Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 36

Kontak Admin.

email-kidemang

 (29) Kaca 116 – 132

 

( Sèh Amongraga kapanggih Jayèngwèsthi tuwin Jayèngraga )

3. Sèh Amongraga kapanggih Jayèngwèsthi tuwin Jayèngraga. Rêrêmbagan bab ngèlmu kadosdene anjajagi gêgêbênganipun Sèh Amongraga. Sang tamu ananggapi.

Bab kautamaning ngèlmu punika bilih botên gèsèh kalihan tanggaping kalbu.

Soal jawab bab nalika taksih awang-uwung dèrèng wontên bumi langit ing pundi dunungipun Allah.

Punika kasêbat: "La-takyun-kun".

Sadèrèngipun: nukat gaib, wilayat, gaibulguyub gaib-uluwiyah, kawontênanipun botên katingal.


Kaca 116 – 132


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 5 - Kaca : 116

350 Sinom

192.
Kadosdene santri para |
tingalipun santri murni |
awasta Sèh Amongraga |
duk wingi nèng wisma mami |
kawula têtakèni |
akumbi tan pati kudu |
kêkalih rencangira |
punika kula tan nyani |
taksih ngêmu wêwadi botên pasaja ||

193.
Jayèngraga angandika |
mring kang garwa Rarasati |
wong kabèh kang nambutkarya |
konên sumingkir kariyin |
sadandanane sami |
aywa na ingkang kadulu |
iku durung amangan |
padha ingonana sami |
anèng kampung wingking dènrumat sadaya ||

194.
Kang garwa matur sandika |
liningan kang nambutkardi |
sigra bubar sami ngiwa |
galèthèkan dènusungi |
jumênêng Jayèngwèsthi |
kinèn nata lampitipun |
Jayèngraga parentah |
mring wong rencangira sami |
angrêsiki kang pandhapa sinaponan ||

195.
Luci lan Nuripin gêpah |
tata palênggahan lampit |
kasab alus ginêlaran |
klasa batu wiyar putih |
Jayèngwèsthi ngling aris |
lah (m)bok ipe sira iku |
mundura marang wisma |
angêrtènana cêcawis |
saanane sathithik ingkang prayoga ||

196.
Abênêr (ng)gonku samaya |
kaya ana kang inganti |
kang rayi matur sandika |
lumêbèng wisma sêsaji |
raka ngling payo yayi |
konên ngundang dhayohamu |
kowe kene linggiha |
matur sandika kang rayi |
nulya nuduh mring Luci Nuripin agya ||

197.
Lah dènaglis aturana |
aywa kasuwèn nèng (n)jawi |
kang liningan sigra mentar |
Nuripin lan santri Luci |
praptèng (n)jawi wus panggih |
santri Luci kagyat (n)dulu |
maring kang wau prapta |
jatmika sêmune wingit |
wus anêrka yèn dudu wong ala-ala ||

198.
Luci matur dawêg enggal |
paduka dipunaturi |
inggih dhatêng Jayèngraga |
lan kang raka Jayèngwèsthi |
gupuh kang sinungan ling |
yata Jayèngwèsthi wau |
Luci saungkurira |
angandika mring kang rayi |
kaya-kaya yayi dhayohmu prayoga ||

199.
Dene sadurunge prapta |
tyasingsun wus angrujuki |
ki dhayoh santri ing Karang |
badhe amanggutkên ngèlmi |
para dèn ngati-ati |
dhayoh kang sêdya pêpangguh |
mring (n)jêng kiyai bapa |
kang rayi umatur inggih |
lagya èca rarasan Ki Luci prapta ||

Jilid 5 - Kaca : 117

200.
Matur mangke kadhatêngan |
kerit kèndêl anèng jawi |
lêrês Nuripin turira |
awingit kang badhe prapti |
cahya apindha sasi |
jatmika antêng aluruh |
kados anamur kula |
solah-bawane katawis |
Jayèngraga Jayèngwèsthi sigra mapag ||

201.
Jayèngwèsthi lon lingira |
mring kang rayi Rarasati |
ni ipe (m)bokayunira |
Turida konên mariki |
kakuranganirèki |
mundhuta mring (m)bokayumu |
karo angladènana |
sandika ni Rarasati |
santri Luci mit mentar marang ngajêngan ||

202.
Jayèngwèsthi Jayèngraga |
dènnya amêthuk wus panggih |
sang monêng auluk salam |
agupuh samya nauri |
aris angancarani |
ingaturan gupuh laju |
nèng pandhapa alênggah |
wusnya jawat tangan sami |
lênggah tata Jayèngwèsthi anêmbrama ||

203.
Kakang paduka katuran |
sarawuh tuwan nèng ngriki |
sintên kang sinujèng basa |
lawan pundi kang kawingking |
nauri kang sinung ling |
têmbungira manis arum |
kawula saking Karang |
dene kang sudi mastani |
duk nèng Karang wasta Ki Sèh Amongraga ||

