Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (24) Kaca 79 -81

 

( Bab: roh-ilapi, budi lan napsu, jlèntrèhipun napsu amarah, aluamah, mutmainah )

Seh Amongraga sual-jawab kalihan Rara Mêgatsih bab: roh-ilapi, budi lan napsu, jlèntrèhipun napsu amarah, aluamah, mutmainah tuwin supiyah; budi awon sae; babaring rahsa jati.


Kaca 79-81

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 5 - Kaca : 79

346 Asmaradana

1.
Sang tapa suka kêpati |
angling marang putranira |
lah rara majuwa age |
matura dhewe kakanta |
lah iya ngarah apa |
apan wus manjing sadulur |
anggêpku mring kakangira ||

2.
Aywa donya nadyan ngakir |
manjinga dadi atmaja |
insa Allah anggêpingong |
yata sang rara gya lênggah |
ing keringe kang rama |
matur minta apura gung |
dhatêng Ki Sèh Amongraga ||

3.
Sampun paduka mastani |
mring kawula wong gumisa |
pan têtakèn sayêktine |
Amongraga msêm lingnya |
nadyan awak-manira |
tan rumangsa yèn linuhung |
lagi rarasan kewala ||

4.
Basa kang uwis kawijil |
pan inggih tungtun-tungtunan |
kiyai kalawan ingong |
balik ta payo ucapna |
iya pangawruhira |
pira barane wakingsun |
kalamun bisa ambatang ||

5.
Kang rama nambungi angling |
lah rara payo ucapna |
buntêlanmu salawase |
sunduga mangsa susaha |
yêktine kakangira |
rara Mêgatsih amuwus |
amba miyarsa wirayat ||

6.
Makatên mèlipun singgih |
pundi kang sung wruh ing tingal |
pan salah dalil tingale |
anglir muksa jiwa raga |
kakung miyat wanita |
Amongraga mèsêm muwus |
yèku manira miyarsa ||

7.
Kang badan roh iku singgih |
linairkên rasaneka |
amung kang roh ilapine |
kang tanpa jisim punika |
rohani rabani ka |
dene anane puniku |
marmane ana roh nyawa ||

8.
Ingaranan roh ilapi |
pan kinarya kênyatahan |
ni rara malih atakèn |
budi lan nêpsu punika |
amarah mutmainah |
budi luamah puniku |
inggih pintên warnanira ||

9.
Kang nêpsu amarah pundi |
inggih kalawan supiyah |
pundi kang ingaran mangke |
budi nêpsu maring ala |
Amongraga saurnya |
nêpsu amarah puniku |
ingkang karêm maring ala ||

10.
Kang tan surut ingkang galih |
sadhengah nêpsu punika |
puniku amarah rêke |
dene nêpsu mutmainah |
kang rêmên kabêcikan |
tuhu wêca karêpipun |
luamah kang maring laba ||

11.
Supiyah karêpirèki |
maring ingkang dudu iya |
amarah mumulang rêke |
mring sagung panggawe ala |
kang luamah sasmita |
abangsa setan puniku |
bêrkêthuthur lumprah lengkrah ||

Jilid 5 - Kaca : 80

12.
Rara Mêgatsih ling malih |
budi andhap luhur ika |
Amongraga lon saure |
kang luhur iku tan ana |
ingkang luwih utama |
dene kang luwih puniku |
budi sasmitaning Suksma ||

13.
Kang satêngah dènaranni |
budi tuduh maring ala |
ana kang ngucap mangkene |
dene kang mau prayoga |
ing mêngko têka ala |
kupur kang ngucap puniku |
(m)bodhokkên marang Hyang Suksma ||

14.
Tan wruh yèn Hyang Maha Sukci |
kang aparing bêcik ala |
budi iku satêmêne |
pratandha karsaning Suksma |
èstu tan amêmada |
lan ana malih winuwus |
puniku ayun waspada ||

15.
Tan kêna asalah dalih |
kang badan êroh punika |
nênggih sakawan kathahe |
nyawa jasmani punika |
ingkang ingakên tunggal |
roh rasa-jati puniku |
yèku roh ilapat ika ||

16.
Dudu nyatanipun singgih |
nanging tunggal ingkang karsa |
kang rabani iku rêke |
nyataning dat ilapi ka |
sipat lawan apêngal |
Mêgatsih malih amuwus |
pundi kang jati punika ||

17.
Amongraga anauri |
kang aran kados punika |
kêlawan sangkan paranne |
duk laire iku iya |
lali rusakan ing dyah |
laline rasa akumpul |
dening tinggal kang murcita ||

18.
Duk laline rasa iki |
kakung sumuking wadana |
kumêsar tan ana rêke |
marma yun gambuh ing tingkah |
Mêgatsih aturira |
pratelakna têgêsipun |
kang badan punika uga ||

347 Gambuh

1.
Amongraga amuwus |
yêkti tingal kang mandêlik iku |
cipta prapta ing manahira sayêkti |
limut suh sirna awimbuh |
jisim johar ingkang layon ||

2.
Rasa ingkang kadulu |
jasmani ingkang asung puniku |
têgêsipun duk acampuh rasa jati |
wanodya kalawan kakung |
jasat arannira rêko ||

3.
Jasmani duk lagyèku |
tampi rasa saking angganipun |
apan iya dadi sêsamanirèki |
dadya têmahe puniku |
wanodya kang angsung raos ||

Jilid 5 - Kaca : 81

4.
Rahsa maningkêm iku |
wanita kang rahmani puniku |
sayêktine jisim iku kang atampi |
Mêgatsih malih umatur |
inggih kawula atakon ||

5.
Kang roh ilapi iku |
inggih ta paran ing têgêsipun |
Amongraga alon dènnira nauri |
roh rabani ingkang tuhu |
kang lanang maningkêm yêktos ||

6.
Warna lir motyarèku |
roh rahmani nênggih priyanipun |
roh ilapi yèku uga nami jinis |
dudu badan sanyawèku |
kang jasmani yèku rêko ||

7.
Ngakên raga suksmèku |
jisim alus aranne puniku |
kang rohani tanpa rupa warna singgih |
lir sêkar pralambangipun |
kakung kombang angganing wong ||

8.
Duk mangrabasèng santun |
sari utama wadon puniku |
marma ayun awas yèn sira nèng dhiri |
duk lagi mêgar kang kudhup |
yèku lambange kemawon ||

9.
(n)Jaba prênahing madu |
poma dènawas ing prênahipun |
yèn wus awas mêsthi wruh asmaragami |
yèn kang utama yêkti wruh |
nanging arang singa kang wong ||

10.
Kang wruh bangsa puniku |
yèn kang datan matêng ciptanipun |
yata dhêlêng ni rara Mêgatsih nuli |
angartika jroning kalbu |
nyata pinunjul iki wong ||

11.
Nora larang wong iku |
sunrowangi adol tapih ingsun |
salawase ana-a ing kênê uwis |
iya palakrama ingsun |
mangkono osiking batos ||

12.
Amongraga amuwus |
pagene mèndêl apa wus surup |
yèn wus surup mênèk ana ingkang kari |
kang rama nambungi wuwus |
sundugi anggèr wus katog ||

13.
Rara matur agupuh |
marang kakangira apa uwus |
mung samono kang lawas sira (m)bêthithil |
kang putra alon turipun |
pan wus têlas aturingong ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (23) Kaca 71 – 78
  • (25) Kaca 82 >