Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (27) Kaca 87 – 106

 

( Sèh Amongraga kadhèrèkakên dhatêng Wanamarta )

Sasampunipun sipêng sadalu ing griyanipun Nuripin, Sèh Amongraga kadhèrèkakên dhatêng Wanamarta. Kawontênan samargi-margi tansah ngrêsêpakên: têtanêman, woh-wohan sakalangkung pêpak dumugi sawarnining ulam lss. Griya-griya sae mratandhani panggêsanganing tiyang sae, sarwi cêkap. Griya sae-sae, kadosta griyanipun pêngulu Basarodin, para rayinipun Ki Bayi Panurta wasta: Kulawirya, Wiradhustha, Panuksma tuwin Panamar. Samargi-margi swantênipun pêksi ingah-ingahan mawarni-warni. Ugi kapirêng gamêlan angrangin.

Sadaya wau mratandhani bilih Wanamarta gêmah ripah karta raharja, dipun-pandhegani ahli agami ingkang agêng prabawa lan panguwaosipun.

Gêsangipun para putra sami memba para luhur Jawi, inggih tatarakitipun dalêm, pangangge dumugi sêlir kalangênan.


Kaca 87 – 107


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 5 - Kaca : 89

350 Sinom

1.
Nuripin aris saurnya |
lah inggih (n)dawêg suwawi |
kula pitulung ngatêrna |
(n)jujuge mring Jayèngwèsthi |
sigra Kyai Nuripin |
amanggil ing rabinipun |
prapta Nuripin lingnya |
kariya sun badhe ngiring |
marang arinira marang Wanamarta ||

2.
Mung pak Kêbak lan pak Dama |
iku kang sun-gawa nanging |
sira dènbêcik nèng wisma |
manawa ingsun alami |
rabine matur inggih |
yata sigra mangkat gupuh |
ing marga tan winarna |
rawuhira pêcat rakit |
Wanamarta sang brangta eram tumingal ||

3.
Tumon srining padhêkahan |
agêng-agêng gêng kaèksi |
awilis kitri katingal |
dhadhah kinubêng pring ori |
ronning kang tiris-tiris |
têpung janur papahipun |
dhusun gêng sri kawuryan |
wisma kèh pipit amarik |
bêbanjêngan latare asisipatan ||

4.
Kathah swabawaning desa |
janma samya nambutkardi |
saliring pakaryan ana |
pandhe kêmasan lan gêndhing |
kundhi kalawan nyingi |
sayang anglêbur anggêbyur |
kang milantên amarna |
undhagi miwah mêranggi |
kang angukir-ukir myang karya landheyan ||

5.
Bêlandhong lan karya wisma |
karya jungkat suri sêrit |
miwah tukang cêkathakan |
tuwin tukang selakêrti |
(n)jait kalawan grêji |
myang kêmalo karya payung |
miwah karya oreyan |
sêsêr sundhit jala jaring |
karya sumbul tambir lampit lan kêlasa ||

6.
Karya topèng natah wayang |
karya golèk lan cêmpurit |
miwah sarungan sanjata |
karya kêbut lawan kanthil |
ingkang nglêlês karya godhi |
kang gawe êpok myang tandhu |
angêthèl karya kopyah |
panêgar dhalang mêpêki |
wong kang sugih lumrah aduwe gamêlan ||

7.
Miwah ingkang karya larap |
tuwin pakaryaning èstri |
jor-jinoran nyambutkarya |
pangobèng nênun lan (m)bathik |
myang tandho barang mokil |
pan limrah tiyang sadhusun |
Wanamarta sadaya |
akathah kang sugih-sugih |
sangking bêrkah (n)Jêng Kyai Bayi Panurta ||

8.
Tan ana budi maksiyat |
sakèhing wong jalu èstri |
têtêp samya ngibadah |
agrami sambi agami |
kèh pinangkaning jalmi |
kang têbih-têbih mariku |
ngaji lajêng awisma |
jênak tan anêdya mulih |
sabab dening gampil ngupaya pajiwa ||

Jilid 5 - Kaca : 90

9.
Tan ana ingkang kewuhan |
êndi kang dènkarêmêni |
ngajiya anggaota-a |
sarwa akèh sarta gampil |
murah sandhang lan bukti |
singa kang dènêdol payu |
wawrate ing ngadesa |
gêmahe kadi nagari |
nora nana kang kêstori dora-cara ||

10.
Milane samya kêrasan |
traping wong wisma miranti |
kumpulan akurandhahan |
sagatra-gatranirèki |
wus kasub ing ngatêbih |
dadya pangungsèning dhusun |
miwah tangkar-tumangkar |
kang gagriya winatawis |
cacah wisma sêmu rêbat langkungira ||

11.
Sang mong-kingkin duk tumama |
manjing ing dhusun tulyasri |
mulat rakiting awisma |
tata narutus taritis |
pasitèn gisik pasir |
pagêr jaro nurut lurung |
kêncêng sinipat rampak |
gapit jêjêd ginalamit |
gumarining sang monêng mulat karênan ||

12.
Tan mantra-mantra ngadesa |
solahing wong pan wus kadi |
nagari rênggêping karya |
sabên wisma turut margi |
sami andhêdhasari |
warung panggêng turut lurung |
bango samya tangkêban |
ngiras èmpèring wismèki |
siyang dalu tan ana kukuding dhasar ||

