Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

 (01) Kaca 01 – 17

 

( Sèh Amongraga kapundhut mantu Ki Bayi Panurta angsal Kèn Tambangraras )

I. Sèh Amongraga kapundhut mantu Ki Bayi Panurta angsal Kèn Tambangraras, pinahargya dening para sanak kulawarga

1. Sèh Amongraga nyuwun pahargyanipun sampun ngantos mawi cara maksiyatan. Lampahing upacara paningkah kawiwitan pêngantèn èstri kapingit. Salajêngipun sasaji jangkêp. Têtiyang ingkang sami ambiyantu sadaya kaparingan pangangge enggal. Tangga-têpalih sadhusun lan sakiwa-têngênipun Wanamarta nyumbang, lajêng jagong mangangge sarwi sae, langkung-langkung para mudhanipun. Sumbangan tumpuk-tumpuk, wontên ingkang nyumbang maesa, lêmbu, banyak, bèbèk tuwin ayam. Kangjêng bupati ugi paring sumbangan kathah arupi uwos sarta maesa, lêmbu, menda, iwèn, tuwin arta. Tiyang nyambut damêl sakalangkung rame, binarung swantênipun para têtiyang èstri sami ucal-ucal rêratêng.


Kaca 01 - 17


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 6 - Kaca : 1

SÊRAT CÊNTHINI VI

357 Mijil

1.
Sigra kang garwa Nikèn Malarsih |
lampahira alon |
praptèng ngarsa amipit silane |
jatmikane sêmune awingit |
tingkah ngati-ati |
ketange yèn luput ||

2.
Tekad tinawajuhkên ing ati |
lumampah sapakon |
tan purun ngrumiyini karsane |
pan kumambang wisesaning laki |
tan watak nisani |
ing wuwus myang catur ||

3.
Solah-bawa angganya sadêrmi |
narah tan rumaos |
andarbèni ing tyas sêndhêt sèdhèng |
mung sumangga sakarsaning laki |
jrih durakèng akir |
apanggih papa gung ||

4.
Pan mangkono wong wadon prêmati |
gêng bêgjaning wuwoh |
yekang kaya Malarsih anggêpe |
anut runtut nora mêmalangi |
muwuhi kamuktin |
marang kakungipun ||

5.
Aningali mring garwa kiyai |
angandika alon |
sutanira Ni Tambangraras-e |
paningkahe iya mêngko wanci |
Ngasar sangatnèki |
Amad-e kang luhung ||

6.
Sutanira rêsikana nuli |
pêsajan kang munggoh |
paesana lêlorodan bae |
mung busana patutên kang bêcik |
wiwida ywa mawi |
cicithak kêncênthung ||

7.
Myang lêlatha pêpêtha thi-athi |
iku aja nganggo |
aywa kaya maksiyat carane |
apan cêgah ngèlmu tan pakolih |
kapindho manawi |
dudu parêngipun ||

8.
Kang kinarsan Ki Sèh Amongragi |
krana Lah kemawon |
malah kaya mung samene kiye |
kaya-kaya nora amarêngi |
bêcik anjurungi |
ing sakarsanipun ||

Jilid 6 - Kaca : 2

9.
Pan panggawe ing sadina iki |
kabèh abon-abon |
rampungana apa ing adate |
parabote wong amunggah haji |
aja kongsi sisip |
kêkuranganamu ||

10.
Nikèn Malarsih umatur inggih |
sandika ing pakon |
bêrkah tuwan tan wontên kang kèthèr |
sampun mirantos sadaya sami |
mung kantun kêndhuri |
ingkang dèrèng rampung ||

11.
Ya wis mangsa bodhowa sirèki |
saliring pakèwoh |
aywa nganti kakurangan kabèh |
amung kari ing sadina iki |
tan mêmêkas malih |
hiya mumpung esuk ||

12.
Mundur saking ngarsa Ni Malarsih |
ingiring pra wadon |
pan anjujug ênggonne putrane |
Nikèn Tambangraras kang piningit |
apan wus tri ratri |
catur dhahar turu ||

13.
Lir pradapa sinêmpal ngawêngi |
lorod wênês ijo |
angga-angga citra anglêlêntrèh |
trah turase kang ngèlmu mawingit |
rêpiting pangarsi |
angganthêng nganguwung ||

14.
Sarwi sêdhêng pangadêg rêspati |
tan ana winaon |
antêng adi wuwuh jatmikane |
rema kêbês mêntas dèn-jamasi |
jamusing waja lir |
laring kumbang gêmpung ||

15.
Tasik wawalêran bae nipis |
pasaja yèn tinon |
sinjang seta limar sêmêkane |
rasukan takwa sêmbagi kuning |
pangangge tan pati |
wus masêm asêmu ||

16.
Ingkang ibu prapta ing gyannèki |
Tambangraras anon |
gupuh mingsêr mudhun saking (ng)gonne |
wus pinarak wau Ni Malarsih |
angandika aris |
adhuh atmajèngsun ||

17.
Timbalane pan ramanirèki |
dhawuhe maring ngong |
kinèn angrêsiki mring sira (ng)gèr |
tan linilan trap paès pipidih |
lêlatha thi-athi |
cicithak cêcênthung ||

18.
Panjaluke Ki Sèh Amongragi |
karsane mangkono |
aja kaya maksiyat carane |
mung krana Lah bae dènkarsani |
kapindhone lagi |
kawingitan kalbu ||

