Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434702
Hari ini     :Hari ini :102
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :168
Bulan ini   :Bulan ini :3331
s/d hari ini   :s/d hari ini :434702
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 6

Kontak Admin.

email-kidemang

 (20) Kaca 55 – 62

 

( Sèh Amongraga kadhèrèkakên Jamal-Jamil mampir Maledari ing rêdi Gora )

Lampahipun Sèh Amongraga kadhèrèkakên Jamal-Jamil mampir Maledari ing rêdi Gora, kapanggih Buyut Wasi Bagêna, gurunipun para bêkêl dhusun. Ki Buyut kagungan putra putri kalih, nama Kèn Pangliring tuwin Rara Sumêkar, sami ayu rupinipun, lêbda dhatêng kitab Kur'an. Kalihipun ing batos kapengin dados semahipun Sèh Amongraga.

Ki Buyut dalah semahipun sual-jawab kalihan Sèh Amongraga:


Kaca 55 – 62

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 5 - Kaca : 55

334 Dhandhanggula

10.
Tindaknya lon wau kang kaswasih |
nujwa mantêngah kang diwangkara |
mangkana kandhêg lampahe |
nèng ngandhap mandera gung |
lajêng èrca rana nèng bêlik |
lan abdi sawusira |
ngabêkti Hyang Agung |
pan angêningakên cipta |
sawusira abdi kalih amangani |
orong-orong binakar ||

335 Wirangrong

1.
Yata wusira anuli |
sang brangta lampahnya alon |
ngambah jurang sêngkan siluk-siluk |
yèn jurang atrêbis |
marga rumpil arampal |
pan arang kambah ing jalma ||

2.
Marga kapit ing cucuri |
yèn wong kang tan sêdya layon |
mangsa waniya ngambah ing ngriku |
yèn wong misih mikir |
enak lawan kapenak |
mangsa ta silih ngimpiya ||

3.
Liwat marga kang asungil |
(m)bok ngambah liyane kono |
tur mangsa kuranga liyanipun |
margi ingkang radin |
ingkang tau dènambah |
ing manungsa pan akathah ||

4.
Ing yêkti dhapur ngulati |
sang brangta marga kang ewoh |
ingkang nora kambah ing wong langkung |
yata wau nuli |
anênggêl minggah arga |
nuju Asar wayahira ||

5.
Yata nèng nginggil ningali |
kidul wetan lèr lan kulon |
nglimut pan anglamat dhusun-dhusun |
tan awas ingaksi |
miwah kang ardi kathah |
pan samya êlêt jujurang ||

6.
Nanging ardi alit-alit |
sang brangta kasmaran anon |
eca dènnya lênggah sela pingul |
kang abdi mêtêki |
yata wau samana |
mèh ngayom Sang Hyang Pratangga ||

7.
Ambarung swaraning pêksi |
rêbut (ng)gon anèng kêkayon |
putêr jalak menco pêksi siyung |
prit-pêking salindhit |
johan lan atat-kêmbang |
kêdhasih munya ing tawang ||

Jilid 5 - Kaca : 56

8.
Swaranira ngasih-asih |
lir nangisi ingkang rawoh |
mrak nyangungong kadya nyapèng tamu |
kang satawana (n)jrit |
anglir asung sasmita |
sang brangta mèsêm ing driya ||

9.
Akèh sato ing wana-dri |
samya munya ting galêmbor |
lêmbu singandaka lutung cênguk |
pra samya awingwrin |
uninga groning sima |
mêncit ngungsèkkên tênaya ||

10.
Samana wanci Mahêrib |
umyung swara cênggèrèt-nong |
barung kup-angkupan kongkang ngungkung |
anèng rong lir gêndhing |
patut lir mandra-raga |
rês-rês munya sasauran ||

11.
Tangèh ucapêna sami |
isining jurang tuwin rong |
yata sang brangta sukèng ing kalbu |
myarsa kèh kang uning |
yata ing sawusira |
bakda (ng)gènnira asalat ||

12.
Lênggah sela wisnu radin |
lajêng muji ing Hyang Manon |
nora dhompo awas ing pandulu |
wus ngumpul nganggêki |
pranyata yèn utama |
sira Ki Sèh Amongraga ||

13.
Pratandha waspadèng èksi |
ênggèning Suksma kinaot |
pan sayêkti arang wong kang wêruh |
marang Hyang Kang Luwih |
lamun ta durung bisa |
mati sajroning ngagêsang ||

14.
Nadyan mangkonowa ugi |
yèn sinung sihing Hyang Manon |
arang kang waspada ing pandulu |
ênggonning Hyang Widdhi |
mendah dening akathah |
kalamun sok pandhitaa ||

