Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434703
Hari ini     :Hari ini :103
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :169
Bulan ini   :Bulan ini :3332
s/d hari ini   :s/d hari ini :434703
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 14

Kontak Admin.

email-kidemang

 (35) Kaca 168 – 174

 

( Utamining kêlakuwan kêdah pana dhatêng dat, sipat )

Lajêng kasambêt bab utamining kêlakuwan kêdah pana dhatêng dat, sipat, apngal dumugi tekad pungkasan, i.p. sarengat tuwin makripat.

5. Dhaupipun Sèh Amongraga kalihan Nikèn Tambangraras.

Ki Bayi Panurta rêmbagan kalihan putranipun kêkalih bab Nikèn Tambangraras prayogi kajodhokakên kalihan Sèh Amongraga. Kasuwun Ki Bayi sajarwa dhatêng Sèh Amongraga, wasana sasampunipun ngaturakên sêjarahipun wiwit bêdhahipun Giri, Sèh Amongraga nayogyani kanthi panyuwun paningkahipun sampun andhatêngakên suka-suka. Ki Bayi Panurta sakulawarga sami sukur. Nikèn Tambangraras suka ing manah.

Ki Bayi Panurta paring pitutur dhatêng Nikèn Tambangraras bab utamining wanita winêngku ing priya.


Kaca 168 – 175


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 5 - Kaca : 168

355 Sinom

72.
Ngrasèhkên Ijêmak Kiyas |
sarya sêdya angantêpi |
dèn-toh-jiwa dèn-angrasa |
wirang yèn tan anglampahi |
dene kang kaping kalih |
makripate tekadipun |
kêdah eklas amberat |
ing misil karana lahir |
tan marduli ingkang kipayah kal-donya |

73.
Dènkirigakên sadaya |
sêmbahyang ngaji tan sudi |
tan kêpengin majêmukan |
tan kadêrêng nyandhang mukti |
tan kapengin kamuktin |
nendra rajah têmah nginum |
tan parduli sadaya |
pan amung dhatêng Hyang Widi |
kang kaèsthi majênun mungguling Allah |

74.
Punika tekad kang tama |
cangcalan cêcalon dadi |
ing kasidan pinardika |
kang angga saingga katri |
muyêg tumruna adi |
tan ana lêng-olêngipun |
bèsèr wohe ngayangan |
punika ingkang supami |
salah satunggale aywa apepeka |

75.
Ki Bayi angling nor-raga |
inggih kasinggihan ugi |
tyaskula sangsaya padhang |
nêrawang datan kalêmpit |
rumaos tekad sisip |
ing ngèlmukula kang wau |
mangke wus angsal brêkah |
winulang jatining ngèlmi |
inggih mugi kinuwatna dening Allah |

76.
Sarta sawabe pun anak |
kang tansah kawulapundhi |
lah kapriye kono sira |
kulup apa kaya mami |
matur kang putra kalih |
inggih ing manah saèstu |
tan pae lan paduka |
kathah indhakipun wêning |
andhêradhag tyaskula kadya pinilar |

77.
Wus samya suka pirêna |
datan mamang ing pangèsthi |
Sèh angling Alkamdulilah |
Allah ingkang nêmbadani |
lulus santosèng ngèlmi |
kang rimbag iktekadipun |
yata malih ngandika |
mring rama myang rayi kalih |
lamun parêng paduka sami kundura |

78.
Kawula arsa iktikap |
tangat palilah ing ratri |
anuwun maklum paduka |
mugi paduka lilani |
Ki Bayi Panurta ngling |
inggih sumangga aplalu |
payo kulup alinggar |
madal pasilan umijil |
ingkang putra kalih umatur sumangga |

Jilid 5 - Kaca : 169

79.
Nulya mêdal katrinira |
santri Luci angêluti |
pinire ingkang dhêdharan |
dènnya têtêbah wus rêsik |
mulya mundhut paguling |
kajang sirah klasa batu |
tinata anèng langgar |
sira Ki Sèh Amongragi |
mring patirtan susuci sawusnya kadas |

80.
Mring langgar tangat palilah |
tan cinatur solahnèki |
yata Ki Bayi Panurta |
nèng wisma lan putranèki |
Jèngraga Jayèngwèsthi |
Ki Bayi alon amuwus |
tanya èsmu sungkawa |
mring garwa Nikèn Malarsih |
priye mau tutugêna tuturira |

81.
Lan sutanta Tambangraras |
dene nora na kaèksi |
kang garwa matur pasaja |
putra paduka pan lagi |
atangat ing awêngi |
sasontên mila andulu |
nginte lawan kawula |
malêthèk kajang rong nyari |
aleyangan saêlêr gapit jêjêdan |