13.
Dadya pêpaèsing marga |
kang dèndol mawarni-warni |
kalithik wêsi kuningan |
tuwin salaka lan rukmi |
miwah sotya myang kêling |
pêpak papanthan anglajur |
grabat samya garabat |
kêlithik samya kêlithik |
ingkang kadi samya kêling kêkêlingan ||

14.
Sêlajur samya nyamikan |
sêkul ulam amêpêki |
myang panganan lah-olahan |
woh-wohan awarni-warni |
tuwin yèn nuju Paing |
kidul ngarsa pagêr dhusun |
bangone bêbanjêngan |
kajêng agêng angaubi |
kajêng kêpuh bibis boga lan karoya ||

15.
Saengga lun-alunnira |
yèn nuju pasaranèki |
pan kongsi sadina pisan |
Asar andhap bubarnèki |
dhasar nèng pinggir kali |
kaline kêbak parau |
gèthèk pring tumpang sanga |
gèthèk balok badhe milir |
tuwin kathah bakul pêpikul dharatan ||

Jilid 5 - Kaca : 91

16.
Miwah momot kêkapalan |
sapi-sapèn amêdhèti |
kalang èdhèg ngiras wisma |
sapalih kang dènmomoti |
sasisih dadya panti |
gumrit swarane asêlur |
cikar kèsèr êluran |
momotan awarni-warni |
bêlantikan wade kapal lan maesa ||

17.
Kang tumamèng padedesan |
sang monêng lawan Nuripin |
lon-lonan sarya ngandika |
abênêr tuturirèki |
dene sangêt munjuli |
sêsamaning dhusun-dhusun |
tan wontên makatêna |
gêmahe kadi nagari |
Ki Nuripin amatur inggih punika ||

18.
Kaharjaning Wanamarta |
bêrkahipun (n)Jêng Kiyai |
Bayi Panurta utama |
muktine kadi bupati |
sang mong-kung nauri inggih |
kyai gêng mangunahipun |
mangkana urut marga |
kathah ingkang kapiyarsi |
kang gamêlan ngarangin wênèh trêbangan ||

19.
Pasang rekaning pagriyan |
anggênggêng marik apipit |
gêng-agêng kampung limasan |
joglo singub tawon boni |
rumat kadya priyayi |
pandhapa gandhok lan lumbung |
pawon kandhang gêdhongan |
tajug sarta lawang-kori |
myang pakiwan pagupon lan pambathikan ||

20.
Kang para sugih mangkana |
rakiting wisma miranti |
kang duwe awirya-wirya |
angkuhe wus kaya mantri |
samya olah kamuktin |
lan têtêp ibadahipun |
latar rêsik sinaba |
ing ayam putih kêbiri |
miwah dara Presi myang banyak kambangan ||

21.
Sadhewe-dhewe rekanya |
ungkul-ingungkulan sami |
lawang-kori ingapikan |
samya pinipil arêmit |
myang pinulas mawarni |
supaya amrih dinulu |
kang liwat papasaran |
solahe samya birai |
pinarantèn lawan dadya pêngampiran ||

22.
Sang mong-wingit kawilêtan |
laju malih aningali |
masjide agêng nèng têngah |
gumuruh santri angaji |
dhasar amangku kali |
kaline agêng binêndung |
ingêjogên balumbang |
balumbang agêng ing masjid |
toyanira awêning pan kadya kaca ||

Jilid 5 - Kaca : 92

23.
Ingingonan ulam kathah |
sagung kang ulam bênawi |
pan kinarya kalangênan |
ulam pinatut ing gêndhing |
ulam panyuwuk adil |
lawan ulam jalma kampuh |
ulam sêmune duka |
ulam rare anggalidhig |
lawan ulam kang marga karya simpangan ||

24.
Kang ulam balung kalapa |
ulam ginunggung ing laki |
lan ulam pada-kacarma |
ulam tambanging undhagi |
ulam tansah angradin |
myang ulam manggung tan emut |
ulam jalma mêlarat |
ulam pamiwaling laki |
lawan ulam jalma bêsus bêbedhangan ||

25.
Lan ulam jayèng kalpika |
ulam panggugahing jalmi |
ulam panjaluking potang |
lan ulam saptaning kaki |
ulam groboh ing kardi |
ulam pamêksane laku |
ulam nêmu kelangan |
ulam pandaming wong kêmit |
lawan ulam jalma wire abusana ||

26.
Kang ulam guthul gambira |
lawan ulam wohing dami |
kang ulam luar binanda |
tuwin ulam tansah asih |
lan ulam bênang rukmi |
miwah kang ulam prang mungsuh |
ulam kayu pinasah |
ulam pangêsuking jurit |
lawan ulam sêmune jati angarang ||

27.
Tuwin ulam netra jingga |
lan ulam rangkêp kulambi |
ulam timbrahing wêdêlan |
lan ulam rusaking baris |
lan ulam wiji sami |
lan ulam pangulu-ulu |
ulam jalma carita |
ulam cirining atitik |
tuwin ulam kasusu ngombe kasatan ||

28.
Lawan ulam manggung suta |
myang ulam wêtêng malênthi |
kang ulam mawatês warah |
ulam pawèh kên naggapi |
ulam ambobolehi |
lan ulam jêjaring wuwus |
kang ulam jamang jaja |
ulam paraboting mantri |
lawan ulam tumbang pangêndhak dipangga ||

