Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

 (03a) Kaca 29 – 42

 

( Lêlampahanipun Sèh Markaban ing Mêsir )
3. Ki Atyanta dongèngakên lêlampahanipun Sèh Markaban ing Mêsir ingkang sêtya dhatêng rajanipun minangka têpa tuladha, ngalami cobi mawarni-warni, nanging têtêp sêtya tuhu, wêkasan kadodosakên patih
Kaca 12 - 42

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 4 - Kaca : 29

10.
Naracak kang padha rêna |
nadhah madat mangkya nguni |
dayaning nistha kang warna |
sêring cipta kangsayani |
nanging medaning nguni |
nala lit lumuh supênuh |
sat kala kasêpênan |
nir ing barang dènrêmêni |
sêdya nêmpuh nora nana dèn-emanna ||

11.
Cêpake madat cinacat |
cinarita nora bêcik |
camah batin yèn wus kocap |
cecege ginawe bêcik |
campure bangsa bincil |
cumèplês sinambi nucup |
cagak lèn nalar mêncar |
cumêplong nora kacicir |
cipta moncèr tyas padhang sarira rêncang ||

12.
Ragane karasa pêra |
rahsaning rah rêrêm aris |
rumangsa sranduning waras |
rênguning manah pan aring |
rusake saking ririh |
rada suwe rada surud |
raga saru asarang |
rêgêd biru ri kang dhiri |
riyak jlagra gora godha dadi lara ||

13.
Kapindho ma madon ingkang |
kinidung dèrèng kintèki |
kang bêcik kalawan mokal |
kinawruhan lawan pikir |
karasa srêgêp ngikis |
kakênan ing nala sêkung |
kumanthil angrêreka |
katiti nala mèt kingkin |
kinulitan tanduking sabda ngrumpaka ||

14.
Darapon asmaradana |
daladag sêdya bèr budi |
dasa ulat gung ginandan |
dinulu katonna adi |
dalèdèr mondar-mandir |
datan tanggon barang tanduk |
doyanan palancudan |
dorane ginawe sandi |
dêlap ulat (m)balêre sugih rubeda ||

15.
Tarike wong karêm batal |
talendho mring ulah niti |
tuhune kêrêp kliwatan |
tuman linyok barang warti |
tarkadhang tuwuh juti |
toging (n)don tinaman rêtu |
tumimbal badan rata |
tumuli madêg narpati |
têkèng muka têngran rajasinga durta ||

16.
Sumêrang mahsah marwasa |
rupane bangsa lir jisim |
sinalinan sipat siksa |
saking rajasinga sangsri |
saru sipate kongsi |
sisip lêmbir nungsung sungsum |
supênuh kang nanah basah |
sayêkti gêlis ngêmasi |
simpangana aja nêrak raga rusak ||

17.
Watêke wong minum tuwak |
waragang tanapi awis |
wite kawuryan samuwa |
wani wantêr samukawis |
wêdharing wuwus awig |
wignya buwang rikuh ewuh |
wigar niwêring awak |
wadhèh wadi datan mawi |
winawêran wantuning wuru jinarwan ||

Jilid 4 - Kaca : 30

18.
Limpat têtêg barang polah |
lalu lumuh lamun lilih |
lali ngaraling kawula |
lacude tanpa kêkêlir |
lir sang kukila angling |
lukita katon (m)balilu |
lena lir lodrakala |
lèke sura suka julig |
luhur bae asore nora winilang ||

19.
Puwara dasate lupa |
parusaning naya tipis |
pugut parabote kaprah |
prapta camahe nanggapi |
pêndhak jalma nyurupi |
pinindha padhaning rapuh |
padharan rêmpu-rêmpak |
pulang rah utama tapis |
papas pêpês sarira anandhang papa ||

20.
(n)Dhêdhêg dhêndhane tumêdhak |
(n)dharêdhêg kaya kajodhi |
dhonging ngarak lamun têdhak |
(n)dharêdhêg anglir badhidhing |
dhadhakane angêndhil |
dhudhukuh laraning wadhuk |
dheke apulang kandhang |
dhuh pra mudha kang asandhing |
dhêngêrêna min minum dipun kadhadha ||