82.
Kawula inggih kadyèka |
sami nêdya aniniling |
myarsa (ng)gyan paduka bantah |
lan tami sang Amongragi |
uning sasolahnèki |
paduka pan jinatèn wus |
putranta Tambangraras |
kalêsêdan dènnya linggih |
kados lamun kawuron myat tamu tama |

83.
sarêng paduka ngandika |
ibunta punapa kenging |
mênggah ing basa punika |
tamu dalêm matur aris |
[.
.
.
] |
sayêkti wontên anggêripun |
angsal bêkti ing priya |
agung ganjaran pinanggih |
putra tuwan asênggruk-sênggruk karuna |

84.
lajêng mantuk maring wisma |
anumpa tangatirèki |
sapunika dèrèng kêndhat |
putranta kandhuhan kingkin |
sumangga (ng)gyan anggalih |
putra paduka puniku |
saèstu wus kantênan |
brangta mring Sèh Amongragi |
mugi-mugi kagaliha putra tuwan |

85.
Kang rama tyasnya wus lêjar |
myarsakkên aturing siwi |
wusana alon ngandika |
ingsun nuruti sirèki |
yèn wus padha ngrêmbagi |
sun têmbunge mêngko esuk |
matur inggih prayoga |
yèn paduka wus marêngi |
pan sadalu dènnira arêrêmbagan |

86.
Wanci wus akir ijabat |
manjing Subuh pajar gidib |
myarsa swaraning wong adan |
ing langgar Ki Jamal Jamil |
nulya mring masjid |
jalu èstri samya Subuh |
mung Nikèn Tambangraras |
Subuh ing wisma pribadi |
wusnya kadas sadaya sami asunat |

Jilid 5 - Kaca : 170

87.
Wusnya sunat nulya kamat |
Sèh Mongraga angimami |
ngangkat usolli parêlal |
Subêki rakangatèni |
ada-an imamami |
lilahi tangalahu |
akbar tasbih kabiran |
alkamdulilahi kasir |
ran wa subkanallah bukratan wasilan |

88.
Lajêngira maca wajah |
ini wajahu wajêhi |
ya aliladi pataras |
samawati wa arli |
kanipan muskinani |
wa mahyaya wa mahmatu |
ila almurikina |
nulya takbir kang makmumi |
Amongraga pasêkat Patekahira |

89.
Wacan sawuse Patekah |
surat Sujadawalnèki |
akire wusing Patekah |
surat Kasar kang kinardi |
panjang wawancanèki |
ing Sujada mawi sujud |
dadya dangu dêgira |
tumaninahira trêtib |
ingkang makmum sadaya kalangkung rêhab |

90.
Datan ana kang kuciwa |
trap tingkahe kang ngimami |
kang salat antaranira |
prapta ing tahyat kang akir |
salawat atasing Nabi |
myang atas kulawargèku |
tumaninah iptitah |
nulya salam awal akir |
bakda salam pupujiyan sasarêngan |

91.
Nganyut-anyut swara rampak |
wus pupuji nulya dhikir |
lalagon lajêng asantak |
ambata rubuh kapyarsi |
wus kawanatus dhikir |
numpa donga limang wêktu |
kang nasib Jayèngraga |
swaranira rum amanis |
wusnya donga sêlawat asêsalaman |

92.
Miwah kang samya asolat |
ing masjid mangu pan asri |
ing mangu kang dadya imam |
kêtib Kyai Nursukidin |
gilir lan Talabodin |
kang salat ing masjid agung |
sabên kang dadya imam |
Ki Pangulu Basarodin |
kadhang Kyai Bayi Panurta piyambak |

Jilid 5 - Kaca : 171

93.
Swaranira sêsauran |
kang lagya arame dhikir |
wênèh sawêg pupujiyan |
myang lagya (n)donga anasib |
piniyarsa mêwahi |
asri sênênning desa gung |
sabên kang kuwat-kuwat |
santana sudagar sugih |
nadyan pipit masjid piyambak-piyambak |

94.
Wêktu Subuh Mahrib Ngisa |
rame swarane sarênti |
warata sadesa pisan |
kathah sabawaning santri |
tuwin yèn nuju sasi |
Ramêlan trawèhanipun |
sagolongannira |
karsanira Kyai Bayi |
satus trawèh sajroning ing Wanamarta |

