Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 03a) Kaca 12 – 28

 

( Lêlampahanipun Sèh Markaban ing Mêsir )
3. Ki Atyanta dongèngakên lêlampahanipun Sèh Markaban ing Mêsir ingkang sêtya dhatêng rajanipun minangka têpa tuladha, ngalami cobi mawarni-warni, nanging têtêp sêtya tuhu, wêkasan kadodosakên patih
Kaca 12 - 42

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 4 - Kaca : 12

261 Asmaradana

2.
Sri Ngabdurahman ing Mêsir |
ngluluri caritotama |
sabên ratri sang akatong |
nalêngsêng wismaning wadya |
amrih ayuning bala |
nahên wontên kang winuwus |
makluk pardikaning Suksma ||

3.
Sayid Markaban winarni |
nganèh-anèhi kang tindak |
bèrbudi nyuda rundahe |
kang harda dinadya darwa |
kaharjan kang jinangkah |
pakaryane adol kayu |
sinungan kaot karosan ||

4.
Sabarang kang dipun cangking |
sami lawan wong sadasa |
sabên sadina-dinane |
mikul glondhong klar tri gangsal |
sinade saadêgan |
gangsal dukat pajêngipun |
kalih dukat dadya nipkah ||

5.
Tri dukat pinèt pribadi |
dèn-(ng)go tutuku mring pasar |
ngundang-undang pakaryane |
wong sapuluh wong limalas |
prapta dènajak mangan |
wusing mangan gya nyalêmpung |
mênyanyi lawan jogedan ||

6.
Surak-surak sabên ratri |
anuju Sayid Markaban |
katarbuka rahayune |
êbère kudu andadra |
nuju ratri sajuga |
Prabu Ngabdurahman nuju |
langkung ana surak-surak ||

7.
Dangu anginjên sang aji |
tan ana rêrasan ala |
mung bungah kalawan (n)jogèd |
sang nata manjing pandhapa |
Sayid Markaban wikan |
sang prabu sigra rinangkul |
sinamudana ngancaran ||

8.
Dènajak satata linggih |
Sayid Markaban dêlingnya |
dhuh wong bagus ariningngong |
payo adhi amamangan |
sira sun arsa-arsa |
iki barêkahing ratu |
kang anyar lan ingkang lama ||

9.
Kamurahaning Hyang Widdhi |
saanane dipunpangan |
lon ngandika sang akatong |
kakang apa ana paran |
susukan surak-surak |
Sayid Markaban sru muwus |
ingsun iki asung hurmat ||

10.
Iya lawan ratumami |
kang lawas lawan kang anyar |
sang Prabu Ngabdurahmane |
sang nata malih ngandika |
kurmatmu pirang dina |
sandhingnya lungguh sumaur |
adhi lamun raka (n)dika ||

11.
Dèn-(ng)go samuwaning lathi |
ngurmati prabu adêgnya |
sajatine sabên sore |
awit kala bocahira |
rêmên ngurmati raja |
witne duk kala Dyan Ngabdul |
Rahman Sayit Nata-dina ||

Jilid 4 - Kaca : 13

12.
Rikalane salah warni |
dadi rêca rakanira |
pan sinêrang sabên sore |
pinuji inggal mulya-a |
ing mangke wus katêkan |
Gusti Sayid madêg ratu |
sangsaya (n)duduk kinarya ||

262 Mêgatruh

1.
Ingkang mindha warna angandika arum |
Sayid Markaban sirèki |
apa santananing ratu |
apa trah bupati Mêsir |
apa trahing sulup kono ||

2.
Apa trahing santana saka njêng ratu |
Sayid Markaban nauri |
dudu trahing rota-ratu |
dudu trah mantri bupati |
dudu trahing sulup ingong ||

3.
Sira iku ujug-ujug ngajak padu |
akèh têmên kang pinikir |
sun iki têdhaking pikul |
tapi ana bêsar ati |
ampir sama trahnya katong ||

4.
Beta lain pamili dari kèsêr gung |
sang prabu ngandika malih |
mangka sira sabên dalu |
raramèn ngingon-ingoni |
apa unggyanira nyolong ||

5.
Anauri Sayid Markaban satuhu |
dudu têka (ng)gonku maling |
barkahe sang Prabu Ngabdul |
kamurahaning Hyang Widdhi |
ngandika malih sang katong ||

6.
Wus sumurup lamun barêkahing ratu |
kamurahaning Hyang Widdhi |
dene sira nglindhung-nglindhung |
dhuwit golèk têka ngêndi |
anjabane (ng)gonmu nyolong ||

7.
Lintang runtik Sayid Markaban (m)basêngut |
sira iku buta-tuli |
lamun Gusti Maha Agung |
anggêlar murahirèki |
kabèh murahing Hyang Manon ||

8.
Tanpa netra Gusti Allah lamun (n)dulu |
miyarsa tan lawan kuping |
yèn paparing nora mulung |
kabèh barêkahing aji |
kamurahane Hyang Manon ||

9.
Ingkang sinung gusti sang Aprabu Ngabdul |
sun iki dènbarêkahi |
sabên enjing ngambil kayu |
alas kidul iki yayi |
sang nata ngungun ing batos ||

