Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

 (10) Kaca 71 - 84

 

( Wontên tiyang pitu sami numpak kapal saking Grêsik, Surabaya, Sidayu, Tuban, tuwin Rêmbang )

3. Wontên tiyang pitu sami numpak kapal saking Grêsik, Surabaya, Sidayu, Tuban, tuwin Rêmbang pêrlu ngaturakên sumbangan arta saking para putra muridipun Ki Bayi Panurta. Ing pandhapi lênggah para ngulama. Ki Bayi dhawuh dhatêng Sèh Amongraga supados nêrangakên muradipun kitab Ibnu Kajar. Sadaya sami mirêngakên katrangan bab isinipun kitab wau kanthi dalil-dalil ingkang dipun maknani, bab: lênggahipun rasul, salat sunat, salat wajib lan kifayah sarta fardhu. Lajêng sami dhahar, Ki Pangulu klêlêgên êri tambra, Jamal Jamil suka sarana pamberating klêlêgên sata caranipun nêdha ulam toya kawiwitan saking sirahipun. Sadaya lajêng sami dhatêng mêsjid pêrlu salat luhur. Wangsul lênggahan, Ki Bayi Panurta dhawuh para rayinipun ngupados griya ingkang sae lan pantês kangge Sèh Amongraga.


Kaca 71 - 84

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 6 - Kaca : 71

360 Dhandhanggula

96.
Kalih dene punika manawi |
wontên pandonganipun putranta |
putra paduka kramine |
ing pundi angsalipun |
mantu tuwan besan (n)Jêng Kyai |
manawi ing nagara |
tuwin sami dhusun |
Bayi Panurta ngandika |
inggih (n)dika matur yèn dinangu mangkin |
mêmanton tanpa besan ||

97.
Kula dudutakên olih santri |
santri kang saking Karang Buyutan |
ngumbara kasasar mrene |
dadi manira pupu |
sarta baya wus têkdirirèki |
jodho wallahualam |
karsèng Hyang Maha Gung |
manira datan kuwasa |
gawe dhaup luwih karsaning Hyang Widdhi |
ingong drêmi kewala ||

98.
Samya (n)dhêku pra dutèng ngabêkti |
sarwi miyat sang pinangantyan |
langkung wibawa sêmune |
tan kuwasa andulu |
sanginggiling tênggak (m)blêrêngi |
kamitênggêngên mulat |
marang sang abagus |
mangkana wus sinunggatan |
nulya pamit caraka wus dènlilahi |
nêmbah lèngsèr wus mentar ||

99.
Yata ingkang samya nèng pandhapi |
Kyai Bayi lan para ngulama |
ngususkên têpsir murade |
sadaya sami kadung |
datan pati mêtu muradi |
sami cipta kayoman |
marang sang abagus |
pangantèn Sèh Amongraga |
samyanjurung sumangga ing rèh muradi |
têpsir hakêkatira ||

100.
Kyai Bayi Panurta ngling aris |
(n)dawêg anggèr anak Amongraga |
andika muradi lire |
kitab Ibnu Kajaru |
nulya gipih Sèh Amongragi |
kang kitab gêng tinampanan |
rêkal wus nèng ngayun |
patitis wawacan ilhar |
pamaosing nuju lapal sapinati |
kamli sartu albahra ||

101.
Pidalika wa-al bahri kamli |
sapinatan lajêng têgêsira |
mangkana pangandikane |
mênggah lapal puniku |
pan pêrau anèng jaladri |
wontêna pira-pira |
sarah myang pêrau |
sêgantên tan kenging kêbak |
wa punika kaelokaning Hyang Widdhi |
pêrau mot sagara ||

102.
Sumanggèng karsa kang sadayèki |
miradipun tujêming hakekat |
kang tan pêdhot sarengate |
yèn mêthot sarak kupur |
ingkang mawi lapal puniki |
ing dalil innalaha |
layu gayi ruhu |
inna insani gajiran |
wakulihi sadaka ngabdi pikulli |
sumangga miradira ||

Jilid 6 - Kaca : 72

103.
Kyai Bayi nyanthêng tan kêna ngling |
para sêpuh anjêtung sadaya |
manthuk-manthuk wênèh gèdhèg |
rumaos miradipun |
tuna dungkap ajrih manawi |
tan têpung ing sarengat |
asalayèng kawruh |
dadya ngalênggêr sadaya |
Jayèngwèsthi tansah mèsêm mring kang rayi |
sasmita mathêm ing tyas ||

