Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434730
Hari ini     :Hari ini :130
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :196
Bulan ini   :Bulan ini :3359
s/d hari ini   :s/d hari ini :434730
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 1

Kontak Admin.

email-kidemang

 (39) Kaca 188 – 195

 

( Malêm midadarèni kathah tamu jalêr èstri ing dalêmipun Ki Bayi Panurta )

Malêm midadarèni kathah tamu jalêr èstri ing dalêmipun Ki Bayi Panurta rêmbagan kalihan Ki Sêmbagi bab Pasatoan laki-rabi. Sanèsipun sami lêlênggahan sinambi main catur, wong-wongan, omong-omong, dêdongengan, lêlucon tuwin umyung minangka sarananing wungon. Têrbangan kanthi singiran Jawi lss.


Kaca 188 - 190

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 5 - Kaca : 188

356 Dhandhanggula

98.
Pak Banikêm pak Sungkêm pak Kêmis |
pak Rajiyah pak Kêdah pak Susah |
pêpakan sadaya andhèr |
bêkêl kewala ngayun |
pan kajawi bêkêl pawingking |
samya (n)jagani karya |
acakut aguyub |
myang santrine masjid kathah |
samya (n)darus Kur'an kitab lan tajuwid |
myang usul nahwu sarap ||

99.
Langkung rêma pêpacitanèki |
wedang kopi wowohan gorèngan |
balêbah pangan santri kèh |
tan kirang malah langkung |
yata ingkang anèng pêndhapi |
Kyai Bayi Panurta |
tinarap nak putu |
katonton wibawanira |
Ki Panurta wong sadesa mule sami |
nadyan liyan amanca ||

100.
Langkung asri langêning pandhapi |
linangse pêthak sêdayanira |
pyan lawon lan sasukane |
amrik pandam akurung |
pan daluwang banyu rinujit |
kinêmbang samya dluwang |
ijo lawan biru |
damar-damar ting paluncar |
miwah salêbêting wisma anêlahi |
mubyar tan ana memba ||

101.
Samya gawok sakèh kang ningali |
pan katêmbèn ing desa tan ana |
kabèh jomblong pandulune |
kang jagong samya muwus |
lan rowange caturan ririh |
(n)Jêng Kyai nora jamak |
karyèram pandulu |
aku wruh ing kana-kana |
pra priyayi mantu tan kadi puniki |
rakiting pêpajangan ||

102.
Ki Sêmbagi rêrasan aririh |
ting kêranthuk lawan Ki Jumêna |
ragi awadi anthuke |
Ki Bayi lon amuwus |
lan punapa uwa Sêmbagi |
ingkang dipunwicara |
awadi dinulu |
kalawan paman Jumêna |
Ki Sêmbagi nauri wacana aris |
inggih bab pasatuwan ||

103.
Kyai Bayi gupuh ngandikani |
de punika rêrasan têmênan |
lah uwa nèh tutugake |
ngong kasupèn kêlamun |
uwa sagêd amêmetangi |
pasatuwan wong krama |
awon pênêdipun |
dènmariki uwa paman |
cêcêlakan tunggil lan putrane kalih |
pun Panukma Panamar ||

104.
Ki Sêmbagi Jumêna mangarsi |
wus anunggil Panukma Panamar |
Ki Baywa lon patakone |
wayahdalêm puniku |
Tambangraras lan Amongragi |
kados pundi punapa |
pênêde puniku |
Ki Sêmbagi lon wuwusnya |
ngèlmu Buda beda lan sarak utami |
Ki Bayi lon ngandika ||

Jilid 5 - Kaca : 189

105.
Wus la-ilanya wong laki rabi |
kêdah anggunêm ing pasatuwan |
Ki Sêmbagi wangsulane |
inggih sumanggèng kayun |
kang kapanggih petanganmami |
èstri nêptu tridasa |
langkunge têtêlu |
kang jalu nêptu tridasa |
langkung wolu gunggunge pitungdasa ji |
ingêcèr picis kênthang ||

106.
Crèk-crèk krukup crik andhok dhawah sri |
sinanèskên kang kari ngècèran |
crik andhok dhawah sri manèh |
winor lan kang sri wau |
sakantunne dipunècèri |
crèk andhok tiba lara |
sinèjèkkên gupuh |
crèk andhok dhawah ing lênggah |
satêlase crik andhok dhawah sri malih |
wêtan dhanyange gangsal ||

