Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 37

Kontak Admin.

email-kidemang

 (40) Kaca 196 – 202

 

( Nyariosakên pêngalamanipun kawêngku priya, tumanduking sanggama )

Ing griya wingking jêjagongan para wanita. Anèm sêpuh sami rêrêmbagan mawarni-warni, wontên ingkang nyariosakên pêngalamanipun kawêngku priya makaping-kaping, tumanduking sanggama kapisan dumugi bab-bab cêrêmêdan engga langkung gumêr swantênipun gajêng cêkikikan.


Kaca 196 - 202

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 5 - Kaca : 196

356 Dhandhanggula

150.
Dimarene majuwa sathithik |
Widiguna pinulir irungnya |
irungmu iki kagêdhèn |
andêlole ambêngkuk |
bok êlongên pêthèl bèn cilik |
Widiguna anjola |
gumuyu dhuh biyung |
irunge dènusap-usap |
irungkula punika kularêmêni |
awon-awon (m)botêna ||

151.
Sampun bêktane duk wingi uni |
pinulir ngantèk abang bêranang |
gêr ginuyu ing wong akèh |
kyai gumujêng (ng)guguk |
pênyanaku awèh dènlongi |
matur dede pabênan |
sangsaya ginuyu |
Ki Bayi mundhut rasukan |
sêmbagi bang lan ikêt jingga pinaring |
-akên Ki Widiguna ||

152.
Kulambiku jobah (ng)gonên iki |
barjumungah de ikête jingga |
yèn tinanggap (ng)gonên mèrèt |
Ki Guna nêmbah nuwun |
nuwun inggih inggih kapundhi |
sinunggi linggèh bêksa |
klak kluk pacak-gulu |
udud kalukuk kasêlak |
huk huk sarwi matur dalêm pulir malih |
irung kula kang bêgja ||

153.
Mundur lero maring (ng)gonne malih |
ginuyu mring wong kathah gêr-gêran |
parèstri nèng dalêm gêdhe |
samya ngungak gumuyu |
mring Ki Widiguna pinaring |
akèh polahe bungah |
langkung cucudipun |
Nyai Malarsih tinarap |
ing parèstri kang putra mantu nèng ngarsi |
Rarasati kalawan ||

154.
Ni Daya lan Jumêna Sêmbagi |
ni Panukma lan ni Panamar |
sudagar kang gêdhe-gêdhe |
ni pêngulu nèm sêpuh |
wus luwaran dènnira bukti |
samya namur lèk-lèkan |
kejo ting kêrupyuk |
ingkang cuki dhêdhakonan |
rare cilik gumêtêr gathèng cangguring |
ana kang cêcaturan ||

155.
Wênèh paguywan pating cukikik |
wênèh rêrasan acarêmêdan |
Ni Sumbaling angêtèprès |
takèn mring Ni Dayèku |
lah (m)bokayu dika rumiyin |
kaping pintên mah-imah |
duk maksih nèmipun |
Nyai Daya saurira |
e ya amung ping pindho kangjêng kiyai |
dipati Wirasaba ||

156.
Duk pinundhut ku kinarya sêlir |
pêngantyan lagya olèh nêm wulan |
sêdhênge pêpasihane |
pinancal pitung puluh |
saking rêmên marang wakmami |
bojoku bêntayangan |
rina wêngi bingung |
kang dènamèkkên mung ingwang |
aku iya samono manèh anangis |
kèlingan duk pasiyan ||

Jilid 5 - Kaca : 197

157.
Bêrkating bocah sun durung ngêrti |
rakiting wong laki pipindhonan |
kèlingan lakiku bae |
satingkahe alulut |
cinêdhakan mring ki dipati |
mêngkarag angganingwang |
jrih sangêt kalangkung |
tur rinêpa ingarihan |
sarta pinaringan arta busana di |
tan arsa nampanana ||

