Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 39

Kontak Admin.

email-kidemang

 (28) Kaca 107 – 115

 

( Rêrêmbagan bab-bab kasênêngan lan kanikmatan mawarni-warni )

2. Jayèngwèsthi dhatêng ing griyanipun ingkang rayi Jayèngraga, rêrêmbagan bab-bab kasênêngan lan kanikmatan mawarni-warni sinêling dhawuh maos kitab Asmarakandhi dening Jalalodin. Kasusul dhalang Crêmasana suluk kairing gamêlan. Jayèngsari mriksani kitab suluk Kadim tuwin Bayan-maot. Priksa kêmiri ing kanthong bludru Jayèngwèsthi ngèngêtakên ingkang rayi sampun kalajêng-lajêng rêmên dhatêng pêpaesan, langkung prayogi ngudi sampurnaning tekad dhatêng kasidan.


Kaca 108 - 115

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 5 - Kaca : 107

123.
Buntaring wuwung pinatra |
trap anjênthir ngukêl pakis |
pinulas atuturutan |
pêpayon sinirap sami |
gêndhèng sumringah abrit |
sadaya pagriyanipun |
gêng alit ginêndhèngan |
latar tinanêman kitri |
kang saparik pêlêm gandhik dodol krasak ||

124.
Sêngir santog madu basa |
saparik jambu bang putih |
kêlampok arum drêsana |
tumruna sawo saparik |
soring jandhela kitri |
pacar-cina sêkar arum |
jêmbangan gêng ingingonan |
wadêr kok jêlebrah abrit |
sajêmbangan bêranang ngapit paningrat ||

125.
Yata wau sang abrangta |
nèng pananggungan alinggih |
Nuripin aris turira |
dalêm kèndêl kula manjing |
ngupaya santri Luci |
badhe kula kèn sung wêruh |
dhatêng Ki Jayèngraga |
yèn botên mring Jayèngwèsthi |
salah siji singa ingkang kapanggiha ||

126.
Sang mong wingit angandika |
sakêrsanta ngong umiring |
Ki Nuripin sigra mentar |
prapta ing jro angulati |
dangu datan pinanggih |
yata wau kang winuwus |
Jayèngraga nèng wisma |
wismane apik gumrining |
nora gêdhe tan cilik apan sèbêtan ||

127.
Lumajang gandhok kampungan |
pêndhapa sami lan wingking |
pêcak sèkêt sasur magak |
singub pinatra arêmit |
blandar serong ingukir |
sunduk kili linis alus |
saka patra patrapan |
ompak cindhèn sela langking |
jrambah batur pinalêstèr jojobinan ||

128.
Èmpèr longkang tinaratak |
ing ngarsa kewala asri |
rinambat anggur ngrêmbaka |
pinarante ginaribig |
alus pinulas apik |
pinarada lung winêngku |
kêtêp gêndhèng tinalang |
cagaking talang ingukir |
kori lêmpit tèbèng patra papêradan ||

129.
Ing paningrat bale pelag |
bênèt paradan sêrakit |
kang ing ngriku panêratan |
kilènipun masjid alit |
gumarining rekaning |
rakitnya lir masjid agung |
sakaguru giligan |
dhinanyang kang sunduk kili |
linis bulêd pangimanan mimbar endah ||

 

Jilid 5 - Kaca : 108

350 Sinom

30.
Kiwa têngêning paningrat |
kulah gêng kinêmbang adi |
pinulas-pulas rineka |
ingingonan wadêr abrit |
jlebrah (m)bêranang asri |
gêbyog pagêr kêliripun |
tinurut sêsêkaran |
samya jinêmbangan bêling |
latar kitri sawo lan jambu drêsana ||

131.
Wetan pêndhapa gêdhogan |
pêngantèn kudanya kalih |
sawiji kore dhawuk bang |
lan jaragêm margawati |
mangkana Jayèngragi |
kang raka rawuh mêrtamu |
têngah anèng pêndhapa |
Jayèngraga ragi pinggir |
ingkang êlèr lan kang garwa wurinira ||

