Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

(02) Kaca 05 – 10

 

( Sang adipati ngluwari nadar nanggap sulap Mas Cêbolang )

Janur kuning kasulap dados sawêr.

Wulu pêksi kalêbêtakên kurungan, lajêng dados pêksi mawarni-warni, kauculakên mabur saliwêran.


Kaca 11

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 5 - Kaca : 5

321 Sinom

40.
Anuju wulan purnama |
lir raina padhangnèki |
badhene wetan pandhapa |
ênggènne ananggap singir |
pêpak sajèn mawarni |
sêkar konyoh lawan kutuk |
sêkul tumpêng mêgana |
warni pasar amêpêki |
salawate nèng sajêng salawe reyal ||

41.
Rolas wadhah samya dhulang |
liya ancak lawan cêthing |
miwah bokor gêlas talam |
sadaya dipunsasabi |
sinjang sêkaran warni |
bathik lurik lawan wulung |
myang karukub kurungan |
kang sinjang mawarni-warni |
padhang bulan binanton obor sasanga ||

42.
Myang kang saos pêlataran |
patih mantri lan prajurit |
pandam ting parik tinata |
dènnya lênggah kyai dipati |
ngêdhangkrang anèng kursi |
pinggir pêndhapi (ng)gènnipun |
cênela kinêmbangan |
pantês ngagêm nyamping bathik |
nagasari jinêmbangan latar-pêthak ||

43.
Paningsêt cindhe jo bara |
rasukan blah-bantên asri |
sêmbagya lus kapuranta |
corèke kêmbang pinêthik |
kotang kancing mirah brit |
pêniti jangga intên byur |
dhuwung ganja tinatah |
ing intên mirah tulya sri |
kuluk cêmêng baludru rinenda ing mas ||

44.
Gumbalanya kêkêtugan |
sumping sêkar hèr rinukmi |
abagus pupuk sêmbada |
lir kêlana angêjawi |
ingayap para cèthi |
abusanendah yu-ayu |
kênya randha wêlanjar |
andhèr marêk ki dipati |
awibawa tinarap para biyada ||

45.
Miwah sêsaosanira |
ki adipati nèng ngarsi |
kênap lan bangku cancingan |
sinêrbèt putih tulya sri |
ingkang anglaladèni |
pawèstri samya yu luhung |
wedang tèh mêmanisan |
puwan roti wedang kopi |
anèng ngêkan sêmuwa isining meja ||

46.
Sacarane lah-olahan |
guguriyan manis-manis |
pêpak di-adi ingolah |
miwah woh-wohan mawarni |
samya rumat cumawis |
latar ginêlaran sampun |
lampit agêng apanjang |
(ng)gonne panjak dèn-gêlari |
klasa alus yata ing wau samana ||

47.
Mas Cêbolang ingandikan |
Ki Jamali kang angirid |
busanane Mas Cêbolang |
baju kotang kêsting abrit |
pinggir rinenda alit |
nyampingira kasa wulung |
sabuk putih rong kilan |
kuluke bathokan sêtrim |
dhêstharipun jêplakan putih rinenda ||

48.
Adhuwung kêmalon abang |
gayaman landheyan miling |
tulange ulam minatan |
mirah agênge saranti |
santrine kabèh ngiring |
gêdhe cilik luwih satus |
wong nonton pan atusan |
kalbu abdining dipati |
nadyan lare desa pan kenging kewala ||

49.
Pan parêntah sang dipatya |
nyukakna manahing ngalit |
marma wong nonton akapang |
ki dipati lênggah kursi |
ingayap manggung sêlir |
samya binusanan murub |
pan wus pêpak sadaya |
sinarah pênjaluknèki |
saprabote kimas gèn badhe anulap ||

50.
Pan wus dhawuh kinèn lêkas |
sêndika kang dèndhawuhi |
anulya nyandhak tarêbang |
sasolahira rêspati |
dhasar radi kinardi |
apacak têrbang pinangku |
ing dhêngkul (n)dhangak ladak |
(m)bêranyak anggunungsari |
adan lêkas sajak Jawi sêkar Lêmpang ||

51.
Swara muluk gêtas rênyah |
angungkung arum tur manis |
ngês wilêtnya nganyut manah |
panêrbange angapipir |
sabat gya naurani |
tarêbang tiga gumrumung |
barung angklung lan kêndhang |
calung calapita gadhing |
ramya gobyok gumêr gêtêr magênturan ||