Jilid 4 - Kaca : 14

10.
Angecani sasarak dhaharan tumut |
anut tumuruning kapti |
sigra kondur sang aprabu |
(ng)gobyak rêkyana apatih |
sang nata ngandika alon ||

11.
Bapa dhawuhêna sesuk ingkang esuk |
sêngkêran alas pra sami |
tan kêna wong ngambil kayu |
sandika rêkyana patih |
sang nata kondur ngadhaton ||

12.
Kyanapatih enjing undhangnya misuwur |
tan kêna maring wanadri |
Sayid Markaban winuwus |
enjing wadunge pinundhi |
têpis iring alas ngadoh ||

13.
Arsa madung kang darbe rêksan tan asung |
mijil wadunge cinangking |
jèngklèk-jèngklèk ngikal wadung |
angguguk samargi-margi |
praptèng praja buruh (n)dhêplok ||

14.
Rikat rêsik pan antuk opah sapuluh |
nulya mampir wisma kaji |
santrine arsa cinukur |
sawidak kathahing santri |
Kya Kaji wêgah tumonton ||

15.
Gupuh Sayid Markaban tumandang nyukur |
rong jam sawidak wong rêsik |
wènèhan opah tripuluh |
gya mampir jarum kulambi |
atrap dulman tur kinaot ||

16.
Mung sadhela kalihdasa epahipun |
katanggungan arsa mulih |
mampir buruh bubut-bubut |
amalu garenda ngikir |
lothung olèhe sawiyos ||

17.
(n)Dungkap opah sawidak siji kinandhut |
gya-agya dènnira mulih |
marang garwa kang salikur |
patangpuluh dipun kardi |
marang pasar ambêborong ||

18.
Olèh pirang-pirang piring dipun tumpuk |
nèng ngarsa lajêng mênyanyi |
angêrbab nulya nyêlêmpung |
sèlèh calêmpung gya ngibing |
bakda Ngisa sang akatong ||

19.
Têdhak mring wismanya Sayid Markabanu |
tundhuk rarangkulan sami |
gupuh dera tata lungguh |
sang aprabu ngandika ris |
kakang iki saya wuwoh ||

20.
Wingi ika sathithik saiki agung |
Sayid Markaban nauri |
yayi barêkahing ratu |
kamurahaning Hyang Widdhi |
luput kene kêna kono ||

Jilid 4 - Kaca : 15

21.
Karsanipun Gusti Sayidina Ngabdul |
dèn-eman manira yayi |
Sayid Markaban puniku |
yèn awèt saba wanadri |
bokmanawa pinangan mong ||

22.
Dadi ingsun yayi amalantên buruh |
sapuluh dukat sunolih |
insun banjur buruh nyukur |
tridasa sun dènopahi |
banjur buruh dondom-dondom ||

23.
Ingsun dipun-opahi dukat rongpuluh |
banjur buruh angukubi |
mung sadukat opahipun |
marma akèh yayi iki |
sang nata ngandika alon ||

24.
Ratunira iku kakang cupar rusuh |
matèni wong golèk asil |
ratu kapengin mimikul |
Sayit Markaban nauri |
hèh adhi ywa cocot lonyot ||

25.
Ywa maido marang karsane sang prabu |
ujêr ratu wus majibi |
rumêksa barang tumuwuh |
lan gunggung umating Nabi |
iya sabên-sabên uwong ||

26.
Darbe mata masthi yèn bisa (n)dudulu |
nyata murahing Hyang Widdhi |
luput ika kêna iku |
wis aja pijêr cariwis |
payo yayi padha nyaplok ||

27.
Prabu Ngabdurahman angêtut sakayun |
byar wanci kondur sang aji |
praptèng pura adhadhawuh |
tan kêna wong buruh mutih |
kalawan wong nyukur uwong ||

28.
Lan wong buruh (n)dondomi pasthi sinapu |
lawan wong buruh ngukubi |
warata dhawuhing prabu |
Sayidin Markaban enjing |
maring (ng)gon wong tukang (n)dhêplok ||

29.
Pan kinuya-kuya aris unduripun |
aburuh datanpa olih |
lajêng mring pasisir nuju |
ana juragan gya prapti |
dènnira sung-usung repot ||

30.
Sayidina Markaban umanjing buruh |
lajêng bikut angusungi |
dèn-ijèn ênting saprau |
sèkêt dukat dènopahi |
nglamusi kêmasan gupoh ||

31.
Buruh nglamus kalih dukat opahipun |
mring (n)gon wong sayang umanjing |
buruh malu dhapêt satu |
olèh buruhan sèkêt tri |
kang trilikur marang bojo ||

Jilid 4 - Kaca : 16

32.
Ingkang tigangdasa dèn-anggo tutuku |
antuk pirang-pirang piring |
gya mênyanyi myang nyalêmpung |
ngalêtêr dènnira ngibing |
pacak gulu gela-gelo ||

33.
Bakda Ngisa prabu Ngabdurahman rawuh |
tundhuk nulya dènciyumi |
pan lajêng kinèn nyalêmpung |
anut miturut sangaji |
anêmbang Durma sang katong ||

