Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

 (21) Kaca 63 – 68

 

( Panggenanipun Hyang Agung ing gêdhong Rêtna Adiluhung )

1. Bab panggenanipun Hyang Agung ing gêdhong Rêtna Adiluhung; sarining lair-batin - loro nanging tunggal; kawruh kasukman, kanugrahan jati.

2. Bab têgêsipun sunat lan pêrlu, kuwajiban ulah batos; Pangeran lan kawruh atunggil ênggèn.


Kaca 63 – 68


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 5 - Kaca : 63

338 Pocung

17.
Tan winuwus ing solahira puniku |
yata duk samana |
Hyang Arka wus nitih wukir |
lajêng sami totoya badhe asalat ||

18.
Riwusira (ng)gèn angambil toya wulu |
ni nyai lan putra |
kalih sampun salat sami |
kêtib Samud apan nulya lêkas adan ||

19.
Sawusira adan lêkas sunat sampun |
ki buyut wêcana |
mring tamu kinèn ngimami |
lah ta anak andika dadosa imam ||

20.
Amongraga aturira manis arum |
lêrêsipun tuwan |
kang darbe wisma pan wajib |
anauri ki buyut wajib wong brangta ||

339 Asmaradana

1.
Lêrêsipun anak inggih |
pun bapa angambil sawab |
wong mêntas lalana mangke |
sang brangta mèsêm gya lêkas |
jumênêng dadya imam |
nulya amaca Alkamdu |
swaranira pait kelang ||

2.
Tanduking sastra matitis |
bênêr panjang cêndhakira |
yata kang rara kalihe |
gugur (ng)gènning makmum samya |
pijêr miyarsakkên swara |
manahira kuwur-kuwur |
asanès ingkang cinipta ||

3.
Ingsun têdha dhayoh iki |
awèta nèng kene mana |
muga raganingsun kiye |
pinaringna mring wong ika |
iya karsaning rama |
nuli ingsun (n)jaluk wuruk |
ngong duga wong ika wignya ||

4.
Mangkana osiking galih |
nora pijêr asêmbahyang |
ing batin seje dèname |
nanging mèlu rubuh-gêdhang |
yata wusnya samana |
prapta Ngisa bakda sampun |
lajêng sami lênggah tata ||

5.
Nyamikan sumaos ngarsi |
ni nyai maksih alênggah |
anèng keringe kakunge |
putra kalih wurinira |
kêtib lan mêrbot samya |
maksih ngadhêp sang awiku |
santri kèh nèng jawi aglar ||

6.
Nulya ki buyut lingnya ris |
marang ing sang wau prapta |
anak ala nganggur mangke |
dimèn tanak lalungguhan |
(n)dawêg sami rêrasan |
angrasèhkên babing ngèlmu |
pun anak wus akacihna ||

Jilid 5 - Kaca : 64

7.
Ingsun duga wus winisik |
kanyatan duk dadi iman |
ukung tanduke atètèh |
ngakuwa bodho tan kêna |
matur Sèh Amongraga |
marma mariki wakingsun |
kapanggih lawan paduka ||

8.
Arsa ngrasèhakên ngèlmi |
mangke paduka ngandika |
langkung saking sukuringong |
idhêp-idhêp tuwan mulang |
(n)dawêg tuwan ucapna |
kang dados raosing kalbu |
ki buyut gumuyu mojar ||

9.
elok kang ujar puniki |
kang suntakokkên dènnira |
êndi ênggonne Hyang Manon |
Amongraga saurira |
wikana yèn lêrêsa |
dene ênggonne Hyang Agung |
pan wontên ing gêdhong rêtna ||

10.
Jatine tigang prakawis |
punika amba miyarsa |
ki buyut aris wuwuse |
anèng ngêndi prênahira |
lan paran têgesnèka |
kang aran gêdhong di-luhung |
Sèh Amongraga saurnya ||

11.
Rumiyin kula miyarsi |
nèr [...] |
[...] mukmin kabèh |
puniku jatine uga |
pamiyarsa kawula |
tuduhe gêdhong di-luhung |
ênggonne pasisimpênan ||

12.
Karsane Hyang Maha Sukci |
marma ingaran rêtneka |
pan puniku sajatine |
ingaran iku sosotya |
adiluwih punika |
iku ing pamyarsaningsun |
wikana lêpat lêrêse ||

13.
Yèku sosotyaning bumi |
ingaran kêmbanging jagad |
kêkasihira Hyang Manon |
Ki Buyut kalangkung suka |
pêthuk ing karsanira |
sigra dènnya ngrangkul gupuh |
wus babo iku larangan ||