132.
Sêlir titiga sor ngayap |
kabèh yu kuning gumrining |
Jayèngraga ngore rema |
rema têlês mêntas gunting |
kalung pasatan putih |
sarwi (ng)gêbêg tekonipun |
mêncèrèt kalih-kalih |
ginêbêg ing srêbèt putih |
apan sarwi udut kalukuk bênggala ||

133.
Nyamping kawung latarpêthak |
paningsêt wungu walulin |
dhuwung ingampil sêlirnya |
dhêstar prangrusak kalithik |
abra mupuk ing nginggil |
jrih ing raka kurmatipun |
Jayèngwèsthi alênggah |
kêlasa batu pribadi |
nyamping sarung kêmbang Cina kakêlêngan ||

134.
Apaningsêt gêdhog jênar |
rasukan jobah sêmbagi |
biru corak kêmbang tiba |
arangkêpan takwa putih |
dhêstar modang aputih |
sêmada masêm asêmu |
sarwi ngasta ukiran |
dèrèng pinacak ing kêris |
sarwa sêdhêng wangune ginêbêg gilap ||

135.
Saosan pateyan ngarsa |
myang tenongan isi manis |
lan dhadharan (n)jing-enjingan |
juwadah ledre surabi |
gêmblong lèmpèng lan wajik |
jênang carabikang puthu |
wedang kopi lan puhan |
nèng êkan rêjasa putih |
ulam dhèndhèng bakaran kandêl gêpukan ||

136.
Ngayun kantor panuratan |
myang rekal kitab tan têbih |
Têpsir-jalalèn lan kitab |
Sitin Asmrakandhi Pêkih |
myang Suluk Bayan-mani |
Suluk Kadim kang tinurun |
kang ngadhêp ngarsanira |
santri wasta Jalalodin |
sing Kalangbrèt warti pênêd swaranira ||

Jilid 5 - Kaca : 109

137.
Lawan wong masah gandhewa |
nyugu dêdêr nglar-êlari |
jêmparing kinarya lesan |
myang mranggi lagya nyawangi |
kajêng timaha kêndhit |
miwah wong akarya tulup |
lawan kang masah gambang |
dhalang niyaga pênyuling |
dèn-encokkên nêming gêndèr rarasira ||

138.
Kang raka aris ngandika |
mring kang rayi Jayèngragi |
para iki nora jamak |
akèh kang sira-dhêmêni |
tan mambu trah ngulami |
lir wong nagara angkuhmu |
sabarang rinêmênan |
gêgaman gamêlan muni |
iku rada sathithik cêgahing sarak ||

139.
Jayèngraga aturira |
inggih sawêg parêng ugi |
sunat paèsing maksiyat |
kang raka mèsêm nauri |
sunbadhene sirèki |
mau kaya nora Subuh |
pratandha rambutira |
têlês tilase katawis |
Jayèngraga sarwi gumujêng turira ||

140.
Nuwun ajrih ing duraka |
botên nêdya angêpoti |
owêl pot wêktu palilah |
kawula tos-atos yêkti |
têlês kula puniki |
inggih bakdanipun Subuh |
Jayèngwèsthi ngandika |
marang nikèn Rarasati |
apa nyata (m)bok-ipe mangkono ika ||

141.
Rarasati aturira |
sêmune wêdi awadi |
duka sampeyan punika |
datan sumêrêp ing ratri |
naming gajêg mêningi |
dènnya siram lingsir dalu |
inggih Subuh sakêdhap |
byar enjing asiram malih |
dugi kula angrapèhkên bêlo anyar ||

142.
Kang raka gumujêng sarya |
ningali mring Jayèngragi |
kang rayi gumujêng latah |
Jayèngwèsthi angling malih |
pintêr ipeku iki |
micarèng pasêmon mungguh |
sira sawêngi pisan |
nora turu pijêr nitik |
Rarasati èsmu ngoso pagujêngan ||

143.
Lah inggih botên kadosa |
paduka andangu yêkti |
kawula matur pasaja |
wêkasan wong dènpoyoki |
kang raka mèsêm angling |
nora mangkono sun-ngungun |
lèjêmira anyata |
bêlone iku kang êndi |
Rarasati matur ingkang jan-jan jênar ||