19.
Dadya ramanira angrojongi |
sakarsane winong |
pan angrasa bêgja mring sira (ng)gèr |
krama antuk ngulama trang ngèlmi |
sru sukur ing Widi |
ing pandonganipun ||

Jilid 6 - Kaca : 3

20.
Sumpêg dhêdhêl tyas dening sirèki |
mêngko wus cumêplong |
lir punagi ya saking bungahe |
yèn ta aja kêpagol ing kingkin |
-nira Sèh Mongragi |
kaya numbuk bêntus ||

21.
Pasthi ngaturi para priyayi |
anggêdhèkkên dhayoh |
nganggo bubak kawah tumpak-ponjèn |
mung pinupus utamaning ngèlmi |
sunat maksiyati |
ngundhakkên têkabur ||

22.
Tambangraras sangsaya awêning |
tyasira sumorot |
pan sumrowong mindhak mèntèr antèr |
tar pêpêka tyas mring maksiyati |
raosing tyas kadi |
kacondhongan jumbuh ||

23.
Matur mring ibunira aririh |
kawula sayêktos |
paminipun cinara pangantèn |
ing ngadesa kang limrah nglimrahi |
mawi klênak-klênik |
kula botên sukur ||

24.
Dados rubêd rubeda ing budi |
badankula mopo |
katujunipun wontên ingkang rèh |
kalêrêsan botên mawi-mawi |
yèn mawiya pêsthi |
tan wande (m)bêguguk ||

25.
Ni Malarsih gumujêng ngling aris |
dhuh sutèngsun babo |
nora nyana yèn kabênêrane |
manira sêngguh tyasira mutik |
ing mêngko wus nunggil |
dhenok sukur-sukur ||

26.
Mugi sira jinurung ing Widi |
santosamu wuwoh |
pira-pira nugrahan tibane |
maring sira ilhame Hyang Widi |
manawa nyaloni |
lukitaning luhung ||

27.
Ingkang putra matur nuwun mugi |
amanggiha yêktos |
sabda ibu nastijaba mangke |
pandongane ramèbu kapundhi |
pan kawula dêrmi |
anglampahi tuduh ||

28.
Tambangraras ingaras (m)bunnèki |
surya (m)barêbêl loh |
dhuh sutèngsun woding tyasku anggèr |
iya-iya muga-muga nini |
sinihana Gusti |
Pangeran kang Agung ||

29.
Nulya ngandika nuduh ing cèthi |
Sumbaling sunkongkon |
undangên si bibi Daya kae |
nèng pajangan kang tunggu pêtani |
wong tuwa (m)bêrkahi |
ingkang kang wus tau ||

30.
Amaèsi pangantèn priyayi |
ya ninèkmu dhenok |
pan sêlire dipati swargine |
Wirasaba mulane si bibi |
nèng kene nut kyai |
dadi kadang katut ||

Jilid 6 - Kaca : 4

31.
Tambangraras aturira inggih |
kang tinuding gupoh |
tan adangu ni Daya praptane |
mungging ngarsane Nikèn Malarsih |
angling mila bibi |
wayahe puniku ||

32.
Ngalap bêrkah andika pahyasi |
lorodan kemawon |
datan mawi pêtha lalathine |
cêthak cênthung trap pidih tan mawi |
mung angimpun alis |
wulu puhunipun ||

33.
Ngênca kêncênging kêtêp malipit |
ngilang wulu kalong |
ingkang ana ing ngarsa wurine |
pinrih maya-maya kulit rimpi |
rampinging pangaksi |
supaya sumunu ||

34.
Tuwin sadadosipun ing mangkin |
bibi mangsa borong |
kula sampun pitaya pênêde |
kang sumurup mring karsane kyai |
krana Lah kang pinrih |
ingkang mara sêmu ||

35.
Ni mbok Daya pamuwuse inggih |
sampun walangatos |
kula angkah-angkah prayogine |
Ni Malarsih nuduh mring Sumbaling |
enggalna tumuli |
sajèn-sajènipun ||

36.
Panggang tumpêng cara jênang abrit |
lan kalapa uwos |
gêdhang ayu suruh ayu jambe |
gambir bako mênyan sarwa bêcik |
lan (n)jupuka dhuwit |
tindhihe nêm suku ||

37.
Warnan pasar iya kang mêpêki |
ayam urip babon |
klasa bangka anyar lan palèmèk |
jarik kêkêmbangan bathik lurik |
kang pêpak swarnaning |
among aja kantun ||

38.
Lan godhong kluwih ginawe linggih |
myang rujak carobo |
dupa diyan sumêtên kang mèntèr |
yèn ana kêlalènku Sumbaling |
takona si bibi |
ladènana gupuh ||

39.
Ni Sumbaling aturira inggih |
ngomèl sarwi jomblong |
akèh têmên klênak-klênike |
kinumpulna kèh pêngajinèki |
ana rolas anggris |
kalamun dènetung ||

40.
Ingsun mujur plemèk bae yèn wis |
dene mumah-mumoh |
gitik trohi nyai Daya kuwe |
agumujêng duka Ni Malarsih |
ora têka gêlis |
pijêr akumrusuk ||

Jilid 6 - Kaca : 5

41.
Ni Sumbaling pan kaya têmbaling |
prentah maring wong-wong |
kinèn mundhut pêpaking sêsajèn |
tan adangu wus samêktèng sami |
katuran ing ngarsi |
kang bêkta andulur ||