21.
Jêjêr main kang pinajar |
jalèntrèhing ujar wajib |
juju mujur ingkang bêgja |
jinurung prasasat aji |
jugruge lamun rujit |
jalojogan tanpa traju |
jungkung kang ngajap-ajap |
jayaning main pinuji |
jumênêng adêging badan antuk jajan ||

22.
Yayah angudi-udiya |
yèn mênang klimênge pyayi |
yatrane siniya-siya |
yak-yuk sasat slawat mayit |
yèn kalah poyang-paying |
yungyun nguyu-uyu tayuh |
yangyanging tyas tangiya |
yoga wasita kang takyin |
yèn wus rohyat mangsah mungsuh tanpa sayah ||

23.
Nyuprih pulihing jayanya |
nyanane nora malênyik |
nyatane linyok tur sonya |
nyinyilih ginawe tabir |
nyaut anunyik-unyik |
nyêngkut nyêngka budi lunyu |
nyamah lair batinnya |
nyat-nyut tyase monyar-manyir |
nyaba tangga buwang dhiri satekatnya ||

24.
Murang margane utama |
mung marsudi dènnira mrih |
mênang main wuwuh mamak |
mêjanani marang bumi |
miwah tuturing umi |
mawut kang kaetung namung |
main sire utama |
manungsa kaprah sasami |
marènana mamain ambuwang lumrah ||

Jilid 4 - Kaca : 31

267 Sinom

25.
Gantya mamaling ginagas |
ginupita lawan anggit |
gunane maling tan wêgah |
gêgêmpur omah tan wigih |
gumêrgut ngunggih-unggih |
(ng)gènning barang ingkang agung |
golèk gunêm jujugan |
gêgolonganing wong sugih |
ginagapan pagêr lawang kang tinêngga ||

26.
Barêng antuk guru kabar |
baranging wong dènrêrumbing |
binasmi miwah binabah |
babar ji ginawe kibir |
(m)bodhokkên sarak Nabi |
(m)barêngkut abubut-bubut |
bandhane wong binebas |
barêng kacandhak (n)jêbimblik |
binuwang mring sabrang brung ragane bubrah ||

27.
Thèthas-èthèse wus brastha |
thilang-thilung kêthip-kêthip |
thok-thêle manthêng wus wistha |
thukule pakarti nisthip |
thir yatna anrang wèsthi |
thik-ithik dadya bêkthuthu |
thuskarda mring kanisthan |
thik lumêksa misih ngêthip |
thênthasura babar tanduke rèh dhustha ||

28.
Ngingêr wênganing kelangan |
ngancut ngarah rina wêngi |
ngulatake (ng)gon cèlèngan |
mangka ngukup sabên sasi |
ngrurusak ngêngis-êngis |
nguruti praja winangun |
ngampak mamalaningrat |
ngeja angaji ngilangi |
ngruwal jalma duskarti yoga ilanga ||

29.
Apa wus mangêrti sira |
poma wêkasingsun yayi |
upama ingsun kinisas |
dhigus kariya basuki |
ning aja anglakoni |
sang prabu micarèng kalbu |
lah ta iki wong apa |
gathok sabarang dèn-angling |
tan nyalinthut wani tatanggoran kitab ||

30.
lajêng kondur sri narendra |
dalu-dalu angundhangi |
sagung para wadyabala |
kinèn siyaga ing jurit |
sang prabu enjing-enjing |
arsa angisas wong luput |
kalêbu kukumolah |
rata dhawuhe sang aji |
enjing kumpul baris agung wadyabala ||

31.
Munggèng alun-alun aglar |
satriya mantri bupati |
sumewa nèng pagêlaran |
tuwin sang rêkyanapatih |
sagung para narpati |
wus lênggah ing palowadu |
sang Prabu Ngabdulrahman |
wus miyos sing kênyapuri |
pan ingayap sagung pacara wanudya ||

32.
Sapraptaning panangkilan |
lênggah dirgamana rukmi |
wadya gung-gung (n)dhêdhêp sadaya |
sang nata ngandika aris |
paman patih dèn-aglis |
têtêpining tarub agung |
golèkana dhampar mas |
loro singupana sami |
lah piyakkên singupe ing sawatara ||

