Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434702
Hari ini     :Hari ini :102
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :168
Bulan ini   :Bulan ini :3331
s/d hari ini   :s/d hari ini :434702
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 3

Kontak Admin.

email-kidemang

 (14) Kaca 41 – 44

 

( Mas Cêbolang dhatêng, lajêng sungkêm

dhatêng ingkang rama )

Dumadakan Mas Cêbolang dhatêng, lajêng sungkêm dhatêng ingkang rama. Rama ibu sakalangkung sukaning galih. Mas Cêbolang kadhawuhan sungkêm Jayèngsari ingkang sampun dados kadang sêpuhipun.

Sawatawis wêkdal malih Mas Cêbolang kanikahakên angsal Rancangkapti, tansah sih-sinihan sarta kaparingan griya piyambak.

Botên antawis dangu Sèh Akadiyat kakung putri seda.


Kaca 41 - 44

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 5 - Kaca : 41

328 Asmaradana

13.
Marang puniku kang prapti |
Mas Cêbolang aris mojar |
wis payo matura age |
iya maring kangjêng rama |
kalamun ingsun prapta |
pan wus tobat kapok ingsun |
narajang walêling bapa ||

14.
Aturêna kabèh sami |
sagunging supataningwang |
agupuh ingkang kinèngkèn |
minggah marang ing aldaka |
yata sapraptanira |
ing ngarsanira sang wiku |
sang pandhita wus uninga ||

15.
Sinamur atakèn aris |
dene gati lakunira |
lah baya ana gawene |
Ragatruna atur sêmbah |
amba atur uninga |
yèn putra paduka rawuh |
kèndêl anèng patêgalan ||

16.
Amba kinèn tur upêksi |
inggih dhumatêng paduka |
pan akathah prasêtyane |
karuna dhatêng paduka |
yata katur sadaya |
saliring pitungkasipun |
sang tapa gumujêng suka ||

17.
Ngandika sukur yèn mari |
panggaweyane kang salah |
eling lamun putraningong |
Jayèngsari matur nêmbah |
punapa ta punika |
kang tuwan raosi dalu |
putra paduka kang kesah ||

18.
Sang pandhita anauri |
iya kulup arinira |
kang suncatur salawase |
nanging sunduga ing mangkya |
wus eling têtêmênan |
kadangira watarèngsun |
bangêt tobat ing Pangeran ||

19.
Jayèngsari matur aris |
kados lêrês sabda tuwan |
inggih kadospundi malih |
kalamun botên mantuna |
punapa tan rumangsa |
lamun putranta pukulun |
gya gumujêng sang atapa ||

20.
Ngandika Ragatruna glis |
inggal nulya timbalana |
Ragatruna wangsul age |
praptaning ngandhap wus panggya |
lawan Kimas Cêbolang |
Ragatruna lon umatur |
paduka anggèr ngandikan ||

21.
Ing rama tuwan dèn-gipih |
pan sampun katur sadaya |
sawêling andika rêke |
prasêtya katur sadaya |
dhatêng rama paduka |
sarêng myarsa aturulun |
ramanta kalangkung suka ||

22.
Kula kinèn wangsul gipih |
animbali jêngandika |
yata Mas Cêbolang age |
minggah umarêk ing rama |
sarêng wau katingal |
kang rama angawe gupuh |
kang putra lumampah enggal ||

23.
Sapraptaning ngarsa nuli |
anungkêmi padèng rama |
kang rama nêsêp êmbunne |
pan sami anênggak waspa |
Mas Cêbolang karuna |
akathah prasêtyanipun |
katur dhatêng ingkang rama ||

Jilid 5 - Kaca : 42

24.
Yata Radèn Jayèngsari |
tumungkul anênggak waspa |
pan karasa sarirane |
akathah ingkang karasa |
kèngêtan kadangira |
tan karuwan parannipun |
nêbut sadalêming driya ||

25.
Sang pandhita ngandika ris |
mring putra Kimas Cêbolang |
lah payo kulup dèn-age |
ngabêktiya kakangira |
lan babo iku nyawa |
pan ya sêdulurmu sêpuh |
suntunggilkên roh lan sira ||

329 Mêgatruh

1.
Yata ingkang liningan anulya gupuh |
ngabêkti mring Jayèngsari |
sawusnya tata alungguh |
rêsêp tyase Jayèngsari |
marang ingkang lagya rawoh ||

2.
Ngalêm ing tyas Jayèngsari mring kang rawuh |
iki wong ladak mantêsi |
sasolahira apatut |
layak wanodya kèh asih |
andulu wong kang mêngkono ||

3.
Tan prabeda Mas Cêbolang mawas (n)dulu |
angalêm sajroning ati |
angling ing tyas dene bagus |
dhayohe rama kiyai |
wingit cahyane mancorong ||

4.
Ajatmika pasaja bagus aruruh |
yata kang rama ngling aris |
Jayèngsari putraningsun |
aja taha-taha kaki |
mring arinira angrêngkoh ||