42.
Campur-bawur myang sêkar tulyasri |
sêtaman nèng bokor |
Ni Malarsih arum andikane |
kula-tilar mangsa-borong bibi |
kula angrumati |
karya liyanipun ||

43.
Ni-bok Daya turnya (ng)gih prayogi |
mugi kang pitados |
dan lumampah ingiring rencange |
anjênêngi kèh kang nambutkardi |
kang dèrèng ginêlis |
kang uwus tinunggu ||

44.
Maring wisma mundhut jarit-jarit |
sinungkên pra wadon |
wiyar ciyut wradin sêdayane |
kang santana miwah magêrsari |
kinaot pêparing |
undha usukipun ||

45.
Jalu èstri pan samya pinaring |
pêsalin sabobot |
têlas sinjang nêm kodhi kathahe |
wiyar ciyut wus dinum jalwèstri |
mangkana kalaning |
wontên wong martamu ||

46.
Anak putu ing Wanamartèki |
sadaya punang wong |
jalu èstri pan padha êmbyake |
sumawana pêtinggi jalwèstri |
samya nadar bêkti |
ngaturkên pamunjung ||

47.
Mring (n)Jêng Kyai Bayi Panurtêki |
dènnira mêmanton |
panggraitanira sêdayane |
pupungkasan dènya nambut kardi |
putrèstri sawiji |
dinama ingugung ||

48.
Kusung-kusung sami niyatnêki |
tangkêbe babyanton |
samya amrih katon dhewe-dhewe |
jalu èstri anymbang pribadi |
katrima-a dening |
sakaliyanipun ||

49.
Ing (n)Jêng Kyai tuwin mring (n)Jêng Nyai |
kabèh pan mêngkono |
tur tan ana pinardi sumbange |
samya thukul nadare pribadi |
kang sugih myang miskin |
pan sami dènipun ||

50.
Ingkang nyumbang wiwit byar anggili |
samya jodhon-jodhon |
amêrabot sabobot pêngangge |
kang tan duwe sakadarirèki |
wong kang sugih-sugih |
sêmuwa dinulu ||

51.
Jor-jinoran busana di-adi |
rare pinarabot |
pan rinukmi rummi pênganggone |
samya bêkta panganan mawarni |
nèng dhulang tup saji |
bobokoran munjung ||

Jilid 6 - Kaca : 6

52.
Miwah jodhang sinarêbèt putih |
myang jodhang ginodhong |
ancak kodhok angkring lawan jolèn |
samya inginthilan bèbèk pitik |
kang banyak kêbiri |
wênèh ingkang wêdhus ||

53.
Ingkang kidang mênjangan myang sapi |
gudèl pêdhèt kêbo |
sabên wong kang numbang bêbêktane |
pangiring sêmbêlèhanèki |
rekanira kadi |
sêmayan sadarum ||

54.
Kang panganan pangiringing èstri |
ngarsa bêktèng bokor |
sinamiran antakusumane |
ingkang nampa rare busanadi |
kinarya di asri |
pangiriding laku ||

55.
Wênèh patadhahan kang sinamir |
kang garwa pinrabot |
pra rarèstri kang anampa kabèh |
kang anyumbang samya ngangge kêling |
jarijya li-ali |
mirah intên tajuk ||

56.
Kang maksih nèm sêngkangan tulyasri |
pênunggul rinoyok |
intên byur myang sêkar sêtamane |
abra markata awarni-warni |
jalu lawan èstri |
mompyor mubra-mubru ||

57.
Palawija kinarya pangiring |
ing wong lanang mêngko |
kabèh samya kinalungan lawe |
anyatukêl nadyan pitik siji |
sinarimpung dening |
ing lawe sagêmuh ||

58.
Ingkang ngirid lare jalêr sami |
jêjaka mêrabot |
prajuritan kotang baludrune |
abangkol mas sabuk cindhe abrit |
bêbêt limar-wilis |
sinerong cinancut ||

59.
Akris landheyan prasu pinodhi |
pêndhok ngunir bosok |
sruwal sangklat brit panji-panjine |
ikêt rendan jêplakan brèh kuning |
anggagas mrêjurit |
sarwi nuntun wêdhus ||

60.
Miwah kang rapèkan golang-galing |
udhêng-gilig jarot |
kotang sangklat ijo renda jêne |
kris cara Balèn cara pangrukmi |
ukiran kêndhit tri |
brêngos wulu lutung ||

61.
Borèh kuning-garut tan mêdèni |
jadhug nuntun kêbo |
wênèh jaka kulambi balênggèn |
asikêpan baludru lilincis |
sabuk cindhe wilis |
brêngos lèmèt angus ||

62.
Bêbêd polos ikêt jingga manis |
adu-mancung pênyon |
singsêtane githok mawi koncèr |
pêndhok bunton kris landhèyan miling |
bêsus ngêrik alis |
sarwi nuntun lêmbu ||

Jilid 6 - Kaca : 7

63.
Pan sadaya jêjaka kadyèki |
samya marong-marong |
sarwi kêling sarwa rukmi kabèh |
ing anake sudagar wong grami |
wontên bêktèng pitik |
anèng wurinipun ||

64.
Bapakira pribadi pan sami |
tan pae mêrabot |
warna-warna saduwèk-duwèke |
kang prajuritan kang cara santri |
ingkang cara Bugis |
cara Madurèku ||

65.
Êndi kang wus dènambah agrami |
carane ing kono |
pan tiniru-tiru panganggone |
pra sudagar samya anutugi |
panganggenirèki |
ancung rêbut unggul ||