144.
Cêcalung calon watangan |
pada wadana rêspati |
kuciwa idêp ngusumba |
pandugikula tan kenging |
kacênthok ing kêndhali |
tan wande ngêlangak ambruk |
Jayèngwèsthi dènnira |
gumujêng sarwi nudingi |
mring kang rayi Jayèngraga saya latah ||

Jilid 5 - Kaca : 110

145.
Sarwi matur mring kang raka |
paduka punika inggih |
dhatêng (m)bok-cilik duk anyar |
tinumpu ing siyang ratri |
yèn sira gutuk iji |
sring kalingsir wêktunipun |
kula ngantos awêlas |
mring (m)bokayu agung kingkin |
tan milalu maring (m)bok-cilik kewala ||

146.
Baya-baya ngur kawula |
kang raka ngandika aris |
lawan sira angur ingwang |
gêr gumuyu sadayèki |
kang ngadhêp anèng ngarsi |
ingampêt jrih guyunipun |
Jayèngwèsthi ngandika |
sarwi angunjuk wedang tih |
sêka ngêndi tekomu têka prayoga ||

147.
Kang rayi matur punika |
saking sadhèrèk pasisir |
ki juragan Pak Jumilah |
ing Tandhên kang komuk sugih |
(ng)gènnipun mêlarangi |
Cina prasanakanipun |
Tik Yan Kowan wastanya |
kengingipun dènlambangi |
kapal kore lan lapak prabot salaka ||

148.
Dene wontênipun kula |
saking pak Rajiyah nguni |
nuju mring Tandhên rêrasan |
pak Jumilah arsa panggih |
dhumatêng (n)jêng kiyai |
agêmêt pitakènipun |
milawang mring kawula |
sumêrêp yèn kula asring |
rêmên têko mila tekone punika ||

149.
Kinintunkên pak Rajiyah |
supados katur ing mami |
sarêng kawula uninga |
ing teko bungah tan sipi |
kula dèrèng udani |
kang darbe kadi punika |
teko kaliwat langka |
lêkane kêbak acuri |
kalihdene raosing tèh mindhak eca ||

150.
Kang raka mèsêm ngandika |
layak bênêr turmu yayi |
mara cobanên sadhela |
gupuh kang rayi ngladosi |
wedang panas miranti |
cèh cowan amung sasuru |
Rarasati anyandhak |
cèrèt cinurkên aririh |
apan munthuk mêthuthuk kukus angambar ||

151.
Wus sinuci cangkirira |
pêthak tutupan sarakit |
kang teko nulya ingasta |
amung amot rong cangkir thil |
gumujêng Jayèngwèsthi |
dene sathithik motipun |
majad pat cangkir ana |
teko dèn-iling-ilingi |
têka nyandhi akêbak nyuri narancang ||

Jilid 5 - Kaca : 111

152.
Angunjuk wedang tèh cowan |
satêngah cangkir ngling aris |
iya bênêr tuturira |
ngong durung pati paham tih |
beda lawan sirèki |
rasane tèh tan kaliru |
Jayèngraga turira |
inggih kasinggihan ugi |
lamun ical myang pêcah teko kawula ||

153.
Têmtu mêdhot tan wedangan |
kang raka gumujêng angling |
iku thithik rada cêgah |
ujaring wong ahli wirit |
gêgêdhening rasèki |
tan kaya rasane ngèlmu |
tokite mangkonoa |
mutung-mutung marang ngèlmi |
amal lama mrih mêtu mangunahira ||

154.
Iya wong iku yèn kaya |
pama pêlêm dodol wangi |
duk lagi kumaropokan |
kêcute anyêmpaluki |
mangsane wus matêng wit |
nèng barongsongan adalu |
rasane asor kelang |
iya yèn mangkono yayi |
yèn lir pêlêm kapodhang kêcut kewala ||

155.
Mêntahe matênge padha |
tan pêcat kêcute mêksih |
mangkono upamaneka |
ing wong urip puniki |
kudu angeling-eling |
Jayèngraga matur nuwun |
inggih mugi sagêda |
wulang paduka ing ngèlmi |
Jayèngwèsthi aris malih angandika ||

