Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (23b) Kaca 204 – 209

 

( Nyariosakên lêlampahanipun ing alam pêjah

dumugi siksa naraka )

11. Kyai Nursubadya andongèngakên kapanggihipun pathakipun (cumplungipun) Raja Ngêsam kalihan Nabi Ngisa. Pathak kagêsangakên lan nyariosakên lêlampahanipun ing alam pêjah dumugi siksa naraka. Wêkasan kagêsangakên malih, murih martobat sungkêm ing Gusti Allah anut tuntunan agami
Kaca 188 - 209

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 4 - Kaca : 204

17.
Amba sawang-sawang warninira bagus |
endah adining kang sapi |
patikbra nglocitèng kalbu |
cacate sêmbahanmami |
têka tan bisa calathon ||

18.
Yèn bisa-a ngucap lir gêsang puniku |
ingsun-pangeran sayêkti |
tan antara setan kathung |
manjing jro garbaning sapi |
nywara mêdal lesan alon ||

19.
Pangucapnya êngah-êngah glêndêm arum |
sarêng lêmbu sagêd angling |
amba myang sawadyaulun |
manêmbah sujud ing sapi |
mangeran ing lair batos ||

20.
Nabi Ngisa pangandikanira arum |
hèh ta pathak saupami |
ingsun nunuwun Hyang Agung |
lamun kaparêng ing Widdhi |
kabul ing pandonganingong ||

21.
Ingsun nyuwun umurmu bisane wangsul |
urip bali mring donyèki |
apa sira isih kupur |
nêmbah mring brahala maning |
sapi ko(k)èstha Hyang Manon ||

22.
Pathak ratu tanggap manis aturipun |
dhuh Gusti (n)Jêng Roholahi |
amba kapok tobat èstu |
pami wangsul donya malih |
botên pisan amba kupor ||

23.
Nabi Ngisa pangandikanipun arum |
hèh ta pathak mung ywa kibir |
mêsthèkkên durung kinaruh |
manawa na sihing Widdhi |
Allah kang murah sih yêktos ||

24.
Ingsun wêlas tumingal marang sirèku |
(n)gonnira uwis ngalami |
kacêmplung ing naraka gung |
pirang nraka kok lakoni |
siksa kuwasèng Hyang Manon ||

25.
Lamun ana papasihane Allahu |
sira bisa urip lami |
apa manuta maring sun |
nurut ing parentahmami |
apa bali kupur kothor ||

26.
Pathak ngasih-asih manis aturipun |
dhuh Gusti tobat wakmami |
sok-ugi gêsang katèngsun |
miturut ing rèh (n)Jêng Nabi |
angèstokkên lair batos ||

27.
Nabi Ngisa sih wêlasira lumuntur |
pangandikanira aris |
sanadyan sira wong kupur |
nêmbah mring brahala sapi |
nanging kèh amalmu yêktos ||

28.
Asidhêkah kalawan eklasing kalbu |
lah paran karêpirèki |
lan tekatmu kang saèstu |
ingsun arsa amiyarsi |
awit sirèku wis wêroh ||

Jilid 4 - Kaca : 205

29.
Ing sakèhe naraka kaananipun |
pathak aturira aris |
dhuh dhuh (n)Jêng Nabi linuhung |
amba nunuwun ing Gusti |
sih marma awlas maring ngong ||

30.
Aparinga pitulung mring jasatulun |
sinuwunakên ing Widdhi |
sagêd gêsang malih ulun |
lantaran saking (n)Jêng Nabi |
amba nut agami kaot ||

31.
Angibadah ing Allah kang Maha Luhur |
sok ugiya gêsang malih |
wangsul mring ngalam donyèku |
sêdya muhung bêkti Widdhi |
amba sampun tobat kapok ||

32.
Siniksa ring malaekat langkung kawus |
èstu miturut (n)Jêng Nabi |
myang mantêp eklasing kalbu |
nadyan kinon anglampahi |
ngibadah bêkti Hyang Manon ||

33.
Anglangkungi sakèhe makluk sadarum |
umatipun Kangjêng Nabi |
tuwin Nabi sadayèku |
tan kadi umatirèki |
(n)Jêng Nabi Rasul kinaot ||

34.
Nabi Ngisa mèsêm angandika arum |
ing samêngko durung lair |
Nabi Muhkamad linuhung |
(m)benjing ing sapungkur mami |
jumênêng nabi wus pantog ||

35.
Kakasihe Hyang jangkêp nêm sarengatun |
sanadyan jiwèngong iki |
bangêt (ng)gonningsun kayungyun |
dadya umat kang sinêlir |
Nabi kêkasih kinaot ||

36.
Pathak matur kintên-kintên lairipun |
Mukhamad benjing punapi |
Nabi Ngisa wacana rum |
mung Allah kang ngudanèni |
pathak matur malih alon ||