95.
Tan wun arjaning kang desa |
yata kang salat ing masjid |
sira Ki Sèh Amongraga |
wus bakda Subuh anuli |
tangat Loka akasil |
nêm rêkangat tri salam wus |
dhikir tapakur ing Hyang |
mupid dènnira awirit |
sawusira luwar saking pasuhulan |

96.
Nulya samya lalênggahan |
lan rama myang ingkang rayi |
Jayèngwèsthi lan Jèngraga |
wus wau bakda anganti |
dhêdharan gya sumaji |
Sumbaling Cênthini wau |
kang ngladèni ing ngarsa |
pateyan lan wedang kopi |
gêmblong lèmpèng tan-kolak juwadah jênang |

97.
Ledre isèn lawan bikang |
puthu gêdhang mayang cangkir |
glali-sutra jênang-caca |
surabi lan kupat mujid |
bakaran pisang kuning |
bakaran dhèndhèng ginêpuk |
wus tinata nèng ngarsa |
Sumbaling cèthi Cênthini |
mundur sarwi (m)bêkta tup saji karangan |

98.
Luci kang têngga cèrètnya |
uthi anepassi gêni |
mangkana Sèh Amongraga |
aris matur mring Ki Bayi |
punapa wus kaèsthi |
masalah mênggahing ngèlmu |
manawi wontên ingkang |
karaos sumêlang galih |
inggih mugi paduka anglairêna |

99.
Miwah putranta kalihnya |
punapa sampun anunggil |
manawi salayèng karsa |
tuwin kirang rêsêpnèki |
prayogi kang kawijil |
karana Allah apllalu |
(ng)gyan tuwan sarasehan |
lan putranta yayi kalih |
ing rujuke kang ujar wau punika |

Jilid 5 - Kaca : 172

100.
Ki Bayi aris aturnya |
botên anggèr (ng)gih sayêkti |
apan ta mamang samêndhang |
ujar punika wus êning |
sayêktine nakmami |
ibunta duk panggih mring sun |
yata mêdhar pasaja |
saliring solah sakalir |
saraose sira Ki Bayi Panurta |

101.
Andhêku Sèh Amongraga |
myarsa lingira Ki Bayi |
putra kalih nambung sabda |
mangrêpa aturirèki |
kathah-kathah minta sih |
mring Amongraga mlas-ayun |
yata Sèh Amongraga |
umatur marang Ki Bayi |
pan amêdhar sajarah nênggih ing lampah |

102.
Asal-usule wus jarwa |
nênggih duk rusakirèki |
nagari ing Sukaraja |
wus jinarwakakên sami |
Ki Bayi duk miyarsi |
lawan putra kalihipun |
anjêtung ngêmu waspa |
sadangunira alinggih |
saking dening ngunngun myarsa tuturira |

103.
Sadaya ciptaning nala |
tan bodho kêncêng tyasmami |
nyata wijiling ngawirya |
trah kusumandana warih |
turasing amêrtapi |
ngulama abangsa luhur |
nulya nutugên rêmbag |
yata Ki Sèh Amongragi |
anuruti yèn wus panggih kadangira |

104.
Samangke langkung lênggana |
Ki Bayi ngêmu waspa ngling |
tanapi putra kalihnya |
aturnya angasih-asih |
yèn ta lamun wus panggih |
sakarsa rinta puniku |
tan ketang mung sadina |
ing panggih tilarên gampil |
mung wêlasa mring rayinta lir kukila |

 

356 Dhandhanggula

1.
Langkung awlas Ki Sèh Amongragi |
aningali mring Bayi Panurta |
tuwin ing ari kalihe |
wusana ris umatur |
karsa tuwan amba umiring |
nanging panuwunamba |
ing tuwan pukulun |
sampun (n)dhatêngakên suka |
inggih dipun sagêd rumêksa ing kami |
rèhning ngêmong turida ||

Jilid 5 - Kaca : 173

2.
Kyai Bayi wus sagah ing jangji |
apan samya turut-tinurutan |
cumêplong bolong driyane |
ical riringanipun |
suka bungah sajroning galih |
narima maring Allah |
ciptèng tyas katuju |
ana lêgane kang karsa |
yèn tan payun kapriye ing solahmami |
kaya tan anèng donya ||

3.
Kyai Bayi Panurta ngiling aris |
marang ingkang putra kalihira |
kinèn ambêkta-a age |
marang ing wismanipun |
apan sarya winêling-wêling |
ing salir solahira |
ing saturutipun |
putra kalih wus atampa |
nulya matur Jayèngwèsthi mring Mongragi |
sumangga kundur mêdal ||