204.
nênggih kiagêng ing Karang |
ingkang aparing kêkasih |
Jayèngwèsthi aturira |
paran karsanta mariki |
Amongraga nauri |
marma prapta yêktinipun |
kawularsa panggiha |
dhumatêng kangjêng kiyai |
lamun parêng yêkti arsa puruita ||

205.
Ngrasèhkên kawruh kang nyata |
kapencut kita myarsi |
wartine saking ing Karang |
ramanta sarwa winasis |
marma tan etang mami |
têbih-têbih kita ruruh |
saking kasmaran myarsa |
gumujêng Ki Jayèngwèsthi |
sarya matur mangsa-boronga wawarta ||

206.
sayêkti tan botên dora |
anênggih rama kiyai |
apan sarwa-sarwi ana |
marma sagung pra dipati |
bang wetan ngalap sami |
mring (n)jêng rama kawruhipun |
tanapi santri têbah |
kathah ingkang sami prapti |
lajêng wisma awis kang purun mantuka ||

Jilid 5 - Kaca : 118

207.
Kawula sring darbe sabat |
sutaning para dipati |
sawêg samya mantuk enggal |
tan susah dhatêng kiyai |
pan kawula pribadi |
sayêkti ingkang mumuruk |
wit pakèning (n)jêng rama |
gumujêng Sèh Amongragi |
witming sukur yèn yayi sampun sampurna ||

208.
Inggih botên susah-susah |
panggih lan ramanta nênggih |
yata dangu arêrasan |
Jayèngwèsthi ngandika ris |
mring garwa lan kang rayi |
(m)bok ipe sira apa wus |
yèn duwe sasaosan |
bubucu têka sabithi |
ladèkêna sira mau (n)jangan apa ||

209.
Turida lon aturira |
mring raka awidik-widik |
inggih kêlan sumapala |
jangan dhusun tan prayogi |
rayinta Rarasati |
kang sêsaji dangunipun |
kêlan jangan nêgara |
Jayèngwèsthi mèsêm angling |
ingkang êndi bedane desa nagara ||

210.
Matur jangan padhamara |
jangan dhusun inggih mênir |
lah wis sira ladèkêna |
agupuh kang rayi kalih |
rampadan wus miranti |
sinaosakên ing ngayun |
sadaya sêlirira |
ingkang samya nglêladèni |
sêkul bucu lan pulên pêthak las-lasan ||

211.
Nèng panjang giri myang ulam |
pêcêl pitik jangan mênir |
jangan padhamara dhara |
madhêp kang lagya mèmèti |
kilêng-kilêng akinyih |
opor-bèbèk lan bêtutu |
dhèndhèng gorèng gêpukan |
gorèngan kathik gulathik |
êmpal abon dhèndhèng panjêl lan sujènan ||

212.
Age rêmpah lan tum-tuman |
kêrupuk bêsêngèk pitik |
sambêl-gorèng sambêl kacang |
lombok kêncêng lawan pêtis |
lalaban kacang cipir |
kêcèmèh têrung lan timun |
bêrambang tempe mêntah |
kêcambah gudhe kêmangi |
kang rampadan sadaya piring lancaran ||

213.
Wus tinata anèng ngarsa |
Jayèngwèsthi ngandika ris |
inggih suwawi ki raka |
paduka lêkas wêwanting |
payo wisuha yayi |
nulya samya atuturuh |
Jayèngwèsthi lingira |
mring garwa miwah kang rayi |
lah Turida lan Rarasati majuwa ||

Jilid 5 - Kaca : 119

214.
Akêmbul buktiya sisan |
ngalap barkahing sang tami |
karana Allah kewala |
ngarah apa wus tan sigi |
ajang tuwungmu êndi |
wisuha karo dimaju |
kang garwa jrih pinêksa |
nulya samya majêng sami |
pan punika rayinta kalihe pisan ||

215.
Mugi sampun taha-taha |
ngakên rayi èstri kalih |
sang monêng luntur tyasira |
rinahab datan sinigi |
kumênyut tyasira sih |
mring Jayèngwèsthi suh rêmpu |
osiking tyas kang muga |
dadya-a jalaraning sih |
nastijaba sawabe kiyagêng Karang ||

216.
Sakêdhik radi cawêngah |
akêmbulan dede mukrim |
tinahan ngecani sarak |
nulya lêkas kêmbul bukti |
samya pikantuk bukti |
sang tamu tan pati antuk |
wêtara mung sasalak |
kalonge sêkul binukti |
kêtuwukên dènnya lênggah tan bisa bah ||

217.
Dènnya nadhah akêmbulan |
Jayèngwèsthi gung anglirik |
mring tamu osiking nala |
sunduga lawas wong iki |
tan kambon ing rijêki |
saking brangtaning ing ngèlmu |
Jayèngwèsthi lingira |
kakang dèn-nêmên abukti |
lah sampun kathah-kathah ingkang pinikir ||

218.
Kawula ingkang madhangna |
ribêde pun kakang yêkti |
ing mangke dalu kewala |
kula ambabar sêjati |
sasurasaning ngèlmi |
kang tan tèdhèng gathak-gathuk |
mèsêm Sèh Amongraga |
angalêm sajroning ati |
marang Jayèngwèsthi lawan Jayèngraga ||

