Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434706
Hari ini     :Hari ini :106
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :172
Bulan ini   :Bulan ini :3335
s/d hari ini   :s/d hari ini :434706
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (23) Kaca 71 – 78

 

( Asal-mulanipun jagad sarta pundi

ingkang wontên langkung rumiyin )

Sèh Amongraga tuwin Sèh Sukmasidik rêrêmbagan bab: Asal-mulanipun jagad sarta pundi ingkang wontên langkung rumiyin; katrangan bab Datulah kanthi paprincènipun.


Kaca 71 – 78

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 5 - Kaca : 71

342 Pangkur

12.
Inguni pan wus kalakyan |
pan akathah sagung para pêtinggi |
kang sami kasmaran ngrungu |
ing wartane ni rara |
andhatêngi akathah ingkang kawangsul |
saking dening tan kaduga |
sang rara panjaluknèki ||

13.
Tan anjaluk raja brana |
mung angajak bantah kang ngèlmu gaib |
nadyan para santri agung |
kang prapta tan kawawa |
angêsorna ing ngèlmunira sang ayu |
undure amèt upaya |
dhuyung sumbaga lan dhêsthi ||

14.
Akathah ingkang misaya |
ing paekan anging tan anêdhasi |
nanging wêntala sang ayu |
nahên kang anèng arga |
Amongraga tumurun saking ing gunung |
osik badhe umampira |
maring dhukuh kang kaèksi ||

15.
Dadya laju lampahira |
pan sinêru lampahira sang brangti |
nurut èrèng-èrèng gunung |
samana pan wus cêlak |
nênggih lawan dhukuh ing Andongtinunu |
sukunira kang lèr wetan |
lawan kang Sêndhara wukir ||

16.
Masjide katon anganggrang |
pan acèkli kèdêran dening warih |
balumbang gung keringipun |
ingidêran tunjung bang |
tunjung putih irim-irim tunjung biru |
têrate mangsanya sêkar |
ganggêng lawan ganggong wilis ||

17.
Masjide binatur sela |
ompakipun pan sela ingukir |
pagêre tabag ingapu |
korine kir-ukiran |
mastakane rineka-reka apatut |
tilase pinayu anyar |
ijo lir dhinandhang gêndhis ||

343 Dhandhanggula

1.
Jajar kalih wisma cèkli-cèkli |
mandhapane nênggih dhinêkêt kewala |
lan wisma tinalang bae |
latar rêsik dinulu |
tiris wulan lan tiris gadhing |
têpung mubêng pemahan |
wohan wangèn agung |
sêla-sêla tiris (ng)gènnya |
pêlataran pêthetane sawo manggis |
dhuku lawan pijêtan ||

Jilid 5 - Kaca : 72

2.
Pêlêm pakèl jambu lan kuwèni |
lagya mangsanira awoh samya |
kilèn pandhapa masjide |
sasêkarane agung |
tan ana lyan tanêmanèki |
pan amung kêmbang-kêmbang |
pra samya binatur |
ing sela pingul sadaya |
amêpêki sadaya warnane sari |
mangsane lagya sêkar ||

3.
Campur gandaning pudhak sisilir |
rum ulêgan ambune angambar |
pandhansari pipinggire |
ingkang balumbang agung |
sobrah ningkang pandhan kinardi |
sapênêtting ulam |
tambra lukas mangut |
ulame pan warna-warna |
yèn mangsane Asar samya dènpakani |
kathah mungguh sadaya ||

4.
Toya muncar dumilah awêning |
we tumurun kang saking aldaka |
apan tinalang anjoge |
iline maring dhusun |
tan wus ucapêna ingkang sri |
rakite padhêkahan |
asingêr apatut |
cacade cilik kewala |
yata ingkang lumampah pan sampun prapti |
jawining pakarangan ||

5.
Nahên Hyang Arka wus nitih wukir |
sang abrangta kêndêl ngandhap gayam |
jabaning lawang korine |
pan ana sêndhangipun |
witing gayam apan ngubêngi |
ing sêndhang pangasonan |
wong èstri ing ngriku |
rabinira para sabat |
lan malihe yèn ki sèh mênthas ningali |
kakaring mirsa têgal ||

6.
Sakundure ngriku (ng)gèn susuci |
lajêng (ng)gènnya ngambil toya kadas |
anèng ing ngriku jujuge |
yata samana nuju |
Ki Sèh Sidik saking ing têgil |
mantuk angiring sabat |
sang rara pan tumut |
umiring marang kang rama |
yata kagyat Ki Sèh Sidik aningali |
kang lênggah pinggir sêndhang ||

