Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 35

Kontak Admin.

email-kidemang

 (15) Kaca 45 – 48

 

( Jayèngsari, Rancangkapti tuwin Mas Cêbolang lolos )

V. Jayèngsari, Rancangkapti tuwin Mas Cêbolang lolos

Satunggaling dintên ing Sokayasa kadhatêngan santri kalih saking Surabaya. Punika kakintên utusanipun Pangeran Pêkik ingkang ngupadosi putra-putrinipun Sunan Giri ingkang lolos (Jayèngrêsmi, Jayèngsari tuwin Rancangkapti).

Awit saking kuwatosing manah badhe kapikut dening utusanipun Pangeran Pêkik, Jayèngsari, Rancangkapti tuwin Mas Cêbolang sami tilar wisma, lumampah saurutipun Gunung Kidul mangilèn.

Sasampunipun 3 dalu, lampahipun dumugi ing pucuking Gunung Lima, kapanggih pandhita Hèrcaranu ingkang sampun araga-sukma punika kapêrnah canggahipun Ki Banyubiru.

Sang pandhita paring katrangan, bilih ramanipun Jayèngsari-Rangangkapti mila dinukan dening Pangeran jalaran kapengin mêngku tanah Jawi. Mila wêlingipun, sampun ngantos sami wantun-wantun dhatêng ingkang tampi Nuringrat (Sultan Agung). Dhawuhipun Sang Tapa, kadang sêpuhipun i.p. Jayèngrêsmi taksih wilujêng nanging têbih panggenanipun. Dene Jayèngsari kadhawuhan tansah manêmbah Hyang Widhi.


Kaca 45 - 48

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 5 - Kaca : 45

330 Maskumambang

10.
Ingsun titip marang garwanira yayi |
bok mênawa lêpat |
poma apuranên yayi |
manira arsa mulana ||

11.
Ngong-oncati gunêm kang tan bêcik iki |
nanging iya poma |
wartakna (ng)goningsun yayi |
yata kang sinung wacana ||

12.
Mas Cêbolang lan garwanira nungkêmi |
padane kang raka |
sarya sru dènnira nangis |
Rancangkapti mêgap-mêgap ||

13.
Apan lajêng kantaka Kèn Rancangkapti |
pan wus timur mula |
yèn muwun pêgêl kang galih |
atêmah niba kantaka ||

14.
Jayèngsari yata angandika aris |
adhuh ariningwang |
adat têmên sira iki |
yèn nangis banjur kantaka ||

15.
Ngêndi ana ing wong pipikiran bêcik |
têmahane padha |
andadak sira tangisi |
yata sira Mas Cêbolang ||

16.
Ingkang garwa pinangku sarya anangis |
adhuh mirahingwang |
paran polahingsun kari |
yèn sira tulus palastra ||

17.
Baya-baya ingsun edan turut margi |
nimas awunguwa |
yata Radèn Jayèngsari |
kang rayi wus sinotyanan ||

18.
Nulya nglilir pupungun anangis ririh |
angling ingsun kakang |
suthik kari anèng ngriki |
sanadyan mati uripa ||

19.
Nora gêlêm pisah lan sira sayêkti |
gumujêng kang raka |
nora kaya sira iki |
munduran kaya duk bocah ||

20.
Pae dhingin sira duk durung akrami |
saparan pan mangsa |
kênaa sah lawan mami |
ing mêngko wus duwe krama ||

21.
yêkti abot wong angladèni ing laki |
sira Mas Cêbolang |
nambung sabda sarwi nangis |
punapa inggih kawula ||

22.
Tuwan kesah kula pan dinalih kari |
mangsa ta purunna |
sapurug amba tut-wingking |
sanajan pêjah gêsanga ||

23.
Nadyan inggih pêjah gêsang ajêng uning |
kang raka ngandika |
paran polahingsun yayi |
lamun sira tut-wuriya ||

24.
Sayêktine nora olèh dene yayi |
iya pêt-umpêtan |
Saloka nambung sabda ris |
yèn kêdah têmên arinta ||

Jilid 5 - Kaca : 46

25.
Atutwuri marang ing paduka inggih |
pan kêjawi kanca |
sadaya kinèn angari |
yèn malih wontên wong prapta ||

26.
Yèn pitakèn ing paduka inggih gampil |
ingsun awat-awat |
kula warti yèn wus anis |
saking ing riki wikana ||

27.
Ing puruge kula (m)botên nguningani |
yèn sampun paduka |
andhok nuntên tuwan nuding |
asung wruh dhatêng kawula ||

28.
(ng)Gèh pun Buras tumuntên paduka tuding |
pêsthine kawula |
lan sanak anusul sami |
inggih dhêmitan kewala ||

29.
Pan sadaya mangsa si (n)dadaka inggih |
pisah rayi tuwan |
wong kanthèt-kinanthe sami |
tan wontên seje satunggal ||

331 Kinanthi

1.
Bab kabèh santananipun |
wus ingundang sami prapti |
andhèr sadaya nèng langgar |
yata sampun dènwartani |
marang sira Ki Saloka |
kabèh panuju ing pikir ||

2.
Wusnya dadi rêmbugipun |
Jayèngsari sukèng galih |
tuwin sira Mas Cêbolang |
langkung suka Rancangkapti |
dene wurung tinilara |
nahên ta kasaput ratri ||

3.
Ing dalu datan winuwus |
sarêng byar angkatirèki |
sagung kang para santana |
ngatêr wangsul ngandhap ardi |
pra samya angêmu waspa |
kang lunga lawan kang kari ||

