Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434703
Hari ini     :Hari ini :103
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :169
Bulan ini   :Bulan ini :3332
s/d hari ini   :s/d hari ini :434703
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 18

Kontak Admin.

email-kidemang

Sêsêlan

 

Karanganipun R. Ng. Ranggawarsita
Pupuh Dhandhanggula 17 pada sarta Sinom 1 pada ing ngandhap punika sêsêlan karanganipun R. Ng. Ranggawarsita kados katrangan ing ngajêng. Sêsêlan wau kacetak miring lan botên mawi angka pupuh.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Pupuh Dhandhanggula 17 pada sarta Sinom 1 pada ing ngandhap punika sêsêlan karanganipun R. Ng. Ranggawarsita kados katrangan ing ngajêng. Sêsêlan wau kacetak miring lan botên mawi angka pupuh.


Dhandhanggula

1.

Purwaning reh manising palupi |

Rêspatyenjang nujwa gathitastha |

Ruwah ping tigalikure |

ing Dal mangsa Kasèku |

sinêngkalan Atata rêsi |

apan Amulang Jalma |

nênggih kang dhinapur |

amarna rikang carita |

duk prang Giri awusana soring jurit |

têmah kithane bêdhah ||

2.

Sarusaking wau kithèng Giri |

(n)Jêng Pangeran Pêkik kang ambêdhah |

garwa putra sadayane |

binoyong mring Matarum |

tapis rajabrana ing Giri |

tuwin kang rajakaya |

binêktèng Matarum |

wadya lit rusak jinarah |

kunêng wontên putra sing ampeyan katri |

apan atunggal rena ||

3.

Ingkang sêpuh wasta Jayèngrêsmi |

wontên malih arinipun priya |

Jayèngsari panêngrane |

kalih samya abagus |

apan sami jatmika kalih |

pan samya ahli tekat |

ing ngèlmi takabul |

warujunipun wanudya |

apaparab wau Nikèn Rancangkapti |

warna ayu utama ||

4.

Cinatur duk bêdhahirèng Giri |

putra têtiga wau punika |

sami nis tilar prajane |

wong Mataram datan wruh |

mring putra tri dènnya lumaris |

sami arêbat gêsang |

ing purug tan ngumpul |

kalangkung kawêlasarsa |

pan mangilèn parane dyan Jayèngrêsmi |

kêkalih rencangira ||

5.

De kang rayi Radèn Jayèngsari |

apan mangetan ing lampahira |

tan pisah lawan arine |

Kèn Rangcangkapti wau |

dahat dening kawêlas-asih |

panakawane juga |

Buras wastanipun |

panakawane kang rama |

datan pisah sapurug dènnya lumaris |

sajuga ingkang milya ||

Jilid 5 - Kaca : 2

6.

Kêkinthil tan kêna sah lan gusti | pan pun Buras kang abdi

wastanya |
kacatur wau lampahe |
langkung kawêlas-ayun |
Rancangkapti anggung anangis |
ingkang raka sangsaya |
pucaking tyas pupus |
tumingal ing arinira |
kinèn (ng)gendhong mring pun Buras ingkang abdi |
yèn sayah ginêntenan ||

7.
Pan wus ilang wanguning priyayi |
yata radèn ngangin-angin warta |
yen (n)Jêng Sultan ing karsane |
têntrêm tan karsa anglut |
mring sêntana putra ing Giri |
kang sampun tan kacandhak |
kang anis rumuhun |
radyan eca ing tyasira |
yata mulat sêmana ningali wukir |
langkung asri kawuryan ||

8.
De wit-witan anganggrang nèng nginggil |
taru gêng-gêng kang apuyuh dênta |
amêpêti sawarnine |
ingkang pala gumantung |
tuwin sêkar-sêkar mawarni |
ran wukir Sokayasa |
dene kang pilungguh |
sang pandhita Anggungbrangta |
ingkang tumut wisma rong desa watawis |
sami sêntananira ||