104.
nênggih Ki Pangulu Basarodin |
Ki Suharja lawan Wiradhustha |
Panukma lan Panamar-e |
Kulawirya pra sêpuh |
sami matur mring Amongragi |
prayogi minuradan |
kang supadosipun |
sadaya angalap bêrkah |
rujukipun ing sarengate ing pêkih |
Ki Bayi nambung nabda ||

105.
Inggih lêrês aturipun sami |
sami talabut lan ngalap bêrkah |
ing mirad pan dèrèng rasèh |
Amongraga tumungkul |
alon matur anyandikani |
anulya pasal murad |
sagara mot prau |
parau upamaneka |
wujuding kawula puniku yêkti |
jêladri upamanya ||

106.
Ngèlmuning Hyang ingkang anglimputi |
tan kêna sad lan tan kêna kêbak |
ing parau myang sarahe |
de ngèlmuning Hyang Agung |
yèn ta lamun dipuntulisi |
kayu ing ngalam donya |
karya kalamipun |
godhong kabèh dadi papan |
samodra gung kinarya-a mangsi maksih |
kèh ngèlmuning Pangeran ||

107.
Murad kaelokaning Hyang Widi |
dalika ngaksu mêngkana pama |
pêrau mot jêladrine |
jalma ingkang wus mashur |
kalbi mukmin baitollahi |
mukmin kang sampun kawas |
wakasun kasiyun |
kang ti nandhang kaluputan |
upamane angin margèng tulup nênggih |
iman tokid makripat ||

108.
Ingkang karsa muji amrih asih |
nugrahaning dad kalawan sipat |
kang êsa ing apêngale |
têgêse tyas puniku |
kang cumadhang karsanirèki |
tyas rohani punika |
sèngga damar murub |
nèng jroning gêdhong wilayat |
apan gêdhong wilayat punika ati |
damar roh rohaniyan ||

Jilid 6 - Kaca : 73

109.
Datan ana patinipun nênggih |
urubipun lan palêtikira |
saking jro gêdhong pancêre |
pancêr lan panthêripun |
ya lailaha ilallahi |
Muhammad Rasullolah |
kang waspadèng kèwuh |
soroting dad lawan sipat |
yèku loroning tunggal kawula-Gusti |
sura lêgawèng laya ||

110.
Kang wus awor tekad lawan ngèlmi |
ngèlmi kang wus manjing maring tekad |
tekad manjing ing badanne |
badan upami prau |
pêrau kang amot jaladri |
jaladri ngèlmuning Hyang |
sarengating Rasul |
tarekating Rasullolah |
hakekating Rasullolah makripati |
Rasul jalawa ngaja ||

111.
Dhêdhêp sirêp tan ana cumuwit |
kang alênggah andhêkêm sadaya |
myarsakkên murat rèntèse |
tan ana salang surup |
lsamya angsal pedah mangêrti |
saking gênah aprênah |
samya manthuk-manthuk |
kabèh angloloyop netya |
saking sangêt pangungunira ing kapti |
kaluhuran ing murat ||

112.
Angling malih Ki Sèh Amongragi |
wakulihi tangala sadaka |
ngabdi pikuli murade |
andikaning Hyang Agung |
sakèh dalêm iya puniki |
ya têkèngsun tan liyan |
inallaha la yu |
-gayiru wa man saian |
satuhune Allah datan angowahi |
mring sawijining titah ||

113.
An insani gariyan riati |
ingkang owah-owah bangsa riyah |
kita piyambak kang sèdhèng |
saking aral tan kiyur |
man lasara ngilman maoti |
têgêsipun sing sapa |
tan dadi kang ngèlmu |
mati bae sajêgira |
nora nana antaranya uripnèki |
dalika paokaha ||

114.
Waman sara ngilman lamaoti |
kayana bayan ing têgêsira |
sapa kang dadi ngèlmune |
urip ing sajêgipun |
nora mati kewala ngalih |
panggonane kêdhatyan |
lawan malihipun |
manda kalapil maota |
najis muna suma sipat turabani |
têgêse lan sing sapa ||

Jilid 6 - Kaca : 74

115.
Wong ingkang manjing ing dalêm pati |
mangka ilang jisim kawimbuhan |
malih sipate Hyang rêke |
ing riku (ng)gyan pêkewuh |
bok tumpangso asalah kardi |
kêdah têrang lan murad |
ywa kanthi katrucut |
amêsthèkakên nèng swarga |
kang dènarsa-arsa mung ngarsanirèki |
lir nagih tanpa potang ||

