Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

(36) Kaca 175 – 178

 

( Amiwaha dhaupipun Nikèn Tambangraras

kalihan Sèh Amongraga )

Ki Bayi Panurta paring dhawuh dhatêng rayi-rayinipun bab anggènipun amiwaha dhaupipun Nikèn Tambangraras kalihan Sèh Amongraga. Pamiwaha tanpa suka-suka pinanggih ewuhaya, jalaran putra putri namung satunggal, nanging calon pangantèn kakung botên kêrsa pinahargya kanti suka-suka.

Mila namung badhe kawaradinakên sadhusun, botên ngaturi para priyayi ing nagari.


Kaca 175 – 178

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 5 - Kaca : 175

356 Dhandhanggula

16.
Bakal jodhomu iku linuwih |
wahyu ngulama gung tur oliya |
dhasar trah ngawirya gêdhe |
lah dènbisa sutèngsun |
kudu ngati-ati ing kapti |
adat bangsa wibawa |
kêdah sira wêruh |
ngawruhi dalu lan siyang |
sakarsane aywa wani mamaoni |
tobata ing Pangeran ||

17.
Sabab kakung wus tinitah jais |
angratoni ing dyah donyèngkerat |
anrapakên kukumahe |
purba wisesanipun |
mring wanita uwus jinais |
mulane sira rara |
tyasira kang sukur |
dèn-gêdhe panrimanira |
maring priya ingkang bêkti anggusti-gusti |
poma dènwêdi sira ||

18.
Nikèn Tambangraras duk miyarsi |
ing wuwulangira ingkang rama |
lir taru katrêsnan dene |
jawuh upaminipun |
tyasnya sêmi amiminihi |
ambêg kumba susila |
tyas musthika luhung |
tumungkul angêmu waspa |
angling malih Ki Bayi mring garwanèki |
rubiyah tutugêna ||

19.
Awêwarah mring sutanirèki |
manirarsa nimbali rinira |
wèh wêruh sarta rêmbuge |
kiyai nulya mêtu |
angandika mring santri Luci |
Luci sira undanga |
kabèh dhi-adhimu |
santri Luci sigra mentar |
nimbali sadaya ingkang para ari |
tan dangu nulya prapta ||

20.
Ki Suharja lan Wiradhusthèki |
Kulawirya Panukma Panamar |
gêpah narka ana gawe |
asaguh anèng ngayun |
samya condhong karsa (n)jêng Kyai |
KI Bayi lon ngandika |
mulane sirèku |
sadaya samya ngong-undang |
ngong wèh wêruh yèn pupulunanirèki |
ya Nikèn Tambangraras ||

21.
Ngongdudutkên bae olèh santri |
santri moyang anyar saking Karang |
lagi tuture maune |
basa wusananipun |
ngulama kas trahing amukti |
aran Sèh Amongraga |
wijiling ngaluhung |
sira padha andongakna |
yèn pinarêng maring Hyang kang Maha Luwih |
jodhone pulunanta ||

Jilid 5 - Kaca : 176

22.
Nikèn Tambangraras lan Mongragi |
muga salamêta sihing Suksma |
têtêpa dadi jodhone |
ri sadaya andhêku |
nêmbah matur ngaturkên puji |
mugi Allah marêngna |
inggih dhaupipun |
para ri matur ing raka |
amba datan myarsa yèn wontên têtami |
sawêg sêrap punika ||

23.
Ingkang raka angandika malih |
apa sira durung wruh warnanya |
pra ari umatur dèrèng |
Kulawirya umatur |
kula ingkang midhangêt warti |
saking pun Carmasana |
duk têmbene rawuh |
nèng wismane Jayèngraga |
pan kawarti santri saking Karang èdi |
putra sangêt sihira ||

24.
Ki Baywa ngling ya bênêr sirèki |
(n)jujuge nèng wismane nakira |
kang nom Mongraga praptane |
mêngko kabèh sirèku |
mampira wismane Jèngwèsthi |
yogya padha panggiha |
lan bakal alomu |
para ri matur sandika |
nêmbah mundur saking ngarsane Ki Bayi |
mêdal mring wismanira ||

25.
Kyai Bayi kundur mring wismèki |
pra ri samya marang wismanira |
Jayèngwèsthi ing jujuge |
yata wau kapangguh |
sasalaman agênti-gênti |
wus tata dènnya lênggah |
samya (m)bagèkkên wus |
Jayèngwèsthi ris turira |
pan punika paman paduka kang rayi |
(n)jêng rama sami priya ||

26.
Amongraga ngling inggih utami |
mindhak santosa ing sarakira |
pra paman myat ngungun tyase |
pasang pasêmonipun |
samya muji layak trah luwih |
katarèng solah-bawa |
cahyane sumunu |
tumeja angulat-ulat |
Ki Suharja wusana têtanya aris |
mring Ki Sèh Amongraga ||

27.
Dhuh anakmas sun tanya ing pundi |
asal kamulyanipun anakmas |
Sèh Mongraga lon ature |
saking Karang satuhu |
têbih-têbih kawula prapti |
ngalap bêrkah rakanta |
(n)jêng kyai kalamun |
winêjang ngèlmu raos kak |
Amongraga ing wadi mêksih akunci |
kang paman sadayanya ||