9.
Kasub lamun pandhita linuwih |
nênggih Kyai Gêdhe Anggungbrangta |
buntas ngiwa panêngênne |
kathah wong agung-agung |
ingkang samya angalap ngèlmi |
darbe putra satunggal |
jalu tur binagus |
nanging dèrèng mawi krama |
duk timure kang rama sinung kêkasih |
Mas Ngali nging tan karan ||

10.
Sarêng diwasa dipunparabi |
mring kang rama kae Mas Cêbolang |
katêlah diwasa ranne |
nanging pugal kêlangkung |
nora kêna bathuk kalimis |
langkung dening (m)bêlasar |
mring panggawe dudu |
kathah prawan lan somahan |
wong ing ngare tan gothang ing siyang ratri |
minggah marang aldaka ||

11.
Panggih lawan Mas Cêbolang sami |
mring pondhoke rinewangan cumban |
pan wus sinung wismèng dhewe |
lèring wisma ramèku |
yen mring ngare rama marêngi |
ana wong angon menda |
maesa lan lêmbu |
rencange kinèn sung sêga |
lan gagudhêg winor lan kacubung sami |
kang sinungan tan nyana ||

12.
Lamun gadublêge dipunmori |
sawusira mangan nulya niba |
dene lêmbu sakathahe |
lan mendane jinupuk |
niji-niji nora katawis |
praptèng wisma pinragat |
dinum santri agung |
winartan (ng)gènnipun tumbas |
apan asring kang rama sinrêg ngilèni |
mring kang darbe maesa ||

Jilid 5 - Kaca : 3

13.
Nora mantra putra pandhita di |
pan wus surup ngèlmu kasampurnan |
prandene dènmamah bae |
langkung sèwu (n)dalurung |
kang rama gung dènnya (n)dukani |
tinundhung pinêlalah |
(m)bêktèng santri catur |
wus sadasa wulan kentar |
anuruti dènnya pralènthe sayêkti |
ngumbara (m)barang trêbang ||

14.
Wus anurut tanah ing pasisir |
malah wus bêngang ping pira-pira |
saking kêkathahên ronggèng |
nèng Sidayu kinêpung |
andhêmênni bojoning santri |
kesah maring ing Daha |
mondhok wismanipun |
Ki Jamal pangulu Daha |
dhasar kathah santrinira Ki Jamali |
Ki Jamali sru bungah ||

15.
Mring sang prapta wus sinung wismèki |
santrinira Ki Jamali samya |
mring kang prapta langkung sihe |
arênês cangkêm karut |
yèn kalane dipunsuruhi |
ginawe pakaulan |
pangantèn tan atut |
kaul nanggap Mas Cêbolang |
yèn lumampah kantos kathah santri ngiring |
santrine dhewe papat ||

16.
Bêbêktane duk kesahe nguni |
mung punika kang ginawe tandhak |
kapat parigêl bêksane |
tur wong wus samya surup |
lamun ronggèng lanang sayêkti |
prandene nèng kêrêngan |
kwèh suduk-sinuduk |
nênggih wong lakon sadina |
yèn miyarsa Mas Cêbolang dènsuruhi |
dhangan pra samya prapta ||

17.
Nanging wong cilik datan kuwawi |
anyuruhi marang Mas Cêbolang |
saking tan kêlar opahe |
langkung gung sajènnipun |
yèn têbasan rong puluh anggris |
marma arang kang kêlar |
nanggap sabab agung |
lan bêktane santri kathah |
yèn wong cilik arang kêlar angingoni |
dhangan nonton kewala ||

Sinom

1.
Yata anuju sêmana |
bupatine darbe kardi |
puput dènnya darbe putra |
duk kala garwèng nyakiti |
dhukun kathah samya ngling |
sok lujênga darbe kaul |
ngundang Kimas Cêbolang |
mangka rahayu marmaning |
animbali marang panjak Mas Cêbolang ||

Jilid 5 - Kaca : 4

Sasampunipun sêsêlan utawi tambahan dening R. Ng. Ranggawarsita ing nginggil, lajêng nyandhak ngandhap punika ingkang sambêt kaliyan Sêrat Cênthini jilid IV.
Mila miturut aslinipun sambêtan punika pupuh:

  kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (00) Isi Jilid 05
  • (02) Kaca 05 - 10 >