29.
Myang ulam agung katingal |
tuwin ulam rêmbug dadi |
lan ulam bêsus ingundha |
myang ulam sêsawat kancil |
lan ulam dangdang cêmpli |
lawan ulam tèrèk badhut |
ulam sasami dhadhah |
lawan ulam sudhung pêksi |
tuwin ulam padhang kang wus pinadhangan ||

Jilid 5 - Kaca : 93

30.
Lawan ulam mathis ganja |
lan ulam sêngkrok kêlathik |
lawan ulam agung ganda |
myang ulam tansah ajurit |
miwah ulam tumbak pring |
lawan ulam janma busuk |
myang ulam kêpanasan |
lawan ulam piring siti |
tuwin ulam bêdhandho manah kèwuhan ||

31.
Lawan ulam wêdhus jamprah |
ulam patut anggêntèni |
lan ulam pacul katuwan |
tuwin ulam dhandhang langking |
kang ulam jatmikani |
lawan ulam ngabên dhuwung |
myang ulam janma wayang |
lan ulam rada abaring |
miwah ulam rare kudu mèlu lunga ||

32.
Kang ulam kayu ginangsa |
ulam panggrêsahing ngati |
lan ulam ngêpuh parudan |
myang ulam pangegol siti |
tuwin ulam ngêmpuki |
lawan ulam matêng sêpuh |
ulam èstri katawan |
lan ulam tan kêna lali |
lawan ulam jalma godhèg brengos capang ||

33.
Ingkang ulam anggung sirna |
lan ulam kincanging alis |
lan ulam sêlamêt sawah |
ulam palanging wong bathik |
ulam kêlalar mênir |
ulam pangundanging kuthuk |
ulam judhêg ing lampah |
ulam kêtanggungan linggih |
lawan ulam ngintir-intir naur utang ||

34.
Tuwin ulam kadang tuwa |
lan ulam tarêbang muni |
lan ulam kênya busana |
ulam netya pucêt isin |
ulam sapuluh dhuwit |
ulam pamiwiring kapuk |
ulam tansah mimiling |
ulam rimbaganing picis |
lawan ulam janma kèh tansah arungan ||

35.
Jawabe ingkang wangsalan |
ulam kang tumrap ing gêndhing |
kang kinarya kêlangênan |
badhene sawiji-wiji |
tambra panyuwuk adil |
badhèr ingkang jalma kampuh |
mangut sêmune duka |
gramèh rare anggalidhig |
ulam sidhat marga kinarya simpangan ||

Jilid 5 - Kaca : 94

36.
Bêthok kang balung kêlapa |
mèlêm ginunggung ing laki |
talumpah padha-kacarma |
sipat tambanging undhagi |
papar tansah ngarading |
kêlalèn manggung tan emut |
jambal jalma malarat |
pacal pamiwaling laki |
ulam lele jalma bagus bêbedhangan ||

37.
Jayèng cincin wira soca |
têngiri panggugah jalmi |
tagèh pênjaluking potang |
lêmpuk kang saptaning kaki |
wagal groboh ing kardi |
(m)bêrot pamêkasing laku |
sili nêmu kelangan |
kêting pandaming wong kêmit |
ulam badhèr jalma wire abusana ||

38.
Ucêng kang guthul gambira |
wadêr-pari wohing dami |
kacol luwaran binanda |
wêlut ingkang tansah asih |
marêmas bênang rukmi |
jaga ripu pêrang mungsuh |
pêlus kayu pinasah |
surung pangêsuking jurit |
sênggaringan sêmune jati angarang ||

39.
Ulam bèlès netra jingga |
lopis rangkêping kulambi |
balutak timbrah wêdêlan |
kadhalan rusaking baris |
cakul kang wiji sêmi |
dêlêg kang pangulu-ulu |
kotès jalma carita |
tawès cirining atitik |
ulam kakap kêsusu ngombe kasatan ||

40.
Bêlanak agung susuta |
bèkèl kang wêtêng malênthi |
rêng arêng pamêthes warah |
palung pawèh kèn-nanggapi |
urang ambobolèhi |
kadha jêjêring pamuwus |
kêlalung jamang jaja |
rêbon paraboting mantri |
titikusan tumbak pangêndhak dipangga ||

41.
Totog kang manggung katingal |
gilingan kang rêmbug dadi |
gambrêt kang bêsus ingundha |
bêncolèng sêsawat kancil |
jijindhil dandang cêmpli |
larong ingkang tèrèk badhut |
jaligêr sawi dhadhah |
susuh ingkang kudhung pêksi |
damar-wulan kang wus padhang-pinadhangan ||

Jilid 5 - Kaca : 95

42.
Sabit lintar mathis ganja |
sogok prana sêngkrok klêntit |
lumbêt ingkang agung ganda |
mamprang kang tansah ajurit |
garanggang tumbak êpring |
ulam lundhu jalma busuk |
êpe kang kapanasan |
lopèr ingkang piring siti |
ulam grago bêdhondha manah kewuhan ||

43.
Barok ingkang wêdhus jamprah |
sanggrêng pantês anggêntèni |
bo-gêrang pacul katuwan |
gagakan kang dhandhang langking |
ganthêng kang jatmikani |
kacangan angabên dhuwung |
dhalang janma amayang |
galêndhêng rada abaring |
pan kaluyu rare kudu milu lunga ||

44.
Arêng kang kayu ginangsa |
sêbut panggrêsahing santri |
mêrêsi ngêpuh parudan |
ungkil pangêgoling siti |
bêkêm ingkang ngêpoki |
jêmblung kang amêtêng sêpuh |
boyongan èstri tawan |
uling kang tan kêna lali |
pan jabrisan jalma godhèg brêngos capang ||

