Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

 (02) Kaca 18 – 33

 

( Pêngantèn putri Kèn Tambangraras dipundandosi )

2. Pêngantèn putri Kèn Tambangraras dipundandosi, wiwit dipunlulur dening abdinipun nama Cênthini, lajêng dipunpaèsi engga dipundandosi sakalangkung èdi. Abdi Cênthini dipundandosi minangka patah. Ki Bayi Panurta lênggah ing pêndhapi ngagêm sinjang kêling, sabuk sindur ngagêm jubah pêthak jangkêp dalah tasbèh tuwin golokipun, kulukan bathokan. Garwanipun Ni Malarsih ngagêm pantês, sinjang sêmbagi ijêm, kasêmêkan sindur. Para kulawarga sami mangangge sarwi endah. Para tamunipun kalêbêt para dêmang, lurah lsp. tuwin pangulu sarta para santri sami mangangge sarwi mirunggan ing sagadhahipun. Busana manekawarna damêl asrining pasamuwan. Pangantèn kakung Sèh Amongraga mangagêm sarwi pêthak, kulukipun ugi pêthak, ngasta tasbèh manik toya, tanpa golok. Pangantèn kakung saking griyanipun Jayèngwèsthi, kairing para sadhèrèk kulawarga sarta para santri kathah, kanthi têrbangan. Para pangiringipun mangangge mawarni-warni anambahi asrining pahargyan. Sadaya agêman manut jamanipun lan tatacaranipun.


Kaca 18 - 33


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 6 - Kaca : 18

357 Mijil

177.
Apasatan sinjang seta nuli |
wangsul prapta ing (ng)gon |
gya ingulik kinirab rikmane |
pan winiwir jinêbadan amrik |
rema mêmak wilis |
apanjang ambakung ||

178.
Wus ingêjum kang ura sinuri |
ingimpun sinerong |
pan kinêlun sinêkaran oncèn |
-oncèn anggitan gambir mêlati |
minangka pêmilih |
bêbalunging gêlung ||

179.
Wèni tinrap tinata dènapti |
pangulahira lon |
wus ingangkah katêmu sêdhênge |
nora mudhêng linus ing susuri |
ing ukêl tan apik |
gêlung sèntêg kukuh ||

180.
Padha bote lulungsèn nêngahi |
pan mungsêr anggandhok |
kinêlaban jinum pinalêthèk |
surat-surat ing puspita kengis |
lir sudama mingip |
amêmiyak mêndhung ||

181.
Nulya Cênthini kinèn maèsi |
sarwa-di kinaot |
nênggih badhe kinarya patahe |
pinahyasan lir pangantèn yêkti |
amawi pipidih |
cicithak cêcênthung ||

182.
Lagya gêlungira ingkang uwis |
sinarèhkên aso |
yata Kyai Bayi Panurta-ne |
pan pinarak anèng ing pandhapi |
nyampingira kêling |
sarung tabur-tabur ||

183.
Apaningsêt sindur amantêsi |
apipinggang cathok |
golok suwasa mêrjan tasbèhe |
arasukan jubah leja abrit |
kotang kipêr putih |
kancing mirah mancur ||

184.
Kuluk bathokan bêludru langking |
ancêpe dhinoyong |
kanigara rinêngga balênggèn |
acêripu samak unta abrit |
rinenda ing pinggir |
pan pinaku jamur ||

185.
Ingkang anèng ngarsa Ni Malarsih |
sinjang sêmbagi jo |
asêmêkan sindur wêlakane |
arasukan galêr konus putih |
supe tajug siji |
wuri karo mantu ||

186.
Ni Turida alungguh rêspati |
sinjang limar ijo |
asêmêkan udaraga adèn |
rasukanira sêmbagi putih |
kacu gumbaya brit |
kênarèn mas luru ||

187.
Gêlung sêdhêng lulungsèn tinitih |
ing sêkar argulo |
asusupe mirah intên sêlèn |
kananira Nikèn Larasati |
sinjang cindhe wilis |
kasêmêkanipun ||

Jilid 6 - Kaca : 19

188.
Plangi tumpal podhang ngingsêp sari |
pan rinenda mompyor |
Harja rasukan sêmbagi jêne |
corakira kayu anyang rêmit |
talêkêman adi |
supe intên tajug ||

189.
Atêtasik sumilak arêsik |
agêlung kêkêndhon |
pan atitih cêpaka lan ronne |
wingking tarap sakulawargèstri |
pangangge mawarni |
samya mubra-mubru ||

190.
Ni Sumbaling tapihe sêmbagi |
mindho-ibang pêlong |
kêmbên sindur sêsêr li-aline |
lang-alang sakampung kalih sisih |
ngampil tas tan têbih |
lan buntêlan rukuh ||

191.
Ki santri Luci dènbusanani |
amubru amarong |
wuwuh cèkèh abêsus mênjete |
pan abêbêt kêling golang-galing |
kopyah baludru brit |
ikêt adu mancung ||

192.
Mencong prandene dènkuwuk mlirit |
jêplakan lir anthok |
bathik bang ngarab têpèn pinggire |
mèrèt ngarêp wae urut alis |
klambi krêstin abrit |
singsêtan asaguh ||

