêti |
ing gulu rante wêsi |
netranya andik (m)basêngut |
sru ngucap malaekat |
lah payo budiya aglis |
tan antara cinêmplungakên naraka ||

11.
Sinabêtakên jro nraka |
kang rante wêsi ningsêti |
ing gulunipun manungsa |
ing kering kanan ningsêti |
pitung èwu asteki |
rante wêsi panjangipun |
kang kocap Daliling nas |
saumal yakin saluki |
iya iku dosane ing wong duraka ||

12.
Nora ngimanake Allah |
mangeran ing liyanèki |
lah punika siksanira |
ginèndèng gulunya iring |
malekat kang nyêkêli |
kanan kering (m)batêk asru |
sinabêtkên jro naraka |
kulit daging marotholi |
sasampuning ilang kulit dagingira ||

13.
Apan nuli binêbêdan |
tiyang sêpuh wau ugi |
kang ilang kulit dagingnya |
sinalinan sakèh kulit |
pitung dasa kèhnèki |
sasampuning kulitipun |
ing jro bêbêt punika |
kêbêg sagung sawêr mandi |
lan kalabang kalajêngking kêbêg gimbal ||

14.
Saupama ngidènana |
Allah ingkang Maha Sukci |
yèn sawêr wau nguntalla |
masthi wus nguntal babar ji |
ing sawêr (m)blêbêt(n)dhêlik |
têmahan nyokoti asru |
kalajêngking klabang |
ugi sami anyokoti |
sêsambate jêrat-jêrit sabên dina ||

Jilid 4 - Kaca : 199

15.
Inggih Gusti Nabi Ngisa |
amba sumêrap pribadi |
tiyang kang wontên naraka |
warna-warna siksanèki |
wontên sawêr gêng nênggih |
amblêbêt awak sakojur |
tansah pinulêt ngula |
sarta lambe cinakoti |
myang malekat tan kêndhat (ng)gadani sirah ||

16.
Sarta amêlèhkên ika |
malaekat sadayèki |
ring malekat sami (ng)gada |
jaluka tulung sirèki |
kang sira sêmbah nguni |
nalika nèng donya iku |
kayu watu kang ko(k)sêmbah |
ing saiki ana ngêndi |
lah jaluka salamêt kang sira sêmbah ||

17.
Malaekat sigra nyandhak |
ing rante wêsi tinarik |
rante pitungpuluh hasta |
kang anjirêt gulu iring |
sinabêtakên aglis |
jinungkirkên rainipun |
kulit daging malêsat |
malaekat ngucap wêngis |
lah ta iki walêse wong kang duraka ||

18.
Yata wau Nabi Ngisa |
miyarsa aturirèki |
pathak ratu Sam ing kuna |
nalika wontên yumani |
sakala Kangjêng Nabi |
Ngisa nuli nangis asru |
kagagas miyarsa turnya |
pathak agya matur aris |
Allah Gusti sampun paduka karuna ||

19.
Dèrèng têlas aturamba |
adhuh Gusti Kangjêng Nabi |
tingkahipun tyang duraka |
kang wontên naraka Gusti |
ambyarsa matur malih |
kagyat Nabi Ngisa ngrungu |
ature punang pathak |
kèndêl tangise (n)Jêng Nabi |
lir maskentir ature lamun kapyarsa ||

301 Maskumambang

1.
Aturipun risang pathak angênèni |
dhuh Gusti Rohulah |
ing pamirsa-amba malih |
warna-warnining naraka ||

2.
Pitung pangkat pyambak-pyambak siksanèki |
inggih tundha sapta |
pangkatipun ngandhap nginggil |
sapangkatnya lêlampahan ||

Jilid 4 - Kaca : 200

3.
Sangangatus warsa ngandhap lawan nginggil |
pangkat kang kapisan |
naraka-jahanam Nabi |
pangkat kalih namanira ||

4.
Nraka-salkar tri nraka-kusamah nami |
pangkat ping sakawan |
nraka-sangir namanèki |
pangkat gangsal nraka-satar ||

5.
Pangkat ping nêm nraka-jakim namanèki |
pangkat kaping sapta |
nraka-awiyah mungkasi |
naraka-jakim punika ||

6.
Ingkang dipun acaosi mring jakim Gusti |
sang Pirngon ing kuna |
lan sawadya balanèki |
dene ta naraka-satar ||

7.
Saosane sadaya titiyang kapir |
manggon nraka-satar |
wondening naraka sangir |
eblis ingkang cinawisan ||

8.
Sawadyane (ng)gènnira ngirup-ngirupi |
sakèhing manungsa |
kaajak manjing mring sangir |
jalma kang manut ing setan ||