52.
Wor swara sru lagu Lêmpang |
orêg kang samya ningali |
jêjêl riyêl yêl-uyêlan |
dhêsêkan pipit pinipit |
kèh solah-bawanèki |
bungah kang para calimut |
cêlêr-cinêlêr ramya |
kathah kang kelangan sami |
opyak gègèr sakêdhap nora karuwan ||

53.
Suwe-suwe tan rinasa |
kelangan pêrlu ningali |
jalwèstri carup dhêsêkan |
wong kang (n)dhugal mangarahi |
mring wong wadon anggriming |
tangan nguyêl-uyêl susu |
nalusup gagap-gagap |
gêmbok ginêgêm agêmi |
kèh mangkono wênèh têkêm tinêkêman ||

Jilid 5 - Kaca : 6

54.
Yata wau Mas Cêbolang |
narêbang bêsus awasis |
gêtêr kumitir ngapinjal |
kêtungtung pyêk tong-ting tong-gring |
prung prèng grung pang pang pong ping |
klong klung crik crik crèk bah bah gur |
tung-klêk tung-plêk tung ting brang |
pap pêp bah bah thir nal nil nil |
nguk nguk brêng brung pung pak pung pyak dhung dhêng dhung brang ||

55.
Kang sauran rêbut sora |
swarane samya sru angrik |
rahab ungkul-ingungkulan |
santri barung naurani |
yèn nuju sèlèhnèki |
sauran (ng)gènnya gumrumung |
yèn kabèh tibèng gongan |
Mas Cêbolang kang nampèni |
ngêlik mêlung ngungkung mêmbat angêmandhang ||

56.
Anglangut swara rum mêmbat |
bêning lir suling wratsari |
tan ana swara kang memba |
êmpuke gilig amêthit |
mangkya kang samya singir |
wus dangu dènnira talu |
suwuk maca sêlawat |
kèndêl aso ngaring-aring |
pan anglela Mas Cêbolang anjênthara ||

57.
Ki dipati ris ngandika |
êndi sabatmu kang dadi |
tandhak kang jiblês wanodya |
mas Cêbolang matur inggih |
punika kang prayogi |
pun Nurwitri namanipun |
pinundhut binusanan |
carèstri ronggèng linuwih |
pinaringkên kinèn tumuli lêkasa ||

58.
Tur sêndika Mas Cêbolang |
lêkas bawa Gambirsawit |
swara rum manis ngêsira |
mêmbat wilêt (n)dudut ati |
santrine naurani |
gumrêmbrêng barêng trêbang brung |
rampak ukêle padha |
tan ana gangsul mênèhi |
Mas Cêbolang akipat panrêbangira ||

59.
Nulya tandhaknya abêksa |
berag kabèh kang ningali |
ki dipati langkung suka |
abdine kinèn nglêboni |
gêntèn lan dèndhawuhi |
tombokira kabèh nyuku |
suka gantya abêksa |
abdinira ki dipati |
sasênênge dènnira njaluk gêndhingan ||

60.
Sawênèh ana barêngan |
samya gêndhing Gonjang-ganjing |
bêksa karone bramantya |
sêbrak sarêng narik kêris |
gègèr ingkang ningali |
ki dipati langkung bêndu |
sigra anyandhak rotan |
kang tukar lumayu ajrih |
pan wus pulih tata kang nonton sadaya ||

Jilid 5 - Kaca : 7

61.
Yata wau ki dipadya |
kepengin tumut angibing |
kang abdi kêplok sadaya |
manggung sêlir suka sami |
Montro gêndhinganirèki |
tan dangu anulya sampun |
yata Kimas Cêbolang |
tan kenging ngampah kang galih |
tarêbange wus sinungkên rowangira ||

62.
Buka rasukane jubah |
mung kotange ingkang maksih |
duk waune sinasaban |
jobah kotange tan kèksi |
yata lêkas angibing |
bêksanira bêksa alus |
gêndhingane La-êla |
orêg samya kang ningali |
saabdine ki dipati langkung suka ||

63.
Miwah sira ki dipatya |
langkung sukanirèng galih |
yata wau kang abêksa |
sawusnya niba kang gêndhing |
kimas bêksane nyirig |
nglètèr sarya pancak gulu |
ngalahkên tandhakira |
bêksane nurut ing pinggir |
-ring kalangan sarya ulate kinarya ||

64.
Kwèh bungah satêngah ana |
sawiji kaum ningali |
Dulsubur lan bojonira |
nêdya mèlu naurani |
mantêngah gambyong singir |
kang gumawang andudulu |
sêsêg tan antuk marga |
migag-migug sru kapipit |
nimbok Subur rada wasis sok gêlêman ||