Jilid 4 - Kaca : 32

33.
Ingsun bakal ngukumolah |
kawulaningsun pawèstri |
bocah manggung kukum pêjah |
sagung kang para prajurit |
majuwa siji-siji |
bocah sikêp pêdhang sagung |
ingkang andhinginana |
sandika rêkyanapatih |
ngarêp tratag sampun pinasangan dhampar ||

34.
Wadyagung sampun ngundhangan |
sang nata ngandika aris |
hèh bocah wadon matura |
mring gustimu yayi dèwi |
ingsun mundhut pawèstri |
abdine wong loro manggung |
Dèwi Kalpikarêtna |
lan Dèwi Kalpikamurti |
dipun inggal sun-pundhut mring pagêlaran ||

35.
Arsa ingsun ukum kisas |
wotsari duta pawèstri |
lumèngsèr saking byantara |
prapta ngarsane sang putri |
matur saha wotsari |
amba gusti dipun utus |
rakadalêm sang nata |
amundhut manggung kakalih |
Kalpikadimurti Kalpikadirêtna ||

36.
Kagyat kangjêng narèswara |
pangandikanira aris |
kapriye ingkang dhadhawah |
di(ng)go apa mundhut èstri |
umatur cèthi tuding |
inggih badhe dipun-ukum |
wontên ing pagêlaran |
mrêbêng kangjêng pramèswari |
waspa mijil nanging lintang jrih ing raka ||

37.
Mangangên-angên wardaya |
apa dosane kakalih |
suningu duk cilik mula |
tan duwe dosa samênir |
diwasa durung mukti |
wasana arsa dènukum |
sêrêt kang pangandika |
yayi Kalpikadimurti |
iya lawan kusuma Kalpikarêtna ||

38.
Sira pinundhut sang nata |
yayi ywa mandhêg tumolih |
dudu sira ingkang dosa |
saking gunging dosamami |
sunatêrkên pribadi |
putri kalih sarêng matur |
gusti sampun sumêlang |
karsanipun sri bupati |
sabab rakadalêm pangawak banawa ||

Jilid 4 - Kaca : 33

39.
Wruh obah osiking kwula |
rakadalêm namung darmi |
nglanturkên karsaning Suksma |
pramèswari nabda malih |
duta matura aglis |
iya marang sang aprabu |
rèhne sri naranata |
karsa anglunas pawèstri |
dadi ingsun nyuwun idin paring hurmat ||

40.
Mring bocah ingkang kinisas |
sunatêr marang satinggil |
(m)bok duta sarêng umentar |
prapta ngarsane sang aji |
katur aturing sori |
mèsêm ngandika sang prabu |
dènenggal angatêrna |
wus wajibing pramèswari |
angatêrkên wanudya kang kukum kisas ||

41.
Nêmbah nyai duta mentar |
praptèng ngarsane (n)jêng sori |
dhawuh timbalan narendra |
gusti tuwan dèntimbali |
ngatêrna putra kalih |
pramèswara gupuh-gupuh |
nganthi Kalpikarêtna |
Tejaswara sang suputri |
Dyah Kalpikadimurti kinanthi sigra ||

42.
Tandya mijil pramèswara |
ginarêbêg para putri |
gupita Prabu Kosarsah |
myarsa kabaring pra putri |
kalamun pramèswari |
têdhak marang sitiluhur |
(n)jênêngi dènnya nglunas |
putra pamanggung kakalih |
sang Aprabu Kosarsah nusus kewala ||

43.
(n)Jêng Sori Ayansabitah |
sapraptanira sitinggil |
lajêng lênggah anèng dhampar |
lawan sagung para putri |
putri manggung kakalih |
sampun katur sang aprabu |
wus lajêng kinèn lênggah |
nèng dhampar kang dènsingubi |
putri kalih sampun nèng sisingub lênggah ||

44.
Dhawuh sang Prabu Kosarsah |
Prabu Ngabdulrahman aglis |
hurmat mudhun saking dhampar |
myang sagung para narpati |
wus samya tata linggih |
ngandika Kosarsah Prabu |
hèh kaki prabu dibya |
punapa gupitèng ati |
sira asra nglunas jrudêmunging pura ||