158.
Kang kaetang namung lakimami |
solah bawane tansah katingal |
iya wong padha ênome |
ki dipati wus sêpuh |
sariranya pupuk mêdèni |
sabên ngong cinêlakan |
tansah nangis asru |
pan kongsi satêngah wulan |
nora kêna manira pan maksih eling |
marang lakiku lawas ||

159.
Ni Sumbaling tanya kadipundi |
wiwitipun kênane kêkênan |
Ni Daya gumuyu nyablèk |
iku lagi suntutur |
nuju udan dêrês kapati |
ngong anèng pagêdhongan |
dalêm èmpèripun |
tan wruh ki dipati prapta |
kanca bubar nuli lawange kinunci |
gumujêng galigikan ||

160.
Nyandhak tangan ginujêg ngong (n)jêlih |
rêgêjêgan pinaksa kewala |
tan bisa mawal karsane |
nuli iya wis atut |
manira lan ki adipati |
Sumbaling (n)dhêsêg tanya |
sarwi (ng)guyu-(ng)guyu |
tanggung têmên (n)dang dèn-jugag |
ingkang cêlak samya gumuyu angikik |
nyai pangulu têngah ||

161.
Nyai Pratima sudagar sugih |
ragi dhompol wong pat carêmêdan |
cukikikan samya lirèh |
Sumbaling (n)dhêsêg muwus |
kadipundi witipun kenging |
bokayu duk kinarsan |
nèh wangsuli wau |
Ni Daya tutur tan ringa |
kerasèng tyas ningali pajangan amrik |
èngêt kala nèmira ||

162.
Ika mau duk ki adipati |
anggarêjêg kêmbênku linukar |
sun bênakkên lukar manèh |
sinjangingong rinangkut |
lajêng (n)dheprok-(n)dheprok tinarik |
lambungku nyêng dènangkat |
angadêg rinangkul |
ngong nangis anyêngkah-nyêngkah |
kinukuhan ngapithing sarwi ngarasi |
anguyêg payudara ||

163.
Wus kawudan tan polih ing tapih |
ki dipati nyamping wus siningsal |
byar ngalela kagungane |
nuli wisnya wis atut |
tan beda lan pangantèn ugi |
Sumbaling hêm ah biyang |
tanggung têmên iku |
manas-ati sok dèn-jugag |
caritane wong têlu sami angudi |
bacute babar-pisan ||

Jilid 5 - Kaca : 198

164.
Nyai Daya èsmu (ng)guyu angling |
mau têka kudu cêcarita |
tan kêna sabrèbèt durèn |
iya mara suntutur |
nanging mêngko gantya nakoni |
wus samya sinaguhan |
Ni Daya gumuyu |
basa mangkono ngong mulat |
kagungane jêng kyai têtêg atitih |
nglêgarang gêdhe dawa ||

165.
Andharêdhêg atiku kuwatir |
nulya ginulingkên kinurêban |
timbalane to e to e |
manira asidhêkus |
pan winêngkang ingong kukuhi |
tinimpah saya sayah |
wus bênggang pupuku |
(n)jêng kyai dipati mapan |
gya tumanduk warastra sêg angêlêbi |
pan dudu lamakira ||

166.
Nêt andêdêl tan kêna tumuli |
pinapan-papankên wus amapan |
pinêksa sru pêmadale |
makênêng raosipun |
ambarêbêt pating prakinting |
kumêsar anêratap |
grêgêl sun-anjêpluk |
anjrit pinêksa kewala |
tan kuwagang pantoging watês ngong (n)jêlih |
kêsamur drêsing ngudan ||

167.
Binotan srêg pangkêrêdan mami |
pat-pêt pêtêng ambêgan salêkak |
mawut kokonangku kabèh |
êrug ngatut manjuluk |
bantal kontal ujurku ngalih |
polahngong gêlasaran |
malang megung tinut |
udane tan têrang-têrang |
dêrês bae suwe-suwe rada rapih |
tangisku nuli suda ||