15.
Sinung ilham ing Hyang Widdhi |
mendah wali ting pragogok |
yata ing ratrinya tan winuwus |
samana wus enjing |
Hyang Arka mèh sumirat |
angganthêng kang mega malang ||

16.
Kwèh warnanira ingèksi |
mega pindha kang wastra byor |
dadu kuning rêkta wilis wungu |
amemba manjêthi |
umyung pêksi kang mangsa |
wohing bulu lawan gruda ||

17.
Sato gora bibar sami |
umuni pating galêmbor |
mrak manguwuh kadya asung pemut |
pêksi bêluk kadi |
angatak uninira |
sampun kadangon gingsira ||

Jilid 5 - Kaca : 57

336 Sinom

1.
Sawusnya nitih ancala |
Hyang Surya sang brangta nuli |
tumurun saking aldaka |
abdi kêkalih nèng wingking |
praptaning ngandhap nuli |
yata lajêng lampahipun |
margèng jurang sasêngkan |
parang rong pèrèng kapering |
kang kandhêgan curi mingis lir sutikna ||

2.
Prandene mêksa dènambah |
tan kengguh margi kang sungil |
tan wontên baya kang ketang |
amung andulwèng sawiji |
kang karya bumi langit |
kang pinanthêng ing pandulu |
darung ing lampahira |
sadina dènnya lumaris |
pan ararywan sabên ing wêktu kewala ||

3.
Bakdane nuli lumampah |
ngetan bênêr (ng)gyan lumaris |
yata aningali arga |
agêng dhukuhe kaèksi |
gêng gêng yèn tinon asri |
pan anèng sukuning gunung |
dhukuh punika aran |
pan ing Taramaledari |
gunungipun ingaranan ardi Gora ||

4.
Dadya dhukuh milu karan |
dene ingkang apalinggih |
ki buyut Wasibagêna |
gêntur ing tapanirèki |
dhasar ngèlmune luwih |
pan dadya paguron agung |
sagung patinggi desa |
akathah sabatirèki |
ingkang tumut wisma patangpuluh ana ||

5.
Masjide katon anganggrang |
pagêr tabag dènênjêdi |
lir sa[.
.
.
]un saking kodahan |
balumbangira ngubêngi |
ingon ulam mawarni |
tharik sasêkaranipun |
samya binatur sela |
amêpêki sawarnining |
naga puspa kumuning ngapit ing lawang ||

6.
Kênanga nèng (n)jawi pisan |
palakirna amêpêki |
manggis dhuku lan pijêtan |
gowok kêpundhung kêcapi |
pêlêm duryan kuwèni |
pakèl rambutan lan jêruk |
srikayane ngayangan |
mangsane lagya woh sami |
angrêmbaka kang têbu-wulung-arjuna ||

Jilid 5 - Kaca : 58

7.
Dhasar toyane tumumpang |
wèh anjog saking ing ardi |
tibane pan tinalangan |
kilèn ngubêngi kikitri |
ingkang wisma aparik |
asêgêr-sêgêr dinulu |
ki buyut wismanira |
anèng têngah dènubêngi |
ing wismane sagung para santrinira ||

8.
Pan kêkalih kêtibira |
papat marêbotirèki |
apan ta ngiras kêbayan |
wong papat puniku nênggih |
kêtib aran Nuripin |
sawijine kêtib Samud |
marêbot ki Jatruna |
kalawan mêrbot Nurkasim |
lawan Kêrtasapele Kêrtasapala ||

9.
Ki buyut Wasibagêna |
adarbe atmaja kalih |
sami èstri kalihira |
warnane samya yu luwih |
yèn ing desa munjuli |
duk samya birainipun |
wastane kang atuwa |
awasta Nikèn Pangliring |
ingkang anèm wastanira ra Sumêkar ||

10.
Kalangkung dinama-dama |
marang rama sang ayogi |
ing sapantêse wong arga |
saking dêlape sasiwi |
yata sang tapa nuli |
pinarak langgar mumuruk |
mring sagung santrinira |
gumuruh santrinirèki |
Nikèn Rara lan ibu ngaji nèng wisma ||

11.
Pra samya amangku Kur'an |
kang mulang ibunirèki |
nahên wau kang lumampah |
yata samana wus prapti |
ing dhukuh Maledari |
sang brangta rêsêp andulu |
uning rakiting dhêkah |
lan myarsèng kèh santri ngaji |
pan kumêpyur èngêt duk kala nèng wisma ||

12.
Yata laju lampahira |
kèndêl sajawining kori |
katuju ngênu samana |
Kêrtisapele nèng (n)jawi |
kagyat dènnya umèksi |
wong ngadêg anèng ing pintu |
bagus misih taruna |
kang cahya amindha sasi |
sigra Kêrtisapele manggihi nulya ||

