Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

 (24) Kaca 210 – 220

 

( Wêjangan bab pikukuhing Islam lan sanès-sanèsipun )
IV. Ing Majênang kapanggih Sèh Matyasta; angsal wêjangan bab pikukuhing Islam lan sanès-sanèsipun.
1. Mas Cêbolang dalah para santrinipun sami mangkat saking Sêlaung kanthi nilapakên para warok. Ewadene mêksa wontên ingkang nusul, badhe tumut ing salampahipun.
Dilalah pambêng jawab lesus sadaya sami bilulungan, wasana sagêd pisah.
Mas Cêbolang nglajêngakên lampah dhatêng asrama Majênang ing rêdi Wilis, sowan Sèh Matyasta
Kaca 210 - 220

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 4 - Kaca : 210

304 Dhandhanggula

1.
Mas Cêbolang duk miyarsa warti |
-ning Sèh Adi asramèng Majênang |
lênglêng kataman wirage |
nir cipta thuyul jêruk |
kang kaèsthi muhung Sèh Adi |
alon ing aturira |
dhuh sang pinisêpuh |
mugi ywa kirang aksama |
benjing-enjing sabakdanira Subêki |
ulun myang catur rencang ||

2.
Laju maring Majênang ngulari |
Sèh Matyasta ingkang wus kacêtha |
Nur Subadya lon dêlinge |
puniku langkung dhaup |
botên saking tan rênèng ati |
kanggenan kaampiran |
paduka nak bagus |
tulusa kang tyas sutrêsna |
nanging botên sagêd sung timbanganing sih |
wontên namung pitêdah ||

3.
Nyai wisma mêdal saking panti |
angladoskên sêkul parasulan |
samêkta sararangkene |
Subadya lingira rum |
kabênêran sira pribadi |
baliya marang wisma |
ing saananipun |
arta tanapi kang sinjang |
lawan barang olèhe anggonne ngibing |
anakmu Mas Cêbolang ||

4.
Sesuk-esuk bakdane Subêki |
arsa laju nutugake sêdya |
sun tuduh amêrlokake |
kampir Majênang iku |
kapanggiya lan Sèh Matyasta |
Nyi wisma lon lingira |
kula (ng)gèr jumurung |
pitêdahe ramandika |
ewadene bilih kaparêng nèng ngriki |
pun êmbok suka bingah ||

5.
Rèhning Kyai botên asisiwi |
lamun ramandika têkèng lena |
nak bagus dados gêntose |
mêngkoni nèng Salaung |
Mas Cêbolang lingira aris |
dhuh bibi pasihanta |
saklangkung anuhun |
botên wontên pakèwêtnya |
nanging mangke kula kêdah anglampahi |
pitêdahe rakanta ||

6.
Inggih anggèr kula anjurungi |
botên langkung ing pamuji kula |
dinugèkna sakarsane |
rinêksa ing Hyang Agung |
ingapura sadosanèki |
tinêbihna ing bahya |
pandamêl kang luput |
muhung èngêt kanthinira |
Mas Cêbolang tumungkul nuwun turnèki |
nyi wisma malih nabda ||

Jilid 4 - Kaca : 211

7.
Sarta miwah barang sasamining |
kang tumitip nèng ulun punika |
kabêkta-a sadayane |
Cêbolang mèsêm matur |
kathah-kathah kangge punapi |
tiwas adadya bêktan |
ulun mêndhêt namung |
sacêkapipun kewala |
sakantune kula aturakên nyai |
sumangga ing sakarsa ||

8.
Nurwitri ngling prayogi lumaris |
pajar gidib supadya ywa wikan |
warog jathil myang sanèse |
Ki Subadya panuju |
gya Nurwitri mring pondhoknèki |
Saloka Kartipala |
Palakarti sampun |
samêkta alon-alonan |
mring pandhapa datan ana kang udani |
wus nunggil Mas Cêbolang ||

9.
Rasulan gya dinongan Basuki |
paragate donga sarêng nadhah |
dumugi cinarikake |
pajar gidib awallu |
Mas Cêbolang sarencangnèki |
sami asasalaman |
miwah rencang catur |
dyan winêling marganira |
ngalor ngetan tandya bidhal sadayèki |
manapak patalunan ||