156.
Êndi santrimu kang anyar |
jare bêcik swaranèki |
têrampil amaca kitap |
kang rayi umatur inggih |
pun Jalalodin saking |
Kalangbrèt pinangkanipun |
sawêg wau kewala |
enjing (ng)gèn-kula nimbali |
lah ya mara coba konên maca kitab ||

157.
Nulya pinaringan kitab |
kang Sitin Asmarakandhi |
Jalalodin aturira |
nuwun-nuwun nuhun ajrih |
aywa sira jrih-ajrih |
apan wong talabul ngèlmu |
kudu karana Allah |
pinêksa ki Jalalodin |
dangu-dangu Jalal ature sandika ||

158.
Lêkas ta-awut pasêkat |
kir'ate rada patitis |
ulone sêmada sêrak |
(n)dharêdhêg mêrkutuk sêdhil |
agrago sêmu ajrih |
nulya kinèn swara sêru |
sinangêtkên swaranya |
lêkas maca Bismilahi |
arohman nirakimin alkamdulilah ||

159.
Sunamiwiti amuja |
muji anêbut namaning |
ing Allahu ingkang murah |
ing donya asih ing akir |
sakèhing puji-puji |
kaduwe Allah kang agung |
rabial ngalamina |
Pangeran ing ngalam kabih |
nulya walngakir batu lilmutakina ||

Jilid 5 - Kaca : 112

160.
Utawi mujèng akerat |
mulyaning amal kang malih |
paedahe dalêm donya |
tartamtu mring (n)jêng pra nabi |
lan auliya mukimin |
wa salatu wa salamu |
utawi rahmat Allah |
ing tyas mukaranah ajrih |
maring Allah kang cèngèng sumungkêmira ||

161.
Ngala Sayidin Mukhamad |
wa alihi wa skabihi |
ingatase nabi kita |
lan sakula-warganèki |
mring sakabatirèki |
khala saekul imamu |
al-ajalu jahada |
ibênu Abinasari |
ibênu Ibrahim asmara-kandhiyan ||

162.
Rahmatolah ngalaisam |
têgêse pangandikaning |
wong tuwa kang dadi imam |
kang aran Abulaèsi |
kang anak bin Asari |
Ibrahima Smarakandhiyu |
pan ing sipat Mukhamad |
ingkang sinung rahmat dening |
ing Allahu atasing Nabi Mukhamad ||

163.
Massalatun idaika |
laka ing têgêse iki |
lah tatkala tinakonan |
ing sira ma-al imani |
lan kaya pa sirèki |
makulbihi paljuwabu |
mangka ing jawabira |
lapal amantu bilahi |
tangala ing têgêse ngandêl ing Allah ||

164.
Lire pangandêl punika |
i walmalaikatihi |
wa kulubihi punika |
kêlawan wa Rasulihi |
wal yaomil akiri |
wal kadri kèri wa saru |
tinalahi Tangala |
swaranèki Jalalodin |
ambêrabah êrak-êrak rada kiyal ||

165.
Yèn masalatun amapan |
sabuke dipunkêndhoni |
ambalêdhèh wêtêngira |
ngangkat masalatun malih |
swarane dènkêncêngi |
kêcilikên nora cukup |
mati pangêlikira |
lèrèn swara dèn-gêdhèni |
masalatun wus pakolih ing likira ||

166.
Yèn mudhun gêdhe tan nyandhak |
anggalêrêg ngêlokori |
ambèthêr gulu gondhokan |
(m)bêkuh ah èh golèk uni |
kang sêdhêng gêdhe cilik |
sruwa judhêl swaranipun |
rèngkodan sangga-uwang |
ngiwa-nêngên ngolah-ngalih |
kèh solahe atimpah-timpuh sêduwa ||

Jilid 5 - Kaca : 113

167.
Angulèt sêmune wêgah |
kapriye mangkene ugi |
sêrête nora kêjamak |
Jayèngraga ngêndika ris |
mara lêkasa ngêlik |
lah antêpên suwaramu |
Jalalodin anulya |
pinêksa sangêt angêlik |
masalatun sru anggêmbor wêdhus domba ||