193.
Binalênggi ing renda sanyari |
linincis amompyor |
bênik malunthungan gêdhe-gêdhe |
sabuk cindhe wilis renda kuning |
rangkêp kotang putih |
bênike karêpu ||

194.
Anyothe golok balongsong rukmi |
têsbèh mote ijo |
sinampirkên ing golok amoncèr |
sruwal panji-panji kancing dhasi |
têkên cis cinèt brit |
ngadhêp anèng pungkur ||

195.
Nulya Ki Pangulu Basarudin |
prapta anjêmperok |
pan ingiring modin mêrabote |
Talabodin Nur Sukidin Jali |
Pranaita tuwin |
sarèrèhanipun ||

196.
Ing Pakauman sadaya ngiring |
samya amêrabot |
saduwèke angêtog pangangge |
bathik lurik ingkang sugih kêling |
golok kris rinukmi |
angiring gumrudug ||

197.
Ingkang (m)bêkta epok lante êcis |
cêripu paidon |
Kyai Amad Diman Amad Jubèr |
Mad Dullah Amad Kahar Mad Tahir |
Amad Jaelani |
Mad Badir Madênur ||

Jilid 6 - Kaca : 20

198.
Amad Kora Mad Kapas Mad Kupi |
Mad Lubi Madanom |
Amad Sraya Mad Duryat Mad Bae |
Amad Isan Mad Rawi Mad Supi |
Mad Kabir Mad Sahir |
Mad Unus Mad Suyup ||

199.
Sami anggêrêbêg anèng wuri |
wong salawe golong |
Kyai Kampuh kawung kêtunggènge |
sabuk wêwiron putih tinêpi |
akris pêndhok putih |
landhèyan ambêthut ||

200.
Arasukan sêmbagya lus abrit |
lorog blorong-blorong |
têsbèh gênitri sèwu kathahe |
dènubêtkên ing golok sumampir |
binalongsong rukmi |
pan minangka wêdhung ||

201.
Kotang putih kancing mirah abrit |
srêbèt krêstin ijo |
ngawêng ngiwa-nêngên ing pungkure |
amung sêla gandar Mêkah adi |
nèng pundhak sumampir |
kêthune ngêndhukur ||

202.
Pandhan binêthok agêng angêndhil |
lir cangkoking keyong |
lêmungsire pinuntir ngaloncèr |
mungsêr anjêprak nglèwèr nèng wingking |
jêmbraking pipinggir |
pan kinayu-apu ||

203.
Andhap agêng Kyai Basarodin |
lêmu angêlombroh |
jenggod panjang wus sumambêl wijèn |
pan amêwok aberok nglênggirik |
nglêmbêrêg mêdèni |
anglir bara-budhur ||

204.
Talabodin Nur Sukidi (n)jagi |
Pranaita kêthon |
modin mêrbot sami pênganggone |
dodod kawung kêmplang sabuk putih |
kulambi sêmbagi |
abrit kêthu biru ||

205.
Wong Kauman tan ana mênèhi |
samya akêkêthon |
Ki Pangulu prapta pandhapa ge |
atur salam mring (n)Jêng Kyai Bayi |
wus tata alinggih |
nulya ingkang rawoh ||

206.
Ki Suharja wau ingkang prapti |
kampuh genjong ijo |
sabuk renda kuning byur gombyoke |
dhuwung alandhèyan miling gadhing |
ajubah sêmbagi |
dhasar coraking lung ||

207.
Kotang putih kancing crêmèn rukmi |
asêbe mur biron |
kuluk kêstup srêbanipun jêne |
acêripu têkên jolang abrit |
têsbèh candhana gi |
lêlawêdan arum ||

Jilid 6 - Kaca : 21

208.
Pan ingiring sarèrèhanèki |
kriya sadaya wong |
samya ngêtog busana pamère |
anut basahan sarêban sami |
pan awarni-warni |
ing saundha-usuk ||

209.
Ki Supara Ki Noja Ki Amin |
Nong-nong Banda-bonong |
Ki Budiman Taman Wrêga-jahèt |
Ki Wêrdadi Candra-tumpe Kabir |
Baudin Pasari |
Malangsari putu ||

210.
Malangjiwa mantu Kêmbang-kuning |
Sêkar-pêthak Bêkong |
Ki Garuta Sura Sawo Kurnèn |
Ki Baidin Canthur Baga-widik |
gumrudug angiring |
kèhe têlungpuluh ||

211.
Prapta sadaya anèng pandhapi |
nêmbah tata lunggoh |
pan atarap wong kriya wurine |
Kyai Bayi mèsêm aningali |
sajake kang rayi |
nulya ingkang rawuh ||

212.
Wiradhusta kampuhira bathik |
parang-rusak barong |
sabuk renda putih klèngkam jêne |
dhuwung landheyan gadhing sinêmi |
wrangka ladrang kêndhit |
pêndhok swasa mancur ||

213.
Arasukan kudhèdhar nêlahi |
sêbènira kêstop |
baludru brit linincis kotange |
kuluk cêmêng srêban krêstin abrit |
binara mas ngrawit |
têsbèh akik wungu ||