263 Durma

1.
Angandika sang Aprabu Ngabdurahman |
kakang caosan iki |
têka sabên dina |
kabèh awarna-warna |
iki (n)gonmu buruh mutih |
Sayid Markaban |
asru dènnya nauri ||

2.
Karsanipun sang aprabu Ngabdurahman |
adhi pakaryan mami |
kabèh sinalinan |
panggawe wingi ika |
dadi ingsun mring pasisir |
angusung barang |
lawan buruh nglamusi ||

3.
Lawan malu unggyanne wong padha sayang |
barêkahing narpati |
murahing Hyang Suksma |
tinrap munggèng ing karna |
sabab yèn wong buruh mutih |
mênèk tan tahan |
ambêlangkên dariji ||

4.
Buruh nyukur yèn katanggor sayid gumbal |
gawe malarat pasthi |
lamun (n)domdomana |
yèn jarum iku patah |
nalusup marang dariji |
anggawe barah |
lamun wong mandhe wêsi ||

5.
Mênèk kêna gêni malênthung adadya |
gugudhig marang rai |
sang nata ngandika |
he kakang ratunira |
kasêsêr sasare sisir |
ratuning setan |
akèh dipun-dhèwèki ||

6.
Iku layak kapengin mutih priyangga |
samakeyan narpati |
ingnging Sayid Markaban |
aywa cariwis sira |
lah payo padha angêmil |
angêmal-êmal |
panganan piring iki ||

7.
Prabu Ngabdulrahman anurut sakarsa |
ganti nyalêmpung ngibing |
mênyanyi narêbang |
enjing sang nata jêngkar |
parentah larangan malih |
wong ngusung barang |
sing palwa dènlarangi ||

Jilid 4 - Kaca : 17

8.
Myang wong buruh kêmasan myang buruh sayang |
samya dipun-larangi |
Sayidin Markaban |
enjing ambanda tangan |
malancong marang pasisir |
arsa babêrah |
angusung barang malih ||

9.
Ingkang darbe palwa lintang kipa-kipa |
guguk mèsèm Sayidin |
mampir ing kêmasan |
lawan mampir wong sayang |
pan arsa buburuh malih |
kinuya-kuya |
Sayid Markaban malih ||

10.
Buruh ngangsu ngarit lawan angon unta |
lawan nyaponi margi |
olèh kawan dukat |
gya-agya ulihira |
rong dukat winèhkên rabi |
ingkang rong dukat |
dèn-nggo atuku saji ||

11.
Gangsal piring tinata anèng bantara |
gya nyalêmpung mênyanyi |
wanci bakda Ngisa |
sang Prabu têdhakira |
ningali panganan kêdhik |
suka ing driya |
iki sintrènku dadi ||

12.
Tundhuk lawan Sayidin Markaban sigra |
arasan jangga kering |
lajêng jajogedan |
sang prabu angandika |
kadingarèn kakang iki |
têka malarat |
panganan limang piring ||

13.
Anauri alon Sayidin Markaban |
barokahe sang aji |
murahe Hyang Suksma |
caritan kurang-kurang |
karsane sri narapati |
pan linarangan |
buruh ngusung-usungi ||

14.
Myang nglamusi kêmasan myang malu sayang |
dinukan sri bupati |
ing samêngko ingwang |
buburuh angon unta |
ngangsu nyapu lawan ngarit |
mung olèh opah |
patang dukat sun yayi ||

15.
Sri Sayidin Ngabdulrahman sru ngandika |
ratu diksura sirik |
kuthane drubiksa |
sabên-sabên akarya |
niaya sikarabudi |
ratu kaparat |
Sayid Markaban runtik ||

16.
Hèh wong apa sira iku wani nacat |
marang ing ratu-mami |
sira kênèng sebat |
nyuk-nyukan nunjang-nunjang |
naruthuk gawemu ngêmis |
lambene (n)dobla |
(ng)gamblèh dèklèh lir parji ||

17.
Sira amung adarma mangan kewala |
lawan darma ningali |
surak-surak mrina |
e e rekane apa |
lambe (n)gandhul kurang isi |
yèn sira nora |
mari ingsun-taboki ||

18.
Prabu Ngabdulrahman ngandikèng wardaya |
Sayid Markaban iki |
lah uwong punapa |
bangêt trêsnèng narendra |
iku durung dadi abdi |
trêsna kabina |
yèn padha harja benjing ||

Jilid 4 - Kaca : 18

19.
Iki (ng)gonsun antuk papatih prawira |
kêna ingsun-pasrahi |
bangbang lum-luming-wang |
sun katogne tyasira |
sang nata lajêng mênyanyi |
nyalêmpung bêksa |
kundure gagat enjing ||

20.
Rawuh pura lajêng parentah larangan |
tan kêna buruh ngarit |
tuwin angon unta |
ngangsu nyapu tan kêna |
rata dhawuhe sang aji |
kunêng ratrenjang |
Sayid Markaban aglis ||

21.
Buruh ngangsu kinuya-kuya ing kathah |
mèsêm murahing Widdhi |
lajêng buruh nyamak |
mragat lêmbu maesa |
kambing banyak menthog pitik |
ingkang pinragat |
ngrêsiki got pan olih ||