268 Jurudêmung

1.
Dosa apa karo ika |
lawan dyah jroning kadhatun |
Sri Ngabdul manêmbah matur |
kalintang wados dosanya |
ulun datan kenging matur |
mangke tamtu kauningan |
Prabu Kosarsah sru ngungun ||

Jilid 4 - Kaca : 34

2.
Sri Ngabdul alon ngandika |
hèh patih dhawuhna gupuh |
para lurah prawira-nung |
timbalana mring ngarsèngwang |
kya patih manêmbah laju |
(n)dhawuhkên timbalan nata |
marang lurah prawira-nung ||

3.
Wus prapta byantara nata |
pangandikanira arum |
padha majuwa sadarum |
sêdaya sigra anyêlak |
bisik-bisik sang aprabu |
lajuwa sajuga-juga |
ngunusa pêdhang sadarum ||

4.
Sirèku anjênêngana |
nanging ing saliyanipun |
Sayid Markaban sadarum |
pamêdhange wurungêna |
mung Sayid Markaban tamtu |
êkonên mêdhang têmênan |
nêmbah sandika wus mundur ||

5.
lajêng anindhihi wadya |
tambur brang-brangan gumuruh |
sajuga-juga gya maju |
pêdhang liniga kumêclap |
pramèswari tyas kumêpyur |
nir-ênir tarataban |
marawayan mêdaling luh ||

6.
Para lurahe prawira |
(n)jênêngi pamêdhangipun |
sabên prapta ngarsanipun |
ing dyah kalih kang kinisas |
wurunging pamêdhangipun |
mangkana sadangunira |
pêdhang tan ana dhumawuh ||

7.
Kabênêr Sayid Markaban |
praptèng ngabyantara prabu |
asruning pamuwusipun |
hèh sagung kang para lurah |
mugi sêksènana ulun |
wanudya kalih punika |
sêpên ing dosa sadarum ||

8.
Ingkang minangka pratandha |
pêdhang-ulun niki lamun |
dadya wilah wujudipun |
yêkti botên dados dosa |
milih pêdhang maksih wutuh |
pawèstri ro têtêp dosa |
tartamtu katrap ing kukum ||

9.
Sêbrak tinarik pêdhangnya |
lêmês warni wilah wulung |
Sayid Markaban angguguk |
latah angling dhasar nyata |
sêpên dosa wanodyèku |
para lurah sarêng nyêlak |
sarênging pamuwusipun ||

Jilid 4 - Kaca : 35

10.
Lah ta inggal tamakêna |
ywa têlangke pamêdhangmu |
Markaban mathênthêng matur |
paran yèn ulun-lajêngna |
lan napa wontên ratu |
mêjahi wong tanpa dosa |
ulun purun praptèng kukum ||

11.
Nêtêpkên wadon punika |
nir dosa saking saglugut |
yèn kinisasa saèstu |
nandhang babênduning Suksma |
awit kang mêngku kaprabun |
kurang titi pamariksa |
tan adil natrapkên ukum ||

12.
Ingkang minangka pratandha |
asalipun pêdhang ulun |
wêsi kimpling landhêp ampuh |
mangkya pêdhang nandhang walat |
dadya wilah gopok kluwus |
pra lurah ngungun ing driya |
nulya munjuk ing sang ulun ||

13.
Wus katur sasolahira |
mèsêm suka sang aprabu |
wasana ngandika arum |
hèh bocah wadon dèn-enggal |
manggung loro boya kukum |
ingsun wus paring aksama |
aturêna nimbok-ratu ||

14.
Wus katur putri kalihnya |
sukèng tyas dayita prabu |
myarsa (ng)gyanning dara arum |
paglaran kang winarsita |
sang nata ngandika arum |
Si Markaban timbalana |
sumiwi ing ngarsaningsun ||

15.
Wus kerit Sayid Markaban |
praptèng ngarsa makidhupuh |
sasêdhokan sêmbahipun |
tumungkul konjêm pratala |
sang prabu ngandika arum |
apa sira si Markaban |
kang sinung ling nêmbah matur ||