37.
Adhuh Kangjêng Nabi Ngisa Rohulahu |
sru sangêt panuwunmami |
tumuntêning angga-ulun |
gêsang anèng donya malih |
(m)bok bilih sêlak binopong ||

38.
Ing malekat binêkta mring naraka pyu |
sumangga Gusti dènaglis |
sadangune amba matur |
manah manggung kêtir-kêtir |
pamucunge kang katongton ||

Jilid 4 - Kaca : 206

303 Pocung

1.
Nabi Ngisa sru wêlas duk myarsa atur |
pathak langkung tobat |
rubêt pakewuh ing pati |
sinangsaya kinêlêm anèng naraka ||

2.
Wusing matur pundirangan mili kang luh |
Gusti èstu tobat |
tan nêmbah brahala malih |
sru kaduwung ngêmungna kang wus kalakyan ||

3.
Amba sêngguh tiyang anglampahi kupur |
manggih karaharjan |
wasana kaananèki |
duk nèng kubur kewala wus manggih siksa ||

4.
Nèng akerat ginada malekat ulun |
angga anggalêpang |
sinuwir jinuwing-juwing |
tanpa mêndha raintên dalu siniksa ||

5.
Dhuh dhuh adhuh Gusti Nabi Roh Allohu |
amba asru dahat |
nyuwun lumunturing kang sih |
ginêsangna wangsul maring ngalam donya ||

6.
Prasêtyamba yèn wus gêsang lir duk wau |
dêmi Allah Akbar |
sadhawuh-dalêm (n)Jêng Nabi |
anglampahi raintên dalu ngibadah ||

7.
Amumuji ngluhurkên Asma Hyang Agung |
janji amba gêsang |
nèng donya praptaning lalis |
datan nêdya nalisir agami mulya ||

8.
Kangjêng Nabi lumunturing wêlasipun |
mring pathak narendra |
tandya ngambil toyastuti |
salat kalih rêkangat sawusnya salam ||

9.
Nulya sujud andodonga Hyang Mahagung |
ya Ilahi amba |
sayidi ya wa lai |
ya marid ya samat kang rapal maknanya ||

10.
e Pangeran Kang Agung amba nunuwun |
Tuwan anggêsangna |
pathak gumluntung kaswasih |
kang mandhilis sirna kulit dagingira ||

11.
Myang sagêda wangsul malih mring donyèku |
sru kapengin iman |
tan antara Nabi myarsi |
swara nguwuh saking Arah prênahira ||

12.
Sabda gaib dumêling pamyarsanipun |
e Nabi minulya |
Ngisa èstu Roholahi |
nuli konên ngadêg si pathak dènenggal ||

 

Jilid 4 - Kaca : 207

303 Pocung

13.
Ingsun ingkang dhawuh ngidèni karsamu |
ing panuwunira |
ingsun tartamtu (n)jurungi |
panyuwune si pathak anyuwun gêsang ||

14.
Awit akèh sidêkahe duk ing dangu |
asih ing sasama |
pêkir miskin anak yatin |
lilèng donya tan rumangsa darbènana ||

15.
Darma gadhuh kasèrènan barana gung |
nora ngrasa gadhah |
kabèh kagungane Widdhi |
Nabi Ngisa tatela pamyarsanira ||

16.
Ri saksana Nabi Ngisa Roholahu |
mijil Siti Maryam |
pathak dènadhêp liniling |
sarwi nguwuh-uwuh mring pathak narendra ||

17.
eling-eling pathak kang ilang kulitmu |
myang dagingmu sirna |
gya ngadêga awit saking |
kuwasanne Allah kang karsa pribadya ||

18.
Lah tangiya pathak tan antara dangu |
gêsang paripurna |
warna bagus kadi nguni |
gurawalan sujud anungkêmi pada ||

19.
Sarta ngucap kalimat Sahadat luhung |
karuna mlasarsa |
prasêtya mawanti-wanti |
amba Gusti dêmi (m)botên pisan-pisan ||

20.
Nyakuthokkên Pangeran Kang Maha Luhur |
kawus wus kawawas |
yèn kadosa nguni-nguni |
tinikêlna siksa kubur ing akerat ||

21.
Nabi Ngisa mèsêm angandika arum |
papacuh manira |
ywa pisan-pisan sirèki |
adarbeya panyana lamun manira ||

22.
Bisa nguripakên uwong kang wus lampus |
satuhu mung darma |
atas karsane Hyang Widdhi |
anguripkên ing sakathahnya kang pêjah ||

23.
Amatèni makhkluk kang urip sadarum |
nanging wêkasingwang |
ywa pêpeka dènaeling |
ing wêkasan sira wus ngicipi siksa ||