219.
Wong iki ladak pasaja |
sapolahe amantêsi |
sathithik kakèhan ombak |
ngêgungkên yèn sugih ngèlmi |
mangkana ris nauri |
inggih sampun sangêt tuwuk |
lami kula tan kadya |
punika (ng)gènkula bukti |
sakalangkung pakantuk (ng)gènkula nadhah ||

220.
Katêmbèn kula rahaban |
sami akêmbul kêndhuri |
langkung lan takêre saban |
Jayèngwèsthi nauri (ng)gih |
micorèng jroning ati |
iku apa wus togipun |
samono tadhahnèki |
apa samudana lamis |
yèn katoga acicik lir kucing lara ||

Jilid 5 - Kaca : 120

221.
Lan aja kêmbul lan ingwang |
tan samono krowaknèki |
kalong mung sapongge bajang |
prandene warêg kapati |
kumlêkarên abukti |
batinne tan pati kudu |
saking brangtèng Pangeran |
cahyane sumilak wêning |
matur malih dhuh suwawi kang pakangsal ||

222.
Tansah nyarakkên sumangga |
Amongraga naur inggih |
sampun dumugi katêdha |
kurmatipun yayi kalih |
tan sagêd amangsuli |
ingkang sih prananing kalbu |
Jayèngwèsthi norraga |
alon muwus mring kang rayi |
lah Turida Rarasati angloroda ||

223.
Iya banjurna kewala |
carikên marang pawingking |
mring sabate kakangira |
wasisan lan Nuripin |
nulya sami wêwanting |
linorod kang dhahar sampun |
binagi wus warata |
Turida lan Rarasati |
wusnya têbah barêsih mundur mring wisma ||

224.
Arakit saji dhêdharan |
sinaosakên ing ngarsi |
sêkul susu kêtan kolak |
rujak kopyor pisang kuning |
duryan kalawan manggis |
pêlêm lan dhuku kapundhung |
jambu sawo rambutan |
salak sêmangka kuwèni |
wus atata dhêdharan andhèr nèng ngarsa ||

225.
Jayèngwèsthi ngling sumangga |
punika pangusap amis |
Amongraga rum lingira |
inggih kalangkung ingkang sih |
sangêt panrimèng-mami |
nulya mèt sawiji dhuku |
Jayèngwèsthi mundhut salak |
satunggil dhinahar manis |
Jayèngraga cêkoh kokoh kêtan kolak ||

226.
Jayèngwèsthi ris ngandika |
sirèku rada mangani |
mau (n)bok-warêgi pisan |
dadi tan mindho-gawèni |
langkung tawêkalnèki |
Jayèngraga matur gumuyu |
inggih kalangkung kêmba |
yèn mêntas kawula bukti |
kêdah nênêdha lêlêgi mung kêtan kolak ||

227.
Wusnya nutug adhêdharan |
Jayèngwèsthi ngandika ris |
mring kang rayi Jayèngraga |
masjid tatanên kang bêcik |
sira adanna dhingin |
iki sêdhêng waktu Luhur |
Jayèngraga turira |
inggih sampun dènrimati |
ingaturan Sèh Amongraga asalat ||

Jilid 5 - Kaca : 121

228.
Wus kering mring masjid salat |
myang Turida Rarasati |
makmum lawan sêlirira |
lan Jamal Jamil Nuripin |
wulu wus dènadanni |
asunat sadayanipun |
Jayèngwèsthi turira |
paduka ingkang ngimami |
Mongraga ngling prayogi yayi kewala ||

229.
botên prayogi pun kakang |
kang sêpuh ingkang ngimami |
nulya Ki Sèh Amongraga |
kalihira anglêgani |
sigra majêng ngimami |
mangkana usalli prêlu |
lumawan tumaninah |
nênelakakên kang trêtip |
tutug dènnya salat Luhur bakda salam ||

230.
Pêragat puji-pujian |
wusnya dikir donga Luhri |
nulya sêlawat salaman |
lajêng kewala nèng masjid |
Turida Rarasati |
dhêdharan kinèn sumusul |
mring masjid sadayanya |
agêpah kang para sêlir |
samya angusungi dhêdharan sadaya ||

231.
Miwah mawantu nyamikan |
lah-olahan ingkang adi |
Rarasati lan Turida |
tansah ngladèni nèng ngarsi |
gantos wêktu Ngasar-i |
mangkana sabakdanipun |
Jayèngwèsthi turira |
mring Amongraga aririh |
prayogine kakang lajêng mangilèna ||

232.
Inggih dhatêng wismakula |
sakêdhap sewang miranti |
yèn sampun kawêradinan |
tamiyan paduka inggih |
lajêng sami umanjing |
saos mring rama wong têlu |
Amongraga anabda |
punapa sakêrsa yayi |
kula ndhèrèk karsane yayi kaliyan ||