214.
Acêripu lapis bêludru brit |
rinenda wêwêngkon |
pan ingiring sakèh rèhrèhane |
wong kang bukak warung sadayèki |
Kyai Jagapati |
Ki Mêndhang Ki Gugut ||

215.
Drêmayuda Gopa Polong Kêcil |
Pathi Singabarong |
Lambakrêta Gandhang Canthing Konthèng |
Ki Trênggunêng Jabar Jubir Kadir |
Gulêng Kulah Mêrdi |
Gathik Sole Gathuk ||

216.
Tiyang tigangdasa sadayèki |
gumarudug golong |
Wiradhustha prapta pandhapa ge |
nêmbah ing raka tata alinggih |
Kyai mèsêm mèksi |
mring ari kang rawuh ||

217.
Ki Panukma prapta kampuh kêling |
pêlong bangun teplok |
arasukan kêlenthang binêsèt |
sabuk renda kris landhèyan gigi |
pêndhok suwasa di |
têsbèh balung dhuyung ||

Jilid 6 - Kaca : 22

218.
Akotang kancing magori kêndhit |
sebe brit mantlas top |
kuluk bêludru wilis balênggèn |
srêban jênar pan binara putih |
cripu sêngklat langking |
pan rinenda wêngku ||

219.
Sarta ingiring rèrèhanèki |
wong jagal ngon-ingon |
sawarnaning blantik sato-iwèn |
Kyai Rêban Jêbad lan Kasturi |
Kyai Pusparagi |
Rêmbên Tali-datu ||

220.
Pusparana Kyai Puspajali |
lawan Taliwangkong |
Puspajiwa Kyai Talimonce |
Taliambên Tali-kêmbang Tali |
-gundha Talisutri |
miwah Talitêmbung ||

221.
Kyai Talibancak Talipranti |
lawan Talibandhong |
Talisêntagèn lan Taligodhèg |
Talirante Kyai Pêt Ki Pêtri |
Balongsong Prêmadi |
Jadrêma Ki Gêmbung ||

222.
Tigangdasa karèrèhanèki |
samya amêrabot |
prantèng pandhapa nêmbah wus linggèh |
Kyai Bayi ningali mring ari |
suka tyasirèki |
anuntên kang rawuh ||

223.
Ki Panamar kampuh limar abrit |
tumpal ijon-ijon |
apaningsêt èpèk renda jêne |
dhuwung alandhèyan cula miling |
pêndhok bunton ngunir |
têsbèh kincang mancur ||

224.
Arasukan sêmbagya lus kuning |
corak woh sadhompol |
kotang putih kancing mas sêrunèn |
sêbe gambar Arab latar putih |
kuluk êmur kuning |
sarêban gadhung byur ||

225.
Acêripu gêgêmukan kuning |
pasaja inganggo |
sarèh-rèhanira ngiring kabèh |
samya ngangge kêling warni-warni |
wong atandho sami |
sadaya tripuluh ||

226.
Imayuda Sampura Cêlari |
Wiragati Drêbos |
Mêrtigala Kalang Guling Pèrès |
Gombak Kêmbak Murah Mandra Dhimpil |
Pênjalin Walulin |
Rêmbêt Condhong Sampur ||

227.
Anggadipa Rêmbên Mara Rindhik |
Guntang Ganggong Boyo |
Sombong Songsong Mure Mori Gêbèl |
Rênggang Muncar Angga Pura Kêling |
Grago Rênggong Sêling |
Ki Galêndhêng Dhampu ||

Jilid 6 - Kaca : 23

228.
Nulya prapta ing pandhapa nênggih |
nêmbah tata lunggoh |
tarap anèng wuri jèjèr linggeh |
Kyai Bayi suka myat ing ari |
samya amriyayi |
nulya ingkang rawuh ||

229.
Kulawirya kampuhe mênèhi |
jingga pinaraos |
pan rinenda mubêng myang barane |
pan sagêblog èpèk renda putih |
kris landhèyan rukmi |
kraèng ngunggut-unggut ||

230.
Kodhok kasingsal cancut ancangcing |
cèkèh-cèkèh cekoh |
ngumbar kunca ngêdhèdhèr ambancèr |
akulambi jobah limar wilis |
baludru bangun jing |
bordhir kotangipun ||

231.
Alancingan cindhe panji-panji |
pinarada porong |
têsbèh sèwu jênangan sêlinge |
ingubêtkên tinon amênthalit |
kêthu putih ngêndhil |
ambawang sabungkul ||

232.
Lumungsir lir uwêring bêkiking |
anjêprak wiwiron |
ngoncèr panjang ngalèwèr wurine |
pan dèn-kayang mênganggo mrih mêncil |
tan mambu ngulami |
larasing bakikuk ||

233.
Pan dèniring sarèhrèhanèki |
wong Kêtandhan golong |
samya kêmbangan kabèh dodode |
akêkêthon kadya lurahnèki |
jor-joran mawarni |
kabèh têlungpuluh ||

234.
Ki Sêntana Witana Wira Ki |
Wiaga Ki Winong |
Purwaka Purwangga Angga-thethe |
Prabadrana Prabajaya Rubil |
Mangundrana Paris |
Kêblak lawan Dhapur ||