66.
Datan carub sapangkatirèki |
bêbrayatan golong |
kang sudagar sami sudagare |
ingkang kriya sami kriyanèki |
dhalang lawan gêndhing |
niyaga akumpul ||

67.
Kang blantikan pan sami bêlantik |
tan ana uwor soh |
sabangsane maju barêng gêntèn |
kêrig-lampit wong sadesa prapti |
kang miskin tan isin |
ing sakuwatipun ||

68.
Datan etang mung godhong salêmpit |
myang bêras satompo |
kayu satikêl ingaturake |
sami cipta marang (n)Jêng Kiyai |
putrèstri sawiji |
wêwakasan mêmantu ||

69.
Mila samya darbe nadar sami |
sakadare kang wong |
wus mangkono sadaya kajade |
datan ana kang tumambuh siji |
wong kang sugih-sugih |
lumampah andulur ||

70.
Dupi prapta palataranèki |
jalu èstri nyero |
ingkang èstri lajêng mring dalême |
dene para jalêr mring pêndhapi |
samya bêkta anggris |
sadaya kinandhut ||

71.
Ambrêngangang nèng pandhapa asri |
busanane mompyor |
samya akris cra pangudhal mele |
kèh ukiran sagolèk gêngnèki |
krahing rukmi wus lir |
buta prang anggrêgud ||

Jilid 6 - Kaca : 8

72.
Ki Murtala Ki Gopa Ki Pêthi |
Ki Gandhang Ki Lundhong |
Kyai Dêrmayuda kyai Gobès |
Kyai Kêrta Lamba Jagapati |
Ki Bênthang Ki Kêcil |
Ki Bapang Ki Kuwu ||

73.
Ki Jumêna Jêmpina Sêmbagi |
Ki Dhoplang Ki Polong |
Kyai Jamblang Ki Bopong Ki Kènthèng |
Ki Balêndhang Ki Mêdhang Ki Canthing |
Ki Brarêm Ki Brahim |
Ki Kulur Ki Lêngur ||

74.
Kyai Padhangbulan Ki Sêntagi |
Kyai Singabarong |
Kyai Mênthak Ki Kêblak Ki Cothèk |
Kyai Pandhak Ki Galak Ki Klithik |
Ki Kathik Ki Pathi |
Ki Bathok Ki Bathuk ||

75.
Kyai Jambang Ki Jumbêr Ki Kadir |
Ki Sêmbong-dhungaron |
Ki Trênggunèng Ki Gulêng Ki Sole |
Kyai Mêrdi Ki Kolih Ki Wakil |
Ki Pênggik Ki Sidik |
Ki Gugut Ki Kêtul ||

76.
Ki Jakrêndha lawan Ki Sumêndhi |
Ki Gondrong si Sêndrong |
Kyai Imayuda Kyai Gombrèng |
Kyai Tajêm Ki Jênjêm Ki Mubin |
Kyai Andhamohi |
Kyai Jagasatru ||

77.
Pak Rajiyah pak Rumiyah tuwin |
pak Kijah pak Barong |
pak Budiyah pak Klimah pak Mèdèng |
pak Salbiyah pak Mirah pak Rajin |
pak Imran pak Yasin |
pak Garêm pak Rêmu ||

78.
Pak Banikêm pak Trikêm pak Kêmis |
pak Têmas pak Dêrbos |
Ki Sampura Ki Jalipurna-ne |
Ki Jêpara Ki Sapura tuwin |
Ki Taman Ki Amin |
Ki Panjangjiwèku ||

79.
Ki Lawatan Ki Jugah Ki Tikyik |
lan Kyai Malambong |
Ki Pangirat Ki Noja Ki Jaèt |
Ki Budiman lan Kyai Baudin |
Ki Bandha Ki Kabir |
Ki Bandhung Ki Canthur ||

80.
Kyai Sukadana Ki Wardadi |
Ki Bengkong Ki Bonong |
Ki Pandaya Ki Baga Ki Kurnèn |
Kyai Malangjiwa Malangsari |
Kyai Purasari |
Ki Putu Ki Mantu ||

81.
Ki Sêkarpêthak Ki Kêmbangkuning |
Ki Sawo Ki Suro |
Ki Dhadhapan Ki Warga Ki Tompe |
Ki Rubiya Ki Candra Ki Widhig |
Ki Garuta tuwin |
Kyai Sapugarut ||

82.
Kyai Jêbad lan Kyai Kasturi |
myang Kyai Salobok |
Kyai Pusparana Ki Sêntagèn |
Kyai Pusparaga Puspanjali |
Kyai Talipranti |
Kyai Tali-datu ||

Jilid 6 - Kaca : 9

83.
Kyai Puspajiwa Puspandhali |
Kyai Tali-wangkong |
Tali-kapa kyai Tali-rante |
Kyai Tali-monce Tali-kambil |
Kyai Tali-sutri |
Kyai Tali-têmbung ||

84.
Kyai Rêmbêt Kyai Pêt Ki Pêrti |
myang Kyai Balongsong |
Ki Pramada Ki Jadrêma-gumbrèng |
Ki Purwaka Purwanggan Wira Ki |
Kyai Wiragati |
Kyai Margaewuh ||

85.
Prabadrana Prabajaya Kyai |
Pratima Ki Gêdhong |
Ki Jumiyah Kyai Basiahe |
Kêrtisêdana Ki Sokanandi |
Jumilah Ki Rubi |
Ki Jamur Ki Ganjur ||