22.
Opah limang dukat sigra ulihira |
loro pinaring rabi |
tri dèn (ng)go tutumbas |
angsal gangsal lancaran |
ingadhêp nulya mênyanyi |
kalawan ngrêbab |
sèlèh rêbab gya ngibing ||

23.
Bakda Ngisa rawuh Prabu Ngabdulrahman |
mèsêm dènnya ningali |
tundhuk ciciyuman |
sang nata angandika |
ajêg cacaosan iki |
(ng)gonmu abêrah |
angon unta lan ngarit ||

24.
Anauri Sayid Markaban (ng)goningwang |
buburuh (m)bêlèh sapi |
kêbo wêdhus sarta |
menthog ayam myang banyak |
ngrêsiki got nglamus kulit |
barkahing nata |
kamurahaning Widdhi ||

25.
Karsanipun iya kangjêng sri narendra |
pakaryan pan sinalin |
saking bangêt ngeman |
aja kadawa-dawa |
sang prabu ngandika ris |
lah payo kakang |
minggat têka ing Mêsir ||

26.
Dudu Mêsir kae kang aran nagara |
yèn lunga sira pasthi |
sun panci sawidak |
dukat ing sabên dina |
ênggonên ramèn lan jalmi |
Sayid Markaban |
mèsêm dènnya nauri ||

27.
Tobat eram ingsun miyat marang sira |
baud ayun mêdèni |
e e têka ana |
uwong anguntal tuma |
bocah cilik pun jagongi |
têka rêrewa |
arsa angingu sayid ||

28.
Pirang êbab kang katêmu dhapurira |
kapengin ngingu mami |
sabên sore sira |
prapta maring wismèngwang |
kumaki arsa ngingoni |
angakèn minggat |
tan wurung lir maskentir ||

Jilid 4 - Kaca : 19

264 Maskumambang

1.
Ingsun iki cilik mula wong ing Mêsir |
dudu ngulandara |
seje lawan sira darwis |
ngayawara nora pakra ||

2.
Kamurahaning Allah kang ingsun-èsthi |
sun pinaring asta |
mêsthi dèn-(ng)go golèk asil |
nora dèn-(ng)go lincak-lincak ||

3.
Ngolah-ngalih salin praja ping sakêthi |
kèsi sinangsara |
marma sira kèsi-èsi |
ujar tyasmu nora lana ||

4.
Yèn ngabani mring ratuku tanpa pikir |
ya asal mijila |
marma sira tan lir mami |
kinêthip maring Hyang Suksma ||

5.
Sang aprabu nyalêmpung lawan mênyanyi |
ngling Sayid Markaban |
ngur ngrêbaba sira yayi |
sunalêm sunwèhi sêga ||

6.
Sang aprabu manthuk-manthuk amênyanyi |
Markaban gya bêksa |
suraknya sora saratri |
enjinge kundur sang nata ||

7.
Gya dhadhawuh larangan malih sang aji |
tan kêna maragat |
samubarang wutah gêtih |
ngrêsiki got nora kêna ||

8.
Nglamus nyamak tan kêna dipun-larangi |
Sayidin Markaban |
enjing lunga nyangking bodhing |
arsa buruh mragat menda ||

9.
Ingkang darbe tan awèh sarwi (ng)gitiki |
Sayidin Markaban |
suka sukanya tan sipi |
lajêng marang panjaitan ||

10.
Gya manjait satiwêl sêpatu tuwin |
pampus myang canela |
tuwin baranging turanggi |
bêcik rikat rêsik tata ||

11.
Untung olèh dukat kalihdèsi |
gya tumut dhikiran |
sacêngkèngan olèh siji |
lajêng buruh (n)dêrês Kur'an ||

12.
Rikat cêtha patang jam tamat barêsih |
gya mênyanyi barang |
sawlas dukat dènopahi |
olèh tridasa dwi dukat ||

13.
lajêng mantuk kang limalas marang rabi |
dene kang pitulas |
dèn(ng)go tutuku wus olih |
nênggih sawidak lancaran ||

14.
Gya tinata ing ngarsa lajêng mênyanyi |
lawan calêmpungan |
sèlèh calêmpung gya ngibing |
narpa têdhak bakda Ngisa ||