7.
Santri bagus warnanya nom pêkik |
yata lajêng (ng)gènnya uluk-salam |
Sèh Amongraga mulya ge |
ngadêg aris sumaur |
ya ngalekum salam ilahi |
jawab tangan sawusnya |
Sèh Sidik amuwus |
anak teja sulaksana |
têmbe mirsa pun bapa kêlawan malih |
ngajêng paran sinêdya ||

8.
Amongraga pan wus awawarti |
wismanira tuwin kang sinêdya |
marmamba kampir yêktine |
kêdalon lamun asung |
ing sawêngi amba nyukêri |
nênggih masjid paduka |
ki sèh sarêng ngrungu |
kalangkung awlas ing driya |
osiking tyas wus narka yèn wong linuwih |
sasolahe katara ||

Jilid 5 - Kaca : 73

9.
Lah cahyane kang dadya pandêling |
nyana yèn dudu santri la-ala |
nulya sang dyah sadangune |
mandêng marang kang rawuh |
èsmu kenyut dènnya ningali |
salamine sang rara |
pan dèrèng kagumur |
tumingal marang ing priya |
pan lagya ki sang dyah osik jroning galih |
wong iki wus watara ||

10.
Ing praptane baya (ng)gawa dhêsthi |
pinasangkên ana ing dêdalan |
katara ragèngsun kiye |
gorèh mulat wong iku |
sun watara asugih ngèlmi |
pawartane ing Karang |
(ng)gonne wong linuhung |
sukur ki dalêm bisaa |
anglêgakkên marang manahingsung singgih |
dhèdhèkan pangawulan ||

11.
Ki Sèh Suksma-Sidik ngandika ris |
sukur pun anak sudi kampira |
mring dhepok kawula mangke |
nulya ingajak laju |
(n)jujug masjid lênggah surambi |
sang brangta eram mulat |
anon rakitipun |
pasang pasanging sêkaran |
lan rêsike palataran karang asri |
nêdhêng mangsa wohira ||

12.
Dènnya lênggah nèng wêwulang sami |
nanging rinangkêpan kasah anyar |
sang tapa nganthuki age |
marang ing sabatipun |
santri Juris uningèng wangsit |
kêlawan Ki Nur Surat |
mring têgal angundhuh |
timun kêrai sêmangka |
kimpul kênthang kêtela talês wi gêmbili |
santrine kang sakawan ||

13.
Amad Iman lawan Amad Kasim |
Ki Nuridin lawan Amad Badar |
kinèn misaya ulame |
Mat Asrun lan Nur Samut |
lan rabine kinèn ngrewangi |
nèng pawon mring ni rara |
kang mring têgil rawuh |
tuwin kang misaya ulam |
pan sadaya sami lajêng dènratêngi |
pan ingolah mawarna ||

14.
Wusnya matêng nulya dènwadhahi |
anèng piring tinata ing dhulang |
sêmangka timun kraine |
tinata panjang watu |
kimpul kênthang uwi gêmbili |
tinata panjang-ilang |
pêlêm pakèl jambu |
kuwèni lawan srikaya |
winadhahan nèng bokor kuningan sami |
sêkul wus winadhahan ||

Jilid 5 - Kaca : 74

15.
Anèng sumbul yata sang dyah nuli |
pan inguwuh marang ingkang rama |
kinèn anyaosakên jambe |
nulya sang rara gupuh |
malbèng wisma anulya salin |
asinjang mori pêthak |
kêmbên dara-muluk |
asêngkang urubing damar |
pupuripun alamat datan katawis |
dhasar kuning ni rara ||

16.
Susupene apan kalih sisih |
sêkar sêdhah lan sasra-ludira |
munggèng ênthik-ênthikane |
wusnya dandan sang ayu |
lajêng nata pawohanèki |
anèng talam kuningan |
cêplukipun pênyu |
lajêng malih tinimbalan |
mring kang rama nulya sang rara agipih |
mêdal nyangga pawohan ||

17.
Langkung merang mulat ing têtami |
sarimpungan dènnira lumampah |
lir wong mêndêm ing pucunge |
Yata Mongraga (n)dulu |
têka msêm sajroning galih |
nênggih sang rara nulya |
lênggah wurinipun |
ning rama sang tapa nyandhak |
kang pawohan sinaosakên ing ngarsi |
sarya ngling mring kang prapta ||

344 Pocung

1.
Lah ta (n)dawêg amucanga putraningsun |
nuwun kang ingatag |
sang tapa angling mring siwi |
rara apa uwus (ng)gonmu olah-olah ||