5.
Kang liningan tur sêmbah langkung anuwun |
umatur sarwi wotsari |
mugi èstuwa pukulun |
sagung timbalan kang maring |
kawula wau kang dhawoh ||

6.
Dene sangêt arêmên tuwan angrêngkuh |
mring kula wong kawlasasih |
marmamba langkung anuwun |
mung Allah kang Maha Tinggi |
nêksènana raganingong ||

7.
Anggêpamba mring tuwan trus batin kalbu |
atanapi sira yayi |
aywa taha mring wakingsun |
ingsun iki ngungsi urip |
ngungsèkkên sadulur wadon ||

Jilid 5 - Kaca : 43

8.
Anèng kene têmahan ingambil sunu |
marang ing kangjêng kiyai |
pan yakti sun utang umur |
nuhun-nuhun kang sinung ling |
yata sang tapa agupoh ||

9.
Animbali marang ing rubiyahipun |
kang pinanggil mêdal nuli |
lawan wau putranipun |
sira Nikèn Rancangkapti |
dangune pijêr nèng pawon ||

10.
Bok rubiyah tan uning yèn putranipun |
Mas Cêbolang ingkang prapti |
sapraptaning langgar (n)dulu |
mring putra pan rada pangling |
wus lami dènnira (m)bolos ||

11.
Sang atapa anjarag pan ora tutur |
Mas Cêbolang gupuh nuli |
ngraup padaning kang ibu |
kang ibu wus mari pangling |
wusana nangis anggêmbor ||

12.
Lara-lara akathah sêsambatipun |
katuwone sira gusti |
apa tan wêlas maringsun |
lan malih sira wus eling |
yèn atmajaning kinaot ||

13.
Ingkang putra wlas tangise ingkang ibu |
sênggruk-sênggruk mèlu nangis |
Rancangkapti lênggah pungkur |
(n)dhakukul (m)barêbêsmili |
langkung wlas mulat ing êmbok ||

14.
Dening langkung (m)bok rubiyah trêsnanipun |
lir ibu-ibu sayêkti |
marma Rancangkapti muwun |
tan nangisi ingkang prapti |
saking wlas (n)dulu mring êmbok ||

15.
Sang pandhita alon angandika arum |
wis padha aywa nangisi |
aran praptane rahayu |
sung tarima sinung eling |
marang Hyang Suksma kinaot ||

16.
Tan winuwus kang onêng marang ing sunu |
yata ing antara lami |
rêmbag kalih-kalihipun |
Jayèngsari anglangkungi |
mau dènnira acondhong ||

17.
Marang Kimas Cêbolang lir kadang tuhu |
tan kenging pisah saari |
samya angrasakkên ngèlmu |
runtut wus tunggil pamanggih |
marma ywa tanggung dadya roh ||

18.
Pan cêndhake bae ing wau cinatur |
samana sampun apanggih |
Mas Cêbolang lawan wau |
sira Nikèn Rancangkapti |
siyang dalu akarongron ||

Jilid 5 - Kaca : 44

19.
Ibu rama langkung sukanirèng kalbu |
miyat mring putranirèki |
(ng)gènnira krama aruntut |
yata ing antara lami |
kang rama grah lajêng layon ||

20.
Ingkang putra langkung sungkawanèng kalbu |
antawis ing pitung ari |
kang garwa nusul asurut |
lajêng sinare anunggil |
lan sang tapa kilèn gandhok ||

21.
Langkung dening sungkawa kang kantun-kantun |
saya kagagas ing galih |
Jayèngsari ciptanipun |
dene ta kurang sathithik |
dhawuh kang timbul maring ngong ||

330 Maskumambang

1.
Pan antara sawulan surudirèki |
sira sang atapa |
santri Saloka tur pèksi |
mring Jayèngsari wawarta ||

2.
Amarêngi lênggah masjid lan kang rayi |
sira Mas Cêbolang |
lan garwane Rancangkapti |
pan agunêm ngèlmu rasa ||

3.
Kagyat myarsa Saloka sarêng turnèki |
ilang bayunira |
sira Radèn Jayèngsari |
tumungkul asangga uwang ||

4.
Ki Saloka matur malah wus kaping tri |
ing sasurudira |
ramanta kangjêng kiyai |
wong punika (ng)gènnya prapta ||

5.
Panggih lawan kula langkung nyalawadi |
wong kakalih apan |
abusana cara santri |
ngakên santri Surabaya ||

6.
Tan anyana kula yèn punika têlik |
(ng)gèn takèn ing radyan |
langkung dening niti-niti |
kawula inggih bêlaka ||

7.
Wingi kula mring ngare sampun kapanggih |
sanak Surabaya |
mring wismanipun Pak Kêmis |
lajêng (n)jawil mring kawula ||

8.
Yèn paduka kaginêm Pangeran Pêkik |
sabab wong punika |
padagange Pangran Pêkik |
marma ing gunêm waspada ||

9.
Saya anglês rahadèn duk amiyarsi |
aturing Saloka |
ngandika ris mring kang rayi |
lah yayi sira kariya ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (13) Kaca 40
  • (15) Kaca 45 – 48 >