13.
Gupuh dènnya uluk salam |
Kêrtisapele tanya ris |
anak teja sulaksana |
têmbe pun bapa umèksi |
kang tinanya nauri |
kewula wong kawlasayun |
santri saking ing Karang |
nanging santri tanpa ngèlmi |
anèng Karang tan antuk papan katiwar ||

14.
Kalingan kang wus utama |
marma kewala puniki |
ngumbara yêkti ngupaya |
ing pandhita kang wus sidik |
arsa ngrasèhkên ngèlmi |
warti ing riki pinunjul |
buyut Wasibagêna |
marma manirènggal prapti |
manthuk-manthuk Kêrtisapele saurnya ||

Jilid 5 - Kaca : 59

15.
(Ng)gih lêrês anak kang warta |
sayêkti kangjêng kiyai |
anak pangraoskawula |
pun bapa dèrèng amanggih |
kawruh kadi ing ngriki |
kula punika kang wau |
santri saking ing Tuban |
lir pun anak wus ngêblêgi |
kesah amba kasmaran kawruh utama ||

16.
Nglêlana anjajah desa |
sabên wontên wong kang lêwih |
kawula dhatêngi apan |
maksih apêtêng ing galih |
dèrèng padhang samênir |
sarêng ngriki kula rawuh |
tyasingong padhang têrawang |
marmamba wisma ing ngriki |
saking dening karêm ngelmune sang tapa ||

17.
Sang tapa mèsêm ngandika |
lah (n)dika aturna nuli |
inggih dhatêng sang pandhita |
kula pan arsa apanggih |
Kêrtisapele gipih |
praptèng ngayunan umatur |
kawula tur uninga |
ing tuwan lamun ing (n)jawi |
wontên tamu ayun marêk ing paduka ||

18.
Bagus pan maksih taruna |
ngaku santri saking Kawis |
rencange kêkalih kêmbar |
têmbung yèn kawêlasasih |
dene datanpa kanthi |
nèng Karang tan antuk ngèlmu |
sawab dening kalingan |
ing santri gung agung sami |
marma kesah arsa ngupaya tranging tyas ||

337 Kinanthi

1.
Mung kantun santri gung-agung |
sarêng miyarsa turnèki |
marêbot yata sang tapa |
pangandikanira aris |
payo enggal aturana |
aywa kasuwèn nèng (n)jawi ||

2.
Lan kowe Sêpala gupuh |
matura nyainirèki |
konên asaji pawohan |
lan enggal kon ngraratêngi |
sêkul tanapi nyamikan |
ing saanane dèn-aglis ||

Jilid 5 - Kaca : 60

3.
Arsa dhadhayohan ingsun |
wong wus luhung ngaku santri |
ya enggal kang adinuta |
langgare wus dèn-gêlari |
kasah alus santri samya |
kang ngaji wus kinèn mulih ||

4.
Mung kantun santri gung-agung |
taksih sami mangku tapsir |
yata wus kerit samana |
Sèh Amongraga wus prapti |
nênggih sangajênging langgar |
ki buyut kagyat duk uning ||

5.
Anon cahyaning têtamu |
gupuh dènnira nêdhaki |
santri tumurun sadaya |
yata sang brangta anuli |
gupuh dènnya uluk salam |
mèsêm Ki Wasi nauri ||

6.
Sarwi nyandhak astanipun |
mring sang brangta gya kinanthi |
binêkta minggah ing langgar |
ri wusnya tata alinggih |
Ki Buyut Wasibagêna |
nambrama marang têtami ||

7.
Takèn ing kamulyanipun |
sang brangta uwus wawarti |
ki buyut rêsêp tumingal |
marang wau ingkang prapti |
jatmika sêmu agawat |
anarka yèn wus linuwih ||

8.
Wus kacihna ing pandulu |
ing solah kalawan muni |
ngakuwa santri urakan |
mangsa kêna-a piningit |
yèkti sêmune kêtara |
ngakuwa bodho upami ||

9.
yêkti kacihna ing wuwus |
puniku kang dadi saksi |
upama wong bodho ika |
nanging angaku linuwih |
nora susah binarengkal |
pacêlathune katawis ||

10.
Mangkono upaminipun |
yèku maknawi sayêkti |
wusnya dangu dènnya lênggah |
ki buyut sigra nganthuki |
mring kêtib Samud wus wikan |
ing sêmunira sang rêsi ||

11.
Nulya manjing wisma gupuh |
kêtib Samud andhawuhi |
ing garwane sang pandhita |
yèn kang putra kinèn ngirid |
nyaosna wohan mring langgar |
ing tamu kang lagi prapti ||