45.
Sumbilang kang anggur sirna |
udhèt kang kincang ing alis |
bulus salamêting sawah |
dhawangan palang wong (m)bathik |
kêtul kêlalar mênir |
kura pangundanging kutuk |
kodhok judhêging lampah |
bangkong kêtanggungan linggih |
pan parêcil ngintir-intir naur utang ||

46.
Kongkang ingkang kadang tuwa |
cebong kang tarêbang muni |
yuyu kênya abusana |
bayas nitya pucêt isin |
kawongan dasa dhuwit |
bibis pamiwiring kapuk |
kijing batur maejan |
wadêr pêthak rêmbag picis |
ulam sriwêt jalma kèh tansah arungan ||

47.
Tumon srining sasêkaran |
samya pinatut ing gêndhing |
kang sêkar jabung payudan |
an(?) sêkar mandhêg manolèh |
sêkar panggugah mantri |
miwah sêkar jayèng mungsuh |
lan sêkar kabêndana |
lan sêkar paninda radin |
miwah malih nênggih sêkar awiraga ||

Jilid 5 - Kaca : 96

48.
Lawan sêkar agung liwat |
miwah sêkar soring alis |
kalawan sêkar kapita |
tuwin sêkar pondhoh cêngkir |
sêkar panambang pêksi |
lawan sêkar waja jamus |
miwah sêkar angkatan |
lawan sêkar jalma mantri |
anêlasar parawan mati sapata ||

49.
Lawan sêkar kasêntanan |
myang sêkar bonang kapêncil |
lawan sêkar palinyokan |
miwah sêkar netra arip |
sêkar panambang janmi |
lawan sêkar janma sungsun |
lan sêkar cacat awak |
tuwin sêkar ganda wilis |
lawan sêkar ing prênah kêdah kapisah ||

50.
Miwah sêkar mangan ujar |
lawan ujar soring wêntis |
tuwin kang sêkar kasumpah |
kalawan sêkar sridênti |
sêkar boboting kawi |
lawan sêkar jalma sêpuh |
sêkar kang tan ngucap |
sêkar tan patut ing gêndhing |
lawan sêkar ingkang kapisah ing toya ||

51.
Miwah sêkar jajamahan |
lawan sêkar aprang tandhing |
miwah sêkar mangku praja |
sêkar rêncana rinujit |
sêkar kang asung warti |
sarpa sênên agung mungsuh |
nututi mandi angkah |
lan sêkar bapakne kaki |
sungsung guyu sah priya anitih swara ||

52.
Dene jawabe kang sêkar |
sêkar kang munggèng ing krami |
jêlamprang jabung payudan |
giyanti mandhêg anolih |
wungu panggugah mantri |
sêkar bopong kang pinanggul |
kêlak kang kabêndana |
kapuranta nida radin |
sêkar pudhak nênggih kang sêkar wiraga ||

53.
Wora-wari anggung liwat |
prabu sètmata sor ngalis |
kumuning sêkar kapita |
sêkar sêmpol pondhoh cêngkir |
mênur panambang pêksi |
mêlathi kang maja jamus |
tanjung sêkar angkatan |
wong araga janma mantri |
rara kêndhat parawan mati abela ||

Jilid 5 - Kaca : 97

54.
Sêkar dangan kasêntanan |
lênga têlêng aningali |
gambir ingkang ati bigar |
kênanga bonang kapêncil |
katambang wong anali |
wong arumpuk jalma sungsun |
pacar wong pipisahan |
widasari ganda wangi |
raga-ina kang sêkar cacading awak ||

55.
Orok-orok mangan ujar |
sêkar sêmpol soring wêntis |
kang kasumpah sêkar sungsang |
sridênti sêkar srigadhing |
bobot sêkar wrat-siki |
mandha-kaki janma sêpuh |
mangunêng tanpa ngucap |
saruni tan patut gêndhing |
pacar banyu sêkar kapisah ing toya ||

56.
Purba-nagri mangku praja |
turi ingkang netra arip |
sundêl-malêm jêjamahan |
dalingsêm susung-guywèki |
kêlayu anututi |
sêkar soka agung wuyung |
linyok kang puspa-nyidra |
dalima wantah prang tandhing |
kang adhakan nênggih kang sêkar cêpaka ||

57.
Rêmbuyut kakining bapa |
têlutur kang asung wêrti |
argulo kang pandi angkah |
sarpa sênên nagasari |
karandhang sah ing laki |
jaga satru anggung mungsuh |
kancana rinumpaka |
sêkar mas ingkang kinikir |
nitik swara nênggih ang sêkar balurak ||

58.
Miwah kang kitri mawarna |
samya pinatut ing gêndhing |
uwoh pangêbanging basa |
miwah woh aso ing margi |
woh padu ambêkicik |
lah wong kang tinantang purun |
uwoh sobrahing sirah |
lawan uwoh tumpang titih |
tuwin wohing jalma cidra ing sêmaya ||

59.
Miwah uwoh kaca netra |
miwah woh luntur ing siti |
tuwin woh turangga buntal |
lawan woh wangsul ing margi |
lan woh saranging mangsa |
woh kêna tansah kêbrawuk |
miwah woh tanpa basa |
lawan woh trapsila ajrih |
lawan uwoh ciri pratandha nawala ||