168.
(ng)Gigilani solahe jêng kyai |
payudara pipi cinokotan |
pinggêt unton-unton kabèh |
mayar rasane liru |
mak blas seje mau saiki |
nora mèmpêr satuma |
mung sadhela bingung |
nuli pikir salin ada |
sasuwene tan bisa mêlèk sakêdhik |
sumrahe nora jamak ||

169.
Tan kèlingan bojo-bojo dhingin |
bocah cilik-cilik tan mirasa |
nulya lèh gêdhe angatèl |
satêngahing pulangyun |
lèrèn kinèn nêkêm ningali |
ih tobat nora jamak |
satutup nêt punjul |
sajêmpol pènyèt sih ngongkang |
marêm mathêm pangrasa tan nêdya uwis |
udan drês kongsi têrang ||

Jilid 5 - Kaca : 199

170.
Gêr gumuyu ririh ting kulikik |
wong tri angling nyêthoti Ni Daya |
ngêpenginake dongènge |
samya rongèh alungguh |
ting kalêsêt gondhange salit |
napase kumarangsang |
ngêlêd-êlêd idu |
samya jawilan papindhan |
ingabedhang lêlèjêm iriban liring |
Ni Daya ris atanya ||

171.
Lah bok Têngah wis ping pintên laki |
nauri gih duraka ping tiga |
tinanyan pundi bedane |
bok Têngah èsmu guyu |
jaka-lara pangantèn urip |
pangantèn sami bocah |
lamine rong taun |
randha nêm wulan mah-imah |
angsal ngriki kemawon Ki Basarodin |
adhine Amad Badar ||

172.
Mung puniku kang dadi tyasmami |
mèmpêr kang (n)dika tutur punika |
arêbut agêng panjange |
kang pundi ukuripun |
sami nyakêp gêlangan sikil |
gênge gêng ki dipatya |
mênang panjangipun |
botên patos kêrêp minggah |
nanging bêtah wiwit sontên ngantos enjing |
raose kalênyêran ||

173.
Badan sakojur ngalêbêt mrinding |
pan kêrasan ras-arasên wisan |
yêkti pikantuk kang gêdhe |
sami mèsêm ngacêmut |
dhêdhêngkêtan dènnira lênggih |
nging tan kongsi susuta |
nulya pêgat lampus |
randha pat wulan mah-imah |
inggih angsal ki pangulu Basarodin |
lah punapa bedanya ||

174.
Anahuri apan kaot ugi |
dene ki pangulu darbèkira |
gêng nanging sangêt cêndhake |
sampun lir cêpuk lugu |
watês gêlang lan bongkot sami |
gendhol-gendhol ing ngandhap |
sagêgêm agêmuk |
yèn nggarap sapatilêman |
goblag-gabluk bêg-bêg kadya dèn sothoni |
grewal-grèwèl pocotan ||

175.
Kêsêl (m)bênakakên anjagani |
ting cukikik wong papat cêblèkan |
layak yèn grèwèlan bae |
wong kaya balabudhur |
ambalèndhêr ngewuh-ewuhi |
dhasar bandhane cêndhak |
wêtênge anjêndhul |
tan pati bisa akandhas |
ngaya-aya sunduga boyoke sakit |
mênêtakên rêkasa ||

176.
Nyai Têngah gumuyu nauri |
lêrês Nyai Daya panduginya |
tingkah sangêt kangelane |
ambêgane asênggur |
kula-watuki kemawon jêbling |
wahing sarêng copotnya |
mak bul sru cumêput |
tan kêkah anèng panggonan |
susahing tyas karaos rayat kang mati |
ginuyu cukikikan ||

Jilid 5 - Kaca : 200

177.
Ni Parti makaping pintên laki |
nauri mung sapisan kewala |
nanging sring kenging godhane |
kinedanan wong bagus |
godhaning blis pisan ping kalih |
yèn sampun kalampahan |
manahkula gêtun |
sarêng ping tiga sakawan |
lajêng tuman tan nganti milih wong sigid |
anggêr agêng kewala ||