233.
Jayèngwèsthi lon ngandika |
mring garwa muliha dhingin |
tatanên anèng paningrat |
lan adhimu Rarasati |
dhêdhaharane iki |
gawanên ngulon sadarum |
kang kalong sulamana |
lan apa ingkang prayogi |
iya mangsa-bodhowa sira kang rumat ||

234.
Kang garwa matur sandika |
nulya mantuk lan kang rayi |
ingiring pra sêlirira |
mangulon sigra arakit |
papan dènnira linggih |
wus miranti sadaya wus |
yata tiga sang wirya |
lumampah mangilèn sami |
nèng paningrat tan pae paèsing wisma ||

235.
Reka-rekaning arêngga |
arakit tan nguciwani |
mangkana Sèh Amongraga |
ngaturan lajêng ing panti |
paningrat dènnya linggih |
Mongraga raosing kalbu |
kadi tan ngalih (ng)gyannya |
èsmu gumun jroning galih |
dene nora nana siwahe salingsa ||

Jilid 5 - Kaca : 122

236.
Wus tata dènnira lênggah |
sinambi dhadharan adi |
Ki Nuripin aturira |
kawula anuwun pamit |
mantuk mring wismamami |
mapan ing lampah wus katur |
Jayèngwèsthi ngandika |
sira ywa mulih kariyin |
sesuk yèn wus lumêbu sira muliya ||

237.
Karana iku manawa |
dinangu mring (n)jêng kiyai |
ana-a kang matur cêtha |
kakang waune duk prapti |
anèng wismanirèki |
dadya titi paturanmu |
pan nora kêtanggungan |
ngiras ladènana mami |
Ki Nuripin sandika ing aturira ||

238.
Tan winarna solahira |
samana pan sampun Mahrib |
yata nulya minggah salat |
nèng masjide Jayèngwèsthi |
kang adan Ki Nuripin |
sadaya ngambil hèr wulu |
Rarasati Turida |
miwah parèstri makmumi |
Jamal Jamil Jalalodin samya sunat ||

239.
Wusnya sunat pupujian |
astagpirulah halngalim |
minkuli danbin alami |
wa layakpiru dunubi |
ila rabil-alamin |
sang wirya tri sunat sampun |
Amongraga pinêksa |
wau kinèn angimami |
santri Karang mokal lamun tan gambuha ||

351 Gambuh

1.
Amongraga amuwus |
wajib kang darbe wisma punika |
angimami ngêmum kewala ngong yayi |
Jayèngwèsthi turira rum |
botên pun kakang kemawon ||

2.
bênêr tan bênêr iku |
wajib pun kakang titiyang sêpuh |
Amongraga mèsêm nauri aririh |
manawi kathah kang luput |
galap têmah ginaguyon ||

3.
Jayèngwèsthi umatur |
inggih kang botên-botên winuwus |
mangke dalu kawula ambabar ngèlmi |
Ki Amongraga gumuyu |
sarwi majêng ngadêg alon ||

4.
lajêng usolli parlu |
langkung pasekat ing têmbungipun |
Jayèngwèsthi Jayèngraga wus usolli |
miwah kabèh ingkang makmum |
mulya Amongraga gupoh ||

Jilid 5 - Kaca : 123

5.
Wus amaca Alkamdu |
awalira Surat Kul ya kayu |
nulya Surat Ida ja-a akirnèki |
ulêming swara amêntul |
kang makmum kabèh andongong ||

6.
Jayèngwèsthi lan wau |
Ki Jayèngraga duk myarsa gêtun |
osiking tyas wong iki baya pi-api |
awate bae balilu |
ngong duga wus putus kawroh ||

7.
Kacihna wacanipun |
tumèmbêl bênêr ukaranipun |
Amongraga tumaninahe atrêtib |
tahyat akir iptitatun |
nulya salam nêngên alon ||

8.
Asalamu ngalekum |
warahmatulah wa barakatuh |
asaluka alpaoja biljanati |
pataku nasrul islamu |
nulya salam ngiwa alon ||

9.
Asalamu ngalekum |
warahmatulah wa barakatuh |
asaluka najata waminari |
wal apwa ngindal kisabu |
bakda salat têngah timpoh ||

10.
Gya pupujiyanipun |
langkung rahab sadaya kang makmum |
nulya tutug pupujiyan lajêng dhikir |
wus dhikir andonga rajuk |
Jayèngraga nasib alon ||

11.
Ngêlik sêdhêng swara rum |
bêning gumrining alêmpêng êmpuk |
alahuma sali wa salim ngalehi |
pagpirlana warkamnahu |
waliman ya kulu rêko ||

12.
Tamat pandonganipun |
nulya salawat salaman wau |
lajêng sunat bakda ngangkat sunat wabin |
tigang salam atêpakur |
pamawasing kang waspaos ||

13.
Sampuning dhikir suhul |
amung Pangeran ingkang wus jumbuh |
jumbuh ing dat sipat asma apngalnèki |
pagut napi isbatipun |
ing dalêm kak tan kaledhok ||