10.
Êmprit gantil munya kawlasasih |
pindhanira nyandhêt kang lêlana |
kolik tuhu nêmênake |
bêluk acêluk-cêluk |
maring rowang kacêr srigunting |
sikatan cocak thilang |
jalakurèn pênyu |
kalamun bisa-a ngucap |
payo kanca ngurmati swara kang nyaring |
supaya kang umentar ||

11.
Inggaring tyas kang samya lumaris |
kang sinung ling rahab samya munya |
sata anggantêr kluruke |
garèng ngèrèng animbrung |
kinjêng tangis ngiyêng ngayêngi |
lir koncatan katrêsnan |
mêrak munya ngungkung |
bidho darès alap-alap |
sandhanglawe jakawuru bèthèt slindhit |
blêgdupuk grindan êngkak ||

12.
Ambiyantu munya cêrik-cêrik |
êngkuk kutut dêrkuku sêpahan |
dupi myarsa manggung age |
suwara rêbut bêsus |
lantas antar cêtha dumêling |
mèh raina sêmu bang |
buyar ingkang manuk |
wurahan andon wohwohan |
myang mring têgal pêksi kang kulinèng warih |
mring tlaga jajênêkan ||

13.
Sigêg paran ungêling kang pêksi |
wus raina warog jajathilan |
wong Sêlaung sadayane |
amiyarsa kalamun |
Mas Cêbolang sarencangnèki |
wau ratri wus linggar |
saking ing Sêlaung |
jalu èstri balulungan |
sami nusul ngetan ngidul ngalèr sami |
lampahnya gêgancangan ||

Jilid 4 - Kaca : 212

14.
Kang kapanggya sukane angênting |
giyak-giyak mêndhak-mêndhak lingnya |
dhumatêng pundi Kêmase |
de têka nora dhawuh |
mring dasihe paran wakmami |
kang dados kalêpatan |
binêndon wakingsun |
woting tyas mugi wangsula |
mring Salaung adalêma wismamami |
busana boga arta ||

15.
Ulun ingkang marnèkkên utawi |
rintên dalu jagi kasugêngan |
têbiha ing sangsayane |
Cêbolang lingira rum |
iya bangêt panrimamami |
têmbe sawangsulingwang |
nglêgani karêpmu |
samêngko padha wangsula |
nora lawas yêkti ingsun bali malih |
labêt kabyatan trêsna ||

16.
Yèn makatên karsanta wong dhandhing |
ulun miwah sakarsa sadaya |
tumuntur ing saparane |
tan ana sêdya mantuk |
lamun datan sarêng wong (m)jlanthir |
Cêbolang gung kèmêngan |
locitaning kalbu |
paran lamun (n)daktulaka |
ing karêpe milulu saka trêsna sih |
upama lêstaria ||

17.
Padha mèlu wong samono iki |
gawe ribêt amumurung sêdya |
ananging ta kaya priye |
lamun wus karsanipun |
Ingkang murba ing Sahir Kabir |
iya kinapakêna |
wasana lingnya rum |
jalu èstri mitraningwang |
kang sutrêsna maringwang wong kawlasasih |
tumuntur ing saparan ||

18.
Sru sukèng tyas kang samya sinung ling |
dhuh Kêmase sampun susah-susah |
bab nadhahe sadangune |
tuwin arjaning laku |
ulun ingkang anguwawèni |
sarwi agiyak-giyak |
lajêng lampahipun |
karsaning Hyang Maha Nasa |
dènnya sami mahawan kasasar maring |
wana grêng wêrit pringga ||

19.
Swara umyung rèh kagiri-giri |
wrêksa agung sumiyut lir rêbah |
kumêrot sêmpal êpange |
prêbatang malang megung |
pêdhut (n)dhêdhêt amawa tistis |
ing akasa limêngan |
mêndhung angêndhanu |
jawah drês thathit liwêran |
Mas Cêbolang tan pisah lan rencangnèki |
laju mangalèr ngetan ||