4.
Yata kang kesah lêstantun |
Mas Cêbolang Jayèngsari |
Kèn Rancangkapti pun Buras |
nèng ngarsa atuduh margi |
katiwang-tiwang lampahnya |
Sokayasa wus tan kèksi ||

5.
Lampahe kawêlasayun |
(n)dulur wong catur lumaris |
wus têbih ing lampahira |
sampun manjing ing wanadri |
mudhun jurang minggah arga |
Rancangkapti anggung nangis ||

6.
Ngrêmpong tan bisa lumaku |
ginendhong mring raka nuli |
Mas Cêbolang langkung sayah |
pun Buras ingkang (ng)gêntènni |
sadangunira mangkana |
wau dènnira lumaris ||

7.
Nurut wana ardi kidul |
mangilèn lampahirèki |
tan winarna solahira |
ing lampah wus tigang-ratri |
kèndêl yèn dalu kewala |
kêlangkung kawêlasasih ||

Jilid 5 - Kaca : 47

8.
Yata aningali gunung |
alit kalangkung rêspati |
ing pucak anèng wong tapa |
(ng)gènnipun tapa wus lami |
siji datanpa rowang |
kinasihan ing Hyang Widdhi ||

9.
Aran Ki Sèh Hèrcaranu |
tuwa pan wus kaki-kaki |
apan ta kaprênah canggah |
mring Ki Banyubiru nguni |
kang martapa ardi Lima |
wus angraga-suksma yêkti ||

10.
Arang wong kang wruh ingriku |
saking angkêre nglangkungi |
Sèh Hèrcaranu tan samar |
yèn badhe wontên wong prapti |
satriya alaku papa |
langkung asih kawlasasih ||

11.
Langkung awlas sang palungguh |
marang sira sang kaswasih |
yata wau kang lumampah |
kèndêl anèng soring wuni |
suku ardi kang lèr wetan |
tumawing jurang atrêbis ||

12.
Gurda gung langkung asingup |
singube ngungkuli wuni |
samya tumiyung ing jurang |
jurange langkung atrêbis |
ngisor panggenanning sima |
ting galêro mêmêdèni ||

13.
Kang rarywan pan ora kèngguh |
ngêningkên ciptaning galih |
mung ketang kang Karya-jagad |
marma rumarasira nir |
kwèh swaraning pêksi munya |
mangsa wohing gurda sami ||

14.
Umyung rêbut woh ambarung |
mawarna-warna kang pêksi |
mrak nyangungong ing paragak |
kang satawana nauri |
jêgigèr swara angatak |
kinèn panggiha Sang Rêsi ||

15.
Kang mangkana pèngêtipun |
kang rarywan graitèng galih |
yata non pucak aldaka |
ana wong tuwa alinggih |
pitêkur muji Pangeran |
sêmune brangti Hyang Luwih ||

16.
Yata radyan mara gupuh |
sumêngka marang ing wukir |
sadaya pan samya minggah |
sapraptanira ing nginggil |
sarêng cêlak lan sang tapa |
Ki Sèh pan angawe gipih ||

17.
Lah banjura putraningsun |
aja sira wêdi-wêdi |
gupuh wau kang ingatak |
sapraptanira ing ngarsi |
ngaras suku dêlamakan |
sang tapa angrangkul aris ||

Jilid 5 - Kaca : 48

18.
Sarwi ingaras kang êmbun |
katiga ginênti-gênti |
ri wusnya tata alênggah |
langkung samya aminta sih |
tumungkul dènnira lênggah |
sang tapa angrês ing galih ||

19.
Tan samar sasolahipun |
wasana ngandika aris |
sang pandhita mring rahadyan |
adhuh putuningsun kaki |
dene liwat kawlasarsa |
ing solahira mas gusti ||

20.
Dèn-narima putuningsun |
pan wus karsaning Hyang Widdhi |
sira dadi lêlampahan |
kawit wong tuwa kang mawi |
ramanta marma dinukan |
dening Hyang Kang Maha Luwih ||

21.
Lali pancèn arsa mêngku |
angangkah ing tanah Jawi |
kuwalèn arsa binuwang |
marma apantês malati |
tuwas rusak ngajak-ajak |
marang anak-puti wuri ||

22.
Marma putu wêkasingsun |
marang ing sira dèneling |
ywa ngambah pikir (m)bêlasak |
lan dènawas sira kaki |
kang katibanan nuring-rat |
aja sira wani-wani ||

23.
Ywa tiru ramanirèku |
lali ing bangsèku yêkti |
marma sru dukaning Suksma |
kang liningan awotsari |
saglugut pan botên nêdya |
anyipta kadya kang wingking ||

332 Pangkur

1.
Sangêt panuwun kawula |
lamun amba darbe krêkat samênir |
mung mikir lujênging purug |
sampun binurak-burak |
inggih namung têntrême manah pukulun |
lan malih kang dados manah |
kadang kawula sayêkti ||

2.
Sêpuh punapa inggiha |
maksih gêsang utawi yèn ngêmasi |
sang tapa mèsêm sumaur |
ywa susah manahira |
kadangira sayêkti misih rahayu |
nanging adoh panggènannya |
mangulon paranne ngungsi ||

3.
Aja susah mikir kadang |
awakira lah rêksanên pribagi |
yêkti (ng)gal lawase têmu |
sok uga salamêta |
Jayèngsari tursêmbah alon turipun |
kadospundi karsa tuwan |
mring amba manggih basuki ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (14) Kaca 41 – 44
  • (16) Kaca 49 - 50 >