107.
Ambêgènggèng Ki Sumbagi angling |
ih sae têmên ècèrannira |
pangantèn agêng bêgjane |
Kyai Bayi gumuyu |
amaca Alkamdulilahi |
atanya dêrahira |
Ki Sêmbagi muwus |
dhanyang gangsal (ng)gih punika |
wiwit èstri lungguh gêdhong lara pati |
etang anut ing dhanyang ||

108.
Ki Panurta ngling punapa malih |
kang uwa jar mêksih wontên ramal |
kala-mudhêngipun dèrèng |
pan sami kêkahipun |
nêptuning kang sastra winilis |
aksara kalih dasa |
pan pinara têlu |
sastrane saduman sapta |
ha[...] ra[...] ta[...] la[...] ja[...] ma[...] tha[...] nêptunya niji |
rong duman sastra sapta ||

109.
Na[...] ka[...] sa[...] pa[...] ya[...] ga[...] nga[...] nêptu dwi |
kang têlung duman nênêm sastranya |
ca[...] tha[...] wa[...] da[...] nya[...] ba[...] dene |
nêptunipun anêlu |
pan ingetang jalu lan èstri |
binucal tiga-tiga |
pintên kantunnipun |
yèn kantun tiga palastra |
lamun kantun kêkalih punika sakit |
kantun siji utama ||

110.
Putradalêm punika prayogi |
wiwitane wêkasane susah |
pisah lan yayah-rênane |
wikana pisahipun |
enggal lawas pati lan urip |
têmtu ujaring ramal |
kala-mudhêngipun |
ewa punika sumangga |
tabit Buda manawi cêgah ing ngèlmi |
amawi pasatuwan ||

Jilid 5 - Kaca : 190

111.
Kyai Bayi angling mring Sêmbagi |
langkung kathah ngèlmuning Pangeran |
tan sagêd anacahake |
uwa yèn bab puniku |
yèn tilarên tan mêlarati |
nging Ki Bayi Panurta |
manahe sumênut |
Ki Pangulu datan rêmbag |
ngèlmu kala-mudhênge Kyai Sêmbagi |
myang santri kathah-kathah ||

112.
Ki Panurta ngling mring santri Luci |
sira undangên si Kulawirya |
kang liningan mentar age |
tan dangu nulya rawuh |
prapta ngarsanira Ki Bayi |
kang raka angandika |
bêcik padha catur |
lan kakangmu Ki Panamar |
totohana wêdhus lêmu lan kèbiri |
kang rayi tur sandika ||

113.
Ki Panamar amuwus mring ari |
priye jangjine sira lan ingwang |
mungguh totohane kuwe |
manuta ing matipun |
êmat pidak kalawan êtir |
mat mantri jaran gajah |
kacèk bayaripun |
yèn mat mantri pidak gajah |
apan wêdhus lêmu bayaranirèki |
yèn mat êtir jaranan ||

114.
Sak sukane pan ayam kêbiri |
Kulawirya anauri sagah |
nulya pinasang cature |
Panamar gêlaripun |
kawal supit-urang miranti |
Kulawirya glarira |
êtire tinumpuk |
kukuh kawal kakanthètan |
lêkas maju sag sêg pidak mrih pêpati |
ngungkih angkah-ingangkah ||

115.
Ki Panamar langkung ngati-ati |
nanging pidake kathah kang rusak |
rada katimpah lampahe |
akêcap manthuk-manthuk |
dangu pikir lampahing ngêtir |
Kulawirya angatag |
swawi kadangon wus |
nulya nglampahakên jaran |
pan kasupèn tinggal kawal mangan mantri |
jaran pinangan gajah ||

116.
Dadya gulêd sadhengaha lali |
pangan-pinangan gêsah-ginêsah |
Ki Bayi la-ilu bae |
anggêsah-gêsah tumut |
ngalor ngidul mèlu (ng)gêsahi |
rubungan para tuwa |
suka samya (n)dulu |
kang timpuh wênèh siduwa |
ana ingkang ngêlus-êlus jenggodnèki |
kang cêcathut anglangak ||