14.
Wusnya mangkana wau |
wanci manjing wêktu Ngisa-nipun |
nulya Jamal Jamil kinèn angadani |
wus adan sunat sadarum |
Amongraga maksih kinon ||

Jilid 5 - Kaca : 124

15.
Angimami puniku |
Amongraga mopo pinêksa wus |
laju kewala ngiman nulya usolli |
agya Patekah Alkamdu |
awal surat kang winaos ||

16.
Surat Jumungah nêngguh |
nulya Surat Munapèk akiru |
tumaninah trêtibe sarwa utami |
dumugi ing salamipun |
bakda pupujiyan royom ||

17.
Dhikirira asêngkut |
wusnya donga ing apêngal lalu |
Jayèngraga tansah berag dènnya nasib |
kang amin rahab kalangkung |
sampuning salat ingkang wong ||

18.
Sarta sasalaman wus |
dènnira sunat bakda kang makmum |
nulya mundhun para santri lit-alit |
kantun sang wirya katêlu |
sunat witir têsbèh ênggon ||

19.
Sampurna tangatipun |
lajêng manggèn kewala nèng tajug |
tata kitri dènnya lêlênggahan sami |
para garwa anèng pungkur |
acadhang yèn ana pakon ||

20.
Jamal Jamil akumpul |
lan Nuripin Jalalodin tan wun |
lawan santri-santrine piyambak sami |
Jayèngwèsthi ngandika rum |
marang ing garwanira lon ||

21.
Hèh Turida sirèku |
apa wus gawe sêkul sananjung |
matur dèrèng sawêg dipunraratêngi |
sakêdhap êngkas mèh sampun |
dhadharan kang wus mirantos ||

22.
Iya saosanamu |
saanane ladèkna kang mungguh |
lan tekone rinta gawanên mariki |
satenongane dèn-gupuh |
kang rayi matur wus saos ||

23.
Garwèng rayi agugup |
angladèkkên pateyan nèng ngayun |
sêlir samya anampa dhulang tup saji |
kakarangan praptèng ngayun |
Turida lan rayi gupoh ||

24.
Ingkang nata ing ngayun |
pisang mas jambu kêlampok arum |
salak pakèl kuwèni durèn lan manggis |
pijêtan dhuku kapundhung |
srikaya lan pêlêm dodol ||

Jilid 5 - Kaca : 125

25.
Nanas kêrêtan têbu |
sêmangka jingga kêtela-gantung |
miwah olah-olahan kang adi-adi |
randha-kèli rara-mêndut |
pipis-tuban pipis-kopyor ||

26.
Sêmpurna lèmèt pasung |
gantal lêmpêr lan sêmar-tinandhu |
plèrèt gêmpol apan kopyor rujak kawis |
clorot jênang pathi sagu |
juwadah lan jênang dodol ||

27.
Wus sumaji sadarum |
munggwing piring lancaran kang jêpun |
Jayèngwèsthi alon dènnya ngancarani |
suwawi kakang sang bagus |
karana Allah kemawon ||

28.
Sang tamu lingnya arum |
sangêt yayi ing panrimaningsun |
botênb sagêt amangsuli gênging kang sih |
kang rayi kalih turipun |
kang botên-botên rinaos ||

29.
Kawula pan wus saguh |
amadhangkên kakang ribêdipun |
sêlat-sêlotipun mangke sêdhêng wêngi |
mugi sasambèn rumuhun |
rayinta (ng)gyanipun sugoh ||

30.
Nulya samya amundhut |
dhahar dhêdhaharan sakarsanipun |
Amongraga mung pisang mas saulêr thil |
dhinahar nugêl ping pitu |
gutuk tugêl dènnya atop ||

31.
Jayèngwèsthi ngling kalbu |
nora jamak cicike wong iku |
layak mingkup ususe amung sadami |
mung gêdhang saulêr tuwuk |
dèn-onjot-onjot ing atob ||

32.
Jayèngwèsthi tan antuk |
dènnya sasambèn nyamikanipun |
Jayèngraga dhahar bikut maratani |
tan winuwus dangunipun |
Jayèngwèsthi lingira lon ||

33.
Marang ing garwanipun |
hèh yayi (ng)gonmu angliwêt mau |
liwêt tambra gajihe ayam kêbiri |
pariksanên lamun uwus |
nuli ladèkêna kono ||

34.
Gya pinariksa sampun |
rimat sadaya saosanipun |
Ni Turida rêrasan lan Rarasati |
anèng wisma ting kacêmut |
samya ngungunnira karo ||

35.
Turida ris amuwus |
ya talah dhayoh kae kalangkung |
jatmikane aruruh apik acicik |
wong mangkana kae patut |
dadiya pripeyan munggoh ||

Jilid 5 - Kaca : 126

36.
Lawan salaminipun |
Ki Jayèngwèsthi tuwin bojomu |
kadhayohan nora kaya dhayoh iki |
rahabe rakêt sadulur |
nora mambu nêmbe tumon ||