65.
Dèn incih kiwa têngênnya |
dhinêsêg dipun-gagapi |
kêna cêg kang payudara |
kinêpêl pinidih-pidih |
puringisan ngèsêmi |
kang nguyêg saya kêsusu |
rinangkus sinjangira |
(m)bok Subur pasang anyênthing |
tanganira kiwa gondhèlan kang lanang ||

66.
Kang têngên kari saduwa |
nèng dhêngkul sarwi anjênthir |
pinarnahakên agampang |
tumanduk kang mangarahi |
bênêr andêdêl nuli |
garêgêl balusuk puput |
kasamur iyak-yêgan |
lir linampahkên pakolih |
enak-enuk sipunuk nora katara ||

67.
Uyag-uyêg dhêdhêsêkan |
Dulsubur pangrasanèki |
dêg-dêge solahing kathah |
tan nyana bojone untir |
anjongok rada (n)jêngking |
kêsêl ngadêg awatipun |
Dulsubur wus pitaya |
kasamur solahing janmi |
malah gênti kiwa têngêne anggarap ||

68.
Gilir ginarap wong tiga |
nuju panggarap kang kèri |
duwèke gêdhe adawa |
satêkêm nêt mangang luwih |
Ni Subur ngulèt njundhil |
asru banène kumlukuk |
Dulsubur kagyat mulat |
bojone ginarap wingking |
asru ambêngok ngudubilah katiwasan ||

Jilid 5 - Kaca : 8

69.
Gumrubyug kang (ng)garap uwal |
slendhang tapih dèndhèdhèli |
marang bangsat kang anggarap |
mung kari kulambinèki |
gègèr pating jarêlih |
Dulsubur sru tulung-tulung |
mundhak dadi bayangan |
bojone dènuli-uli |
nulya mulih bojone banjur pinala ||

70.
wontên walanjar satunggal |
abdinira ki dipati |
pan lagya kagêm sapisan |
ing mangkya dipunkasihi |
nama pun Jaemanis |
akuning wêdana suluh |
netra (n)jahit balerah |
alandhêp idêp tumêngging |
payudara kêngkêng lir mundhu undhuhan ||

71.
Pangangge kinacèk pêlag |
ngungkuli kang para sêlir |
tikêl rêgi parabotnya |
saking sihe ki dipati |
nging rada ngadi-adi |
pan kêmayu adol ayu |
ulate êblas-êblasan |
aling-alinge ngladèni |
mring ki adipati yèn wus nêbih (ng)gènnya ||

72.
Malah cêlak lawan panjak |
sadhela bali ngladèni |
kacu kumbaya kusta-bang |
krêp nginang idu ngacuwis |
bêlisên susurnèki |
sabithi atos lir watu |
polahe kêrang-jalan |
nènèr kèwês galak lirih |
pan sasore wis pindho kacune ilang ||

73.
Saking mèndèse aganas |
nas-nès mènjèng nunjang kuping |
kapengin marang kang nrêbang |
sedhat-sedhot ulatnèki |
kadulu mring ki dipati |
agya marêk anèng ngayun |
yèn wus katungkul lunga |
dol ayu dlèrèngan liring |
pan kêmaruk kinasihan ing bêndara ||

74.
Anjêngglèng minggir kalangan |
misah (ng)gon lan kancanèki |
eram sakèh kang tumingal |
kênèse lindhis kêmini |
samana amarêngi |
sawiji wong andêdulu |
sudagar ngangge mumpyar |
sakojur dipun dhèdhèli |
kêna kabèh gêmbor-gêmbor galimpangan ||

75.
Gègèr asru lêng-ulêngan |
caruk-caruk ting jarêlih |
wor winor nora karuwan |
kabrawuk (m)bok Jaemanis |
têlas dèn-balojodi |
ambalêjêd bukung widhung |
kauyêl ing-akathah |
angadêg ki adipati |
langkung duka asru mring kawulanira ||

Jilid 5 - Kaca : 9

76.
Dene kaya wong alasan |
kabèh kang nonton si Joprit |
de iku mas patih ada |
nyengoh kabèh kênèng baring |
upayanên dèn aglis |
sapa kang agawe rusuh |
gupuh kawulanira |
anggolèki kang ngrusuhi |
tan kapanggya mung wong siji ngathang-athang ||

77.
Dèn-idêg-idêg ing kathah |
katur marang ki adipati |
lawan pawèstri satunggal |
katur yèn pun Jaemanis |
gêgêtun ki dipati |
kêkasihe ambaluju |
duka mring wong lanang kang |
kaudan kinèn (ng)gêbugi |
dosanira dene amêmadha uda ||