178.
Yèn kula kesah pêpara asring |
rinêjêng jênak sapatilêman |
tan nganyang yèn tumbas wade |
inggih lêrês bokayu |
ingkang agêng lawan kang alit |
yèn angsal agêng panjang |
angalênyêng bingung |
pangobèng kula nêmbêlas |
anyapisan wêrata kula pilihi |
angsal tiyang sakawan ||

179.
Pangobèng tiga buruh satunggal |
buruh sangêt awon warnanira |
nanging gêng panjang badanne |
ngungkuli kang cinatur |
dados agêm mathêm ing ati |
iriban mring wong lanang |
yèn pasar Pon Tanjung |
mikat babu nèng dêdalan |
gêgarapan sakatêg-katêge dugi |
sêgêr adheyang-dheyang ||

180.
Tiyang ngriki kathah sunicipi |
ingkang kêrêp mung Ki Kulawirya |
rayat datan uningane |
lan ki pangulu êmpun |
inggih lêrês tir dènbithèni |
gumuyu jojorokan |
Ni Malarsih dulu |
cat myarsa ing carêmêdan |
tyasnya ngungun ya ta lah dene wus sami |
tuwa acêrêmêdan ||

181.
Sadangunira Nikèn Malarsih |
muwus lan nyai pêngulu tuwa |
dus-wiladah lan nipase |
kasaru kang gumuyu |
ting kulikik ingampêt sami |
lirih dènnya rêrasan |
Ni Malarsih muwus |
bibi punapa rinêmbag |
dene nêmên gumuyu pating jurawil |
nauri kang liningan ||

182.
Inggih gujêngan tamba lèk sami |
Ni Malarsih malih angandika |
Sumbaling punika biyèn |
têlèdhèk langkung payu |
gêr ginuyu rewange linggih |
mênêng mari crêmêdan |
liya kang cinatur |
nyawêngah angon iriban |
wus katungkul nuli carêmêdan malih |
Sumbaling tinakonan ||

183.
Tutur duk masihe dados ringgit |
dèrèng paringkilên wus anjajah |
jêjaka wong tuwa dene |
sajêg kula pulangpun |
dèrèng wêruh raosing sakit |
pan sakeca kewala |
nanging wiwitipun |
krêp jajalan sami bocah |
uga gêdhe saya gêdhe-gêdhe malih |
kula duk maksih bocah ||

Jilid 5 - Kaca : 201

184.
Dipun-tunggil tilêm lawan êncik |
êncik Subedhe badane domba |
lan kang (n)dika catur kabèh |
agêng kang kulatutur |
pan satukup bathêthêt luwih |
rong jêmpol pênêd ngaya |
acul manggut-manggut |
dinêdêlakên ing wokkan |
lir dèndhêngkul ngilêbi ubênging pinggir |
dèn ngêr-ingêr mrih mapan ||

185.
Dangu-dangu sami ngêmu yiyit |
dèn usêlakên angêlar-êlar |
wus angaluwing kikise |
mêkênêng mak blêng anglud |
bongkoting ngong ubêd-ubêdi |
ing saptangan supaya |
ywa tutug pokipun |
blês-blês alon kêlêmira |
rada suwe tutuge watêsing jarit |
saptangan mau ika ||

186.
Duk wiwite nyang-nyêng gringgang-gringging |
amrêkinding raose tan kaprah |
lawan sabêne wong ngakèh |
datyan kadya puniku |
ngunyêr-unyêr ngalênyêr anyir |
bêd-ubêd inguculan |
puput lar-lêr lar-lur |
saking agênge tan gonggang |
lae-lae dubilah rasane ngênting |
abungah ngangah-angah ||