15.
Sayid Markaban (n)dulu amalajêngi |
adhi bêgja (n)dika |
barêkahe sri bupati |
kamurahaning Hyang Suksma ||

Jilid 4 - Kaca : 20

16.
Payo padha ngêmil dipun-mil-êmil |
kinêmil-kinêmal |
sang nata tatanya aris |
sira kakang kauntungan ||

17.
Dene akèh têmên kakang saka ngêndi |
ngling Sayid Markaban |
(ng)gih-(ng)gihane adhi-adhi |
barêkahe sri narendra ||

18.
Murahing Hyang tan kêndhat sahari-hari |
karsane sang nata |
wingi kabèh dèn-larangi |
dadi ingsun mring jaitan ||

19.
Buruh jait mèlu dhikir myang mênyanyi |
nulya (n)dêrês Kur'an |
iku rupaning narpati |
têtêp sugih bae barkah ||

20.
Gusti Allah murahe sinèlèh lathi |
asal bisa ngucap |
datan kêndhat kang rijêki |
sanggyan praptaning nugraha ||

21.
Nora milih sang nata ngandika aris |
bênêr wuwusira |
ratumu rêgêding bumi |
asugih têmên larangan ||

22.
Nora bisa gumlawat dipun-larangi |
layak ratunira |
têdhake wong dama miskin |
dudu têdhaking narendra ||

23.
Têdhak nistha Prabu Ngabdulrahman iki |
ngling Sayid Markaban |
ratuku gusti sang aji |
putra Prabu Daniswara ||

24.
Dhasar dipun-pundhut putrangkat sri Mêsir |
mangsa kurangana |
saking rumêksa nagari |
wajib kang para narendra ||

25.
Kang ngawruhi sabarang ingkang dumadi |
wis payo mamangan |
(n)dadawa catur tan bêcik |
angur mangana panganan ||

26.
Sang aprabu anut miturut sakapti |
saratri kasukan |
enjing kondur sri bupati |
rawuh pura dyan dhadhawah ||

27.
Aparentah larangan pan nora kêni |
buruh mring jaitan |
dhikiran (m)barang mênyanyi |
tan kêna wong opah-opah ||

28.
Wus warata dhawuhipun sri bupati |
Sayidin Markaban |
mundhuk-mundhuk arsa jaid |
lurah jaid datan suka ||

29.
(ng)Guyu (ng)guguk Sayid Markaban umijil |
ana wong palastra |
lajêng buruh andhudhuki |
kaluwat sakala dadya ||

30.
Gya marani ênggone jalma kang mati |
pinikul priyangga |
lajêng pinêtak ing bumi |
opahnya nyadasa dukat ||

31.
Nulya buruh nêgor kayu agêng wiwit |
opahe sadukat |
lajêng buruh ngusung panti |
ingopahan gangsal dinar ||

Jilid 4 - Kaca : 21

32.
lajêng buruh ngawinkên wong laki-rabi |
angsal kalih dukat |
sigra-sigra dènnya mulih |
sapta dukat marang garwa ||

33.
Dipun angge tutuku ingkang sadèsi |
winadhah lancaran |
ingadhêp lawan mênyanyi |
nyalêmpung lawan jogedan ||

34.
Bakda Ngisa têdhakira sri bupati |
tundhuk gya rangkulan |
Sayid Markaban nyarani |
payo adhi padha mangan ||

35.
Sang aprabu pangandikanira aris |
kakang kauntungan |
Sayid Markaban lingnya ris |
barêkahe sri narendra ||

36.
Pakaryèngong duk wingi dipun-larangi |
dadya kauntungan |
(n)dhudhuk kruwat ngusung jisim |
nêgor kayu ngusung wisma ||

37.
Angawinkên marang wong salaki-rabi |
sang nata ngandika |
sida gêcul raja Mêsir |
mèt jarwa sutaning praja ||

38.
Anglêmêsi sabarang kang dadya sir |
nanging sir kang sasar |
Sayid Markaban sru angling |
aywa cariwis tukang was ||

39.
Sira iku marmane katoring-toring |
ujêr murang tata |
gawene maon-maoni |
karsane kang mutêr jagat ||

40.
Layak sira têdhake kere gugudhig |
marma tyasmu wadhag |
gêgêdhêg rêgêding bumi |
nora wêruh kabêcikan ||

41.
Diingoni salawase lan sang aji |
(n)dadak nyatur ala |
dene dhapurira sigid |
nanging budimu rasêksa ||

42.
Sang aprabu mèsêm angandika aris |
sun nora ngawula |
kakang mring ratumu iki |
durung nate kêmanisan ||

265 Dhandhanggula

1.
Sathithika ingsun nora wêdi |
mring ratumu Prabu Ngabdulrahman |
Sayid Markaban wuwuse |
dadine sira iku |
tan rumangsa angancik bumi |
kasorotan ing surya |
kauban ing luhur |
apa sira tan miyarsa |
kang gumrêmêt kang rumangkang kang marêlip |
kabèh kagungan nata ||

Jilid 4 - Kaca : 22

2.
Jangan nyomèl mulutmu bêrnanti |
beta marah pasthi kau beta |
pukul kêpalamu londhong |
jangan sêtori gandhul |
ngur nyênyamik biyar lu baik |
sang nata nut sakarsa |
susukan sadalu |
kondure sang nata enjang |
rawuh pura amangun larangan malih |
tan kêna wong bêbêrah ||

3.
Dhudhuk kaluwat myang ngusung mayit |
laya mukram pasthi pinêjahan |
ngusung omah ngawinake |
tuwin wong nêgor kayu |
nora kêna lamun (m)buruhi |
warata wong sapraja |
winursita esuk |
Sayid Markaban ngupaya |
padamêlan mangsuli pakaryan nguni |
kinuya-kuyèng jalma ||

4.
Mèsêm ing tyas sigra buruh nulis |
rikat dadya ngrampungi prakara |
wusnya lajêng buruh ngêcèt |
sèkêt dukat wus antuk |
maksih awan buburuh nyungging |
sarwi amulas gambar |
papat opahipun |
sigra-sigra ulihira |
pan kapapag wong mikul dipun gêntèni |
ingopahan rong dukat ||