2.
Ingkang putra matur bibisik yèn sampun |
kang rama ngandika |
payo ladèkna tumuli |
ngarah apa ing saanane kewala ||

3.
Yata gupuh sang dyah malbèng wisma sampun |
sang tapa ngandika |
marang sèh Amongraga ris |
lah punika anak rayi jêngandika ||

4.
Mung sapele anak paparing Hyang Agung |
matur kang liningan |
pun êmbok wontên ing pundi |
sang pandhita gumuyu ing saurira ||

5.
Wus tinutur wau ing sadayanipun |
mèsêm Amongraga |
nahên ta sang rara nuli |
wusnya ngrakit dhahar gya binêkta mêdal ||

Jilid 5 - Kaca : 75

6.
Santri kalih kang ngrampa dhudhulangipun |
ingkang isi ulam |
sumbul binêkta wong siji |
kang nyamikan apan ta dadi sadhulang ||

7.
Nikèn rara kang (m)bêkta lantinganipun |
ing sapraptanira |
ing langgar lajêng sinaji |
sêkul sumbul pan wus tinumplêk ing panjang ||

8.
Ulamipun tinata tharik nèng ngayun |
pan awarna-warna |
yata wusira anuli |
sang pandhita ngancarakên (n)dawêg anak ||

9.
Wêwantinga sugatane rinirèku |
sawontêne uga |
sugatane tiyang ngardi |
kang liningan nuwun anyandhak lantingan ||

10.
Atuturuh sang pandhita gya tuturuh |
dyan lêkas adhahar |
adangu dènnira bukti |
sawusira lajêng linorotkên samya ||

11.
Lawan sabat lan rencanging tamu kêmbul |
gantya kang dhaharan |
sinaosakên ing ngarsi |
sang pandhita lan tamu dhahar nyamikan ||

12.
Duk samana nuju Mahrib wancinipun |
dyan sami totoya |
angambil toya kadasi |
sabat wolu ngambil toya wulu samya ||

13.
Jamal Jamil wus angambil toya wulu |
wusnya lajêng adan |
sajak Carêbon anggalik |
sami eram sagung ingkang amiyarsa ||

14.
Dhasar bêsus Ki Jamal yèn karya têmbung |
wusnya sami sunat |
Jamil ingkang angamati |
Amongraga pinêksa pan dadya iman ||

15.
Anuruti dadya iman sawusipun |
bakda gya pujiyan |
riwusnya anulya dhikir |
wusing dhikir lajêng dènnya maos donga ||

16.
Wusnya (n)donga lajêng sêsalaman sampun |
nulya tata lênggah |
sigra panganan sumaji |
yata kalihira adhahar nyamikan ||

17.
Sang pandhita aris pangandikanipun |
dhatêng Amongraga |
anak ala nganggur sami |
inggih saking dèrèng sumurup kawula ||

Jilid 5 - Kaca : 76

18.
Nêdha brêkah pun bapa sayêktinipun |
dhumatêng pun anak |
punapa samiya ugi |
rahsanipun ngèlmu ing ngriki lan Karang ||

19.
Amongraga mèsêm aris sauripun |
punapa sanèsa |
pan inggih namaning ngèlmi |
yèkti sami ing ngriku lawan ing ngrika ||

20.
Sanèsipun ing ngriki lêbêt kalangkung |
kathahên wangsulan |
sanès kalawan ing Kawis |
Gathak Gathuk botên kathahên karenah ||

21.
Sang pandhita aris wau wuwusipun |
anak yèn pun bapa |
inguni manira manggih |
kang wirayat saking titiyang mulana ||

22.
Nanging nora kinabarkên yêktinipun |
pan sabên micara |
ingumpêtan dèn-jarwani |
marma taksih rêbut manahe pun bapa ||

23.
Amongraga aris wau aturipun |
lah tuwan jarwakna |
kawula lajêng miyarsi |
sang pandhita aris dènnira wacana ||

24.
Inggih wiwitane kang jagad puniku |
mring Hyang Maha Mulya |
pundi kang kinarya dhingin |
Amongraga sumaur apan datolah ||

25.
Tinibakkên puwat babu Hawa nênggih |
duk lagine apan |
nèng sirahe Adam singgih |
arannipun pan aran betal mukadas ||

26.
Ingkang betal-mukadas ing têgêsipun |
têgêse pan sirah |
pangaksi nèng netra nênggih |
duk nèng kuping kanan wau kayat rannya ||

27.
Duk nèng kuping kiwa wilayat rannipun |
yèku nur sanyata |
duk nèng mata têngên singgih |
pan ingaran rasa jati nênggih ika ||