12.
Yata ni nyai agupuh |
putra kinèn samêkta glis |
nata pawohan nèng talam |
cêpuke salaka putih |
wohe wangèn suruh canang |
apu campur sadak rawis ||

13.
Nulya salin sinjangipun |
kang sêpuh Nikèn Pangliring |
lurik lasêm sinjangira |
kêmbêne ijo pêlangi |
asêngkang urubing damar |
susupene roro sisih ||

Jilid 5 - Kaca : 61

14.
Tikêl balung sêkar suruh |
pupur lamat tan katawis |
kêmbang mênur cundhukira |
pasêmone yèn ingèksi |
layak dimêr pagulingan |
sang rara solah kêtawis ||

15.
Rara Sumêkar pan sampun |
asinjang lurik patani |
kêmbên solok supe mirah |
roro sami munggèng jênthik |
sêngkangipun nata-brangta |
pupur rêmu tan kêtawis ||

16.
Cundhuk sêkar waja jamus |
sang dyah sêmune liniring |
layak rongèh pagulingan |
solah bawane kêtawis |
riwusnya samya samêkta |
mêdal ibune angirid ||

17.
nênggih ni rara kang sêpuh |
kang (m)bêkta pawohanèki |
kang nèm ambêkta pasêsan |
têmbako anèng salêpi |
rara kalih èsmu merang |
umiyat marang têtami ||

18.
Sang brangta nglirik andulu |
ing solahe sang dyah kalih |
kumêpyur karasèng nala |
marang kadangira èstri |
yata ing sapraptanira |
ni nyai jajar alinggih ||

19.
Lan raka kiyai buyut |
putra kalih lunggwèng wuri |
-ning ibu runcung kaliyan |
tumungkul nanging anglirik |
marang ing têtamunira |
mênêng turida ing galih ||

338 Pocung

1.
Kang pawohan nulya sinajèkkên sampun |
mring ni nyai lawan |
padudan têmbak nèng salpi |
ki parêbot Sapele anumêd pandam ||

2.
Riwusira ni nyai anapa arum |
anak kaaturan |
sadhatêng andika ngriki |
matur nuwun wau kang sinung wacana ||

3.
Kyai buyut nambung aris wuwusipun |
anggèr amucanga |
ududa dimène mari |
sayahipun wong mêntas lumaku têbah ||

4.
Kang sinung ling ngecani anggantèn gupuh |
nulya sang atapa |
ngatak mring garwanirèki |
apa uwis nyai (ng)gènnira lah-olah ||

Jilid 5 - Kaca : 62

5.
Lamun uwis bok saana-ananipun |
iya ngarah apa |
gupuh wau kang sinung ling |
malbèng wisma malih lawan putranira ||

6.
lajêng ngrakit sêkul wangi anèng sumbul |
ulame mawarna |
tinata munggèng ing piring |
sawusira tinata anèng ing dhulang ||

7.
Nikèn rara kang (m)bêkta lantinganipun |
nèng bokor kuningan |
rara kang nèm panjangnèki |
kang ngrêrampa dhulang Sapele Sapala ||

8.
Sapraptane ing langgar tinata gupuh |
bok nyai kang nata |
kèn rara nyaoskên kêndhi |
ni Sumêkar anyaoskên panjangira ||

9.
Gya tinumplak sêkul kang anèng ing sumbul |
yata sawusira |
ki buyut ngandika aris |
mring sang brangta anak (n)dawêg wêwantingan ||

10.
Sugatane ibunta sawontênipun |
nuwun kang ingatak |
ngecani sigra wawanting |
kyai buyut lan garwane wanting samya ||

11.
Nulya lêkas adhahar ing wong têtêlu |
kèn rara kalihnya |
lênggah wurine bunèki |
tansah nglirik wau marang ingkang prapta ||

12.
Amongraga (ng)gèn dhahar sadangunipun |
puluke sakênthang |
cilik agung dèn-galintir |
kalêbu sathithik pan atop ping sanga ||

13.
Kyai buyut ngalirik sadangunipun |
ngartikèng wardaya |
baya wus lawas wong iki |
iya (ng)gonne nora kambon-kambon upa ||

14.
(Ng)gonne mangan amung ngenaki tyasingsun |
wong iki sunduga |
bangêt (ng)gyan nêmu prihatin |
kang mêngkana ki buyut osiking driya ||

15.
Yata dangu dènnira dhahar anutug |
ingundurkên nulya |
dhadhaharan kang sumaji |
warna-warna kang anèng tebok pulasan ||

16.
Sêkul ulam ingundurakên ing pungkur |
wus kinèn angêpang |
mring kêtib marêbot sami |
Jamal Jamil pan milu kêmbul anadhah ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (19) Kaca 53 – 54
  • (21) Kaca 63 – 68 >