20.
Warog jathil sarencangnya sami |
bilulungan asrêpe kalintang |
narêthêg sirna kiyate |
tan uning kang dènênut |
ngidul ngilèn lampahnya prapti |
Karangtalun têgalan |
ing dhusun Sêlaung |
byar anon Hyang Bagaskara |
lingsir kilèn sadaya samya ngungun ngling |
ya Allah ngudubilah ||

Jilid 4 - Kaca : 213

21.
Nora (n)dipe yèn tumêkèng têgil |
sukur nora binadhog ampuhan |
puluh-puluh wus bêgjane |
tan linilan tutpungkur |
têtêp kinèn muhung ngêntèni |
ujare ora lawas |
jlamprong nuli wangsul |
iya ing têmbe kewala |
lamun wangsul tèrèng dhêmpêl ulêr jisim |
ywa nganti bisa minggat ||

22.
Sowang-sowang mantuk maring panti |
sigêg Slaung kang nandhang kacuwan |
nahan Cêbolang lampahe |
pindha kabuncang lesus |
sumèlèh ing têpining têgil |
ing wanci wêktu Ngasar |
klantih nadhah nginum |
Palakarti Kartipala |
Ki Saloka ngalèlèh ngisoring janti |
Nurwitri Mas Cêbolang ||

23.
Rêrêmbagan paran kakang iki |
bocah katri tan na kêlar glawat |
kakang kariya ing kene |
ulun kang marang dhusun |
papariman uruban bukti |
miwah mèt toya sêndhang |
kinarya anginum |
Nurwitri ririh lingira |
dipun sabar lah punika wontên kèksi |
jalma èstri (m)babêkta ||

24.
Miyêk-miyêk gêgendhong anyangking |
wusnya parêg nyi wadon aberag |
tundhuk atatanya rèrèh |
kêtêmbèn ingong dulu |
papatute pun anak têbih |
rencange sru katoran |
Cêbolang lingnya rum |
inggih (m)bokne kasinggihan |
ulun saking ing Mantawis badhe maring |
asramèng ing Majênang ||

25.
Sowan maring Sèh Matyasta siddhi |
duk nèng wana kataman babaya |
tan uning praptaning ngare |
rencang tri nir ing bayu |
manthuk-manthuk nyi wadon sarwi |
nguculi bubundhêlan |
nigan nyamuk-nyamuk |
lambe jinèwèr wus abang |
susur anèng tangan kiwa angêcuwis |
baguse kalêrêsan ||

26.
Ngriki niki ran ing ardi Wilis |
ing Majênang lah nika katingal |
enyong puniki rencange |
Sèh Matyasta linuhung |
dèrèng lami tyang jalêr lalis |
dadya ingong wulanjar |
karanne (m)bok Mawur |
ingong badhe asung têdha |
mring kang sami nanêm boga canthèl gagi |
paringe Sèh Matyasta ||

Jilid 4 - Kaca : 214

27.
Rencang(n)dika niku rak kêlantih |
dawêg niki sêkul gangsal pênak |
lawan sakêndhi toyane |
(n)dika têdhakkên gupuh |
lah kantunna ngantos nèng ngriki |
yèn êmpun mandum têdha |
enyong nuntên wangsul |
sêdhêng niku êmpun kuwat |
enyong ingkang nglarapakên matur kyai |
ananging sumêrêpa ||

28.
Caranipun lamun sowan kyai |
kêdah enjang lajêng pinanggiyan |
mangke dalu prayogine |
sipêng nèng sudhungulun |
Mas Cêbolang mèsêm nyagahi |
sêkule wus tinampan |
Nyai Mawur laju |
sarampunge mandum têdha |
wangsul marang panggonanne kang kalantih |
wus waluya sadaya ||

29.
Wawi sampun kadangon nèng ngriki |
lumaksana nyi lanjar nèng ngarsa |
nyampe slendhang lambehane |
nolah-nolèh mring pungkur |
praptèng wisma tamunya nganti |
anèng (n)jawining dhadhah |
Nyai Mawur gupuh |
jaga satru ginêlaran |
sênthong kanan sênthong kering binarêsih |
dinupan sinêkaran ||