168.
Otote aprakênêngan |
gulu mêdhok amucicil |
bathuk irunge (m)bêranang |
kringêt kumyus (m)brêbêsmili |
angêdên wangsul wiwit |
manthuk prêt kapêntut-pêntut |
gêr ginuyu ing kathah |
gumyuk-gumyak ih-ih-ihih |
ahèh ah-ah kapingkêl-pingkêl barêngan ||

169.
Niyaga guyu lèh babah |
nudingi pating têruding |
Jayèngraga latah-latah |
nora kaya-a sirèki |
kanti kaya wong jurit |
jarene bêcik swaramu |
dene aparongkolan |
ting gêlêthuk tan pakolih |
saya gumyak kang guyu acukakakan ||

170.
Ki Jalalodin abiyas |
kêlangkung dènira isin |
sarwi matur inggih ta lah |
sabênipun tan kadyèki |
dugi kula kang mawi |
wontên karsanta tan mêtu |
saya dadya paguywan |
sadaya kang nambut kardi |
bok wus muwus ki santri dhasarmu ala ||

171.
Nikèn Rarasati dènnya |
gumujêng tan pati muni |
ragi ewa kêsukêran |
swarane ambalêbêgi |
sêlir tri ting cukikik |
cat-catan samya jrih sêru |
Jayèngwèsthi dènira |
gumujêng ukur gêligik |
sarwi alon angandika mring niyaga ||

172.
Lah mara Widilêkasa |
èncokna nême kang êndi |
lèhira anglaras gambang |
gêndèrmu grimingên thithik |
iya jinêman jêngking |
si Crêmasana kang suluk |
sulinge Tunjangkara |
matur sandika anuli |
lêkas ngêlik jinêman jêngking tunjung bang ||

173.
Swaraning dhalang alêbda |
ngêntul-êntul wilêtnèki |
gêndèr nyamlêng anyalupak |
suling wratsari abêning |
ginariming gumrining |
Jayèngraga mèlu suluk |
aruntut swara saplak |
amêmbat wilête sami |
kadya êmprit ingundha rêbut tuntungan ||

174.
Wus dumugi e layana |
mung sairama nuli wis |
iramaning Sarayuda |
Jayèngwèsthi ngandika ris |
seje rasaning ngati |
ngrungu singir lawan suluk |
pan adoh sêbatira |
sun datan pati nyurupi |
marang gêndhing namung sasêndhon kewala ||

Jilid 5 - Kaca : 114

175.
Nora pati kaya sira |
dhasar karêm maring gêndhing |
yèn aja wêdiyèng rama |
dalah jogèt sira wasis |
nopèng bêksa rangin |
iya katara solahmu |
Jayèngraga turira |
inggih punika sayêkti |
yèn sampun ajrih rama lawan paduka ||

176.
Kalampahan dados dhalang |
lurah cêngkung tukang ringgit |
kang raka mèsêm ngandika |
nulya Nikèn Rarasati |
mring raka matur aris |
sampun siyang wancinipun |
kularsa saos dhahar |
Jayèngwèsthi ngandika ris |
mêngko bae (m)bok ipe sadhela êngkas ||

177.
Jayèngraga ngling mring garwa |
lorodên dhadharan sami |
paringna kang nambut karya |
dèn warata sadayèki |
nulya dipun cariki |
pinaringkên sadaya wus |
kang samya anèng ngarsa |
Jayèngwèsthi aningali |
marang kang ginarap mring tukang sadaya ||

178.
Nulya aningali kitab |
Ibnu Kajar dèn-têmbungi |
pêpêthikan saking kitab |
tutulisane kang rayi |
tinumrap Dhandhang-gêndhis |
lagya angsal tigang pupuh |
linimbang rujukira |
lan babon kitab abêning |
Kajar datan nalimpang mungguh ing murat ||

179.
Mindhak dhangan raosing bab |
pan winastan Suluk Kadim |
Jayèngwèsthi lon lingira |
ya wus bênêr iki yayi |
tan ana kang ngoncati |
rasaning murat wus têpung |
nukil ing kitab baka |
ko[k]aranni Suluk Kadim |
tutugêna lan Bayan-maote pisan ||