37.
Tan ana sisigènipun |
kaya ana kalêthêking kalbu |
bêbatangan bae besuk badhe dadi |
iya paripeyanamu |
Rarasati matur alon ||

38.
Inggih kados puniku |
lêrês pêmbatang paduka tuhu |
dugi kula tiyang punika angilmi |
yèn mangke rêrasan ngèlmu |
kula pêthèk sami kawon ||

39.
Pun tamu ingkang unggul |
katawis tajêm polatanipun |
sinaguhan sêmunipun wus madhangi |
Turida nauri muwus |
ayake iya mangkono ||

40.
Lah payo wis mring ngayun |
ywa kasuwèn yèn sêlak pinundhut |
para sêlir ingirit majêng mring ngarsa |
anampa rampadanipun |
dhêdharan pinire maro ||

41.
Bubucu dinok ngayun |
liwêt tambra ngalênga kumênyus |
jangan pindhang-sungsum kare cara kaji |
brongkos sambêl-gorèng mangut |
basêngèk pitik lan opor ||

42.
Pes-pesan tambra palung |
bêsèngèk angsaran kêlalèn klulung |
gogorèngan bontot burcèt kathik glathik |
johan dêrkuku cuwiyun |
gangsir êmprit-pêking bondhol ||

43.
Dhèndhèng age bêtutu |
êndhog bêkamal pindhang cêrubuk |
babat galêng sêrêgan lan kalak ati |
sajenan kêrupuk-têrung |
srundèng êmpal ragi abon ||

44.
Sate pal êmpuk duduh |
lalaban kêrai terong timun |
sambêl lethok lombok kêncêng lawan pêtis |
kêcêmèh lan parewêlut |
têmu poh kacang gêleyor ||

45.
Wus sumaos ing ngayun |
kèndêl kang garwa sarwi akêbut |
Jayèngwèsthi alon dènnya ngancarani |
sumangga kakang tuturuh |
lajêng wijik toyèng bokor ||

Jilid 5 - Kaca : 127

46.
Wusnya wêwanting wau |
kang garwa rayi tan kêna kantun |
samya kêmbul kalima dènnira bukti |
Amongraga pulukipun |
sawohing tanjung kang ijo ||

47.
Kinêpêl-kêpêl dangu |
nganti atos bundêr lir binubud |
tinakêra gutuk puluh lan kang rayi |
ulam mung karupuk-têrung |
kang dhinahar lan têmu poh ||

48.
Dènnira dhahar sêkul |
liwêt tambra namung patang jumput |
langkung tamban pamamahe nganti-anti |
anganti salêmbutipun |
tan akêcap ngêlêt alon ||

49.
Jayèngwèsthi andulu |
sasmitanira sinamun-samun |
osiking tyas wong iki dhasare apik |
cicike saking kapatuh |
maune kêrêp ngêlowong ||

50.
Nadhah saking kêbutuh |
sunat bae datan pati kudu |
ngur dhèk awan rada kèh kalonge kêdhik |
kalonging sêga kur-ukur |
mung saêndhog ayam cebol ||

51.
Jayèngwèsthi arangu |
-rangu dènnya nadhah mung andulu |
lamun kêraos eca dènnira bukti |
sêdhêng bumbune asêngkut |
myat ing tamu milu kêndho ||

52.
Jayèngraga asêngkut |
dènnya nadhah kokoh cekoh bikut |
rab-uraban myang jangan salin-sumalin |
winratan ulam sadarum |
kanthi kasundhulan antob ||

53.
Pan têksih kokohipun |
pêtis rinêmêkan abon rêmus |
Jayèngwèsthi alon muwus mring kang rayi |
êntèkna aja kasusu |
mati pitikmu bêrondhol ||

54.
Jayèngraga gumuyu |
ginuyu mring garwa kang (m)bokayu |
pan sadaya dènnya nadhah angêntèni |
samana wus samya nutug |
Mongraga kinèn tuturoh ||

55.
sarêng dènnira wisuh |
nulya linorod ambêng nèng ngayun |
wus tinampan para sêlir anyariki |
mring pamburi sadaya wus |
Jamal Jamil samya golong ||

56.
Dènnya nadhah ngathêkul |
Jalalodin Nuripin athêkul |
nora tau mangan lawuh kang kadyèki |
samya angêndhoni sabuk |
mênthêng-mênthêng lambung mêdhok ||

Jilid 5 - Kaca : 128

57.
Sampun panglorodipun |
dhêdharan malih tinata ngayun |
Jayèngwèsthi ngling sumangga nulak amis |
Mongraga muwus kalangkung |
narimèng sih têkèng batos ||

58.
Jayèngwèsthi amundhut |
jêram kêprok binêlah kaujur |
Amongraga mundhut rambutan satunggil |
Jayèngraga sêga susu |
kêtan kolak nora êpot ||

59.
Jayèngwèsthi gumuyu |
dene jojodhangan sira iku |
bisa mrênahakên ênggon lêgi-lêgi |
kukuh ganjane kêrismu |
kêncêng tan kêna binêthot ||