30.
Arêratêng nèng tangga sawusing |
amiranti tinata nèng wisma |
nyamikan wedang ron cêngkèh |
liwêt ayam dêmuku |
sambêl gorèng rêmpêla ati |
karupuk kulit ayam |
winadhahan bumbung |
Nyai Mawur salin sinjang |
tuwuhwatu kêmbên bathik orang-aring |
poncot nèng wonga-wonga ||

31.
Klambi sampir lurik kêmbang blimbing |
bênik tangan sanga nisih êmas |
jingga-loka rangkêpane |
pupur (n)jalirit bathuk |
gêlung gondhèl sinungan sari |
tongkèng argulo mawar |
nêngna lanjar Mawur |
Cêbolang sarencangira |
kang anganti anèng sajawining kikis |
cacêngklungan mangantya ||

32.
Cêbolang ngling èh kakang Nurwitri |
iki priye têka nora prapta |
(m)bok lanjar kang gondrèng-gondrèng |
Nurwitri mèsêm muwus |
(m)bokmênawi sawêg ngrarakit |
sunggata myang sarira |
radi mambêt kalbu |
Saloka mangayubagya |
rèh paduka nami kapotangan yêkti |
(ng)ge nyaur boya nana ||

33.
Kintên-ulun nyai lanjar maksih |
radi majêng dhatêng mamah-mamah |
katawis tanduk liringe |
kuciwane sadumuk |
sampun radi lungse ing wanci |
ananging taksih bêrgas |
manis ngundhung-undhung |
badan nglênthang sawatara |
mindhak alus parang jaja gêmuh nyêngkir |
atut lamun sinêngka ||

Jilid 4 - Kaca : 215

34.
Bilih klèjêmipun anong-aning |
lamun sisêmbadan sampun êsah |
potange (m)bok lanjar bêrèt |
Mas Cêbolang angguguk |
apa manèh ingkang pinikir |
kajaba asrah badan |
Ki Nurwitri dhaup |
ya lanjara ya tuwa-a |
ana apa wong anane amung kuwi |
wah têtêp kapotangan ||

35.
Lanjar Mawur wus dangu angintip |
myarsakakên kang samya rêrasan |
rujuka lawan karêpe |
mêdal sing dhadhah gupuh |
ngancarani mring tamunèki |
lah suwawi lajuwa |
tumamèng ing sudhung |
Cêbolang sarencangira |
pinarnahkên anèng jarambahing panti |
sangajênging krobongan ||

36.
Nyai lanjar bikut angladèni |
pangudutan panginangan wedang |
cêngkèh myang nyanyamikane |
sumangga anak bagus |
rinahapan sawontênnèki |
sêgane tiyang arga |
rencang sêpi samun |
saèstune (m)botên pakra |
muhung alumayan jampining kalantih |
yèn sampun sami nadhah ||

37.
Lèlèh-lèlèh ing sênthong prayogi |
sisi sowang Nurwitri Cêbolang |
katri nèng (n)jrambah wismane |
gya rinahapan sampun |
sasêgahe sawusnya bukti |
lanjar Mawur kèngêtan |
sidike kang ulun |
istipar angudubilah |
nora eca bêcik daklapur samangkin |
mangsa wurunga wikan ||

38.
Nyumêt obor blarak minggah ardi |
kawarna-a Sèh Luhung Matyasta |
pinarak lan sakabate |
anèng srambining tajug |
lanjar Mawur marêg wotsari |
Matyasta mèsêm lingnya |
babo Nyai Mawur |
têka sira mandhan rawa |
amêmacak agêganda burat wangi |
paran gatine lampah ||

39.
Baya sira katamuwan santri |
mojar saking nagri Ngèksiganda |
Mas Cêbolang pangarêpe |
maksih anom binagus |
kadi calon aoliya di |
papat rowange iku |
Nurwitri ya bagus |
Ki Saloka Kartipala |
Palakarti anggawa têrbang kakalih |
Nyi lanjar matur nêmbah ||