235.
Ki Pandhu Tarumpaka Wirangi |
Ki Dhèmês Sêlobog |
Ki Pandêlêm Sumbrèng Kêbak Jolèn |
Bamban Eka bawèn Moga-pênggik |
Bancang Wora-wari |
Dhêmpêl Kuwêl Mandhul ||

236.
Prapta anèng pandhapa anuli |
nêmbah nulya lunggoh |
Kyai Bayi angguguk guyune |
langkung suka dènnira ningali |
mring kang rayi-rayi |
sukur ing Hyang Agung ||

237.
Nulya ingkang pra santana prapti |
samya amêrabot |
Ki Sêmbagi jumênêng lurahe |
kulawarganira Kyai Bayi |
misan mindho sami |
prênah anak putu ||

Jilid 6 - Kaca : 24

238.
Kawandasa ingkang kulit-daging |
kang tunggil bêndhoyot |
Ki Sêmbagi praptèng pênyampinge |
sarung lurik alus Bugis abrit |
jubah ginggang lurik |
kotang bênik biru ||

239.
Kuluk bêludru bang binalênggi |
udhêng-udhêng ijo |
têsbèh jênangan nyampir goloke |
Ki Jumêna nyamping sutra gringsing |
sabuke walulin |
klambi krêstin wulung ||

240.
Kuluk bêludru wungu tinêpi |
udhênge kamanyon |
têsbèh bathok nyampir ing goloke |
cripu linapis sangkêlat abrit |
pra santana wuri |
ngangge rêbat unggul ||

241.
Kyai Panjangjiwa Ki Kalithik |
Ki Cothak Malangbong |
Ki Lawatan Ki Andhamohine |
Ki Jêmpina Pandaya Panjari |
Ki Jakrêndha Ki Cèk-yik |
Kyai Kinjêng-Kupu ||

242.
Kyai Dhoplang Jamblang Bênthang Bênthik |
Ki Bapang Bêlongsong |
Ki Pangirat Krêti-sêdaya-ne |
Kyai Sukadana Sukanandi |
Ki Gêmblak Cêlari |
Ki Kutur Ki Lêngkur ||

243.
Kyai Jalipura Surantani |
Ki Dhadhapan-gonjong |
Unggantake Unggadua Sêlèn |
Kyai Jongkang Padhang-bulan Bêning |
Ki Mangkurah Kunci |
Kyai Jagasatru ||

244.
Cakrawêdhug Ki Panjalin Mubin |
Jalasutra Bobot |
Ki Rumbaya Rumbaka Ki Bangèn |
Ki Dhokerok Jêmbangan Wêrdati |
Ki Tawêng Cêraki |
Kyai Dhampu Banung ||

245.
sarêng prapta kêtêping pêndhapi |
samya lênggah lunggoh |
Kyai Bayi suka sokur tyase |
aningali santana mêpêki |
karaos ing galih |
(m)bêrêbêl ingkang luh ||

246.
Ketangsih kamurahaning Widi |
rahmating Hyang Manon |
rinêjêkèn sakulawargane |
sawêngkoning ing Wanamartèki |
sadaya pinaring |
rêjêki Hyang Agung ||

247.
Anor driya anggrus ingkang galih |
kumêmbêng waspa non |
pira-pira sokur pandongane |
nulya para sudagar kang prapti |
karèhing Jèngwèsthi |
asarat malêbu ||

Jilid 6 - Kaca : 25

248.
Kyai Tajêm Ki Jêngjêm Sumêndhi |
Ki Partima Sendrong |
Pak Rajiyah Pak Tijah Pak Mèdèng |
Pak Mujiyah Pak Rumiyah Rajin |
Salbiyah Pak Widi |
Ki Cênthing Pak Canthur ||

249.
Ki Samirah Pak Murah Pak Kitri |
Pak Basiyah Gombong |
Pak Jumilah Jumiyah Pak Pèrès |
Pak Kabirah Pak Nakirah Kobis |
Pak Wijah Pak Siti |
Pak Kunthing Pak Jungkung ||

250.
Pak Borerah Sajiyah Pak Suci |
Pak Parah samêngko |
Pak Sariyah Pak Tomas Pak Bèsèr |
Pak Banikêm Pak Trikêm Pak Kêmis |
Pak Surêm Pak Rimbi |
Pak Garêm Pak Rêmu ||

251.
Samya ngangge sasênêngirèki |
ting prêngangah mompyor |
mung Pak Rajiyah tan pati ngangge |
sarwa lungsêt kewala tur rêsik |
sabuk wlulang langking |
cathoke pêrunggu ||

252.
Praptèng pandhapa samya ngabêkti |
tata samya lunggoh |
nulya pra lurah santri praptane |
sarèh-rèhanira santri-santri |
pangangge mawarni |
ing sadarbèkipun ||

253.
Ingkang srêban dhêng-udhêngan tuwin |
ikêt myang kêkêthon |
sacaraning ngulama bêsuse |
saduwèk-duwèk kang dènsimpêni |
samya dènanggèni |
wênèh kang nênambut ||