Jilid 5 - Kaca : 98

60.
Lawan uwoh asung pêkakah |
miwah woh dêdalan bayi |
tuwin woh nora atata |
tuwin woh pamuluk bukti |
myang woh rasaning gêni |
lan woh pêparoning puluk |
miwah woh têgal bangka |
kang woh amunggèng raragi |
lawan woh jalma busana rikatan ||

61.
Miwah uwoh ngancam-ancam |
lawan woh rare nututi |
tuwin woh padha gininda |
lan woh wismane priyayi |
miwah woh anggung tilik |
lawan woh pangantèn wus atut |
kêlawan siti andhap |
lawan woh kêsusu aglis |
lawan kang woh tomboking jalma totohan ||

62.
Jawabe ingkang wangsalan |
uwoh ginurit ing gêndhing |
gêdhang pangêbanging basa |
durèn kang aso ing margi |
pakèl kang ambakicik |
kuwèni tinantang purun |
rambutan sobrah sirah |
kêpundhung kang tumpang tindhih |
pan kêleca jalma cidra ing ngubaya ||

63.
Sêmak ingkang kaca-netra |
manggis kang luntur ing siti |
nangka kang turangga buntal |
balimbing wangsul ing margi |
jirak saranging mangsi |
sawo kang tansah kêbrawuk |
kokosan tanpa basa |
dhuku kang trapsila ajrih |
pan kêcapi ciri pratandha nawala ||

64.
Srikaya kang asung pêkah |
jêruk dadalaning bayi |
warêsah kang nora tata |
kêpêl kang pamuluking bukti |
nanas rasaning gêni |
dalima paroning puluh |
malowa têgal bangka |
jambu kang munggèng rêragi |
dhuwêt ingkang jalma busana rikatan ||

65.
Gayam kang ingancam-ancam |
kêlayu rare nututi |
pijêtan padha gininda |
pêlêm wismane priyayi |
malinjo anggung tilik |
carême pangantèn atut |
galêmbak siti andhap |
salak kang kasusu aglis |
mundhu ingkang tomboking jalma totohan ||

66.
Kêluwih punjul wilangan |
sukun kang wis kaki-kaki |
sêntul kang walêsan pikat |
êlo ingkang pindha warni |
maja jalma pêpênging |
bulu ingkang sandhang manuk |
kawista akèn luwar |
gowok êrong munggèng kitri |
apan wuni panatape ing gamêlan ||

Jilid 5 - Kaca : 99

67.
Pala kapêndhêm kasimpar |
samya pinatut ing gêndhing |
pala kang rare ugungan |
lawan tandha warêg bukti |
pala minggah ing ngardi |
pala manawa andulu |
myang kang kêpala ngarsa |
kang pala toyaning tangis |
lawan pala agung dadya mumungsuhan ||

68.
Pala têlasing pêmangan |
lawan pamudharing weni |
kêpala bojoning bapa |
tuwin pala talang kêndhi |
kanimpang aningali |
miwah kang wiwinih padu |
lawan pangêpe raga |
kang pala kumudu amrik |
miwah wohing pala nora babarêngan ||

69.
Lawan pala kêlumpukan |
pala kang cêtha ing uni |
kang kasuwèn ing memeyan |
pala basa krama adi |
myang kêsamên wilis |
pala gêring pipi lêmu |
miwah pêngudhal bênang |
pala basa lagi-lagi |
lawan pala parang jaja ing wanudya ||

70.
Jawabing pala kasimpar |
myang kapêndhêm kang ginêndhing |
jagung kang rare ugungan |
têbu tandha warêg bukti |
sêmangka minggah ngardi |
timun mênawa andulu |
krai kêpala ngarsa |
waluh kang toyaning tangis |
wohing bêstru anggung dadya mumungsuhan ||

71.
Otèk têlasing pêmangan |
pare pamudharing weni |
lombok kang bojoning bapa |
terong ingkang talang kêndhi |
cipir nimpang ningali |
kara kang wiwinih padu |
gudhe pangêpe raga |
kumangi kumudu amrik |
ranti ingkang praptane nora barêngan ||

72.
Kimpul ingkang kêlumpukan |
kêtela cêtha ing uni |
kênthang kasuwèn memeyan |
uwi basa krama adi |
gadhung kêkêmbên wilis |
gêmbili gring pipi lêmu |
walur pangudhal bênang |
suwêg basa lagi-lagi |
pan bêsusu parang jaja ing wanodya ||

Jilid 5 - Kaca : 100

73.
Kacang pangugêr turangga |
kêdhêle sindhêting tali |
wijèn maju mring priyangga |
kangkung kang prêkutut muni |
bayêm wus mari brangti |
pête kang marga binuntu |
jengkol sinjang kêpelag |
kêmlandhingan kêmbar jurit |
kang kaluwak trênggalung kang tanpa boga ||

74.
Kêmiri pangèmbèt karya |
sumanggi sumêlang ngati |
pucung sêlaning marga |
pacè poyok ngisin-isin |
pakis nora ngrêmbugi |
gundha patrapaning luput |
lumbu sutra rang-rangan |
sambèng pangundang putrèstri |
apan laos wiji èsèl wuwutuhan ||

75.
Sang mong-kung praptèng Kauman |
saya kèh rêrekan apik |
kèndêl sakêdhap nèng lawang |
korine Ki Basarodin |
ingukir pinulas sri |
sinungan bale ing ngayun |
kadasan kering kanan |
jrambah pinalêstèr rêsik |
pinarantèn parèrènan (ng)gon asalat ||