116.
Kados punapa (ng)gènnipun olih |
wontên rungsite raosing mirad |
tan kenging gagampang lire |
kacênthok duraka gung |
sabab dening gêgampang angling |
tan parah ing sarengat |
mêntah dèrèng kusus |
bilai donya akerat |
kamlêkêrên kawruhe pan ora dadi |
dadak anjêjak sarak ||

117.
Sarak borot kècèr borak-barik |
dadya siya-siya maring badan |
wong kang anggêmpal sarake |
têmah klurung kêpaung |
nadyan bênêr ngèlmunirèki |
yèn maksih tinggal sarak |
sarake (n)Jêng Rasul |
(n)Jêng Rasul punika apan |
sayêktine wus wujuding Gurujati |
jatining rasa mulya ||

118.
Mulyaning dad sipat apngalnèki |
sakathahe ngèlmu lair miwah |
batin myang agal lêmbute |
tan liyan saking Rasul |
mila mring wêwalêr dènajrih |
ing cêgah lawan pakwan |
batal karamipun |
karam ing kawan prakara |
karam tingkah myang karam ing pênganggèki |
karaming pêpanganan ||

119.
Karaming pamuwus jangkêpnèki |
ingkang nêrak pêwalêr punika |
kang karam kapir yêktine |
têgêse pan katutup |
katutupan tan wruh ing yêkti |
kene dènranni kana |
lor dinalih kidul |
arahab maring kang karam |
nora rahab maring kalal kadhangnèki |
tan ana batal karam ||

120.
(ng)Gih punika kopar kupur kapir |
wus mêrojol mêtu saking sarak |
sèjèn agama kapire |
punika kang samyèmut |
ya agampil saking sakêdhik |
kêdhik saya akathah |
padune abubruk |
ngèrèti hukum Pangeran |
jare wênang sêbab kitèki kêkasih |
tinimbang lawan kawan ||

Jilid 6 - Kaca : 75

121.
Kang punika tiyang anggêgampil |
cebol kawruhipun gêlangsaran |
ngèlmu pala wija pèndhèk |
tan kacacah ngalungguh |
pan wus kanas adêgan têbih |
tan kacêlêk ing sarak |
pancèn gêcul ngunthul |
têtêp tiwas ing ngagêsang |
ingkang sami lênggah micarèng jro ati |
dhèmês angganthèt murat ||

361 Kinanthi

1.
Abagus jatmika ruruh |
pasang sêmonne awingit |
pantês trahing awibawa |
wangune angrêspatèni |
cahyanira anranggana |
tumeja sumunu wêning ||

2.
Ngong-duga oliya luhung |
wijining mukti mêngkoni |
katara lungiting basa |
liringe amrabawani |
singa sinatmatèng tingal |
tyas gugup mèngèh ngabêkti ||

3.
Ngulama sadaya kêthur |
tan ana purun mapali |
kayoman tyas tan (ng)gulawat |
kabêncih rêmêking galing |
wangsul sih samya narima |
mindhak dhangan sêrêpnèki ||

4.
Mangkana kang para sêpuh |
graitanira jrih asih |
marang Ki Sèh Amongraga |
samya matur ngasih-asih |
Ki Pangulu aturira |
myang kabèh ambiyantoni ||

5.
Mugi lajêngna sarukuk |
êngkas bab kang angèl malih |
nulya Ki Sèh Amongraga |
amiyak kitab Ibbêni |
Pajar anglêrêsi pasal |
kaelokaning Hyang Widi ||

6.
Walkapiru parilatun |
wa-al Islamu sunatin |
kapir parluning agêsang |
Islam sunating ngaurip |
kang myarsa sami anjola |
saking wênèh pasalnèki ||

7.
Kabèh (ng)guyu-(ng)guyu gumun |
wontêna saking satunggil |
ingkang (ng)graita ing murad |
tan sumêrêp kanthètnèki |
kang rujuk marang sarengat |
kodhênge rumaos têksis ||

Jilid 6 - Kaca : 76

8.
Samya conthong ing pangrungu |
Sèh Amongraga muradi |
punika botên mungayan |
kapir parluning ngaurip |
Islam sunating agêsang |
de murad eloking dalil ||

9.
Ing dalêm sawiji taun |
tanasub ing parlu kalih |
wajib kêlawan kipayah |
apan sami parlunèki |
parlu wajib iku salat |
parlu kipayah dus mayit ||

10.
Islam kang nglakoni parlu |
parlu ing kalih prakawis |
wêktu lan dus mayit padha |
tingale puniku kapir |
kang tinilar Islam sunat |
sabab parlu tinggalnèki ||