14.
Pan dêdalan laku iki |
pilih pilih kang uninga |
wis mandhêg samono bae |
lah anggèr aywa dinawa |
ngucap basa punika |
mangsa kuranga cinatur |
malih manira têtanya ||

15.
Lahir batin sarinèki |
apa sayêktine tunggal |
nora pisah ing karone |
sakuthu roro-roronya |
Mongraga aturira |
rumiyin amba angrungu |
inggih kang catur punika ||

Jilid 5 - Kaca : 65

16.
Wikan yèn lêrêsa ugi |
yèn ing jasad tuwan ika |
yèn pinèt nama laire |
nadyan ing batin tan beda |
tuwan lawan kawula |
tunggal jatining sukmèku |
ing lair sêpuh paduka ||

17.
Ing batin sayêkti sami |
tan wontên anèm sêpuha |
mèsêm ki buyut dêlinge |
ana malih ujaringwang |
kaya pa karsanira |
anama salah karungu |
alim lawan kawruhira ||

18.
Kaya pa badan puniki |
dene ta ingaran tunggal |
kang kaya puniku rêke |
Amongraga saurira |
bedane kawruh ika |
lan kawruh rêke puniku |
dhingin miyarsa manira ||

19.
Apan ta ingaran alim |
kang manjing ing jiwa raga |
kang dadi rasa-jatine |
kanugrahan jatineka |
manira amiyarsa |
jatining sastra puniku |
lir êmas timbul ing toya ||

340 Maskumambang

1.
Kyai buyut malih wuwusira aris |
kang ngawruhi ika |
têgêse ta kadipundi |
Amongraga saurira ||

2.
Ingkang kawruh sajatinira anênggih |
tinggal kang tan luwar |
wiyose Hyang Suksma luwih |
ngèlmu kawruh jatinira ||

3.
Tan kêkalih pralambine ingkang ngèlmi |
lir sêkul upama |
ingkang pinangan saari |
wontên dene kawruhira ||

4.
(Ng)gih puniku kang darbèni pangan singgih |
ki buyut karênan |
miyarsa panjawabnèki |
yata angrangkul anulya ||

5.
Sarwi angling dhuh anakingsun gusti |
ujare tan bisa |
dene ki uwis winasis |
lah ta nyai nora ilang ||

6.
Ênggon para angrêngga anakirèki |
nyai têtakona |
sampurnaning salat daim |
sun duga anakmu wignya ||

7.
Ya dimène si rara padha miyarsi |
sira sok têtanya |
maring sun durung dumêling |
ni nyai ngangsêg asigra ||

8.
Sarwi muwus anakingsun wong asigid |
kawula anêdha |
sapangat andika singgih |
pun biyang andika-wulang ||

9.
Malah mandar samya tinuladha sami |
dhatêng rayi (n)dika |
pan sami kasêngsêm ngèlmi |
Amongraga saurira ||

Jilid 5 - Kaca : 66

10.
(Ng)gih punapa ingkang dinangu ing mami |
ni nyai lingira |
sunat prêlu lawan jati |
atine kadi punapa ||

11.
Amongraga mèsêm saurira aris |
manira miyarsa |
têgêse prêlu puniki |
dhingin gumanti mring sunat ||

12.
Ni (m)bok nyai nauri wacana aris |
têgêse punapa |
ingkang prêlu jatinèki |
Amongraga saurira ||

13.
Têgêsipun kang prêlu punika singgih |
langgêng kajatènnya |
kang langgêng tan kêna gingsir |
aranne rêke sarengat ||

14.
Pinangeran tan kêni lêngganèng pêsthi |
anglakoni amar |
agung paedahe singgih |
ingkang têka ing têgêsnya ||

15.
Yèku bakal tampi ganjaranne benjing |
sasampune ika |
têgêse lampah sêjati |
apan sayêktine salat ||

16.
Sadurunge têlas lampahe puniki |
tan na ukum baya |
ni nyai amuwus aris |
kang sunat paran têgêsnya ||

17.
Amongraga alon anauri aris |
kang sunat têgêsnya |
margane langgêng puniki |
dene iya ananira ||

18.
Yèn wus têkèng paranning laku puniki |
tandha yèn (n)tuk sawab |
padhang paningalirèki |
ya awas jatining lampah ||

19.
Ni (m)bok nyai tanya wuwusira malih |
sunat prêlu ika |
apa kêna yèn tinunggil |
anèng ing lêmah punika ||

20.
Amongraga saurira rum amanis |
pêsthi lamun kêna |
kang sampun tumêkèng jati |
lan yèn têlas lakune ka ||

21.
Wus tan nganggo etanging wêktu puniki |
lampah wong utama |
sawab-tinunggil karyèki |
têgêse wus nèng ngayunan ||

22.
Lan kawruhe tan kandhêg daluwang mangsi |
pan wus olèh sawab |
marma tan ngetang ngabêkti |
ing wêktu rêke wus tunggal ||