76.
Bagupon inggil atawang |
darane sadaya putih |
anjêmprah lagya pinakan |
sang sèh tanya mring Nuripin |
lah ta apa puniki |
Ki Panurta dalêmipun |
Nuripin aturira |
dede punika kang kori |
Basarodin pan pangulu wismanira ||

77.
Mangke pan wetan punika |
sampun cêlak saking ngriki |
nulya laju lampahira |
arêrasan turut margi |
Nuripin mratelani |
sadaya pitakènipun |
wismane pra sêntana |
kadang kulawangsa sami |
myang sudagar kang sugih-sugih sadaya ||

78.
Dene wismane pra kadang |
samya madu rêsa pinggir |
kinarya pangawat-awat |
wêwaton prakosèng tamping |
Suharja wismanèki |
padon lèr kilèn jro dhusun |
Wiradhustha lèr-wetan |
Ki Panuksma pan wismèki |
kidul-kilèn Ki Panamar kidul-wetan ||

79.
Wuragil Ki Kulawirya |
wismane cêlak ing kori |
korine (n)jêng kyai ngarsa |
nuntên salêbêting kori |
wismane putra kalih |
Jayèngwèsthi kilènipun |
kang wetan Jayèngraga |
dadya jêng-ajêngan kori |
kilèn wètan lawange kori kinêmbar ||

80.
Nulya laju lampahira |
tumingal langêning margi |
sajake padesan harja |
warnane dening mêthuki |
momotan jaran sapi |
kang gêgendhong amimikul |
ayom margi tan panas |
dening kitri pinggir margi |
sêntul jêring pring wulung êso lan salam ||

Jilid 5 - Kaca : 101

81.
Kadhang kapapag jodhangan |
sinamiran srêbèt putih |
asêlur rakit sasrahan |
gumarudug jalu èstri |
anyandhang sarwa adi |
kang anèm birai bêsus |
lakune kalèncèran |
ungkure kapêthuk malih |
ing pangantèn wus wayu wayah sêpasar ||

82.
Nuripin akuthawêlan |
andêrmimil turut margi |
jodhangan ingkang kêpapag |
sasrahane Ki Mukidin |
besane lan Nurngali |
inggih sami sugihipun |
dene pangantèn luwas |
wetanipun Ki Mukidin |
wisma ingkang kaliwat wau punika ||

83.
wontên wong ngriki satunggal |
sugihipun anglangkungi |
namanipun Pak Rajiyah |
yèn jêkat êmas sakati |
prandene lir wong miskin |
panganggene kluwuk-kluwuk |
sabuk walulang mêntah |
udhêng luwas ting saluwir |
padinane pamerane (ng)gih mangkana ||

84.
Yata mulat rare dolan |
bengkat bikir cirak ubis |
kang bênthik samya gendhongan |
gumêdêr wênèh anangis |
myat tanggapan salirning |
ambêbarang gambang calung |
topèng lènggèr myang karucil |
têrbang mena miwah (m)barang ura-ura ||

85.
Nuripin lawan sang brangta |
prapta nataring masigid |
arêsik rata ajêmbar |
kitri wuni lan waringin |
pakèl kawak kawan wit |
asêm tanjung langkung seyub |
joge margi prapatan |
sayah kèh wong myang rarya lit |
gidrah ramya wênèh janma pêpanahan ||

86.
Ingkang têgar kikitêran |
nglarug bêlo ambakali |
tinêgar ngiras dagangan |
kang wus mêdêm ngangkat nyirig |
myang kang lagya angradin |
(n)jojog congklange linajur |
amrih rikat adheyan |
akèh warnaning turanggi |
ingkang kore thokol kêdhu lan kaduwang ||

87.
Ki wuragil Kulawirya |
angêthingkrang anèng kursi |
sarwi pinikul wong papat |
ingiring santri rarya lit |
panakawane ngampil |
rokok lopak-lopakipun |
panah endhong gandhewa |
talêmpak lan payung alit |
nèng luhuring kursi sarwi ngundha-undha ||

Jilid 5 - Kaca : 102

88.
Êmprit muluk akalangan |
ambêblês katon sabibis |
pêngundhan pinonthang ing mas |
sêlaka sinilih-asih |
anulya dènulungi |
pangundhan êmprite mudhun |
(ng)gêmbrêt mencok pangundhan |
kang têgar mudhun samya jrih |
Kulawirya angling têtêgar tutugna ||

89.
Nulya êmprite ginusah |
muluk nuntung ing waringin |
binarungan rare kathah |
kang ngundha prit samya êmprit |
glathik sami gulathik |
pan sinambi andudulu |
janma kang jêmparingan |
Kulawirya langkung mukti |
sasolahe kadya putra ing nagara ||

90.
Nyampinge sarung pelungan |
sabuke pêlangi abrit |
rasukan kuthungan pêthak |
dhêsthar kumbaya kusta brit |
cathokan amêlipit |
pèncèngan sêmadha gêndhung |
gêndhung labêt ugungan |
ingugung mring (n)jêng kiyai |
sasolahe kêrsane nora kêpalang ||

91.
Sang onêng aris ngandika |
sintên puniku Nuripin |
nunggang kursi ngundha-undha |
êmprit kadya rare alit |
Nuripin matur bisik |
puniku wuragilipun |
(n)jêng kiyai pan punika |
ladak tan wontên dèn-jrihi |
yèn uninga mring kula lajêng sêmbranan ||