5.
Nulya lunga gogo marang kali |
olèh mina dadi sarèntèngan |
didol sadukat payune |
dadya lèh sèkêt pitu |
nulya mulih angandhut dhuwit |
ingkang patlikur dukat |
marang garwanipun |
ingkang tigangdasa tiga |
dipun angge tutuku ring pasar olih |
pirang-pirang rampadan ||

6.
Tinata ngarsa nulya mênyanyi |
lan nyalêmpung sarta jêjogedan |
nyandhaki wong liwat sore |
ingajak (ng)guyu-(ng)guyu |
lan mamangan sarwi mênyanyi |
gumanti-ganti bêksa |
sang aprabu rawuh |
tundhuk lan Sayid Markaban |
gya ciyuman sang nata lajêng mênyanyi |
pan sarwi calêmpungan ||

7.
Sang aprabu angandika aris |
iki kakang dene luwih kathah |
seje lan wingi-wingine |
Sayid Markaban muwus |
murahing Hyang barkahing aji |
adhi tan kurang-kurang |
sari-ari wuwuh |
karsane Sri Ngabdulrahman |
pagaweyan wingi kae dènlarangi |
dadya ingsun babêrah ||

8.
Ngêcèt-êcèt ngêmbani prakawis |
mulas gambar mikul marang pasar |
gogo kali olèh srèntèng |
adhi yèn maksih idhup |
darbe pikir tuwin pinasthi |
rijêkine tan kirang |
ngandika sang prabu |
ratunira Ngabdulrahman |
tyas muthakil darêngki kalêngki-lêngki |
ratu têdhaking kompra ||

Jilid 4 - Kaca : 23

9.
Brêkasakan ambêsisik busik |
cecebuce buthak ngêndhak-êndhak |
dipunthothok papantêse |
Sayid Markaban muwus |
hus wong baring katoring-toring |
tanpa kering tan ringa |
cocot gatêl (ng)gandhul |
sundhupak muncrat wadhuknya |
drubiksa dêgsa rêrêgêding bumi |
sikêthêr kuthèthèran ||

10.
Hèh ta ngêndi (ng)gonmu satrumami |
lamun tan mari nacat ratyèngwang |
kang (m)barkahi mêngko têmbe |
tan wêdi gon katêmu |
dadi musuh sampe ngêmasi |
cubluk sira tan myarsa |
kalamun raningsun |
iya Sayidin Markaban |
ing têgêse Markaban iya kang mêsthi |
maknane ya kuleyang ||

11.
Pan kuleyang yèn wus tibèng siti |
basa bisa bali mandhuwura |
ngarsa kluhuran sabdane |
(n)dhêku aminta maklum |
lah ta uwis kakang ywa runtik |
ingsun nut karsanira |
sigra sang aprabu |
nyalêmpung nulya jogèdan |
bangun enjing kondur kanjêng sri bupati |
sarawuhirèng pura ||

12.
(n)Dhawuhakên lalarangan malih |
nora kêna nulis padu bêrah |
mulas gambar lawan ngêcèt |
lawan wong buruh mikul |
gogo mina dipunlarangi |
warata dhawuhira |
wau sang aprabu |
enjangya Sayid Markaban |
klênthung-klênthung arsa buruh ngêcèt malih |
kang darbe kipa-kipa ||

13.
lajêng buruh angusungi wêdhi |
ngusung bata lajêng macul gaga |
matun lan tatampingane |
dhadhangir kêbon agung |
ngêtrap gêndhèng angêtrap jobin |
angêtrap babalungan |
opah dukat pitu |
sigra-sigra ulihira |
ingkang têlu kinarya nipkahing rabi |
dèn-(ng)go tutuku papat ||

14.
lajêng dènadhêp lawan mênyanyi |
bakda Ngisa sang narendra têdhak |
gapyuk ingaras janggane |
sang nata ngandika rum |
iki kakang têka sathithik |
muwus Sayid Markaban |
barêkahing ratu |
kamurahaning Hyang Suksma |
nora kurang-kurang yèn wong sugih budi |
karsane sri narendra ||

15.
Dènlarangi pagaweyan wingi |
dadi ingsun angêtokkên akal |
pasang bata ngêtrap gêndhèng |
dhadhangir kêbon agung |
tamping macul matun gagi |
ngêtrap balungan wisma |
ngusung wêdhi ngusung |
bata olèh sapta dukat |
sang aprabu pangandikanira aris |
kapriye iki kakang ||

Jilid 4 - Kaca : 24

16.
Puluh kapênging ngumêl-umêli |
wong mangkene karsane sang nata |
salin-salin larangane |
gawe kuwuring kalbu |
ya yèn kaya sira pra sami |
tan iki kêna ika |
luput iki iku |
luput iku kae kêna |
luput kae kabèh-kabèh jinajahi |
sasat awak bawana ||

17.
Sayid Markaban aris nauri |
uwis padha ayo amêmangan |
asal karaharjan bae |
tutug sakayun-kayun |
amung aja jail mathakil |
sumarah karsa Allah |
ujêr ratu iku |
dadi sulihing Hyang Suksma |
darma bae kawula padha nglakoni |
wus gambuh ing kawula ||

266 Gambuh

1.
Aja kakèhan tutuh |
uwis ayo padha mangan nginum |
sang aprabu anut miturut sakapti |
lajêng dènnira nyalêmpung |
enjang kondure sang katong ||