254.
Ting bilulung pan silih-sinilih |
myang kang liron anggon |
ana santri tan olèh nyênyilèh |
(n)jajah omah kawanuhanèki |
mêksa datan olih |
mupus nulya masuh ||

255.
Wênèh santri kaboyung nênilih |
kabutoh mimisoh |
wingi mula ninilèh tan-olèh |
kawanuhan kang wus luwih bêcik |
myang sanak pribadi |
cumpêt nora antuk ||

256.
Ih ya talah wong wus têpung bêcik |
tan ngandêl maring ngong |
dene-dene tan katon aduwe |
lir tumingal bangsat maring mami |
panêdhaku nuli |
gegera kang rusuh ||

257.
Krêbèn modar susah olèh ngili |
kêjaba mangkono |
iku kèlingan mring si mêngkene |
padha dene mungguh Allah iki |
jare murah asih |
dene ki wakingsun ||

258.
Tan pinaring kamurahan mami |
de tan beda ingong |
nêmbah muji ing rina wêngine |
êndi ganjarane murah-asih |
adil tlênong-tlêning |
adile (m)barênjul ||

Jilid 6 - Kaca : 26

259.
Kêdumêlan muring-muring sami |
nangis anggêlolo |
pan mêndhokol sabithi atine |
nulya wontên kang santri nyilihi |
lungsêd dèntampani |
agupuh winasuh ||

260.
Pan kumêrab para santri-santri |
sarèh-rèhan golong |
para lurah dadya pangarêpe |
Ki Murtala Ki Murtaja Murjaki |
Bagus Jaelani |
Gus Suleman Yusup ||

261.
Gus Jamjani Arpani Tabrani |
Bêlawi Gus Unoh |
Gus Yahya Gus Suhada Gus Juhèr |
Gus Ngaripin Masin Mukin Yasin |
Janodin Ngabidin |
Sarapdin Gus Jadhug ||

262.
Gus Juakir Ngajujir Gus Kanjir |
Wajir Tamin Naot |
Gus Tapyani Johari Gus Jahèr |
Bahri Bahwi Kanawi Tukrani |
Gus Tayib Gus Brahim |
Gus Yunus Gus Tamsur ||

263.
Gus Dawud Dulsungur Dulmudangi |
Dulkabir Dulkaop |
Dulkahar Duljalal Duljalalèn |
Dulkami Dulkamid Ngabdulgani |
Dulkamil Dulmuhyi |
Dul Subur Dulgapur ||

264.
Dulsukur Dulkulur lan Dulbasir |
Dultaksir Dulsura |
Dulmansur Duljabur Ngabuljaèt |
Nurjani Nurngali Nurkamali |
Nurani Nurbani |
Nuriman Nursuhud ||

265.
sarêng prapta para santri-santri |
nêmbah tata lunggoh |
apan ora jèjèr jêjêl bae |
Kyai Bayi mulat ing pra santri |
arahab tyasnèki |
nulya ingkang rawuh ||

266.
Jayèngraga kampuh cindhe abrit |
pinarada mompyor |
pan baludru burdiran èpèke |
curaking lung sinungkèt ing lung brêji |
Klengkam banyu manggis |
ginombyok borliyun ||

267.
Acêlana putih pinrada-sri |
kêpoh tundha mêdhok |
mungsêr ngayu-apu talibane |
wêwalikan sindhêtan mêlipit |
pirid lambung wingking |
turut adu-mancung ||

268.
Têpung mathis lan panêngênèki |
muwêr nyangkok keyong |
buntaring pasingsêtan lungsene |
jèrèng lir laring walang walêri |
acangcutan inggil |
sanginggiling dhêngkul ||

Jilid 6 - Kaca : 27

269.
Kodhok kabêsèt anyatriyani |
sacêngkang angongkang |
wiron sêmbulihan pangasihe |
sipat polok sandhungan amiwir |
anggubah winingkis |
sêseronganipun ||

270.
Wêwalêran tan ana ngalêngkin |
mêkar ambêdhodhok |
ngumbar kunca winiru tan têpèn |
ambêlarak nêrampat ing siti |
panjanging kunca sri |
tigang asta landhung ||

271.
Kris landheyan tayuman sinêmi |
kandêlan mas bunton |
wrangka timaha pèlèt sêmbure |
tan rasukan akokonyoh kuning |
abadhong sungsun tri |
tinatur mas tatur ||

272.
Binggêl kilat bau anting-anting |
pamêkak bêbangkol |
uncal rante udawalane |
agêgongsor cêrapang pinodhi |
atêkês mawingit |
ajajamang sungsung ||

273.
Kinarang-mêlok mêntul hèrthathit |
sinalon kêkupon |
garudha ngrêmpa mêkak wurine |
Harja sumping puspa krêna rukmi |
inguncèn mêlathi |
myang gêgombyok dhuwung ||

274.
Apêpaès imbane pinirid |
alungit mucuk dom |
sugih liring kêsit iribane |
brêngos kêtug têpèn lir minangsi |
pasêmon maringgit |
abagus lir Wirun ||

275.
Pan dèniring sarèh-rèhanèki |
kabèh para bagor |
samya têkês kabèh sêsumpinge |
gêlang kilat bau anting-anting |
rapèk kunca kalih |
bangkol akêkalung ||