40.
Inggih èstu dhawuh kang kawijil |
tan nalimpang marma enyong gancang |
atur uning age-age |
muhung cumadhong dhawuh |
Sèh Matyasta lingira aris |
iku tatamunira |
paran sêdyanipun |
inggih yun sowan paduka |
yèn mangkana nuli aturana aglis |
Cêbolang Gambuh nêmbang ||

Jilid 4 - Kaca : 216

305 Gambuh

1.
Mundur Nyi lanjar Mawur |
praptèng wisma panggih tamunipun |
lingira lon enyong wau atur uning |
nanging dèrèng ngantos matur |
pandangunipun cumêplos ||

2.
Tan nalimpang sarambut |
dalah têrbang kakalih winuwus |
sapunika Kemase sarencang sami |
kinèn lajêng dhatêng tajug |
ki dalêm sru ngantos-antos ||

3.
Mas Cêbolang andhêku |
yèn makatên sampun dados kalbu |
kula dèrèng kinantên sipêng ing ngriki |
èstunipun namung manut |
sadhawuhe sang kinaot ||

4.
Nyi Mawur manis muwus |
(m)botên dados punapi ki bagus |
sampun kerit praptaning surambi masjid |
lanjar matur lajêng mantuk |
Cêbolang majêng wotsinom ||

5.
Manêmbrama Sèh Luhung |
padha bêcik kang nêmbe katêmu |
lan ing ngêndi pinangka sinêdyèng kapti |
miwah sinambating arum |
lalagon kaya wong kulon ||

6.
Cêbolang nêmbah matur |
kula nami pun Cêbolang èstu |
tiyang pêkir asal ing nagri Mantawis |
pasantrèn têbih praja gung |
rencang sakawan rumojong ||

7.
Mênggah ing sêdyaulun |
saèstune amalulu manut |
krêntêging tyas wasana sumanggèng kapti |
(n)dhèrèk sakarsa pukulun |
pun patik saèstu kothong ||

8.
Matyasta mèsêm manthuk |
insya Allah kang sipat ngalimun |
yèn sambada sira lêrêpa nèng ngriki |
yèn wus (n)dungkap mangsanipun |
pupungkasane kalakon ||

9.
Ingsun kajibah angsung |
ing pituduh pancadaning mantuk |
nanging isih kataman cobaning Widdhi |
rucahing tingkah mèh asung |
bilai wit kabasturon ||

Jilid 4 - Kaca : 217

10.
Cêbolang duk angrungu |
suka ing tyas sumungkêming kalbu |
rencang catur kawistara nayogyani |
samya eca manahipun |
amiyarsa sabda jatos ||

11.
Ngling malih sira kulup |
aso panti apa anèng tajug |
kang sinung ngling nêmbah aturira aris |
kawula nyuwun lêstantun |
wontên ing tajug kemawon ||

12.
Matyasta ngling mring wadu |
hèh Pêngawe mundhuk mongkok rambu |
mringa wisma nyuwunna kalawan lêmpir |
lan kêmule kêntèl wulung |
apadene kang susugoh ||

13.
Sarapan sabên esuk |
mangan pindho awan lawan dalu |
wedang kahwa nyanyamikan aywa kari |
kinang pangudutanipun |
saanane kang mirantos ||

14.
Pangawe nêmbah mundur |
wangsul (m)bêkta klasa lêmpir kêmul |
panginangan pangudutan wedang kopi |
rampunging panatanipun |
ki wisma lingira alon ||

15.
Kono sambinên kulup |
saanane suguhe wong gunung |
Mas Cêbolang sakancane angrahapi |
rèhne sira padha rapuh |
bêcik bacut padha aso ||

16.
Pangawe sakancamu |
gilirana kang jaga nèng tajug |
Sêmang Ganggo Galêndhong Kalênthung Siring |
Muntap Majêmuk Talutur |
Galêndhèh Ludira Boyong ||

17.
Si Jênthur Miling lagu |
Tukung Sapang nêmbêlas puniku |
mapat papat gilirane sabên ari |
sandika kang tampi dhawuh |
sêdhêng payo padha ngaso ||