9.
Mila eblis sru (ng)gêgodha maring jalmi |
ingajak ginonjak |
umanjing maring yomani |
kinarya dhasar nèng ngandhap ||

10.
De pyambake punika wontên ing nginggil |
jalma ingkang samya |
korup panggodhaning eblis |
manggon ing ngandhap priyangga ||

11.
Pramilane ing ngagêsang dipuneling |
dènyitna waspada |
ywa ngantos pêpeka malih |
sêmbrana sayêkti tiwas ||

12.
Sampun ngantos supe ingkang Maha Sukci |
dhuh Gusti (n)Jêng Ngisa |
amba matur tuwan malih |
mênggah kusamah naraka ||

13.
Panggenanne sakèhing kapir Yahudi |
sawadyabalanya |
kusamah saosannèki |
dene ta naraka lalta ||

14.
Panggenanne inggih kapir nasarani |
latu mulat-mulat |
mangkya nraka jahanammi |
saosan kang darbe benjang ||

15.
Umatipun (n)Jêng Nabi Rasululahi |
inggih Nabi-duta |
Muhammad ingkang sinêlir |
umat kang sami duraka ||

16.
Ing Pangeran tan manut sarengat Nabi |
jahanam unggyannya |
dhuh Gusti Ngisa (n)Jêng Nabi |
duk amba niyat naraka ||

Jilid 4 - Kaca : 201

17.
Warni sapta kados kang katur ing Gusti |
(n)Jêng Nabi ngandika |
pathak pitutura malih |
kang anèng yomani-nraka ||

18.
Kathah warninira kang siniksa Gusti |
mandah uwas mulat |
kanthanya saèstu nangis |
de kang sami nèng naraka ||

19.
Sawarnining dêdosa nèng nraka sami |
nangis ngaru-ara |
sabên nraka (m)bilaèni |
tan saos ing pinggir têngah ||

20.
Pinggiripun têmbaga abrit kinardi |
pindha wangwa muncar |
amurub kagiri-giri |
ulate kanang têmbaga ||

21.
Ing lêbêt katimah ajur kang kinardi |
minangka wedangnya |
mêmblêg-mêmblêg umobnèki |
pindha galudhug swaranya ||

22.
Pêtêng dhêdhêt pindha bêgowong Hyang Rawi |
bênduning Pangeran |
kanan kering andhatêngi |
ing wingking ngajêngan duka ||

23.
Tan antara sawêr agêng andhatêngi |
kalangkung gêngira |
panjanging sawêr (n)Jêng Nabi |
lampahan saptèwu warsa ||

24.
Netra pindha Hyang Rawi kêmbar ngèbêki |
galak naut ngakak |
panêmbur sakêthi riris |
upasnya ingkang dhumawah ||

25.
Ing manungsa mung satètès tanpa dadi |
luluh nir kukuban |
nênggih wontên jalma siki |
dipun siksa nèng naraka ||

26.
Winor lawan timah ajur munggèng pêthi |
jro pêthi dahana |
jêmbaring pêthi watawis |
sèwu pandêlêng têbihnya ||

27.
Tan antara manungsa kang kinèn manjing |
jro pêthi dahana |
dene kawula (n)Jêng Nabi |
siniksa ing malaekat ||

28.
Tinunggilkên ing setan salaminèki |
dumèh setan ingkang |
ambêbedhung amiwiti |
tinuntun maring maksiyat ||

29.
Ing nalika ing donya ulun umiring |
panggodhaning setan |
pramila siksamba Gusti |
tinunggilkên setan lanat ||

30.
Sawêr agêng tansah mulêt anyokoti |
rêbat dhucung lawan |
kalabang myang kalajêngking |
angrèp ngêntupi kawula ||

31.
Jêlèh-jêlèh tan kêlar nandhang ing sakit |
myang sruning agila |
(n)Jêng Nabi Ngisa tanya ris |
maring pathaking narendra ||