16.
Nuwun inggih pun Markaban |
sang nata ngandika arum |
hèh apa sababirèku |
dene sira tuhu karya |
ing kalingsêmaning ratu |
ngêndi ana prawirèng prang |
têka wilah pêdhangipun ||

17.
Markaban umatur nêmbah |
abdidalêm prawiranum |
pêdhangnya tosan sadarum |
inggih mung ulun priyangga |
ingkang malih warnanipun |
wit pukulun ingkang karya |
jêr badhe ngisas dyah ayu ||

18.
Tan nandhang dosa satuma |
pukulun wajib katêmpuh |
ulun dhêndha sababipun |
damêl susah wirang-amba |
ngapusi wadya sawêgung |
lêdhok ilining kang toya |
dhawah kawula kang kojur ||

Jilid 4 - Kaca : 36

19.
Sang prabu aris ngandika |
bocah wadon loro mau |
padha anandhang dosa gung |
tan ala nganggur karsèngwang |
Sayid Markaban umatur |
(n)jêng panduka tan sanyata |
ingkang dados cihnanipun ||

20.
Sabêt-ulun dados wilah |
Pangeran kang maha luhur |
ri kang sipat Ngalimun |
datan kenging ginorohan |
sakêdhap dosanya konus |
sang prabu suka kalintang |
mèsêm angandika arum ||

21.
Sira iku jalma apa |
nora sêmbada ing atur |
nanging tan nlisir sarambut |
têka dadi sukaningwang |
hèh patih sira wus sêpuh |
samêngko sun-junjung pangkat |
raja ngêmonga putumu ||

22.
Ki pangeran adipatya |
sarta mêngkuwa sirèku |
ing wong kaputran sadarum |
kya patih nêmbah sandika |
ing kono pan wus misuwur |
patih jinunjung lênggahnya |
madêg raja among sunu ||

23.
Ngandika malih sang nata |
hèh sagunging para ratu |
kalawan kawulaningsun |
wong Mêsir sadayanira |
rèhning paman patih uwus |
ingsun-adêgake raja |
nging tan darbe suta jalu ||

24.
Ingkang minangka atmaja |
si Sayid Markaban iku |
sun sêngkakkên maring luhur |
gumantiya dadi patya |
lêstariya arannipun |
manindya-mantri Markaban |
mangayubagya pra ratu ||

25.
Ngandika malih sang nata |
patih Markaban sirèku |
wus têtêp warangkaningsun |
kang sun-gadhuhkên mring sira |
parentah lan pangrasèngsun |
ngêtrapkên hwa taha-taha |
mring sagung nayakaningsun ||

26.
Miwah mring santananingwang |
ywa wang-wang dumèh wong agung |
kawimbuhan santanèngsun |
lawan aywa anggêgampang |
cilik dèn(ng)go ala nganggur |
sadhengah kawulaningwang |
kang apadha alaku dur ||

27.
Ingkang sisip lakunira |
gêdhe cilik asor unggul |
patrapana dhêsthanira |
jêjêging kang pangadilan |
kang kalayan dhêndha iku |
iya dhêndhanên ywa wang-wang |
tan susah konjuk maringsun ||

Jilid 4 - Kaca : 37

28.
Wis sah ing sira pribadya |
sanadyan santananingsun |
nanasar nalisip laku |
ywa talangke tumindaknya |
manawa wus pancèn kukum |
iku banjur êtrapêna |
timbange lan dosanipun ||

29.
Kabèh prakaraning praja |
kang mrih widadaning ayu |
ingsun wus tan mèlu-mèlu |
sarah pracayèng ing sira |
samanèku dèn aemut |
ywa ngêgungkên panguwasa |
kanthinên lan adilingsun ||

269 Kinanthi

1.
Sanadyan saduluringsun |
tuwin putraningsun sami |
yèn nasar tindak lakunya |
sisip pakaryaning patih |
nora manut sarèhira |
myang bawanta kang prayogi ||

2.
Ywa taha-taha sirèku |
marang panjênêngan-mami |
têka sira patrapana |
ing sapatrapanta patih |
lawan timbanging panasar |
tuwin panisiping patih ||

3.
Anadene iku mungguh |
tatrapan ingkang awarni |
bang-bang alum-alumingwang |
kang mring abdingong wong cilik |
ya ingkang amawa dosa |
lah iya ingkang kawajib ||