23.
Ni (m)bok nyai aris atêtanya malih |
anak wontên basan |
sintên ta namanirèki |
puniku roh têtêmênan ||

Jilid 5 - Kaca : 67

341 Mêgatruh

1.
Amongraga alon wau wuwusipun |
manira miyarsa warti |
yèku kanugrahaningsun |
ni nyai amuwus aris |
marmane ngaran mêngkono ||

2.
Ingaranan kanugrahan marmanipun |
Amongraga anauri |
marma ingaran puniku |
yêkti wêwayanganèki |
wêwayangane Hyang Manon ||

3.
Ni (m)bok nyai takèn malih manis arum |
anama salah kadyèki |
ing jroning kakung puniku |
wanita sajatinèki |
nênggih sajroning wong wadon ||

4.
Ana kakung kadiparan têgêsipun |
Amongraga anauri |
nênggih ing pangrunguningsun |
sajatining kakung singgih |
sayêkti ananing êroh ||

5.
Ingkang murba misesa jisim pan iku |
nyawa aran mêksih èstri |
dene mêksih kapurbèku |
ananing roh iku singgih |
dudu lanang kang sayêktos ||

6.
Satuhune lanang ananing Hyang Agung |
dene tan ana murbani |
ni nyai malih amuwus |
kang pawèstri kadipundi |
lah jawabên anakingong ||

7.
Amongraga saurira manis arum |
pan ora beda puniki |
nênggih wong wadon puniku |
kêlawan wong lanang sami |
sami wajib olah-batos ||

8.
Ni (m)bok nyai malih atêtanya arum |
sapa Pangeranirèki |
lah payo ucapna gupuh |
lah aja nganggo kêkêlir |
Amongraga saurnya lon ||

9.
Apan ingsun Pangeran sajati iku |
datan ta saking ing kami |
andika lan kawulèku |
yaktine tan beda ugi |
tan kêkalih atunggil (ng)gon ||

10.
Langkung suka ki buyut dènnira ngrungu |
yata sadalu tan guling |
(ng)gènnira arêbut kawruh |
kêtib marêbot tan guling |
(ng)gènnira mirsakkên (n)dongong ||

Jilid 5 - Kaca : 68

11.
Rara kalih kalangkung kasmaran ngrungu |
angalêm sajroning galih |
iki si wong bagus tulus |
widagda angulah ngèlmi |
sun sêngguh durung kinaot ||

12.
Nora larang iya wong mêngkono iku |
dènrewangi adol tapih |
ingsun têtêdha wong bagus |
lawasa ana ing ngriki |
duweya êsir maring ngong ||

13.
Tan kawuwus kang raras sajroning kalbu |
yata ki buyut lingnya ris |
adhuh anggèr anakingsun |
dènlawas anèng ing ngriki |
arinta wulangên karo ||

14.
Sun srahakên marang ing sira satuhu |
nadyan têmbe ana sudi |
kang kuwasa anakingsun |
anglakèkna rinta benjing |
suka lila raganingong ||

15.
Amongraga aturira manis arum |
langkung nuhun kawulènggih |
ing sih paduka kang dhawuh |
botên sagêd mêmangsuli |
nanging apuntên kemawon ||

16.
Pan kawula mung nyipta nyipêng sadalu |
sirik yèn wêwaha malih |
pintên banggi ta ing pungkur |
yèn mugi sami basuki |
pêsthi wangsul raganingong ||

17.
Yèn kêpanggih putranta ingkang sunruruh |
pêsthi amba nuli bali |
sang pandhita aris muwus |
andika-upaya pundi |
kang sinung ling matur alon ||

18.
Ngongupaya marang nagari Mantarum |
inggih kalamun kapanggih |
sabab kathah rencangulun |
kang anèng nagri Mantawis |
bok bilih wontên ing kono ||

19.
Wus tinatur kabèh mulabukanipun |
sang tapa sarêng miyarsi |
Amongraga wartanipun |
tambuh waspanya duk mijil |
ni nyai lan putra karo ||

20.
sarêng myarsa ing tutur tri sênggruk-sênggruk |
ki buyut ngandika aris |
marang garwa lawan sunu |
wis padha aywa na nangis |
mundhak susah kang badyandon ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (20) Kaca 55 – 62
  • (22) Kaca 69 – 70 >