2.
Sapraptaning kadhatun |
andhawuhkên larangan winangun |
nora kêna ngusung bata ngusung wêdhi |
macul gaga lawan matun |
tamping sawah dhangir kêbon ||

3.
Apasang jobin buruh |
ngêtrap gêndhèng myang ngêtrap babalung |
ingkang kanthi opah dènlarangi sami |
ing sapraja wus misuwur |
dhawuhira sang akatong ||

4.
Sayid Markaban esuk |
badhe (n)dugèkakên dènnya buruh |
nora nana ingkang awèh dènburuhi |
tyasnya kaku lajêng mangsuk |
dadi prajurit ing jêro ||

5.
Olèh patukon gulu |
tigang atus dukat lajêng mantuk |
ingkang satus winèhkên nipkahing rabi |
dwiatus dèn-nggo tutuku |
pirang jodhang pirang gotong ||

6.
lajêng tinata ngayun |
bak (m)bêlèbèr palataran kêmput |
andhèr kongsi prapta sajabaning kori |
têpung sawêngkoning lurung |
Sayidin Markaban gupuh ||

Jilid 4 - Kaca : 25

7.
Undang-undang sadulur |
prasanakan myang wong kang wus wanuh |
nadyan ingkang satriya mantri bupati |
ingaturan lamun purun |
lajêng wong liwat inguwoh ||

8.
Watara têlung èwu |
ingkang samya inguwuh kang rawuh |
suka-suka calêmpungan kinèn ngibing |
sarêng ngêbyak nyandhak gulu |
gela-gelo sarwi ngêmplok ||

9.
Atanjak manthuk-manthuk |
sarwi (m)bêlik sora surakipun |
lagi rame-rame rawuhe sang aji |
sumlêngêrên dènnya (n)dulu |
lawan Markaban tan panggoh ||

10.
Amiyak lurung-lurung |
têngah dalu dènnya sagêd pangguh |
lawan Sayid Markaban sri narapati |
tundhuk gya ciyum-ciniyum |
sang nata angandika lon ||

11.
Hèh kakang sadulurku |
bêgja têmên kakang sira iku |
ngambra-ngambra panganan ngèbêki panti |
lubèr anglubèri lurung |
untung unggyanmu buburoh ||

12.
Sayid Markaban muwus |
murahing Hyang barêkahing ratu |
nora kurang ing sadina-dina prapti |
luput ika kêna iku |
ana kanthong nganthong-nganthong ||

13.
Yayi karsaning ratu |
panggaweyaningsun winginipun |
dènlarangi dadya sun manjing prajurit |
olèh patukoning gulu |
triatus dinar mancorong ||

14.
Balanja-ngong rongatus |
sabên sasi aja purun-purun |
ing saiki ingsun wus dadi priyayi |
abdidalêm jro soldhadhu |
kang pasthi anggulang pupoh ||

15.
Sang nata ngandika rum |
manjing prajurit ngêndi sirèku |
sinauran umanjing prajurit wuri |
mèsêm ngandika sang prabu |
ing mêngko sira binêndon ||

16.
Iya lawan sang prabu |
dene sira surak-surak umung |
mêr-gumêmêr pakumpulan sabên ratri |
panarkane sang aprabu |
bokmanawa dadi mungsoh ||

17.
Angraman sira besuk |
Sayid Markaban anyêntak asru |
sêlak nora gustiku asangga-runggi |
aja kaya dhadhapurmu |
sugih mênèk dadi blênto ||

Jilid 4 - Kaca : 26

18.
Jaba ratuning tikus |
nora kêna amis dipunambus |
yèn ratune Sayid Markaban puniki |
pasthi nora kurang maklum |
sapratingkah sampun wêroh ||

19.
Layak kaya dhapurmu |
yèn dadiya ratu tyas blêkuthur |
kêthêr nora kêna wong bangsa nyalumik |
pasthi sira sêngguh mungsuh |
jirèh saking tyasmu rusoh ||

20.
Lan mendah piyangkuhmu |
ngêbuk wong mêtêng anguntal gunung |
ingkang ora-ora pasthi dènrasani |
yèn sira dadiya ratu |
wong sapraja dhêlog-dhêlog ||

21.
Sabab ratu tyas diyu |
nora kêna rame binabêndu |
ing mangkono maning bisaa basuki |
dahwèn opèn murang wadu |
tyas muthakil ting pandhosol ||

22.
Lamun iki ratuku |
sang aprabu Ngabdulrahman maklum |
mot mangga mot mêngku sakaptining dasih |
tajêm para singgah-singgun |
tyas sagara ratuning-ngong ||

23.
Witne (n)jêng sang aprabu |
yèn mirsaa kabèh pakaryanku |
pasthi ingsun kinasihan dipun pilih |
dadya gagalan ngong besuk |
pinisah lan kancaning-ngong ||

24.
Sang nata ngandika rum |
sumangkeyan kang dadi suldhadhu |
nadyan sira alêma têka ing cilik |
ujêr nyatane tan patut |
antarane wus katongton ||

25.
Yèn ratumu kêmaruk |
têdhaking miskin jumênêng ratu |
cupar drêngki mêpêti pokaling abdi |
antarane pakaryanmu |
kabèh linarangan katong ||