4.
Ki Panurta anambungi aris |
inggih prayogi yèn parêng ing tyas |
mijil kundur ing wismane |
ing rayinta kang sêpuh |
Jayèngwèsthi nyarèhkên pikir |
kawula pirêmbagan |
ing tumuntênipun |
Sèh Mongraga tan lênggana |
wusnya pamit sêsalaman binêkta glis |
mantuk mring wismanira ||

5.
Yata kundur wau Kyai Bayi |
praptèng wisma panggih lan kang garwa |
duk lênggah lawan putrane |
nulya winartan sampun |
ingkang garwa salir ing nguni |
kalangkung sukanira |
garwa duk angrungu |
ana kêdhik sêngkêling tyas |
dene putra lagya ana dènkarsani |
sawêg manggih sungkawa ||

6.
Nikèn Tambangraras duk miyarsi |
pangandikanira ingkang rama |
sukèng tyas ana sêngkêle |
kang dadi sukanipun |
tan andimpe yèn trah priyayi |
kang dadi sêkêlira |
dene ngêmu wuyung |
nanging dyah waspadèng tingal |
nadyan silih dhumatênga lara pati |
luluha wus sinêdya ||

7.
Dene antuk ngulama linuwih |
sêdya krama ing donya akerat |
mangkana wau ciptane |
dènnya lênggah tumungkul |
nèng ngarsane ramanirèki |
kang rama angandika |
babo putraningsun |
mung sira woding wardaya |
bêgjanira ana kang sira karêpi |
kêpalang sêkêling tyas ||

8.
Nanging narimaa lamun pêsthi |
palaling Hyang kang paring mring sira |
nanging wêkasingsun anggèr |
kang putra gya winuruk |
salir ingkang wong palakrami |
ondhe kang kina-kina |
èstri kang wus kasub |
bêbaku dèwi Patimah |
sorsoranne Aklimah garwèng wong krami |
kakunge ala tuwa ||

Jilid 5 - Kaca : 174

9.
Pan winartan patraping mring laki |
wontên malih dara Murtasiyah |
mring kakung Sèh Ngarip trape |
lan Joharmani iku |
antêpira adarbe laki |
wus pinajar sadaya |
salir solahipun |
kang putra sarêng miyarsa |
andikane kang rama sang rara nuli |
tumungkul rawat-waspa ||

10.
Poma wêkasngong mring sira nini |
nêm prakara tekading wanita |
ingkang wus muktamad rasêh |
parèstri kang linuhung |
ageyongan ing nêm prakawis |
tinuwajuhkên ing tyas |
tan mèngèng sarambut |
èstri kang dadi lêpiyan |
kae mau kang suntuturkên sirèki |
lire kang nêm prakara ||

11.
Dhingin wêdi kapindhone asih |
kaping têlu sumurup ing karsa |
kaping pat angimanake |
ping lima (m)bangun-turut |
kaping nême labuh ing laki |
lire wêdi sira ywa |
wani ngrusak wuwus |
kabèh sapadhane ngrusak |
lire asih aja kêmba sira nini |
rahabmu marang priya ||

12.
Êndi kang dènkarêmi ing laki |
sira mèluwa rahab kang trêsna |
sabab sih tunggal wujude |
nalikane kayungyun |
kang sinung sih lan kang ngasihi |
tan pae ing paeka |
miluwa sih lulut |
lire sumurup kang bisa |
amèt ati ing priya kang anyondhongi |
apa kang dadi cipta ||

13.
Pêpanganan bubungahan tuwin |
ing lêlèjêm sasmitaning priya |
priya rujuke karsane |
lire ngimankên iku |
ngeling-eling walêring laki |
tan ngilang-ilang wulang |
anggugu mituhu |
lire (m)bangun-turut ingkang |
anglakoni sapakon-pakoning laki |
ywa wangkot ing sakarsa ||

14.
Abot ènthèng saèn wirang isin |
kinarya la ayu ing sawiyah |
-wiyah linakonan bae |
lire kaping nêm labuh |
tan onjodan datan mangêni |
tumamèng lara pêjah |
tan nilar tan kantun |
toh jiwa donya akerat |
aywa duwe tyas rêngkêd kang êsak sêrik |
lilakna angganira ||

15.
Ywa pilih ing kadadeyanèki |
angandhêmi dènnya nut ing priya |
tan sumêlang pamêlênge |
iku rara dènemut |
dalil èstri kang angramati |
kang brangta maring tekad |
lir tuturku mau |
wong wadon kang dadi iman |
ya alapên bêrkahe supaya olih |
ganjaraning akrama ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (34) Kaca 166 – 167
  • (36) Kaca 175 – 178 >