276.
Borèh kuning sruwal panji-panji |
kris pêndhok mas bunton |
patra êmas mengkol ukirane |
oncèn tibèng dhadha sêkargambir |
anggêrêbêg asri |
tiyang pitulikur ||

277.
Crêmasana Widiguna Widi |
-lêksana Bintaro |
Gandasana Gandataruna-ne |
Gandabaya lawan Gandasanggit |
miwah Gandasasi |
Gandamara arum ||

278.
Gandatênaya lan Gandawangi |
miwah Gandamirong |
Gandapurwa lan Gandarêsmi-ne |
Gandapuspita myang Gandasari |
Gandaparwa dêwi |
miwah Gandalayu ||

Jilid 6 - Kaca : 28

279.
Gandarêtna miwah Gandalatri |
Gandakriya kang wong |
Crêmalaya Crêmawiraga-ne |
Crêmajiwa Crêmasuta tuwin |
Crêmayasa kawi |
Tunjangkara badhut ||

280.
Ki Nuripin kinarsan ingkang sih |
kinampuhan jonggrong |
akris ukiran patra mêngkole |
sabuk sindur cêlanane kuning |
binorèhan kuning |
sumping oncèh landhung ||

281.
Kopyah mathak rambute jumiwit |
wangunne apego |
santri lugu cinara-priyayèn |
nora santri nora amriyayi |
gundhul ambalindhis |
dhapure anyêpuk ||

282.
Rada sugih wulu Ki Nuripin |
jenggote abrewok |
kinanthilan cêpaka lan ronne |
lawan kinanthilan jangkrik gangsir |
orong-orong bibis |
kowangan kuwangwung ||

283.
Myang wulu cangklakan dènkanthili |
yuyu walang gamboh |
dhadha kinanthilan sambêrlilèn |
gèdhèg-gèdhèg sukêr ting salênthik |
bau malangkêrik |
tan bisa mêringkus ||

284.
Yèn sinapit ing yuyu anjêlih |
ginuyu pra bagor |
prapta ing pandhapa nêmbah kabèh |
Kyai Bayi gumujêng ningali |
mring putra Jèngragi |
ing busananipun ||

285.
Cara duk jamaning Kabulêngkir |
prabote mêngkono |
cingak ingkang nèng pêndhapa kabèh |
eram ningali mring Jayèngragi |
sarwa angalami |
Jawa-Arab-ipun ||

286.
Yata wontên tamu ingkang prapti |
kêkapalan rawoh |
rencang rolas kêkapalan kabèh |
nama Kyai Dêmang Purasani |
ing Pagêrwajèki |
wus nêcêp (ng)gêguru ||

287.
Marang Kyai Bayi Panurtèki |
praptane agupoh |
cinancangan sadaya kapale |
kèndêl anèng paregolanèki |
wus kinèn tur uning |
tinimbalan laju ||

288.
Ngangge prajuritan amanthinthing |
marabot ajarot |
sêdhêng têngah-tuwuh ing umure |
cèkèh cikat rikat amantêsi |
bêbêd nagasari |
sinerong cinancut ||

289.
Sabuk gêdhog biru bara kuning |
apêthat bêbangkol |
arasukan sikêpan lurike |
kancing êmas nanasan angunir |
kotang bêludru brit |
blênggi lincip mungguh ||

Jilid 6 - Kaca : 29

290.
Saruwalira sangkêlat abrit |
panji-panji kaos |
nyuriga kris sinampiran kace |
tali bandhang tas Cina nèng kering |
ikêt modang putih |
basunanda tudhung ||

291.
Sigrak lir jaka nêdhêng birai |
anulya praptèng (ng)gon |
kang linggihan mungsêr samya mire |
wusnya lênggah Dêmang Purasani |
nulya majêng ngarsi |
sumêmbah angujung ||

292.
Angandika aris Kyai Bayi |
lah wus (n)dika lunggoh |
dene kula tan wèh uningane |
niyat ringkês kêndhuri sabithi |
Dêmang Purasani |
nêmbah nuwun-nuwun ||

293.
Inggih mirêng wêrti kala wingi |
mila kula guroh |
apan sarwi nguculi êtase |
mêndhêt arta tigawêlas ringgit |
kawula nyaosi |
patumbasan apu ||

294.
Nulya tinanggapan sarwi angling |
bangêt tarimèngong |
tiyang pintên rencang (n)dika kabèh |
Dêmang Purasani matur naming |
kalihwêlas nênggih |
lancaran agupuh ||

295.
Ki Baywa ngling Alkamdulilahi |
narimèng Hyang Manon |
nulya sinugata sarencange |
arta sinungkên ing santri Luci |
kèn maringkên aglis |
mring Malarsih wau ||

296.
Para Kyai miwah santri-santri |
tumingal agawok |
Kyai Bayi agung mangunahe |
samya pêpuji sukuring Widi |
miwah ajrih asih |
yata kang cinatur ||

297.
wontên tiyang wus sêpuh satunggil |
kaki-kaki reto |
pan minantên ing sadesa kabèh |
dhukuh Pucangan wisamanirèki |
wong Wanamartèki |
jalu èstri takut ||