Jilid 5 - Kaca : 191

117.
Ki Bayi ngling hèh Wirya dènaglis |
lakokêna jaranmu anggusah |
sigra ginubah ratune |
kenging dènrok tiripun |
tumut (ng)gusah Kiyai Bayi |
Kulawirya asuka |
sah-sah ès-ès suh-suh |
angalênggêr Ki Panamar |
kukur-kukur kerogan tyasira sêdhih |
gatêlên jenggodira ||

118.
Kulawirya kêkêl anyukikik |
ratu mingsêd tir pinangan jaran |
gya tire kinênthêngake |
sarwi alon mêrkungkung |
tuding-tuding tangan kumitir |
dènmatna tir wus êmat |
nanging datan ayun |
ingangkah êmat kapidak |
Ki Panamar ngulat-ngulèt priye iki |
angosog dènnya lampah ||

119.
Sakarine rinampêtkên aglis |
tinadhahan ing kawal kanthètan |
dadya tumpês sadayane |
kari gajah angacung |
Kulawirya saya angikik |
dhasar watak manthêlang |
mangka olèh buru |
tan ering mring kakangira |
anjêgènggèng ngisin-isin bakal iki |
anuntun wêdhus domba ||

120.
Dhasar jambul kabênêran kêndhit |
berok lêmu gimblah jenggodira |
jalamprah kaya jenggode |
Basarodin blêglugu |
ki pangulu ambêkuh ih ih |
(n)dadak nggarap wong tuwa |
Ki Bayi gumuyu |
Ki Panamar rada duka |
ih wong nganom anèng ngarsane kiyai |
polahe cêlangkrakan ||

121.
Kulawirya saya bilik-bilik |
cukakakan Panamar ngling nyêntak |
lah wis ta êmatna age |
Kulawirya gumuyu |
êmat pidak sapapan uwis |
Panamar asok menda |
garundêlan muwus |
bênêr kang ngarani karam |
wong botohan nora patut dènparduli |
bêcik padha cinêgah ||

122.
Kyai Bayi Panurta ngling aris |
mring kang rayi Panukma Panamar |
katri mring Basarodine |
mungguh ing dina sesuk |
wayah apa sangatirèki |
Amate ing paningkah |
Ki Pangulu matur |
punika tanggal ping rolas |
lêrêsipun enjinge wit Jabarail |
Ahmate wêktu Ngasar ||

123.
Wayah wisandamêl Yurup-nèki |
pan sumangga pundi kang kinarsan |
Ki Bayi lon andikane |
utama Ahmatipun |
ningkah Ngasar sorene panggih |
bêbanjuran kewala |
dhasar karsanipun |
nora kaya wong maksiyat |
nganggo ngarak ramèn-ramèn tan marêngi |
karsane Amongraga ||

Jilid 5 - Kaca : 192

124.
Samene kiye wus anglojoki |
malah sunduga tan pati rêna |
karsane ringkêsan bae |
iki saking nyaimu |
bêrkating wong asih ing siwi |
pinalangan tan kêna |
kudu kusung-kusung |
kusunge tan rowan-rowan |
yèn rowa-a pêsthi nyuruhi priyayi |
amung niyat sidhêkah ||

125.
Mangan krasa pêdhês asin thithik |
sêkul sêlayah kêdah pinrutah |
nak putu kulawangsane |
satêngah kaya kaul |
dupèh anak kari sawiji |
manahe ge luwara |
mulane abikut |
manira sêmada wêlas |
apan mèlu karasa ing ati mami |
sutrèstri mung sajuga ||

126.
Pan tumungkul ingkang rayi kalih |
myang Ki Basarodin aturira |
inggih kadospundi malèh |
tyaspaduka dènsukur |
suka rêna ing lair batin |
mapan sampun jaragan |
samya nêdha tuwuk |
sampun mawi susah-susah |
mokal supe wal ngamalun kajiratin |
bikakekati iman ||

127.
Pan gumujêng wau Kyai Bayi |
iya bênêr cêcaturing kitab |
sidhêkah gêdhe pedahe |
ya bangêt tarimaku |
angandika mring santri Luci |
sira mundhuta trêbang |
siji bae gupuh |
Luci sigra mundhut trêbang |
sinaoskên ing ngarsa Kiyai Bayi |
trêbang nulya sinêntak ||