60.
Kang rayi sru gumuyu |
sarwi matur langkung kêmbanipun |
botên mangsêg yèn botên nêdha lêlêgi |
lamun kang olah (m)bokayu |
sadhengahipun kemawon ||

61.
Sagêd dumugi bumbu |
kalêrêsan tan wontên kang kadung |
dados kathah eca raosing abukti |
Ki Jayèngwèsthi gumuyu |
pintêr anggênah sireko ||

62.
Amongraga amuwus |
inggih lêrês rayinta puniku |
lamun sarwa sêdhêng bumbunipun ugi |
raosing sangêt anuntung |
kaot piyambak sa-ajom ||

63.
Jayèngraga gumuyu |
ambodhokkên paduka puniku |
dene lêrês anggènkula amastani |
raka ngling andêlna iku |
olèh babah (ng)gêgêm gacon ||

64.
Jayèngwèsthi amuwus |
mring Amongraga wacana arum |
inggih ta lah tan nyana kakang winasis |
tan kêna ngakên balilu |
kacihna (ng)gonne mêmaos ||

65.
Patitis kir'atipun |
alêrês panjang lan cêlakipun |
Amongraga nauri arum amanis |
têtêlat kang wus linuhung |
sayêktine botên enjoh ||

66.
Batine mung puniku |
kewala tungkul pan olèh têmbung |
Jayèngwèsthi nauri dene akunci |
angalingi kawruhipun |
tan kenging angakên bodho ||

Jilid 5 - Kaca : 129

67.
Eca rêrasan dangu |
sinambi dhahar nyênyamikanipun |
sapikantuk dènnira angimbir-imbir |
ngrasakkên raosing ngèlmu |
Mongraga kinarubut ro ||

68.
Jayèngwèsthi lon muwus |
Turida sira karo adhimu |
wis tilarên nèng wismanirèki |
nanging ywa sira aturu |
manira lagya têtêlon ||

69.
Nuripin bae tunggu |
cèrèt ing anglo dimèn kinêbut |
Kèn Turida mundur lan kèn Rarasati |
Mongraga lêga tyasipun |
tyas lêjar mari arikoh ||

70.
Jayèngraga umatur |
mring Amongraga têmbungira rum |
ngong nunuwun apitakèn kang sayêkti |
kang pundi wujuding ngèlmu |
tan papan tan tulis rêko ||

71.
Kula salaminipun |
dèrèng manggih murad kang ginathuk |
ngèlmu kothong tanpa papan tanpa tulis |
mugi paduka sung tuduh |
wujudipun kang samêrngko ||

72.
Mongraga mèsêm muwus |
yayi de anèh têmên puniku |
kang tinakokakên sawujuding ngèlmi |
tanpa papan tulis iku |
kang kothong ingkang tinakon ||

73.
Èwêd ngèlmu puniku |
pan sumangga yayi ingkang sêpuh |
Jayèngwèsthi nauri sumangga mugi |
wontêna pituduhipun |
pangudinipun patakon ||

74.
Inggih supayanipun |
padhang nêrawang ing manahipun |
pan puniku gêgambènipun kang ngèlmi |
kula inggih dèrèng mangguh |
wujuding ngèlmu kang kothong ||

75.
Mongraga lingira rum |
langkung utamining ngèlmu wau |
yèn tan gèsèh kalawan tanggaping kalbi |
yèn kaplantrang kêlantrang kêpaung |
lir kinjêng tanpa sotya non ||

76.
Dene sajatinipun |
ngèlmu tanpa papan tulis iku |
nênggih Kur'an lan Kitab-kitab sayêkti |
sêmune tanpa sadarum |
puniku pinurih coplok ||

Jilid 5 - Kaca : 130

77.
Saking jilidanipun |
yèn bisa coplok ngalih ing kalbu |
saunining Kur'an wus apil ing galih |
myang kitab apil kacakup |
cap-lêng coplok wus ngalih (ng)gon ||

78.
Kewala anèng kalbu |
kalbu wus wujud ngilmu kang agung |
tan kêna sat tyas wus pangawak jaladri |
mring papan tulis tan ngingus |
tanpa gawe wus tan kanggo ||

79.
Yayi inggih puniku |
ngèlmu tan papan tan tulisipun |
dene ingkang salang suruping tampi |
amangeran dhèwèkipun |
dhèwèke awake bobrok ||

80.
Mung ngêngèl-êngèl wuwus |
wuwuse ngaku-aku amêngku |
kang punika kapêlantrang kawruhnèki |
mila kêdah mrih sumurup |
yèn kêsosol dados gecol ||

81.
Jayèngraga tumungkul |
tyasira kêkandhangan ing kawruh |
graitane pundhês tan thukul sadêmi |
yèn nêdya mawali kawruh |
malah tyas mindhak cumêplong ||

82.
Panarimanya antuk |
wêwatêsan ing kawruh kang luhung |
Jayèngraga ngêgrèpèh umatur aris |
datan anyana saglugud |
coploke ngèlmu ngalih (ng)gon ||