Jilid 4 - Kaca : 202

32.
Nèng naraka pirang tahun laminèki |
Gusti lami amba |
nèng jroning naraka api |
pitung dasa catur warsa ||

33.
Sadangune ulun nèng nraka-yomani |
nandhang siksaning Hyang |
mangka sadintên ing akir |
sèwu dintên ngalamdonya ||

34.
Sèwu ari ing akir donya saari |
ulun kagawokan |
samantên laminirèki |
(ng)gènulun anandhang siksa ||

35.
Nahên Kangjêng Nabi Ngisa duk miyarsi |
ature kang pathak |
(n)jêthung sêmu waspa mijil |
marawayan pangarasan ||

36.
Sru kagagas ature pathak ngênani |
tyas Nabi karantan |
pathak nulya matur malih |
dhuh Gusti Nabi Roholah ||

37.
Ulun anèng nraka sasambat (n)dêrwili |
midhangêt suwara |
saking arah amêlingi |
kang swara dumêling endah ||

38.
Datan kenging upamèkkên saminèki |
ujaring kang swara |
malekat wangsulna malih |
êrohe pathak narendra ||

302 Mêgatruh

1.
Sru kayungyun pathak amiyarsa tutur |
ing swara lamat dumêling |
mangkono pamyarsanipun |
sira pathak nèng yamani |
ujare swara katongton ||

2.
Kèh malekat pakênira dènagupuh |
rohing pathak nèng yomani |
wangsulna mring pathakipun |
kang anèng têpining margi |
kang wus nir daging mandholos ||

3.
Krana iku wong loma lila arta gung |
sarta kèh sidhêkahnèki |
mring wong pêkir miskin amung |
sanadyan ta iku kapir |
nêmbah mring brahala yêktos ||

4.
Nanging akèh kabêcikanirèng dangu |
sidhêkahe sabên ari |
pêkir miskin sadayèku |
sinung sandhang pangan mintir |
sadinane sèwu uwong ||

5.
Lawan agung urmatira mring têtamu |
sadina-dina kang prapti |
parentahing wadyanipun |
sakèhing tamu ywa kongsi |
kurang sêgahing sang katong ||

Jilid 4 - Kaca : 203

6.
Lawan lila asidhêkah dinar sèwu |
tanpa kêndhat sabên ari |
antuk wong sèwu kang sinung |
salawase madêg aji |
mangkono ingkang lalakon ||

7.
Mung cacade sri Ngêsam iku wong kupur |
nèng donya nora marsudi |
agama Islam linuhung |
sigêg swara kang dumêling |
kang kapirêng pathak katong ||

8.
Kocap Kangjêng Nabi ing sadangunipun |
myarsakkên aturirèki |
pathak duk mirêng swarèku |
tamate aturirèki |
(n)Jêng Nabi malih tanya lon ||

9.
Hèh ta pathak ingsun tanya mring sirèku |
kaume sapa ing nguni |
pathak matur kaum-ulun |
ing Gusti Ilyas (n)Jêng Nabi |
hèh pathak duk madêg katong ||

10.
Anèng Ngêsam amêngku nagara agung |
lawan sawadyanirèki |
apa sasêmbahanmu |
kang sira-pangeran yêkti |
pathak matur manis alon ||

11.
Ingkang ulun sêmbah ing salaminipun |
lan sawadyabala mami |
sapi gung pelag kalangkung |
Nabi Ngisa dangu malih |
maring pathak lingira lon ||

12.
Sapi ulês apa kang sinêmbah iku |
sri pathak turira aris |
Gusti ulêsipun lêmbu |
kang amba anggêp Hyang Widdhi |
lir mutyara abrit nyarong ||

13.
Sungunipun inggih mutyara linuhung |
taracak mutyara adi |
gêbyar-gêbyar yèn dinulu |
gulunipun lêmbu Gusti |
ulunpatik rêtna kaot ||

14.
Intên bumi hèrwarih miwah hèrlaut |
sinawang muncar nêlahi |
lir sagêd molah kang lêmbu |
mênggah sirahipun sapi |
akik jênar mubyar nyarong ||

15.
Netra kalih kumala sirah linangkung |
sajêbug agêngirèki |
malerok andik dinulu |
mangsuli sungunya sami |
narancang pinulas kaot ||

16.
wontên abrit pêthak jênar asri mungguh |
mas slaka suwasa adi |
kang kinarya suku lêmbu |
dêdêg purusa gêng inggil |
sasampuning lêmbu dados ||


   kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (22) Kaca 182 – 187
  • (23b) Kaca 204 – 209 >