86.
Kyai Galang Ki Kalang Ki Kalim |
Ki Jongkang Ki Gonjong |
Kyai Sutajiwa Kyai Pèrès |
Ki Calura Ki Gombak Ki Mêtri |
Ki Jungkung Ki Kunthing |
Ki Dhapur Ki Dhampu ||

87.
Kyai Banjayuda Ki Panjari |
Kyai Rêngga-ganggong |
Kyai Hanggadipa Hangga-thithe |
Kyai Mara Kyai More-Mori |
Limaran Ki Guling |
Kyai Condhongcampur ||

88.
Kyai Rêban Ki Rêmbên Ki Rêndhik |
Ki Sèmbong Ki Songsong |
Ki Mangkurah kalawan Ki Gêbèl |
Ki Panjala lawan Ki Panjalin |
myang Kyai Walulin |
Kyai Cakra-wêdhuk ||

89.
Samya majêng matur gênti-gênti |
nêmbah matur alon |
kang punika kawula wiyose |
sumapala angaturi bêkti |
kunjuka (n)Jêng Kyai |
patumbasing apu ||

90.
Pan mangkana aturira sami |
(n)Jêng Kyai nglingnya lon |
iya bangêt tarimèngsun kabèh |
muga-muga brêkata kang kari |
salamêting urip |
kang padha rahayu ||

91.
Tinampanan pasumbangirèki |
sadaya punang wong |
kang rong reyal têlung reyal wênèh |
matang reyal limang reyal nênggih |
sakêdhike sanggris |
pra sudagaripun ||

92.
Magêrsari myang para pêtinggi |
kang nyagak pat recon |
samya ngaturakên pasumbange |
ingkang nyuku ingkang jampêl tuwin |
tigang sêka sanggris |
kêdhike nyatangsul ||

93.
Nulya sinugatan sadayeki |
para numbang kang wong |
sarta brêkatane nèng teboke |
sadangunya kang numbang nis prapti |
tan beda turnèki |
lan wangsulanipun ||

Jilid 6 - Kaca : 10

94.
Kang parèstri malbèng dalêm sami |
mêrabot dikaot |
sakadare wong desa pamère |
samyambêkta rare jalu èstri |
mabusana rukmi |
anak-putu buyut ||

95.
Ingkang sugih nganggo jamang sumping |
kalung sungsun badhong |
kalung dirham kokodhokan slêpèn |
kuku sima pinodhi rinukmi |
myang kalung li-ali |
lang-alang sakapung ||

96.
Kinanthèt têpung samya li-ali |
myang mirah sabêton |
kalung picis mas kang anggris cènthèl |
binggêl kêlatbau anting-anting |
cundhuk-suri rukmi |
miwah srumbung kuncung ||

97.
Samya apipinggang apêpênding |
slêpe cathok kroncong |
sarwa kêling kabèh panganggone |
sinjang kêmbên salendhang kulambi |
sasênêngirèki |
kewala pinatut ||

98.
Kang kumbaya êncit myang sêmbagi |
putih kuning ijo |
pandhan surat samboja limare |
lurik rambutan lawan cêlari |
dêraga walulin |
palangi myang pêlung ||

99.
Bèrêm daragêm paniti tluki |
solok kang balongsong |
mur baludru kêsting kêstop cindhe |
myang kang ngangge sêngkang warni-warni |
mas samya angunir |
-bosok sêpuh-sêpuh ||

100.
Sêngkang seta myang panunggul siji |
kang sêngkang têronyok |
sêngkang sêtaman sêling mirahe |
kang cêplok kêmbang rinajawêrdi |
kang sumbulan adi |
srumbung gêdhah biru ||

101.
Apanunggul pipinggir pinodhi |
myang kalpika kaot |
intên mirah pan kathah dhapure |
ngangge raja-kaputrèn rarèstri |
jalu panganggya di |
raja-kaputrèn nung ||

102.
Thèsèl pinarjuritan rarywa lit |
sarwalit anganggo |
kris pêndhok mas cêrapang kirane |
kraèng prasu miling dèn-netrani |
intên mirah abrit |
kinotang baludru ||

103.
Cêmêng ijêm biru wungu abrit |
èpèk abêbangkol |
sruwal panji-panji kèh warnine |
jamang gêgarudan asusumping |
samya bêbêd kêling |
wida jênar arum ||

Jilid 6 - Kaca : 11

104.
Samya jèjèr lir wayang kalithik |
muwuhi sri tinon |
sudagar kang prapta sadayane |
Nyai Dhoplang Nyai Jomblang tuwin |
Ni Bênthang Ni Canthing |
Nyai Jagasatru ||

105.
Ni Drêmayuda Ni Jagapati |
Ni Gandhok Ni Bathok |
Ni Jumêna lan Jêmpinane |
Ni Sêmbagi Ni Kinjêng Ni Tik-yik |
Ni Blêndhang Ni Bêning |
Ni Tala Ni Bungsu ||

106.
Bok Rajiyah Bok Tajêm bok Yasin |
Bok Imran Bok Bobot |
Bok Trikêm Bok Sêmangka bok Sundhèr |
pêpak sadaya para pawèstri |
randha somah prapti |
sugih miskin tan wun ||

107.
Lan bojone kamisêpuh santri |
kabèh samya rawoh |
matur gênti-gênti dhewe-dhewe |
samya ngaturkên pasumbangnèki |
mring Nikèn Malarsih |
patumbasing apu ||