18.
Sèh Matyasta tumurun |
praptèng wisma lan waela pangguh |
katri nama Kacandra Rondhon Malatsih |
Malat awit sesuk-esuk |
sakabèhe bocah wadon ||

19.
Sumêdhang Bondhèt Mandul |
Gondrèng Rimong Gêndre Cakêt Mangu |
Lêbêt Sèdhêt Glewang Lobong Titipati |
gilir sabên ari têlu |
kang padha ngladèni dhayoh ||

Jilid 4 - Kaca : 218

20.
Kalawan sasuguhmu |
ywa kuciwa saananing gunung |
ni Malatsih sandika wus marintahi |
mring wadu wadon sadarum |
kunêng dalu tan rinaos ||

21.
Andungkap wanci Subuh |
Mas Cêbolang lawan santri catur |
myang pra santri sami ngambil toyastuti |
Ki Nurwitri adan gupuh |
swara arum tumalawong ||

22.
Matyasta wus mring tajug |
para santri maca slawat umyung |
kinêplokan cêp mênêng gya dènkamati |
paragating waktu Subuh |
Sèh Matyasta mulang ngaos ||

23.
Praptèng pêcak sapuluh |
bubar ingkang sami ngaji mantuk |
wêktu Luhur, Ngasar, Magrib, Ngisa, Subki |
sêmbahyang maring ing tajug |
bakda Ngisa bakda Luhur ||

24.
Manggihi tamunipun |
sabên ari tan lowong kadyèku |
myang sasêgah lumintu tan nguciwani |
Cêbolang takon mring Lagu |
kakang abdine sang kaot ||

25.
Èstri kalawan jalu |
sami gêndhing niku namanipun |
Sèh Matyasta rumuhun saking ing pundi |
Lagu ngling gêndhing prèhipun |
kula bagus dèrèng ngrêtos ||

26.
(n)Jêng Kyai duk rumuhun |
saking Wirasaba asalipun |
taksih mambêt santana lan sang dipati |
nging watêkan (m)botên mathuk |
nèng riki lajêng dhudhukoh ||

27.
Sring criyos duk nèmipun |
rêmên ngringgit gêndhing gêndhèng baut |
e la layak kang Lagu ki dalêm wasis |
sanès talêcêr ing gunung |
wiryèng praja kang cinèngkok ||

28.
Nahên ta laminipun |
Mas Cêbolang nèng Majênang sampun |
tigang ari nuju bakdaning Isa-i |
Sèh Matyasta ngling mring tamu |
Cêbolang kalamun seos ||

29.
Lagon ukara têmbung |
Sadat Kurès Mantarum lan dhusun |
manganjali èstunipun botên sami |
rumuhun ulun winuruk |
abdidalêm kêtip Winong ||

30.
Lêlagon warni catur |
raras Nênêm Sanga Manyurèku |
mencok Barang utawi ukaranèki |
inggih wontên sanèsipun |
mung sawatawis kemawon ||

Jilid 4 - Kaca : 219

31.
Lah mara payo kulup |
laras Sanga cikmène tiniru |
para santri bisa-a lalagon nagri |
kang sinung ngling nêmbah laju |
Gurisa gantining Gamboh ||

306 Girisa

1.
Bismlahir rahmanir-rakim |
ênawètu angukira |
bikimatin sadatèni |
wa ujuban bil ngumuri |
maharotan wa kidatan |
parlallilahi tangala |
niyatingsun ngucapakên |
ing Sadat kalimah loro ||

2.
Kalle awajib sapisan |
ing dalêm saumuringsun |
parêlu karana Allah |
Asdadu Allah ilalah |
ilalah Assadu anna |
Muhkamadan Rasullolah |
ngawruhi ingsun satuhu |
tan na Pangeran mung Allah ||

3.
Lawan angawruhi ingsun |
satuhu Nabi Muhkamad |
iku utusaning Allah |
mangka maknane la ila |
la ilolah iku nyata |
amot napi lawan ismat |
mangka kang dèn-napêkakên |
iku sakèhing Pangeran ||