92.
Jenggot kula gung sinêbrak |
gur-anggure jèwèr kuping |
pan anyakitakên awak |
mawi enggal nimpang ngriki |
korine Ki Sêmbali |
jumênêng lajêng narutus |
lawang kori piyambak |
piyambak awarni-warni |
kir-ukiran pulasan areka-reka ||

93.
Mung undha-usuk kewala |
sajake kori pan sami |
mawi bale parèrènan |
sabên-sabên lawang kori |
padasan anganan kering |
bêgupon inggil lir panggung |
pêksine rupa-rupa |
wontên rêmên dara gambir |
wênèh topong têlampik cêlêp lan megan ||

Jilid 5 - Kaca : 103

94.
Swarane pêksi ingonan |
dêrkuku putêr ngalap sih |
bèthèt nori jakatuwa |
gêmak jago lan gulathik |
jalak menco sulindhit |
prêkutut panggung munya kung |
cumlêngkung nèng gantangan |
sêmuning desa saari |
sang mong-wuyung sumêdhot kadhaut ing tyas ||

95.
Kêrasèng sêsanarira |
duk maksih muktya nèng nagri |
tumingal harjaning desa |
tan pae lawan nêgari |
randhat lampahe sarwi |
awaspa sinamur-namur |
myarsa gamêlan raras |
salendro myang cara Bali |
ingkang pelog panabuhe lilirihan ||

96.
Kang mungêl amung titiga |
gambang rêbab lawan suling |
nora dhompo wilêtira |
sarancak tangkêpe sami |
unine gong ngagêngi |
andule Bima gumuyu |
ngalêp-alêp ngumandhang |
saron imbal ukur jawil |
bême kêndhang sumêntèk irama lamba ||

97.
Sang Monêng alon ngandika |
marang sira Ki Nuripin |
dene puniki kang desa |
pamutihan gama sukci |
kêni gamêlan muni |
lah punapa sababipun |
Nuripin aturira |
wontên dene ingkang mawi |
inggih saking (n)Jêng Kyai Bayi Panurta ||

98.
Saking agêng maklumira |
kamuktèn tan dènlarangi |
tuwin kasaping pangaji |
sakêdahipun dumugi |
ing sadhusun puniki |
sangkêp panggaotanipun |
mapan wontên sadaya |
dalah dhalang topèng ringgit |
tlèdhèk badhut niyaga sami gigriya ||

99.
Mila sangsaya agêmah |
wus kacêluk ing atêbih |
têbih kathah sami prapta |
dhumpil mupangat (n)Jêng Kyai |
Bayi Panurta nênggih |
sabar mèt among amêngku |
mitulung ing apapa |
pêparing mring pêkir miskin |
sadesa pan sami kinulawisudha ||

100.
Tan ana sinungan rêngat |
pêradhah ing bojakrami |
rahab abêtah mumulang |
mring awon pênêd gêng-alit |
kang ngalap wulang sami |
sinami talatènipun |
tan ana kang bineda |
mila wong sadesa sami |
ajrih asih anggêpe ambapa biyang ||

Jilid 5 - Kaca : 104

101.
Marma wong wisma sangsaya |
kathah wit dhangan mèt melik |
apan sarwa sarwi ana |
lan malih cêlak pasisir |
gampang pambuangnèki |
lamun wong adil tinuku |
mila tiyang sadesa |
tan ana kang kirang bukti |
sawawrate pan sami cêkap sadaya ||

102.
Dene Ki Bayi Panurta |
pan wus saengga bupati |
kalangkung mukti-wibawa |
keringan ing kanan kering |
tuwin sagung bupati |
anggêpe ambapa tuhu |
dhasar wus masuk sama |
angalap ing lair batin |
ing kawruhe (n)Jêng Kyai Bayi Panurta ||

103.
botên songar samudana |
watêke (n)Jêng Kyai Bayi |
sabên myat tiyang mêlarat |
kacupêtan ing rêjêki |
(n)jêng kyai (m)brêbês-mili |
awêlas nulya tinulung |
paring sandhang balanja |
anggêr tumingal wong miskin |
majadipun punika kyai anggombal ||

104.
Prandene wêwah awêwah |
kirang pirsa ingkang mawi |
sang Among-kung lon lingira |
layak puniku kang mawi |
wêlasan ingkang sami |
mring wong nistha kinarya yu |
Jamal Jamil anjawab |
mring Nuripin anakèni |
(ng)gih punapa botên wontên wong durjana ||

105.
Dene ronggèng anjêlanah |
wong adol tike waradin |
pakumpulaning wong ala |
Nuripin nauri aris |
wikana kang amawi |
tan wontên jalma lampah dur |
kathah tiyang dursila |
yèn sampun wisma ing ngriki |
pan rahayu ilang dursilaning driya ||

106.
Pan makatên kang timbalan |
nênggih (n)Jêng Kiyai Bayi |
sun-dongakkên maring Allah |
sakehe nak putu mami |
(ng)gih muga sinung eling |
cukule budi rahayu |
aywa na dora-cara |
dursila kang laku juti |
malah mandar padha rahaba sêmbahyang ||

107.
Limang wêktu kang kawasa |
pirabara yèn nêtêpi |
mung salamête kewala |
atine kang maring bêcik |
sagawe-gawene kaki |
anggêre budi rahayu |
iku jênêng ibadah |
iya panggawe kang bêcik |
nanging kabèh karêpe kudu sêmbahyang ||