28.
Sampun sami maklum ing wawadi |
wus winêngku liya kang rinasan |
bab sarengat tarekate |
nutug sadangunipun |
dènnya samya rêrasan ngèlmi |
nulya samya pamitan |
mring kang putra gupuh |
ingandhêg dhahar tan arsa |
mung ngong parlu papanggih rèhning tinuding |
sigra sêsalaman ||

Jilid 5 - Kaca : 177

29.
Tan cinatur solahirèng uni |
nalikane ing sawiji dina |
Kyai Bayi Panurta-ne |
anèng pandhapanipun |
lênggah lawan garwanirèki |
putrane tinimbalan |
tan adangu rawuh |
Jayèngwèsthi Jayèngraga |
anèng ngarsa Ki Bayi ngandika aris |
karo padha majuwa ||

30.
Payo padha pipikiran iki |
saenake rinêmbug wong papat |
gawene kakakngmu kiye |
dene panjalukipun |
kakangira Sèh Amongragi |
riringkêsan kewala |
tyase maksih wuyung |
lamun manira ringkêsa |
priye malah anak pawèstri sawiji |
anandhang rara tuwa ||

31.
Nganti kalangkahan kakang kalih |
sira kalawan Ki Jayèngraga |
yèn sunrowa kaya priye |
Jayèngwèsthi umatur |
pan prayogi dipunturuti |
ringkêsan krana Allah |
amung parlunipun |
ewa punika sumangga |
ing sakarsa sampeyan kula umiring |
Ki Bayi angandika ||

32.
Sira priye suta ngong taruni |
apa iya kaya kakangira |
Ki Jayèngraga ature |
mênggah ing aturulun |
kadospundi lamun sinêpi |
prayoganipun rowa |
ing sawawratipun |
ing sariringkêsanêya |
kulawarga tiyang sadhusun puniki |
punapa tan miyarsa-a ||

33.
Pra santana wiwah magêrsari |
sintên ingkang dipun arsa-arsa |
mung (n)jêng tuwan lan liyane |
lan kaping kalihipun |
pan pikantuk sunat utami |
Jayèngwèsthi acipta |
mring rayi andulu |
Jayèngraga anor tingal |
ingkang raka nambungi wacana ririh |
ya bênêr aturira ||

34.
Nanging iku rada ninisani |
karsane kyai durung winêdhar |
kang ibu lon andikane |
kaya bênêr adhimu |
tan ngapêskên ramanirèki |
yèn rinowoa pisan |
pêsthi asung wêruh |
marang priyayi nagara |
Kyai Bayi Panurta ngandika aris |
wis padha bênêrira ||

Jilid 5 - Kaca : 178

35.
Mungguh manira kang dadi pikir |
sakadare iya kinurmatan |
mung sakulawangsa bae |
êmbuh tumpêng sabucu |
rinayab ing brayat pribadi |
lan wataranên pira |
wong sadesa iku |
Jèngraga matur ring rama |
kados wontên tiyang sèwu malah luwih |
kêjawi padhêkahan ||

36.
Ya mung iku bae kang pinikir |
kêbo salawe kirang cukupa |
kajaba bèbèk ayame |
wis Jayèngwèsthi gupuh |
kakangira Ki Amongragi |
ana-a wismanira |
sira besaningsun |
bêladhahên omahira |
tutuwuhan kêmbar-mayang aja kari |
pan iku ila-ila ||

37.
Kasompokkên kasusu sakêdhik |
iki lagi tanggal kaping sanga |
besuk ping rolas têmune |
pakolih sangatipun |
ing Ahmad-e sore Ngasêr-i |
yèku amung jagongan |
sadintên sêdalu |
ngarah apa riringkêsan |
yèn aja kêpalang mantuku kingkin |
mêsthi limalas dina ||

38.
Jayèngwèsthi (n)dhêku matur inggih |
nuwun sandika ing rèh paduka |
darmi lumampah sapakèn |
kang rama malih muwus |
dene sira Ki Jayèngragi |
amêmataha karya |
(n)dadaka sadarum |
kabèh kulawangsanira |
pra-têlunên wêtuning godhong salêmpit |
kabèh mangsa bodhoa ||

39.
Wong dhukuhan aja na kang kari |
atugura dalêm têlung dina |
lan bojomu konên mrene |
dadya kanthining bumu |
ana kang sun pitayani |
lan paman-pamanira |
rèhên saliripun |
dadakan kang rampung rikat |
ing pakarya aywa na kurangan bukti |
mangsa bodhowa sira ||

40.
Jayèngraga sandika turnèki |
ngling ing garwa iku anakira |
bêlanjanên sacukupe |
Jayèngwèsthi turipun |
nuwun sampun ngantos pêparing |
saking barkah paduka |
kados inggih cukup |
lamun samantên kewala |
Jayèngraga gumuyu mring raka sarwi |
sasmita pranèng basa ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (35) Kaca 168 – 174
  • (37) Kaca 179 – 184 >