28.
Sotya kiwa sari-rasa wastanipun |
duk nèng gulu kiwa |
wau-wahit wartanèki |
duk nèng dhadha wahit wau wastanira ||

29.
Duk nèng ngati sirolah pan namanipun |
sang tapa angucap |
duk lagi nèng pusêr iki |
(ng)gih punika anak wastane punika ||

30.
Amongraga aris wau sauripun |
duk nèng pusêr ika |
jamilah wastane nênggih |
duk lunga mring sêgara rante ika ||

Jilid 5 - Kaca : 77

31.
Duk tumurun nutpah namane punika |
duk nèng kêmpung rannya |
abah wastanipun singgih |
anèng têngah kalam apan ingaranan ||

32.
Nokat duk nèng pucuking kalam puniku |
naptu gaib apan |
duk tiba mêwadhah singgih |
lir mas timbul tumiba ing babu Kawa ||

345 Maskumambang

1.
Ingaranan nênggih wadi lawan mani |
maningkêm wêwadhah |
wadi ênggonning raswèki |
madi (ng)gih ênggonne rasa ||

2.
Mani sêjatine rasane puniki |
kang maningkêm ika |
duk kêmpêl rasa sêjati |
kakung kalawan wanodya ||

3.
Manthuk-manthuk pandhita atakèn malih |
dadine punapa |
wadi madi lawan mani |
lan anggèr tuwan jarwakna ||

4.
Amongraga mèsêm saurira aris |
wadi dadi ika |
puputih ing mata kalih |
madi irêng-irêng mata ||

5.
Maningkêm pan dadi ugêr netra kalih |
lawan dadi ika |
duk kêmpêl tibaning kalih |
anèng wêwadhah punika ||

6.
Sajatine datulah jatining urip |
pandhita lingira |
apa rupane raswèki |
Amongraga saurira ||

7.
Kang rasa iku rupane anglir gêtih |
nging dudu ludira |
anênggih ingkang puniki |
lawan kaya daging ika ||

8.
Nanging dudu jatining daging anênggih |
apan johar awal |
pan têgêse johar iki |
puniku apan sosotya ||

9.
Pan puniku ingkang dinadèkkên dhingin |
roh ilapi ika |
sang tapa atakèn malih |
paran têgêse punika ||

Jilid 5 - Kaca : 78

10.
Ya ingkang roh ilapi ta kadi pundi |
anggèr padhangêna |
Amongraga mèsêm angling |
têgêse roh urip ika ||

11.
Kang ilapi têgêse trêsandhaning sih |
kinarya pratandha |
artine ingkang ilapi |
sajroning urip pan ana ||

12.
Wus kalingling dening Sukma kang linuwih |
nanging nora kenging |
yèn ngugêmana puniki |
nênggih kang sami ingucap ||

13.
Datan kenging tungkul wong angulah ngèlmi |
yèn anggung jubriya |
lir wong ngambil minèng kali |
ulam sakêdhung pan sirna ||

14.
Mêksa adrêng pangêmèke tan amikir |
pijêr suka-suka |
pakewuh tan dènkawruhi |
tan wruh yèn sinisil baya ||

15.
Pan puniku lambange wong ulah ngèlmi |
pan kudu prayitna |
lan malih ngêdohkên kibir |
sang tapa angrangkul agya ||

16.
Sarwi angling putraningsun wong asigid |
sun nyana tan limpat |
ing kawruh ingkang sêjati |
Amongraga saurira ||

17.
Drêmi-drêmi pun paman kewala niki |
sagêd amicara |
yêkti tan sagêd nglampahi |
yata wau nikèn rara ||

18.
Sadangune nèng wurine ramanèki |
mirsakên kang sabda |
(ng)gènnira abantah ngèlmi |
tyasira agarunêkan ||

19.
Osiking tyas nyata wong wasis wong iki |
kaya iki uga |
kang pantês ingsun ngèngèri |
yèn badhe sual manira ||

20.
Pan mangkana sang rara osiking galih |
yata sang pandhita |
alon awacana aris |
marang ing Sèh Amongraga ||

21.
Lah ta anak arinta punika inggih |
bok andika wulang |
darbe kawruh pan inguni |
kawula tari akrama ||

22.
Nora ayun yèn tan wontên kang njawabi |
ing pangawruhira |
Amongraga msêm angling |
kawula ayun miyarsa ||

23.
Ing kawruhe bilih kawula puniki |
sagêd anglêgakna |
ing manahipun manawi |
karya dana kasampurnan ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (22) Kaca 69 – 70
  • (24) Kaca 79 -81 >