108.
Sabotênane sêmbahyang |
Jumuah salat ing masjid |
makatên tiyang sadesa |
nadyan talèdhèg (ng)gih sami |
datan maksiyat budi |
Jamal Jamil manthuk-manthuk |
yèn mêkotên utama |
mangunahe kangjêng kyai |
Ki Nuripin ngling (ng)gih inggihane uga ||

Jilid 5 - Kaca : 105

109.
(ng)Gih malih kula akandha |
randha Wanamarta ngriki |
nuju sami apêpasar |
mring Sobrah pasare Lêgi |
wong Sobrah angrêmêni |
sangêt kedanan anglamung |
marang randha punika |
ngantos ngêtutkên mariki |
praptèng ngriki tyasipun mantun kedanan ||

110.
Nadyan wong durjana miyat |
mêmandung-mandung ing ngriki |
yèn wus malêbêt ing dhadhah |
manahe tan ika-iki |
dumadakan tan anti |
ilang niyate mêmandung |
banjur sanja kewala |
mring wong sanakingsun ngriki |
wus mangkana manahe ing Wanamarta ||

111.
Jamal muwus inggih ta lah |
golonganing desa wingit |
tan kêna kambah ing corah |
Jamal Jamil angling malih |
(n)dika kantun nèng ngriki |
sakêdhap kularsa tuku |
kapengin sêga pindhang |
nulya jajan wong kêkalih |
srabi puthu jênang sêga-ramês pindhang ||

112.
Athêkul patukon mirah |
wong loro wolulas dhuwit |
mangkana Sèh Amongraga |
laju manêngah samargi |
margi agung ningali |
kathah warnining pandulu |
wong lumampah sêluran |
mendah yèn nujuwa Paing |
suprandene asring nimpang ing pêgagan ||

113.
Nuripin matur atêdah |
punika lawange kori |
Jêng Kyai Bayi Panurta |
korine pan tundha katri |
tan wontên kang nyamèni |
inggih pasang rakitipun |
Amongraga tumingal |
nulya maju manjing kori |
kèndêl anèng wisma kampung panangkilan ||

114.
Kampung dara-gêpak pelag |
pinipil patra angrêmit |
tumpang-sari pamidhangan |
dhadha pêksi sunduk kili |
singub ingukir apik |
pêngapik lis-lisan alus |
sirap gêndèng bêranang |
wuwung cênthing ukêl pakis |
èmpèr cangcut cukitan dhanyang rurupan ||

Jilid 5 - Kaca : 106

115.
Umpak cêcandhèn simbaran |
bêbatur dèn-palêstèri |
arêsik kang pêlataran |
kanan kering dèntanêmi |
tanjung kawan wit sisih |
dènpluk gêbyog kêliripun |
gapit bulêt lis-lisan |
kiwa têngên pantok kori |
-nira wetan kilèn samya jêng-ajêngan ||

116.
Kori palêngkung rineka |
kaluwung angêbêb warih |
labur ingukir lung-lungan |
undhak-undhakan arisik |
kinêmbar-kêmbar rakit |
kêlir têpung kori ngayun |
pisan kampung bêlaka |
lis-lisan pinulas asri |
sawêtara ingukir cêplok kêmbangan ||

117.
Samya sirap gêgêndhengan |
anggêr sabên lawang-kori |
kiwa têngêne padasan |
lawan paregolanèki |
samya pinipil-pipil |
pilar myang sasakanipun |
pipi kupu-tarungan |
talundhag tambên ingukir |
myang bêlandar pangêrêt ukir-ukiran ||

118.
Kiwa têngên tinanêman |
sawo jajar kawan sisih |
gêlyog kêlir pantog lawang |
-kori têngah tan paeki |
kêlir kang kilèn kori |
sawiji lawang palêngkung |
kêmbang labur pulasan |
ginapura lit kang kori |
masjid dhara (ng)gèn têrawèh pra santana ||

119.
Mung kadang warga kang ngambah |
sêmbahyang siyang myang ratri |
rêsik kinubêng balumbang |
balumbang mili awêning |
anjog pangapit kori |
turut pinggir gêbyog lajur |
toya asêrewehan |
tumumpang pasitèn gasik |
para desa gêng agêng tan mangkana-a ||

120.
Dalême Bayi Panurta |
kang wau kang angyasani |
kathah bupati utusan |
paring wragat myang undhagi |
kadhang mriksa pribadi |
kang wus samya (m)bapa tuhu |
miwah para nangkoda |
ing pasisir samya prapti |
myang priyayi ngabèi lan putra-putra ||

121.
Kang dalêm pandhapa pêcak |
wolungdasa lambangsari |
kang kinarya kayu sana |
bêlandar takir ingukir |
singub myang dhadha-pêksi |
sêsaka ingêlis alus |
bêbatur palêstèran |
ompak sela pik ingukir |
jagasatru kampung panjang tinalangan ||

122.
Kinêkêt lawang paningrat |
ing dalêm gêng tawon buni |
ginandhok-gandhok limasan |
ing ngarsa kori gêng lêmpit |
jandhela krepyak ngapit |
linis panil tangkêpipun |
tritis talang srumbungan |
wuwung labur lis ingukir |
tirahira jêmbangan tutup kinêmbang ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (26) Kaca 83 – 86
  • (28) Kaca 107 – 115 >