298.
Myang pêrapat dhusun kanan kering |
punjunge mêrono |
marang pundhèn dhukuh Pucangane |
lêluhure ing Wanamartèki |
samya punjung bêkti |
ngalap sawabipun ||

299.
Kyai Wanahita wastanèki |
wus pikun adheyog |
kaprênah pan kaki ing awune |
eyang uwa ibune Ki Bayi |
mila tan ngaturi |
saking maklumipun ||

300.
Wong wus tuwa mung tinuwi-tuwi |
ing mangkya Ki Jêmpo |
yun uninga ing canggah ningkahe |
kêjumutan sarwi dèn-jagani |
lumampah wus wigih |
kêthuyuk-kêthuyuk ||

Jilid 6 - Kaca : 30

301.
Limar biru wus lungsêt kang nyamping |
rasukan kêmanyon |
kuluk kropak wus lawas sêmune |
udhêng ubêd pisan putih lami |
têsbèhe gênitri |
sabuk tali datu ||

302.
Prapta jroning paregolanèki |
Ki Bayi duk anon |
mudhun gupuh Ki Bayi ge-age |
nyandhak astanira ririh sarwi |
Ki Buyut ngarasi |
mring Ki Bayi wau ||

303.
Mudhun sadaya ingkang alinggih |
sami angrêroyom |
wus pinrênah Ki Buyut lênggahe |
nulya sadaya sami ngujungi |
Ki Bayi ngling aris |
sampeyan puniku ||

304.
Susah-susah pinarak mariki |
wong wis sêpuh repot |
Kyai Buyut Wanahita linge |
mumpung aku iya mêksih urip |
arsa wruha mangkin |
ningkahe canggahku ||

305.
Ki Bayi matur inggih utami |
sawabipun kaot |
angling malih srawungan ing akèh |
langkung sangêt sêpuhe Kiyai |
papantaran tapis |
wus ngajal sêdarum ||

306.
Jaman awal ing Pajang mêningi |
wêruh duk patogog |
cêr-ancêr pagêr kutha kojore |
iba lamine wus kawak uwi |
mulane pinundhi |
ing tiyang sadhusun ||

307.
Langkung rahmad sampeyan puniki |
sarwi atanya lon |
pintên yuswa ing paduka mangke |
Kyai Buyut angling umurmami |
taune sapriki |
wus satus nêmlikur ||

308.
Samyandhêku tumungkul kang myarsi |
pitutur kinaot |
ngungun tyase ngalap bêrkah kabèh |
ya wus andungkap ing Ngasar wanci |
santri magêrsari |
tan ana kang kantun ||

309.
Pêpak sadaya kang dènanti |
Ki Bayi lingnya lon |
apa uwus prapta sakabèhe |
samya matur têlas tan na kari |
(n)Jêng Kyai ngling malih |
Jèngraga sirèku ||

310.
Angirida kabèh para santri |
banjura mêrono |
marang kakangira Jèngwèsthi-ne |
manira laju marang ing masjid |
lan pamanirèki |
tuwin Ki Pangulu ||

Jilid 6 - Kaca : 31

311.
Ingkang putra sandika turnèki |
Ki Bayi nabda lon |
hèh Luci sira rumatên age |
sêsanggan praboting munggah kaji |
Luci matur inggih |
pan sampun sêdarum ||

312.
Kyai Bayi Panurta ngling malih |
mring pangulu alon |
iki pa wus andungkap sangate |
mêngko bakda Ngasar sêdhêng akir |
pêngantène prapti |
ing paningkahipun ||

313.
Ki Pangulu matur aprayogi |
luhung nuntên bodhol |
wusnya parêng bodhol nulya lèngsèr |
Kyai Buyut Wanahita ngarsi |
Ki Bayi angiring |
ing wingking gumrudug ||

314.
Jayèngraga animpang ing margi |
sadaya punang wong |
praptèng pandhapaning Jèngwèsthi-ne |
tan kaliru saurutirèki |
jèjèr jêjêl pipit |
dènnira alungguh ||

315.
Kang lumampah ing masjid wus prapti |
sadaya agupoh |
ngambil toya wulu sawarnine |
binêndungan wêktu Ngasar manjing |
Ki Bayi ngimami |
anutug bakda wus ||

316.
Yata kang wontên kidul winarni |
Amongraga dandos |
sinaosan busana saking lèr |
kalih pêtadhahan kêbak nyamping |
clana kampuh tuwin |
kulambi myang kêthu ||

317.
Wus arêsik sinaratan mawi |
nyukur wulu-kalong |
Nyai Daya juru pamarase |
imba ingimba tanggal alungit |
sêsajènnya sami |
Nyai Daya untung ||

318.
Sira Ki Sèh jamhur Amongragi |
dènnira adandos |
ngagêm sarwa seta sauyune |
nyamping brêtis apaningsêt mori |
rasukan cawêni |
galêr galar konus ||

319.
Kuluk pêthak sarêbannya putih |
srêbèt seta mawar |
têsbèh maniking toya aputèh |
caripunya sinangkêlat putih |
tan karsa nyanyangking |
golok miwah dhuwung ||