180.
Kang rayi nuwun turira |
inggih paduka idini |
kang mugi angsala sabda |
paduka kawula pundhi |
kang raka anganthuki |
lorogan kantor dinudut |
kathah ingkang jilidan |
korasan kêrtas akodhi |
wontên kanthong sawiji baludru abang ||

181.
Sinuntak isi dhèrèkan |
ting galundhung tigang rakit |
kêmiri pidak abênan |
lêmpèt conthang lawan gambir |
ambête den ukupi |
kutug sêkar campur bawur |
kang raka èsêmira |
arêndhêt nora kadugi |
Jayèngraga tumungkul nyana kêdukan ||

182.
Kang raka alon ngandika |
gèsèh têmên sira iki |
dudu tabiyat sunatan |
mêngangguran kang tanpa sil |
mung siji iki yayi |
karêpmu ngong nora rêmbug |
lapal jale napsaka |
jaenabil maksiyati |
dudu paès-paèse karana Allah ||

Jilid 5 - Kaca : 115

183.
Lan iku paedah apa |
kêmiri pinêtri kadi |
jimat makutha Suleman |
gawe kasliyoning budi |
tabiyat maksiyati |
tanpa mupangat ing ngèlmu |
kang rayi anoraga |
kalangkung dènira ajrih |
arsa matur tan wun dinukan ing raka ||

184.
Kang rayi ngaturkên kitab |
maring raka anuwun sih |
supaya ingapuraa |
kitab Markum jilid alit |
Bayan-mani-maoti |
baka tunggil jilidipun |
kang raka rum lingira |
iki prayoga binudi |
sampurnane ing tekad maring kasidan ||

185.
Kayata sawiji ayat |
iki al insanu siri |
wa-ana siruhu lirnya |
wal kayatu bila rokin |
insaniyun birakin |
kulu saiin wadahu |
iku ingakên tunggal |
nanging nora tunggal yayi |
sabab dening akadim kêlawan anyar ||

186.
Kadim urip tanpa nyawa |
anyar urip lan nyawèki |
mungguh pangandikaning Hyang |
sinêbut sawiji-wiji |
wahdahu iku yayi |
iya sênêt ing ngalêmbut |
lêmbat-lêmbuting agal |
agal-agaling ngarêmit |
pahuwa ila huwa hèruhu lirnya ||

187.
Iya iku iki ika |
dudu iku ika iki |
nanging iya nora liya |
saking iku iya pêsthi |
mangkono iku yayi |
manira durung guguru |
duga-duga kewala |
durung winulang Jêng Kyai |
Jayèngraga lêga myat kang raka lêjar ||

188.
Yata wau sang abrangta |
adangu dènira nganti |
Ki Nuripin manjing mêdal |
ngupaya mring santri Luci |
masjid gêng tan pinanggih |
kapanggih nèng masjid mangu |
anulya winartanan |
lingira ki santri Luci |
ing bêcike sira dhewe pêpanggiya ||

189.
Kalawan Ki Jayèngraga |
iya tutwurièng mami |
Ki Nuripin saurira |
sakarsanta ngong umiring |
lumampah wong kêkalih |
Jayèngraga wismanipun |
panuju akaliyan |
Jayèngwèsthi aningali |
Suluk Kadim kagyat kalaning tumingal ||

190.
Santri Luci kalanira |
kalawan santri Nuripin |
sigra dènira anyapa |
paran karya dene gati |
apa ngutusirèki |
mring (n)jêng kyai dene gupuh |
santri Luci turira |
wiyosipun tur udani |
pan ing jawi wontên wong arsa panggiya ||

191.
Inggih dhumatêng paduka |
puniki abdi Nuripin |
yêktosipun kang ambêkta |
Jayèngraga muwus aris |
marang santri Nuripin |
santri têka ngêndi iku |
dene wanuh lan sira |
Nuripin umatur aris |
inggih santri punika saking ing Karang ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (27) Kaca 87 – 106
  • (29) Kaca 116 – 132 >