108.
Kang sareyal rong reyal patanggris |
myang sinjang kemawon |
wiyar ciyut samya kêling kabèh |
miwah bojoning para pêtinggi |
tuwin magêrsari |
ngaturkên pisungsung ||

109.
Wus tinanggapan pasumbangnèki |
tinarima kang wong |
Ni Malarsih alon andikane |
muga barêkata ingkang kari |
kapindhone malih |
ywa susah sadarum ||

110.
Dene ngong tan mawi angulêmi |
kabèh saking ngong |
samya matur sadaya parèstrèn |
botên susah pan kawula drêmi |
bêrkah paduka wit |
sagêd atur-atur ||

111.
Sarta barkahipun (n)Jêng Kiyai |
sawabipun kaot |
Nikèn Malarsih arum dêlinge |
Alkamdulilah kajade sami |
nulya ingkang prapti |
sira Nyai Jambul ||

112.
Ngirid jodhang pat sinêrbèt putih |
linapis ing godhong |
kang sajodhang woh-wohan isine |
lah-olahan kang sajodhang malih |
sajodhang kêrambil |
kang sajodhang bumbu ||

113.
Sarwi ngiringakên rare alit |
rolas amêrabot |
kinêmbar sadaya busanane |
gêlang kêlatbau jamang sumping |
kêroncong pêpênding |
kalung srumbung kuncung ||

114.
Samyambêkta bokor salaka lit |
sinamir bludrijo |
pan gumrudug kang ngiring wurine |
samya mrabot kêling warni-warni |
pan randhaning êncik |
wasta êncik Jambul ||

Jilid 6 - Kaca : 12

115.
Têngah tuwuh wancinipun nyai |
sajak masih dèn-(ng)go |
cara bojoning êncik prabote |
sakalangkung rahabing agami |
asring mulang ngaji |
rare sabên esuk ||

116.
Langkung sugih piyambak nyaincik |
Jambul amêrabot |
sinjang sarung sobanlah ngalêmbrèh |
apan rasukan kabayak sêtin |
biru pinalêtik |
ing kêmbang mas murub ||

117.
Kotang putih kancing rus mirah brit |
kancing tangan karo |
bêrleyan hèrlaut sanga sisèh |
li-ali tahota lawan lantring30] |
mirah tulèn tuwin |
sarakit gêng tajug ||

118.
Akêrabu rus barleyan adi |
gêlunge anyonthong |
cundhuk suri tumanggal tinrètès |
intên kinêmalan mirah abrit |
kaca kumbaya brit |
kusta dhasar alus ||

119.
Praptèng tarub Kiyai ngudhuni |
malbèng wisma wong ro |
parèstri sadaya samya mire |
Nikèn Malarsih mingsêt saryangling |
lah ingriki bibi |
lan kula alungguh ||

120.
Wus pinarak lan Kiyai Bayi |
tata dènnya lunggoh |
Nyai Jambul nêmbah tur salame |
sêmbah kapadha Allah (n)Jêng Kyai |
Ki Panurta gipih |
rahab salamipun ||

121.
Sinauran ngalekum salami |
nulya ngalih gupoh |
marang Nikèn Malarsih salame |
sêmbah kapadha Allah (n)Jêng Nyai |
Malarsih nauri |
ngalekum salamu ||

122.
Wusnya prênata ngumpulkên samir |
ingkang rolas bokor |
sarwi matur lan punika nikèn |
kula ngaturi patumbas sirih |
lan malih nyaosi |
tape kang sawungkus ||

123.
Kyai Bayi lan kang garwa sarwi |
gumujêng wiraos |
sampun susah-susah dados tyase |
lintang namung donganipun bibi |
lan tan mawi-mawi |
ngulêmi sadarum ||

124.
Jambul matur he susah punapi |
bêrkah pandukandon |
sinung rijêki kamurahane |
dening Allohu Tangala paring |
sawabe (n)Jêng Kyai |
tan kirang wus cukup ||

Jilid 6 - Kaca : 13

125.
Wawrat kula dhusun tiyang alit |
tan awalangatos |
inggih saking (n)Jêng Kyai dongane |
mangsa sabên wulan darbe kardi |
mung kantun puniki |
(n)Jêng Kyai mêmantu ||

126.
Ni Malarsih gumujêng nampèni |
ingkang rolas bokor |
binuka isi ngrong reyal kabèh |
gunggung kabèh salawe prah anggris |
Ki Baywa ngling inggih |
sangêt tarimèngsun ||

127.
Tuwin nuwun narimèng Malarsih |
langkung suka karo |
Kyai Bayi andonga amine |
wa barakalahu palalihi |
inggih mugi bibi |
bêrkata kang kantun ||

128.
Kinèn nulya Malarsih anuding |
mring Sumbaling gupoh |
mêdalakên ambêng sugatane |
sigra nuduh marang kang ngladèni |
lan kinèn nampani |
jodhange Ni Jambul ||

129.
Rumat ingkang ngladèni nampèni |
tinata kang sugoh |
Kyai Bayi alon andikane |
bibi jêngandika kantun bukti |
kula amanggihi |
yèn wontên têtamu ||

130.
Matur inggih gya (n)Jêng Kyai mijil |
Ni Malarsih alon |
lan wantinga bibi miwah kabèh |
nulya sadaya sami awijik |
adan lêkas bukti |
royom apikantuk ||