320.
Pan solahe auliya wingit |
tan karêm mênganggo |
pasaja karana tulèn |
wutuh auliyanya awêning |
samono prandening |
sokur mubra-mubru ||

Jilid 6 - Kaca : 32

321.
Amongraga cahyanya nêlahi |
amanon yèn tinon |
sabatira Jamal lan Jamile |
pan kinêmbar karo sarwa langking |
sapêngadêgnèki |
pan sarwa wulung byur ||

322.
Jayèngwèsthi pan akampuh bathik |
latar cêmêng ganggong |
sabuk renda putih pan amèpèt |
ngumbar kunca cancut mrak kasimpir |
kampuh tundha apik |
bagus mara sêmu ||

323.
Arasukan ginggang sutra putih |
srêbèt kastup ijo |
kotang akancing mirah sêlane |
dhuwung landheyan cula sinêmi |
kandêlan mas adi |
balewahan sêpuh ||

324.
Kuluk êmur jênar sêbe wilis |
sinêkar argulo |
pan magêri Suleman têsbèhe |
cêripunira rinenda kuning |
kacu gumbaya brit |
lênggah anèng ngayun ||

325.
Tuwin para lurah santri-santri |
kang samya adandos |
wus samêkta ngangge sakadare |
pêpak sadaya uwus miranti |
nulya ingkang prapti |
Panukma Panamur ||

326.
Pan ingiring para lurah santri |
wus tata alunggoh |
nabda aris mring Jayèngwèsthine |
kula ingutus ramanta kyai |
kinèn angaturi |
rakanta sang bagus ||

327.
Jayèngwèsthi aturira aris |
mring kang raka alon |
pan punika wontên utusane |
rama jêngandika angaturi |
mring paduka mangkin |
Mongraga lon muwus ||

328.
Inggih sumangga karsane yayi |
adan nulya bodhol |
sinongsongan ijêm sorot jêne |
santri tata ngurung-urung ngarsi |
miwah kang ngêtêbi |
garêbêg ing pungkur ||

329.
Ingkang anèng ngarsa Jamal Jamil |
lan santri nèm golong |
Jamal Jamil anabuh trêbange |
ukur ngêbêm imbal kêmpyangnèki |
kanêm bawa singir |
lagune alandhung ||

330.
Singirira mung kalimah kalih |
ngalik-alik alon |
sinauran lirihan wong akèh |
pan gumrêmêng rêmpêg pawèh wingit |
ngarsane kang singir |
Jayèngraga bagus ||

Jilid 6 - Kaca : 33

331.
Jêjêl uyêl wong kang niningali |
jalwèstri rêbut (ng)gon |
pan sakesuk mula panontonne |
tumplak lawan wong sadesa kêrig |
pêrapate prapti |
manca-limanipun ||

332.
Kurang ombèr ing paran apipit |
kèh bêthèk abojod |
tan adangu wus prapta lampahe |
anèng masjid agêng wus miranti |
ing panggenan mungging |
pangimanan ngayun ||

333.
Wus tinata jèjèr ing alinggih |
urutan tuwa nom |
tan balêjat apapak dhêngkule |
ingkang lênggah kilèn lèr kiyai |
Wanahita nênggih |
nulya Ki Pangulu ||

334.
Nulya Talabodin Nursukidin |
Pranahita mrêbot |
murit Jaki lan santri Luci-ne |
ingkang lênggah lèr wetan kiyai |
Bayi Panurtèki |
nulya Ki Sèh Jamhur ||

335.
Amongraga lênggah anèng ngarsi |
kinubêng tuwa nom |
lajêng kiwa têngên ing burine |
sila bata apêpêt apipit |
dalah ing surambi |
ajêjêl supênuh ||

336.
Sawusira rèrèh ingkang linggih |
sadaya sakèh wong |
dhêdhêp mênêng tan ana banènne |
nulya Kyai Bayi Panurtèki |
pamuwuse aris |
mring Kyai Pangulu ||

337.
Hèh Kyai Pangulu Basarodin |
angrêsaya ingong |
ningkahêna putraningsun Nikèn |
Tambangraras lan Ki Amongragi |
maskawinirèki |
Kur'an kang aplalu ||

338.
Nulya Ki Pangulu angijabi |
tangawudira lon |
Bismillahi rahman nirakim-e |
ngusikum ngibadallah wanapsi |
wabi takwalahi |
ankahtu wangidun ||

339.
Binta pulanin mintabi mahri |
kada pan mangkono |
ingsun ningkahakên maring Nikèn |
Tambangraras lan Ki Amongragi |
kalawan mas-kawin |
Kur'an ingkang agung ||

340.
Pakênira ngucap angabuli |
Mongraga miraos |
anrima kula ing paningkahe |
Nikèn Tambangraras lawan mami |
mas-kawin Kur'an-i |
ngalim ingkang agung ||

341.
Sarta amuruk ing awal akir |
ahline kêtêmpoh |
dadosa utang kawula mangke |
ing dalêm donya rawuh ing akir |
pangulu nulya ngling |
wa barakallahu ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (01) Kaca 01 – 17
  • (03) Kaca 34 >