128.
Kyai Bayi angandika aris |
payo padha trêbangan dhèwèkan |
Ki Panukma Panamare |
katêlu ki pangulu |
kapat Luci kalima Jaki |
nênême Pranaita |
kapitune aku |
samya suka kang liningan |
adan lêkas ginêmbrang trêbangirèki |
anulya lêkas bawa ||

129.
Singir Jawa sajak Bintarèki |
ngêlik alot erak-erak sêrak |
pating karêkêl ulonne |
brêkat guru asêmu |
lêlagone pan angunani |
gadhuwul mêmbal-mêmbal |
lulungsuran bêsus |
saurane ya hu-Allah |
tabaraka Allahu robilngalamin |
bakina wa-aba-da ||

130.
Panrêbange kathah kêmpyangnèki |
gêmbrungira nibani irama |
dèningêr-ingêr trêbange |
pong pêg pyak tong ting brèng brung |
nulya nyandhak singir angêlik |
Jaki Luci asênggak |
kêploke agupruk |
lapale singir tanakal |
tubi asla biarbabi saodadi |

kadasamsu pilibra ||

Jilid 5 - Kaca : 193

131.
Jiha tatana kalu kang singir |
nulya sêlawat maca ruwiya |
kèndêl samya asêsambèn |
rare gumêdêr amyung |
tantangan toh pating jarêlih |
thak-thèk sami panggalan |
Ki Baywa ngling hus hus |
bocah padha kênèng tolah |
sok sinau malang jati bolong benjing |
jamak ngaji sêmbahyang ||

132.
Dinukanan sadaya pan ajrih |
samya bubar ngalih (ng)gon kewala |
rubungan panggalan malèh |
kyai duka anêbut |
nyandhak wilah Jaki lan Luci |
kang rare sinabêtan |
bubar byur lumayu |
Ki Jaki nêmu wong tuwa |
ginitikan ngudubilah dene iki |
ana benggole kawak ||

133.
Kyai Bayi duka sarwi paring |
bêbêt putih wus kinèn kapoka |
yata kang nèng jro wismane |
Ni Malarsih alungguh |
lan ipenira kakalih |
Sumbaling datan têbah |
angladèni ngayun |
angayap parèstri kathah |
sami cuki wênèh keyo ting karipyik |
dhakon samya paguywan ||

134.
Pawèstri kang anèng masjid alit |
samya dhikir lêlagon barungan |
cumlêring rêmpêg ungêle |
swara anganyut-anyut |
amêwahi asrining wêngi |
sadalu datan kêndhat |
salin-salin lagu |
ing masjid agêng trêbangan |
santri kathah samya sêlawatan dhikir |
maulut langkung rahab ||

135.
Santri Luci bikut angladèni |
wedang panganan rampadan muncar |
wus pinetang sapatute |
rinampat ingkang mungguh |
angalihi wênèh nigani |
kang ingancak kewala |
nigani sadarum |
pêpak warnining panganan |
lah-olahan woh-wohan sadaya sami |
kaot piring lan ancak ||

136.
Myang wedang tèh manisan nèng bèri |
wedang kahwa manisan nèng dhulang |
lan rokok jambe suruhe |
gembol wêr ingkang mungguh |
rokok dawa miwah tapsirih |
bokor myang panjang-ilang |
wênèh kang winungkus |
waradin sadayanira |
kang jagongan ing mandhapa lan ing masjid |
miwah kang nambut-karya ||

Jilid 5 - Kaca : 194

137.
Tuwin kang anèng wisma pra èstri |
datan prabeda samya rinampad |
ingkang jagongan arame |
mêmangan ting kariyuk |
ting karêcap myang sêgu wahing |
wênèh kandha-kinandha |
tuture agupruk |
dagang maring Surapringga |
prau momotan jaran kèsèr lan sapi |
paraning papasaran ||

138.
Jor-jinoran tutur olih bathi |
ingkang gèthèk bathine gethokan |
lumur sor nutur untunge |
kang tanèn nutur tulus |
anguyangkên nêmpur lèh bathi |
tandho atundha-tundha |
tandha tandhing untung |
panêgar balantik jaran |
tutur tuku bêlo satêngah dadi |
payu sawidak lima ||