131.
Wus antara nutug dènnya bukti |
gya kinèn anglorod |
ingundurkên ambêng rampadane |
nulya cinarik marang pamburi |
wrata sadayèki |
rarywalit myang batur ||

132.
Lan brêkatan tampah tedhok tampir |
sampun pinirantos |
Nikèn Malarsih alon dêlinge |
sadayanya ingkang sami prapti |
yèn wus sami bukti |
mugi ingkang mujud ||

133.
Atugura banjur aywa mulih |
jroning gawe kono |
padha bumènana dhewe-dhewe |
myang rarywalit kang manganggo sami |
dimène nèng riki |
aywa na kang mantuk ||

134.
Krêbèn dolan padha rare alit |
samuha tinonton |
amuwuhi srine jroning gawe |
kang liningan tan sawalèng kapti |
dhasar tyas kadyèki |
nêdyèng sami tugur ||

Jilid 6 - Kaca : 14

135.
Wus pinatah patah sadayèki |
karyane pra-wadon |
pan binagèn cukup sadayane |
wusnya nutug aluwaran bukti |
barêkat pinaring |
-ngakên marang batur ||

136.
Kinèn ngulihakên rencangnèki |
rumat sadaya wong |
nulya sami bubar andum gawe |
rare dolan sapurugirèki |
ting sariwêd asri |
srining kang pandulu ||

137.
Gêdrah gumêdêr pating jalêrit |
miwah kang dènêmong |
ingaringan sindhèn mrih lulute |
rare kang rada gêdhe abênthik |
tujon cirak ubris |
gangsingan arubung ||

138.
Kang tamburan kêndhangan (n)dharindhil |
tut-êntutan konthol |
myang plêmbungan pitik pinidak thèt |
mêksih samya ngangge-angge rukmi |
ting pancorong kadi |
brana sinêbar byur ||

139.
Kèh kang nangga sêga anèng takir |
sinambi guguyon |
langkung suka tanpa rungyan rame |
tan wus ucapên sakèh rarywalit |
kang sami (n)dhatêngi |
nunumbang andulur ||

140.
Tiyang jalêr dhatêng Kyai Bayi |
pra jalêr kemawon |
ingkang èstri samyèstri kature |
tan kaliru sumbang ingkang prapti |
yata Kyai Bayi |
nèng pêndhapanipun ||

141.
wontên tiyang titiga kang prapti |
sami ambêlowos |
nanging mathis kabèh tapsilane |
Kyai Bayi tanya sira ing (n)di |
matur kang sinung ling |
kawula ingutus ||

142.
Putranta (n)Jêng Kiyai Dipati |
maringakên uwos |
kawan atus pitrah ing kathahe |
mesa pitu lêmbu wolu nênggih |
lan sêdasa kambing |
bèbèk ayam nyatus ||

143.
Kang punika katura (n)Jêng Kyai |
pisungsung supados |
dadosa lothung kemawon mangke |
kagyat Bayi Panurta nglingnya ris |
sun narima inggih |
mungguh ing Hyang Agung ||

144.
Nulya sinugata kinèn bukti |
wus tutug linorod |
cinarik mring rencangira kabèh |
pan warata tuwuk sadayèki |
nulya caraka tri |
pamit nyuwun mantuk ||

Jilid 6 - Kaca : 15

145.
Tan linilan kêdah adrêng pamit |
wusana rinojong |
nulya nêmbah lèngsèr sing ngarsane |
yata kang nèng dalêm Ni Malarsih |
mangkana kalaning |
wontên kang martamu ||

146.
Ni Malarsih ambagèkkên nuli |
kang tamu tinakèn |
karyanira kang liningan ture |
utusane (n)Jêng Kyai Dipati |
Wirasaba nênggih |
paring arta satus ||

147.
Dhawuhipun dhêdhêmitan paring |
putukoning lombok |
sabab nora wèh wêruh marene |
yèn aweha wêruh marang mami |
(ng)gonne duwe kardi |
sadaya sun-sangkul ||

148.
Ni Malarsih (n)jêtung aningali |
ing reyal sakanthong |
nora nyana kadhatêngan gandhèk |
narima mring rijêkining Widdhi |
saèstu Ki Bayi |
ing mangunahipun ||

149.
Wus tinampan arta mring Malarsih |
anulya sinugoh |
wusnya nutug nadhah sugatane |
tan antara caraka nulya mit |
ingandhêg tan kenging |
sigra lèngsèr laju ||

150.
Kyai Bayi Panurta nimbali |
mring kang garwa gupoh |
praptèng ngarsa alon andikane |
tampanana lagya na rêjêki |
paringe dipati |
bêras patangatus ||

151.
Kêbo sapi suwap lan kêbiri |
bumbu lan bon-abon |
Kangjêng Kyai Dipati paringe |
calêngêpan bae apêparing |
miwah kang tinuding |
ngangge sarwa kluwuk ||

152.
Nora kêna sunandhêg (n)dang mulih |
mung mangan sunsugoh |
sapi wolu kêbo pitu kèhe |
lawan bèbèk ayam myang kêbiri |
kang garwa mèsêmi |
mring raka umatur ||

153.
Kawula mèh marêg nuntun Kyai |
animbali mring ngong |
kula inggih makatên tan pae |
wontên utusan èstri satunggil |
Kangjêng Ki Dipati |
paring arta satus ||