26.
Apa bêcik puniku |
ratu sugih larangan tan mêngku |
yèn bênêre ratu dibya nguni-uni |
kang kaonang dadi wuwus |
pratingkah ora mangkono ||

27.
Mung saking pangalêmmu |
dhewe nora kêna dipun wuwus |
sira iku kakang kêna diaranni |
manungsa kêna dèn-blithuk |
blêkêthêk nora non tinon ||

28.
Saking kêdah-kêdahmu |
kanggo ngabdi ngalêm dudu-dudu |
ya sapuluh ko(k)-alêm satêngah mati |
nyatane wong ora patut |
lir wong ngalêm tai lodong ||

Jilid 4 - Kaca : 27

29.
Rupane kuning ajur |
nging gandane ngêbêki praja gung |
sira tanpa kusur kurangajar pikir |
Sayidin Markaban muwus |
hus aja carèwèt mring ngong ||

30.
Sirèku budhêg bisu |
lamun ratu wajib wruh sadarum |
kabèh-kabèh iki kudu angrawuhi |
rèhning anyar madêg ratu |
kudu wruh untunging uwong ||

31.
Myang tunanipun makluk |
yèn wus kapirsan pêcahe iku |
pasthi dipun undhangakên maring abdi |
ambuwang laranganipun |
pinaringkên sakèhing wong ||

32.
Ratu mung kudu wêruh |
iku durung witne iku besuk |
nacahakên dunyane wong sugih-sugih |
lan (n)dangu pawitanipun |
(n)dangu pakaryaning uwong ||

33.
Kaya pawitan satus |
dadi pira ing dalêm sataun |
dadi pirang tancêp kang pari sawuli |
dadining bras pirang êpun |
pirang las saêpun bobot ||

34.
Lan mungguh sawah iku |
banyu têka ngêndi sangkanipun |
kang amêtu sudhètaning kali tuwin |
apa mêtu saka êtuk |
mangkono sri nata kaot ||

267 Sinom

1.
Lawan duwit satus dukat |
kang dèn (ng)go waragat sami |
dadi olèh pirang sawah |
dadi pira dèn(ng)go grami |
di(ng)go gadhe sawarsi |
ya sapira bathinipun |
kang nganggar untung pira |
sotyèku pira kang warni |
ing sarupa kang gêdhe rêgane pira ||

2.
Iku kanggoning narendra |
marma aja sira angling |
prakara larangan praja |
sang prabu graitèng galih |
sinamur lan mênyanyi |
gya bêksa nulya nyalêmpung |
enjing sang nata jêngkar |
Sayidin Markaban nuli |
anggadhèkkên anggon pêdhang prajuritan ||

Jilid 4 - Kaca : 28

3.
Linolos sing wrangka myang krang |
dadya wilah kang kinardi |
pêdhang sarwi ing ngarêngan |
pêdhange payu dukat tri |
sawiji marang rabi |
kang kalih dèn(ng)go tutuku |
tinata munggèng ngarsa |
lajêng jèngklèkan mênyanyi |
calêmpung bakda Ngisa nata têdhak ||

4.
Tundhuk nulya rarangkulan |
sang nata ngandika aris |
kakang dene luwih mlarat |
tukon (n)dhas apa wus ênting |
Sayidin Markaban angling |
wus ênting tan nganti wayu |
wus mangkono karsèngwang |
tan kurang barkahing aji |
murahing Hyang ing sadina-dina prapta ||

5.
Kagungan-dalêm gadhuhan |
pêdhang ngong-gadhèkkên yayi |
amung payu têlung dukat |
sang nata ngandika aris |
iku kakang matiri |
kapriye lamun dinangu |
paranta aturira |
matura blaka kang pasthi |
dipunukum anèng ngalun-alun sira ||

6.
Sira pasthi ukum pêjah |
Sayid Markaban nauri |
kudu mati lan pasaja |
golèk pati apa maning |
dhasar dipun-jênêngi |
iya marang sang aprabu |
lah ing kono sidanya |
katrima dening Hyang Widdhi |
mati dipunpatèni sri naranata ||

7.
Apa maning dènupaya |
mati dènadhêpi aji |
pinasthi munggah suwarga |
dènaksama mring sasami |
aywa uwas sira ri |
saka kaèngêtaningsun |
gajêgne durung ngambah |
nasekat tigang prakawis |
iku ingkang dadi cacading agêsang ||

8.
Kang anyalamur lon tatanya |
kakang paran ingkang dêling |
nasekat limang prakara |
Sayid Markaban marpêki |
jangga pinêkul sarwi |
angling de dhapurmu bagus |
tan wrin rungsiding basa |
jêr sira wong kandhang langit |
gêgobogmu jèrèngên lah piyarsakna ||

9.
Anitèni kang kawruhan |
ananing Ma limang sahid |
ingkang dadi kalakuwan |
awit Ma madat kang dhingin |
antuke makolèhi |
ing jasat tanapi kahyun |
utawi ceda cuba |
ujar lumrah dalêm lair |
èstu tumraping patrap kang linampahan ||


  kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (02) Kaca 07 – 11
  • (03b) Kaca 29 – 42 >