78.
Gya parentah ki dipatya |
kinèn njagani kang bêcik |
aja na wong rêrusuhan |
jaganana tumbak bêdhil |
matur sandika aglis |
dhinawuhkên sadaya wus |
tap ajrih wus tan rêsah |
ki dipati ngandika ris |
hèh ya panjak (m)bêksaa lan tandhakira ||

79.
Cêbolang ture sandika |
nulya bawa Lompong-kèli |
swara rum gêtas araras |
nyênyêt ngêsês mijêt ati |
sauran naurani |
gumuntur gêr barung arum |
pyung pyung pyêg dhêng tung tung brang |
pêp pêp bah bah klong klung thur thir |
orak arik nal nil pong ping tung pêg bêng bung brong brang ||

80.
Sêsêg gobyog asauran |
yèn wus têkèng gonganèki |
grêg pêt ririh trêbangira |
panabuhe ukur jawil |
kang sangêt mung kakalih |
calung calapita barung |
nampani Mas Cêbolang |
lan tandhake barung ngêlik |
mêthêt mêrit awilêt gulêt ulêtan ||

81.
Akancuh rêncang swaranya |
lir rêbab barung lan suling |
nyamlêng saplak nora jamak |
Mas Cêbolang lan Nurwitri |
tog tinog dènnya ngibing |
Mas Cêbolang bêksa kakung |
Nurwitri bêksa dyah |
akarya wêmbaning ati |
kaya uga Onêngan lan Wukirsêkar ||

82.
Sasolahira kinarya |
liringe amêratani |
kang kasangkut ing paningal |
gêragapan sênig-sênig |
tan tawajuh ing ati |
ati lir runtuh talêdhug |
kênèng sumbaga gêndam |
Mas Cêbolang ngigêl apik |
asta manthêng andhêngklang klèk pacak-jangga ||

83.
Narècèt rikat kumlepat |
wiwir sondhère kumitir |
ahebat naga kapalang |
tandhake mungsêr sasirig |
lir parênjak tinaji |
larap majêng lajêng nindur |
golang-galing linglingan |
kwèh ning kang myat ciptèng kapti |
kaya-kaya lan dhèwèke mêngkonona ||

Jilid 5 - Kaca : 10

84.
Wanodya ingkang niningal |
samya kasmaran kêpati |
kanyut wat kenging sumbaga |
(ng)gêgês tyasira mawêrdi |
miwah manggung lan sêlir |
-ira ki dipati wau |
tambuh ing solahira |
ana ngulèt kirig-kirig |
angacêcêng malah mijil rasanira ||

85.
Banjur lumayu wan-awan |
nguyuh mring pakiwan sami |
yata ing wau samana |
Mas Cêbolang kèndêl nuli |
wangsul dènnira linggih |
sang dipati nulya dhawuh |
kinèn lêkas anulap |
pan kinèn aso kariyin |
pan sandika ature Kimas Cêbolang ||

86.
Yata manggung sêlir samya |
iriban samya (m)balangi |
ing gêgantèn miwah kêmbang |
wênèh bajong-bajong liring |
ana ingkang ngawêti |
sarwi ngêblongkên gumuyu |
nanging langkung iriban |
dènnira balangan liring |
ciptanira êmbèn bae rêruncungan ||

322 Pocung

1.
Yata lêkas nyulap Mas Cêbolang wau |
kumutug kang dupa |
tumpêng papat dènkurungi |
Mas Cêbolang bêksa ngubêngi kurungan ||

2.
Lan tandhake mubêng kurungan ruruntung |
sawusnya mangkana |
kang kurungan dènungkabi |
tumpêng papat seje-seje thukulira ||

3.
Siji thukul wit-witan lombok wohipun |
siji wit sêmangka |
uwohe sakêndhil-kêndhil |
siji bligo uwohe sadandang-dandang ||

4.
Siji waluh sagembol-gembol wohipun |
suka kang tumingal |
ki dipati thrusthèng galih |
angandika hèh panjak apa kênaa ||

5.
Kabèh iku apa kêna-a jinumput |
matur Mas Cêbolang |
botên susah inggih kenging |
dhinahara nadyan binêkta mantuka ||

6.
botên purun molah-malih sampun lugu |
sanès lan wong kathah |
kang limrah warti tan kenging |
yèn punika inggih ta kenging kewala ||


  kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (01) Seselan R. Ng. Ranggawarsita
  • (03) Kaca 11 >