154.
Ingaturkên arta satus ringgit |
Ki Bayi anjomblong |
gèdhèg-gèdhèg muwus uwe-uwe |
dene akèh têmên paparingsih |
desun tan ngaturi |
uninga malêbu ||

155.
Kang santosa lulusing kamuktin |
kasuding Hyang Manon |
ananjèhkên ing panarimane |
muga-muga Kangjêng Ki Dipati |
winalês ing Widi |
kabukaning ngèlmu ||

Jilid 6 - Kaca : 16

156.
Kang santosa lulusing kamuktin |
ing donya praptèng (n)don |
wusing dodonga sukuring tasbèh |
subkan Allah ngala palalihi |
rijèku apihi |
wa bil ngibadarum ||

157.
Wus mangkana nulya animbali |
ingkang rayi karo |
Ki Panukma lawan Panamar-e |
praptèng ngarsanira kang raka ngling |
pasumbang kang prapti |
kêbo lawan lêmbu ||

158.
Banyak bèbèk ayam swap kêbiri |
pêragatên gupoh |
sarupane ya olahên kabèh |
iku sidhêkahe (n)Jêng Kiyai |
Dipati pêparing |
ingong kaum-kaum ||

159.
Ki Panukma bibisik kang rayi |
wus rêmbug wong roro |
alon matur kang rayi kalihe |
lamun parêng karsane (n)Jêng Kyai |
pinragat sapalih |
sapalih kang kantun ||

160.
Yèn sadaya kathahên ngubadir |
pinragat kêsompok |
ingkang kantun kangge sapasare |
putradalêm Mongraga manawi |
wontên nêring wingit |
adhikiran Mulud ||

161.
Ki Bayi wus parêng turirèki |
umundur ari ro |
rinampungan parentah nêmbêlèh |
wus pinurak sakathahing pri santri |
mring pawon (n)dalidir |
kang samya sung-usung ||

162.
Tangi malih kang anambut-kardi |
gumêrah ing pawon |
ubrês umrês myang sinêngkakake |
carub santri kaum nyai-nyai |
lah-olah ngramèni |
kabèh bantu-bantu ||

163.
Banyu kayu kayu-kayu tuwin |
ingkang ambêlandhong |
ting grathok blag-blug prak-prêk sruk srèng |
srang-srèng krècèp ting krêcêp karêncip |
mambu anyir gurih |
lir gêreh gumuruh ||

164.
Kathah solahe kang ngrêratêngi |
gêgêlakan kang wong |
para santri tan ana wangêne |
amêmangan angganda cip-icip |
angiras nyênyangking |
ambuntêl kêkêmul ||

165.
Akèh kêmlêkarên para santri |
kuwarêgên (ng)gado |
(ng)gadho kalak sa-ênggon-ênggone |
kalak daging tungtut lawan ati |
ginjêl myang kikisi |
pênthul sandhung-lamur ||

Jilid 6 - Kaca : 17

166.
Pondhok kêbak kalak ting salêmpit |
anèng rênggang-rênggong |
mêntah matêng akèh meme dhèndhèng |
lir punagi agahan tan wigih |
gagah wêgah ngaji |
amung ngaji pupung ||

167.
Ana santri sawiji kang sakit |
andheprok nèng pawon |
sèndhèn tumpang alêmpêng lêmpènge |
pan andomble (n)dalole mandêlik |
mlêmbung wêtêngnèki |
mutah-mutah wurung ||

168.
Binabayang mring kancane santri |
ginawa mring pondhok |
pan wus siyang ing wanci têngange |
Kyai Bayi nuduh santri Luci |
kon ingon-ingoni |
mring wong-wong sadarum ||

169.
Wus warata dènnira ngingoni |
jalwèstri kumroyok |
wusnya nutug dènnya nadhah kabèh |
kongsi bêdhug andhêrêndhêng muni |
nulya dènkênthongi |
salat wêktu Luhur ||

170.
Kyai Bayi salat maring masjid |
angimami Lohor |
wusnya bakda bubar santri kabèh |
Kyai Bayi kondur mring pandhapi |
pêpak kang para ri |
Jayèngraga ngayun ||

171.
Miwah para lurah santri-santri |
nèng ngarsa tuwa nom |
angandika Ki Bayi dhawuhe |
padha adandana kang prayogi |
sarèrèhanèki |
ingkang mungguh-mungguh ||

172.
Iya saduwèk-duwèkirèki |
samya nganggo-anggo |
tuwin padha muliha dènage |
matur sandika sadaya sami |
mundur saking ngarsi |
para pinisêpuh ||

173.
Tan wun sakenjing kang sami prapti |
nyumbang lanang wadon |
yèn wus nyumbang ing jro saulihe |
lajêng nyumbang marang Jayèngwèsthi |
sakadarirèki |
mangkana sadarum ||

174.
Yata ingkang anèng dalêm wingking |
kang lagya binonyo |
Tambangraras badhe pinangantèn |
pinahyasan marang ingkang nini |
sarira kinisik |
pan lagya linulur ||

175.
Ing bras têmu lan kêningar tuwin |
asêm pupus laos |
sinalusur lalar pênglulure |
cèthinira Cênthini tan têbih |
pan sakesuk uthi |
ngladèni abikut ||

176.
Wusnya tutug panglalarirèki |
kinèn sira gupoh |
siram marang ing patirtan age |
Ni Cênthini ingkang nglêladèni |
ngosoki barêsih |
sawusira adus ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (00) Isi Jilid 06
  • (02) Kaca 18 – 33 >