24.
Ywa katungkul kang bênêr tekadirèku |
nêtêpi ywa pisan |
nyakuthokkên ing Hyang Widdhi |
pathak nêmbah-nêmbah umatur sandika ||

25.
Nuwun Gusti (n)Jêng Nabi panutanulun |
nadyan nir pacuhan |
amba datan supe yêkti |
miris maras katongton urubing nraka ||

Jilid 4 - Kaca : 208

26.
Ngalad-dalat nyalat sangêt bêntèripun |
miwah malaekat |
pating barêkis ngajrihi |
pinipit ing bumi kasapta sarosa ||

27.
Ulun matur Gusti ing sayêktosipun |
swarga myang naraka |
taraju uwot mustakim |
patakènning malekat duk nèng kuburan ||

28.
Miwah dipun gada Karun wa Nakirun |
sadayèku êkak |
mila amba ing samangkin |
sakalangkung nalangsa pasihing Suksma ||

29.
Nabi Ngisa atusing miyarsa atur |
aris angandika |
lah wis kariya basuki |
ingsun ayun nutugakên lakuningwang ||

30.
Pathak ngraup pada anungkêmi suku |
karuna mlasarsa |
amba tumuntur ing Gusti |
ing saparan pêjah-gêsang aywa pisah ||

31.
Kangjêng Nabi pangandikanira arum |
bangêt panrimèngwang |
nanging tan susah tutwuri |
tandya musna sri pathak kantun anggana ||

32.
Nêngna kang wus musna kalaratullahu |
sri Ngêsam winarna |
mentar jujur turut wukir |
asingidan pèrèng parang tan kaetang ||

33.
Kang karasèng kalbu mung Allah Ngalimun |
datan ana liyan |
kal donya kabèh siningkir |
asru mathêm sumungkêm kang sipat rahman ||

34.
Pathak prabu pratistha ing jurang sirung |
sasêlaning arga |
singup rumpil singit wingit |
langkung wirang pinanggih samining jalma ||

35.
Atmajendra myang wayah tan pinaèlu |
wadyaji wandawa |
sadaya tan praptèng ati |
kang kaèsthi trusing tyas mung pamêjangnya ||

36.
Kangjêng Nabi Ngisa kawimbuhan kawus |
duk kataman siksa |
giris malekat kalaning |
(n)jirêt gulu katongton awela-wela ||

37.
Umobing kang timah anèng gêni murub |
puniku kawangwang |
pramila pathak samangkin |
rintên dalu datansah salat sêmbahyang ||

38.
Datan pêgat ngluhurkên Asma Hyang Agung |
asujud sadina |
sadina sujud salat-i |
lan arukuk saari rukuk kewala ||

Jilid 4 - Kaca : 209

39.
Gya asujud ihtidal sadina muput |
kalamun wus bakda |
tandya awit salat maning |
pan mangkana lakune sadina-dina ||

40.
Pan cinatur anèng donya gêsangipun |
wolungatus warsa |
tan pêgat dènnya ngabêkti |
dhikir suhul nir towong sakêdhèp netra ||

41.
Bukti nendra mung kinarya saranèku |
wus kasêngsêm salat |
jangkêpe astha-tus warsi |
nandhang roga tumêkèng ing wapatira ||

42.
Gumaluntung kawangwang panggenanipun |
nèng sawarga mulya |
kêkêl nora owah gingsir |
rapalipun ing têmbung Arab winarna ||

43.
Pan walluhu yasngahu wa ngayasau |
wa yakkumu lawan |
sahuri têgêsirèki |
Allah ingkang akarya isining jagad ||

44.
Ing sakarsa pribadi nora sakuthu |
barang kang kinarsan |
wisesa Hyang Maha Sukci |
titi tamat carita pathak narendra ||

45.
Srat tinutup ki wisma wacana arum |
saèstu sakeca |
sêkar lalagon praja-di |
sarêng wilêt botên ngowahkên sarasa ||

46.
Kadi paran ing mangke raosing kalbu |
kang sampun kawêdhar |
wontên ing kitab Tamai |
lah punika muhung kinarya piridan ||

47.
Mas Cêbolang tumungkul karasèng kalbu |
alon aturira |
ulun sumanggèng kiyai |
saparentah dasihe datan lênggana ||

48.
Kyai manthuk makatên kawula bagus |
jêngandika mentar |
mar mring sukuning ardi Wilis |
ing Majênang asramèng Êsèh Matyasta ||

49.
Duk ing dangu ulun lami wontên ngriku |
Ki Sèh langkung paham |
sakridhane kang dumadi |
tan asamar ingkang badhe linampahan ||

50.
Têmbe lamun sagêd pinanggih Sèh luhung |
bagus ywa pêpeka |
satuduh kêdah nglampahi |
èstu lamun manggih maduning agêsang ||


   kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (23a) Kaca 188 – 203
  • (24) Kaca 210 – 220 >