4.
Nayaka santananingsun |
sunparingkên sira patih |
atas sun nora uninga |
kang patut sira-bêloki |
bêlokkên ywa taha-taha |
kang patut dènsupatani ||

5.
Sampurnakna supatèku |
ya supatanana patih |
sarupaning kwulaningwang |
pan ingkang katrap umiring |
bang-bang alum-alumingwang |
lir duk mau iku patih ||

6.
Kajaba nayakaningsun |
lan putra santanamami |
uwisa ana ing sira |
aywa kongsi konjuk maring |
iya panjênênganingwang |
unggyannira anglakoni ||

7.
Angukum iku duk mau |
nèng wismanira pribadi |
yèn sira matrapi jalma |
ingkang dosa lan prakawis |
para padu marganira |
anulya êsahna patih ||

8.
Dènkêbat kalawan kukum |
kukumolah ingkang uwis |
ingsun gadhuhakên marang |
sipangulu lawan maning |
yèn ana kawulaningwang |
kang padha padu prakawis ||

Jilid 4 - Kaca : 38

9.
Sakèhe aywa sirèku |
kapitayan ngandêl jalmi |
dènlumintu pamriksanta |
marang kwulaningsun sami |
jaksa kalawan pradata |
dene yèn ana prakawis ||

10.
Prakara kang para padu |
yoga munggah ukum aglis |
sira apaparentaha |
ngunggahkên kukumolahi |
ingkang sun-gadhuhkên marang |
sipangulu lamun uwis ||

11.
Êsah kalawan ing kukum |
para padu iku patih |
sira ingkang sunpitaya |
sunwênangakên ngêtrapi |
wong kang katrap kukumolah |
mung kukum kisas anjawi ||

12.
Iya lawan raja-lampus |
apadene sakathahing |
kawulaningsun sadaya |
kang manjing bawahngong Mêsir |
gêdhe cilik (n)jêro jaba |
yèn ana ingkang katrap ing ||

13.
Iya mring kukumolahu |
atas sira sunpasrahi |
ngêtrapêna saukumnya |
ana ing sira apatih |
iya ta Sayid Markaban |
aja êsah sabên ari ||

14.
Mupangatan sipangulu |
sasulah-bawanta patih |
dipun-mupakat kalawan |
ukumingsun kang pinundhi |
ya lawan panguluningwang |
ing samangsa ana jalmi ||

15.
Ingkang kapatraping kukum |
dipun-kêbat sira patih |
angêtrapi saukumnya |
aja kongsi kunjuk maning |
marang panjênênganingwang |
kajaba kang kukum pati ||

16.
Lan kisas ngêtokkên marus |
atas panjênêngan mami |
pribadi ingkang ngêtrapna |
apadene dhawuhmami |
mring sira Sayid Markaban |
sira patih ingsuntuding ||

17.
Ngêtrapkên kawasaningsun |
sarta parentahsun iki |
dèn-bênêr lawan prayoga |
anadene sira patih |
yèn ana kawulaningwang |
amurang yudanagari ||

18.
Utawa dêgsurèng laku |
tingkah siriking nagari |
anarajang prentahira |
ingkang wus sirawalêri |
anuli sira trapana |
kang bênêr prentahmu patih ||

19.
Uwisa ana sirèku |
aja kongsi kunjuk maring |
marang panjênênganingwang |
sira aywa tungkul patih |
(ng)gyanta baurêksèng praja |
ywa kandhêg (ng)gonmu (n)dumbani ||

Jilid 4 - Kaca : 39

20.
Sakèhing kawulaningsun |
kang padha angrèhkên amrih |
kamulyanirèng nagara |
unggyannira angêtrapi |
ngêtrapkên kawasaningwang |
kèh parentahingsun patih ||

21.
Têtêpana ing sadarum |
saulahbawane patih |
satindak lakuning kula |
papatih kang dhingin-dhingin |
kang wus kalakon prayoga |
padha têtêpana patih ||

22.
Pacuhan-pacuhan iku |
hèh Sayid Markaban patih |
sira sun-gawe papatya |
barang gawe dènkasanggi |
sapakaryaning papatya |
aja ewah kaya nguni ||