139.
Ingkang alul anglampahkên dhuwit |
yèn anggadhe motangkên sareyal |
suwang sigar uyahane |
yèn sapuluh rongpuluh |
sareyale suku sêsasi |
tutur gawe curiga |
sakandêlanipun |
mas ginadhe rolas reyal |
wus bur dinol payu pitung puluh anggris |
kêris thok tan kandêlan ||

140.
Nora liyan kang kinandha sami |
para sudagar tani panêgar |
anèng ngon-ingon kandhane |
jago gêmak brêkutut |
bèbèk banyak pitik gulathik |
êmprit pêthèkanira |
kang payu nêm suku |
samya catur kang turangga |
apêpanthan sagolongane pribadi |
dhalang kandha angruwat ||

141.
Angêtèprês bêbanyolan ringgit |
tangan suraweyan kang minangka |
Sêmar Petruk Nalagarèng |
sêmbada cucutipun |
Widiguna lucu kêpati |
ginaguyu gêr-gêran |
kang linggih angêlun |
ngalèh ngrubung Widiguna |
samya kêkêl cukakakan hih hih hih hih |
huh huh huh hah hah hah hah ||

142.
Nora pijêr amêmangan sami |
rare rubyung myang kang nambut-karya |
kèh salong tinggal gawene |
kasinoman arubung |
ting cukikik mijêti ati |
ngangsu unjal-ambêgan |
gêr ambata rubuh |
kasor kang para carita |
Kyai Bayi pan gumujêng anggaligik |
andêlna Widiguna ||

Jilid 5 - Kaca : 195

143.
Yata wus dalu bêdhug dhêng muni |
santri Luci angladèkkên dhahar |
ngabani kasinomane |
nampa rampadanipun |
miwah ancak gotong-pat sami |
panganan dinum samya |
sabageyanipun |
kinêroso tapak-dara |
nulya sêkul ulam majêng maring ngarsi |
ingetang ambêng tata ||

144.
Rampadan kang ngalihi nigani |
ambêng ancak nyêdasani samya |
nyêlawèni santri rare |
kang jangan bècèk wêdhus |
ajang takir gêdêbog sami |
sawusira warata |
Ki Bayi amuwus |
suwawi sami wijikan |
nulya samya tuturuh sadaya sami |
wanting angumbah tangan ||

145.
Adan lêkas nadhah ting karêcip |
kriyak-kriyuk amangan seropan |
ingkang mangan kèh swarane |
Widiguna nglingnya rum |
engak ganggang bèbèk agurih |
gêr ginuyu ing kathah |
kang kasêlak huk-huk |
angguguyu Widiguna |
mring dènnya mangan enak sadayèki |
ambêng dinum binêrkat ||

146.
Wus warata kang bagi-binagi |
sami kinêroso tapak-dara |
sinandhing tan ana mulèh |
lajêng natas sadalu |
samya kandha kinandha malih |
kang macanan wong-wongan |
lan dham-dhaman catur |
wênèh ngantuk arenggotan |
kang nyênyambi mangan brêkate pribadi |
kang udut nocoh kinang ||

147.
Ting kalêmpor amyang ting parêlik |
Ki Bayi sês kêlukuk bênggala |
kang udut nipah lan wangèn |
Widiguna audud |
patang gelang tike lininting |
Kyai Bayi ngandika |
ngong mambu alangu |
langu lir kukusing madad |
ingkang sami cêlak matur (n)jêng kiyai |
inggih pun Widiguna ||

148.
Tike sagêgêm kang dipunlinting |
Widiguna nauri ya ta lah |
kabèh padha ngrubuhake |
ginuyu ing sadarum |
Ki Baywa ngling kadèkna sangit |
madad lininting klaras |
langu ngaluk-aluk |
Widiguna anggêlungsar |
kêkadhalan majêng nêmbah bari ngagir |
mring Ki Bayi Panurta ||

149.
Kulanuwun kamipurun kêdhik |
dalêm paringi mindho sakêdhap |
kados punapa raose |
êsês dalêm (ng)galuguk |
(ng)gih apuntên dalêm kang mugi |
dalêm lilani kêdhap |
Ki Bayi gumuyu |
cêblung dhalang cêlangkrakan |
njaluk mindho kêlukuknya ênya iki |
ududa klukukingwang ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (38) Kaca 185 – 187
  • (40) Kaca 196 – 202 >