4.
Kang lyan saking Pangran kita |
mangka kang dèn-ismatakan |
iku kang Êsa kang tunggal |
kang nora dinadèkakên |
andadèkkên alam kabèh |
yaiku Pangeran kita |
Kang Agung kang Mahamulya |
yaiku kang aran Allah ||

5.
Mangka têgêse kang aran |
Allah iku nuduhakên |
dalêm Date kang Mahluhur |
ora warna ora rupa |
ora arah ora ênggon |
ananging wajib ananya |
kalawan mokal oranya |
sing sapa ngucap tuhunya |
aran Allahu Tangala ||

6.
Warna rupa arah ênggon |
wong iku dadi kupurnya |
utawa Nabi duta |
Muhammad iku manungsa |
ingkang lanang amardika |
kang akil balèg sanyata |
kang abagus warnanira |
kang mancorong cahyanira ||

7.
Kadi purnamaning wulan |
utawa kaya baskara |
ingkang katurunan wahya |
kang wajib (n)duwèni sipat |
Sidik Amanat Tabêlik |
Sidik bênêr maknanira |
de Amanat kang pêrcaya |
Tablik nêkakakên nyata ||

Jilid 4 - Kaca : 220

8.
Mokal linyok mokal cidra |
lan mokal angumpêtêna |
wênang ngaral bangsa riyah |
kang ora cinacadakên |
ing dalêm martabatira |
bangsa Arab bangsa Kurès |
bangsa Mim bangsa Muntalib |
kang rama Radèn Ngabdullah ||

9.
Kang ibu Dèwi Aminah |
kang pinutrakakên Mêkah |
ing wulan Rabingulawal |
ing tanggal kaping rowêlas |
malêm Sênèn ing tahun Dal |
waktu saur wancinira |
swiji kaol antaranya |
wanci Mahrib lawan Ngisa ||

10.
Ingkang tanggal kaping wolu |
utawane yuswanira |
(n)Jêng Nabi Muhkamad iku |
kawandasa taun dènnya |
ngalih marang ing Madinah |
yuswa tigalikur taun |
utawi malih yuswanya |
(n)Jêng Nabi Muhkamad ika ||

11.
Pan sawidak tigang warsa |
seda ana ing Madinah |
sinarèkkên astananya |
ing Madinah wulannira |
Rabingulawal ing tanggal |
ping rolas ing dina Sênèn |
ing taun Dal wêktu Luka |
mangka ta ingkang angucap ||

12.
(n)Jêng Muhkamad Rasullolah |
kalimahira Sahadat |
animpên angèstokakên |
barang kang dèntêkakakên |
dening Kangjêng Rasullolah |
salahu nglahi wassalam |
salahu nglahi wassalam |
salahu nglahi wassalam ||

13.
Allahuma salingala |
Sayiddina ya Muhkamad |
Allahuma salingala |
Sayiddina ya Muhkamad |
Allahuma salingala |
Sayiddina ya Muhkamad |
iya wa ngala alihi |
wa sahbihi wa ngalimi ||

14.
Tamat gya sa-takaballa |
lahu minkum sêsauran |
mina wa minkul takabal |
ya karim rêmpêg swaranya |
Sèh Matyasta mèsêm lingnya |
èh pra santri sadaya |
sabên sakbakdaning Ngisa |
bêcik padha sinauwa ||

15.
Sadat Kurès lagu praja |
supayane padha lêbda |
pra santri matur sandika |
gya sami mantuk sadaya |
kantun sakawan kang jaga |
Mas Cêbolang ngaras pada |
ulun matur saèstunya |
wit sinau ngaos amba ||

16.
Ngantos dumugi samangkya |
winulang tuwin miyarsa |
Sadat kalimah kalihnya |
namung makatên kewala |
duk ulun kulinèng praja |
supêkêt kêtip ngulama |
kamipurun matur tanya |
raos tumancêp ing nala ||


   kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (23b) Kaca 204 – 209
  • (25) Kaca 221 – 223 >