23.
Kang wus kalakon sadarum |
pacuhan-pacuhan kyèhning |
kawulaningsun sadaya |
padha angèstokna sami |
sakèhing pangwasaningwang |
kang sunparingkên sipatih ||

24.
Taha yèn datan miturut |
datan ngèstokakên maring |
tanapi yèn maidoa |
kaplaksana prentahmami |
sun-gawe pangewan-ewan |
munggèng ngalun-alunmami ||

25.
Mashur dhawuhe sang prabu |
Sayid Markaban anangis |
lon umatur pêgat-pêgat |
gusti pun patik tan ngimpi |
kalamun dadya warangka |
kabina bodhoning dasih ||

26.
Sang nata ngandika arum |
nadyan bodho ujêr uwis |
dadi sênêng parêngingwang |
wis aja akèh pinikir |
lungguha mor para raja |
patih Markaban wotsari ||

27.
lajêng nunggil para ratu |
sang nata ngandika aris |
sagung para raja-raja |
punggawa mantri bupati |
satriya paratmajendra |
padha malungsunga sami ||

28.
Iya marang patihingsun |
dènpantês lawan watawis |
sarta karyakêna wisma |
dènpadha wismaning patih |
inggal padha lêkasana |
milungsung lan karya panti ||

29.
Sang prabu jêngkar ngadhatun |
kang rama lajêng kinanthi |
ginarêbêg para kênya |
ing sapraptaning sitinggil |
gantya nganthi pramèswara |
Sayid Markaban winarni ||

Jilid 4 - Kaca : 40

30.
Kondur marang wismanipun |
jinajaran ing prajurit |
ginarêbêg para raja |
dharat sagung para aji |
maksih ngangge prajuritan |
Sayid Markaban papatih ||

31.
Cingak ingkang samyandulu |
jinêjêl samargi-margi |
andulu Sayid Markaban |
ingkang anyar madêg patih |
dadya tontonan samarga |
jajaran wus notog panti ||

32.
Mire kiwa têngên pintu |
Sayid Markaban kang èstri |
gupita (n)dulu pra raja |
bojone nora kaèksi |
anulya ênêp sênthongan |
(n)dharodhog kalangkung ajrih ||

33.
Ki Antyanta (ng)gènnya (ng)galur |
criyose Markaban Sayid |
kèndêl mangkya winursita |
sadaya kang samya myarsi |
ing sadanguning carita |
suka rênane tan sipi ||

34.
Gumuyu ambatarubuh |
kêkêl nganti (m)brêbêsmili |
ana gèdhèg-gèdhèg eram |
Cêbolang umatur aris |
kala wau kyai mêdhar |
kados sanès têmbung Jawi ||

35.
Janganlah comèl mulutmu |
bêrnanti beta marahi |
mung punika kang kèngêtan |
kathah panunggilannèki |
punika têmbung punapa |
Jawènipun kadospundi ||

36.
Jêbèng iku têmbung Mlayu |
dene ta têmbunge Jawi |
jangan aja comèl ngomyang |
mulut cangkêm bèrnanti |
Jawa mêngko beta kula |
marah nêpsu pukul gitik ||

37.
Kêpalamu êndhasmu |
biyar cikbèn baik bêcik |
Mas Cebêlang duk miyarsa |
sukèng tyas umatur aris |
sumangga kalajêngêna |
kang mocung mring sênthong cilik ||

270 Pocung

1.
Langkung ajrih yèn jinarah sang aprabu |
gya Sayid Markaban |
umanjing wisma pribadi |
para raja (n)dhêdhêg sajawining lawang ||

2.
Nganti dhawuh Sayidin Markaban pangguh |
lawan garwanira |
sampun sinungan udani |
sukaning tyas andhudhah pêpancènira ||

Jilid 4 - Kaca : 41

3.
Antuk kalih dukat sigra dènnya tuku |
mijil pupungkuran |
lajêng marang pasar apti |
atutuku sagung kang olèh-olèhan ||

4.
Tangganipun warata ana wong satus |
wus samya miyarsa |
yèn Sayid Markaban dadi |
patih mêngku sagung kang para narendra ||