187.
Mung punika kang dadya tyasmami |
anjêlajah kabèh kawêratan |
Cina Koja Cik Jawane |
wus tan bisa angetung |
awon pênêd agêng lan alit |
miwah kang panjang cêndhak |
kang koming myang buntung |
anggêre kang kêngkêng mangkas |
ingkang panjang kang bênêr (m)bêmbêng agilig |
kang mêdhok bulêdira ||

188.
Kang mucuk-bung tan pati pakolih |
miwah kang bêndhol alit bongkotnya |
sring (n)dhoko têngahing gawe |
ngong ginarap wong têlu |
dèn-woloni dipun-rolasi |
ngagir miring malumah |
myang mungkur sidhêkus |
anjongok (n)jêngking lumampah |
ambêrangkang ngadêg ngingkrang anèng nginggil |
pinangku nganja-anja ||

189.
Mila katêlah rêmênanmami |
yèn wong (ng)garap tan akèh rekanya |
bosên êlir angkrok bae |
asring ngong tinggal turu |
yèn mêlèka sun plaur dhidhis |
ginuyu kalêsikan |
malih lon amuwus |
mendahane ngalahêna |
ingkang akèh rekane salin sumalin |
sumrah bisa aliyan ||

Jilid 5 - Kaca : 202

190.
Salin solah salin raosnèki |
nadyan sadina sawêngi bêtah |
malah saya kèh rasane |
lir gatêlên kinukur |
puk nim kukur-kukur ing gudhig |
ènyèng sakojur pisan |
layake puniku |
jênênge anyêng nyang-nyêngan |
paribasan wong kêna ngênyêng sayêkti |
têmtu rasaning lanang ||

191.
Yata wontên wulangan sawiji |
padha karêm rêrasan karasa |
ajrih isin mèlu ngomèl |
sadangune angrungu |
rêrasan kang ngenaki ati |
nilingkên pan katara |
api-api idu |
kêcah-kêcoh sêsamuran |
nanging nora marèjèl pangrungunèki |
kabèh wus kacathêtan ||

192.
Dangu-dangu kêrasa mrêkinding |
jêlalatan narithil kêdhèpnya |
awake kabèh anyabe |
sasuwene alungguh |
pan wus mêtu ping nêm mring jawi |
kalêsêd malih mêdal |
awat-awat nguyuh |
bakune saking amawas |
saya matu bêngkak kagunganirèki |
thinuthuka kêmlothak ||

193.
Sapraptaning jawi nulya linggih |
bêkah-bêkuh hèh hèh ah ya ta lah |
sarwi mijêd wêlakange |
boyoke dèn-kuk-êngkuk |
parandene ora amari |
angadhuh sarwi ngucap |
ambakna wong muwus |
agawe laraning ngawak |
suwe-suwe angadêg sarwi anjêngking |
mêrkungkung ngulèt kayang ||

194.
Kaku atine anjêlih ririh |
gêdrag-gêdrug ekar sukunira |
kadhêdhêlan andêlèwèr |
kisruh kabêlêt nguyuh |
mring pakiwan lumayu (ng)gêndring |
kiyêng abêdêdêngan |
wêtune kasusu |
kocar-kacir nèng dêdalanan |
durung kongsi tutug ênggoning wus ênting |
sinjange kaompolan ||

195.
Parandene mêksa durung mari |
paringisan lir wong lara ayan |
kêcap-kêcap ngêsês bae |
amingka bathukipun |
nora kêna dipunsayuti |
wêgah sangêt ngrêsula |
jêr ya kae mau |
cêlathune nora kaprah |
sarwi nêkêm kagungan mêksa ambithi |
cinêthot ciniwêlan ||

196.
Wong papat sami mêndêm kalisik |
saking nyênyêde kang carêmêdan |
sadaya mêtu yiyide |
ngêmbêr sadangunipun |
tambas marang ing tapih |
takon-tinakon samya |
sami drês angilu |
gumuyu apalungokan |
ngajak adus jinabad pamrojol mani |
wong papat sarêng kesah ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (39) Kaca 188 – 195
  • (41) Kaca 203 – 219 >