83.
Manggon anèng ing kalbu |
inggih sangêt kasinggihanipun |
dèrèng wontên para pandhita kang alim |
ingkang nampurnakkên kawruh |
kang anjarwani mangkono ||

84.
Ingkang sami têrtamtu |
tan kenging nalimpang saking riku |
nênggih wontên tiyang ahli raos angling |
tunggil kang paduka wuwus |
mêngku angaku Hyang Manon ||

85.
Sangêt kalêsikipun |
sumangga kakang kula rumuhun |
duk paduka tumiyan Ki Tatasjati |
ing pangraos kula sampun |
ing mangke têmahan cebol ||

86.
Jayèngwèsthi amuwus |
mring kang rayi wus manira milu |
ing kawruhe kakangira Amongragi |
wusira ywa ro ing kawruh |
ciptanên nugraha rawoh ||

Jilid 5 - Kaca : 131

87.
Jayèngwèsthi ausul |
maring Amongraga sualipun |
duk wang-uwung durung ana bumi langit |
Allah nèng ngêndi (ng)gènnipun |
myang duk karya jagad kono ||

88.
Langit lan malihipun |
kang thukulan lan gumrêmêt iku |
miwah gunung sagara lan kali-kali |
kang pundi sayêktosipun |
waune lawan samêngko ||

89.
Jayèngwèsthi asêngkut |
mathênthêng wadi pitakonipun |
yèn wong tembre-tembre arang kang ngawruhi |
nadyan para kaum-kaum |
kajaba oliya yêktos ||

90.
Amongraga duk ngrungu |
têka gumuyu wardayanipun |
patakone apa baya amung iki |
kang binuntêl kang kinandhut |
Mongraga nauri alon ||

91.
Mênggah basa puniku |
duk wang-uwung kabèh durung wujud |
bumi langit saisine durung dadi |
punika apan la takyun |
kun ingkang ana ing kono ||

92.
Lagi ora puniku |
lan lagi-lagi nanging-nanging kun |
durung-durung nging nokat wilayat gaib |
tri gaib-gaibul guyub |
gaib uluwiyah rêko ||

93.
Gaib uluwiyahipun |
gaib tigang prakawis puniku |
pan kalangkung ngèlmu punika arêmit |
kang la takyun muradipun |
kang pêsthi anane linyok ||

94.
Kun apan muradipun |
lagi bae tan kêna binêstu |
nokat wilayat gaib punika wingit |
wit tanpa karana iku |
tan ajali pribadi pon ||

95.
Gaibul guyub iku |
pêsthi amor tan katon dinulu |
gaib uluwiyah iku kang wus pasthi |
têtêp nèng sajroning limut |
pêtênging pêtêng tan katon ||

96.
Gaib uwiyah iku |
mêsthi têtêp nèng papadhangipun |
padhanging apadhang datanpa aling-aling |
nêrantang tan lamuk-lamuk |
samonoa pon tan katon ||

Jilid 5 - Kaca : 132

97.
Punika muradipun |
dene ingkang kak kakekatipun |
sanyatane pun bumi kalawan langit |
langit bumi jatinipun |
bumi ngakal kang sajatos ||

98.
Mangka duk wangwungipun |
sadurunge bumi langitipun |
inggih sadèrènge wontên akal budi |
budi kita kang satuhu |
tuhu ananing Hyang Manon ||

99.
Anane tan kadulu |
tan kêna yèn dinalih dinulu |
yèn ta dèrèng maujud akal lan budi |
mênêng mung mênêng puniku |
ênêng êning wus pana pon ||

100.
Puniku jatinipun |
nyataning nyata kawruh wus pupus |
Jayèngwèsthi tustha manahe kajatin |
kalangkung dènnira ngungun |
sapandurat tan miraos ||

101.
Yêktine mung puniku |
kang kinarya gêm salaminipun |
ing têngahe mangke wontên kang jawabi |
kalihe osiking kalbu |
wong iku tuhu kinaot ||

102.
Lawan (ng)gonningsun ngandhut |
durung ana kang bênêr salugut |
panjawabe mung wong iki kang patitis |
dalênge kadya balilu |
tan nyana yèn wus sumrowong ||

103.
Têka mangkana wau |
kalih osike jro nalanipun |
Amongraga angling malih rum amanis |
dalêm wêdalna sadarum |
kabèh ngèlmu kang kinaot ||

104.
Pintên banggi wakingsun |
manawi sagêd ambatang ulun |
Jayèngwèsthi Jayèngraga saurnya ris |
êntèk tan wontên kang kantun |
kang anèng gêgêdhongingong ||

105.
Sun dugi dèrèng putus |
pun kakang dene pindha balilu |
tan andimpe kalamun sampun linuwih |
Ki Amongraga sumaur |
langkung saking sukur ingong ||

106.
Yayi (ng)gonnira gunggung |
narima saking sihing Hyang Agung |
kang liningan kalihe suka sêmu jrih |
angling kakang pan satuhu |
botên agunggung ragèng-ngong ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (28) Kaca 107 – 115
  • (30) Kaca 133 – 137 >