5.
Samya dandan sumewa ngladèni bikut |
ana mênyang pasar |
sasanakane kèh prapti |
samya atur-atur sakawasanira ||

6.
Nyai patih dènnya tutuku wus rawuh |
pirang-pirang jodhang |
nulya tinata ing ngarsi |
para raja wus samya ngaturan lênggah ||

7.
Wisma sêsak dhasar papanipun ciyut |
(m)bêdhah pagêr karang |
andadak dipuntarubi |
godhong jati têlasing buntêl tumbasan ||

8.
Bak (m)balèbèr prapta sajabaning lurung |
datan dangu prapta |
kakalih duta narpati |
wong anggandhèk sarwi ngampil patadhahan ||

9.
Lawan ngirit pipikulan sèwu pikul |
jodhang pirang-pirang |
wong gandhèk ngadêg sru angling |
hèh ki patih dhawuhdalêm pakênira ||

10.
Pinaringan busana lorodan prabu |
myang (n)jêng pramèswara |
paparing panganan nangsi |
matur nuwun kyapatih Sayid Markaban ||

11.
Nulya sagung paparing tinampan sampun |
gya Sayid Markaban |
mangangge agêming patih |
pangan sêkul ulam wus tinata samya ||

12.
Datan dangu ana jajaran kadulu |
gumrêdêg pacara |
wanodya sèwu kaèksi |
gugup para raja linggar sing lênggahan ||

13.
Hurmat mêtu sang nata kang arsa rawuh |
lawan pramèswara |
tuwin sagung para putri |
gumarêdêg gumuruh swaraning kênya ||

14.
lajêng lênggah ing ngèmpèr sang Prabu Ngabdul |
lawan pramèswara |
sagung kang para narpati |
lênggah munggèng tatarub gêdhong-gêdhongan ||

15.
Kyanapatih makidhupuh lênggahipun |
sang nata ngandika |
patih garwamu nèng êndi |
kinèn marak mring gustimu pramèswara ||

Jilid 4 - Kaca : 42

16.
Mundur aris kyana patih awotsantun |
panggih garwanira |
pinardi marêg sang sori |
nyai patih mopo pinêksa ing priya ||

17.
Gya umarêk pramèswari ngandika rum |
iki garwanira |
kakang patih yu linuwih |
maksih kêncêng apa durung darbe putra ||

18.
Lon umatur Sayidin saha wotsantun |
gusti (ng)gih punika |
warninipun ingkang abdi |
kidhung dèrèng sumêrêp ing tatakrama ||

19.
Inggih dèrèng sapisan gadhaha sunu |
pramèswari nabda |
hèh kakangbok nyai patih |
amajua ywa wêdi ywa taha-taha ||

20.
Pramèswari Tejaswara nyandhak gupuh |
payo-payo kakang |
linggiha jajar lan mami |
pan ginèndèng anulya tata alênggah ||

21.
Baranarta (n)dalêdêg saking kadhatun |
myang saking pra raja |
tuwin saking para putri |
saking para punggawa paratmajendra ||

22.
Saking mantri bupati angundhung-undhung |
lajêng abujana |
anutug sagung para ji |
sukan-sukan sang Aprabu Ngabdulrahman ||

23.
Bakda Ngisa sang Prabu Kosarsah rawuh |
lawan pramèswara |
lajêng samya tata linggih |
patih Sayid Markaban anguswa pada ||

24.
Bangun enjing kundurira sang aprabu |
wusing lama-lama |
adêgnya Markaban patih |
langkung harja tata têntrêming nagara ||

25.
Isih (ng)galur Markaban caritanipun |
yèn tutugêna |
têlung dina durung uwis |
sabanjure mung kaya dongèng kewala ||

26.
Mung daktutur pangrasaku wus kacukup |
Ki Sali turira |
inggih sampun anyêkapi |
apa iya mangkono jêbèng Cobolang ||

27.
Nêmbah matur kasinggihan ingkang dhawuh |
raosing tyasamba |
kadyangganing tampi wangsit |
sakalangkung lêga tampi sih nugraha ||


  kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (03a) Kaca 12 – 30
  • (04) Kaca 43 – 47 >