11.
Wong kang atinggal ing parlu |
puniku jênênging kapir |
nanging kudu-kudu tinggal |
marlokakên salah siji |
sabab sami pêrlunira |
ing parlu lan dusing mayit ||

12.
Puniku rujuking ngèlmu |
kususing murad kang salih |
kang myarsa padhang tyasira |
tansah panggunggungirèki |
sadaya upamanira |
lir lumbu katubing angin ||

13.
Amongraga malih muwus |
pasal watarkus salati |
wajibatun wa salatan |
sunatun têgêsirèki |
dene wong kang tinggal salat |
puniku kalangkung wajib ||

14.
De wong kang salat puniku |
sunat kewala nglampahi |
parlu kang atinggal salat |
tur utama ing ngaurip |
kabèh jangkêp kagawokan |
Ki Bayi anêthêg lampit ||

15.
Gêrêng-gêrêng Ki Pangulu |
myarsa lapal mutawatir |
dèrèng rasèh saking murad |
nulya Ki Sèh Amongragi |
murading têgêsing rapal |
tanduk manis amatitis ||

16.
Murading Kadis puniku |
atinggal salat pan wajib |
kang malah-malah utama |
Ki Suharja matur aris |
dhuh kadipundi anakmas |
wajibipun kadipundi ||

17.
Kula kodhêng pupusipun |
atinggal winastan wajib |
kang nglampahi susunatan |
punika ta ingkang pundi |
Sèh Mongraga aturira |
inggih prayogi binudi ||

Jilid 6 - Kaca : 77

18.
Pahuwa dalika ngaksu |
ilabil ngujilatihi |
kenging yèn tinggala salat |
kale ngujlati Hyang Widi |
ngujilat puniku moyang |
tan sêdya mor ing sêsami ||

19.
Wus ora asinggan-singgun |
tan amikir sandhang bukti |
miwah marang rajah tamah |
tyasira wus tan sak sêrik |
lan datan aloro tingal |
anucèkkên jiwanèki ||

20.
Majênun marang Hyang Agung |
nêdya miji ing pribadi |
wus mancal saking sarengat |
punika bilih manawi |
wontên kang sêdya atinggal |
salat limang wêktunèki ||

21.
Ki Bayi Panurta manthuk |
anêbut Ki Basarodin |
Ki Suharja biyang-biyang |
gèdhèg Dêmang Purasani |
ana ingkang kêcap-kêcap |
mèsêm Jèngwèsthi Jèngragi ||

22.
Sabab wus wêwinih ngandhut |
ing ngèlmi ingkang piningit |
sadaya sami rêrasan |
gumrêmêng tan na kadugi |
tinggal salat tan sakeca |
kewala eca nêtêpi ||

23.
Ki Pangulu nambung wuwus |
wus datan nêdya giningsir |
tan kuwagang kamban jangkah |
kang kaprah kewala bêcik |
sumangga ngriku sêdaya |
yèn wontên karsa nandangi ||

24.
Sadaya sami andhêku |
Wiradhustha mèsêm angling |
alêrês Kiyai Basar |
-rodin Kulawirya angling |
yèn maksih wong bangsa êngam |
pan kumaki kumawani ||

25.
Sasat gurêm ngêmut êjun |
gêr gumuyu sêdayèki |
sadaya tyasnya nalangsa |
rumaos ngam tingkahnèki |
tan ana kang mêngkonoa |
lyan ingkang wus karsèng Widi ||

26.
Mangkana ing wayahipun |
bêdhug dhêng Kiyai Bayi |
ngandika mring santrinira |
hèh Luci matura maring |
nyainira anèng wisma |
mundhuta dhahar dènaglis ||

27.
Sandika ingkang dèntuduh |
matur mring Nikèn Malarsih |
sigra angatag padhêkan |
Sumbaling lawan Cênthini |
anampa rampadanira |
Ni Malarsih anèng ngarsi ||

28.
Lan putranira sang ayu |
Tambangraras wurinèki |
angladèni kakungira |
wus praptèng mandhapa ngarsi |
pangajêng tumpêng mêgana |
nèng panjang giri prada brit ||

Jilid 6 - Kaca : 78

29.
Sêkul golong mênul-mênul |
opor bèbèk bêsngèk pitik |
dhèndhèng gêpukan gorèngan |
pêcêl pitik jangan mênir |
ladha-pindhang padha-mara |
gorèngan kathik gulathik ||

30.
Bon-age êmpal puk duduh |
dhèng panjèn sujènan ragi |
kalêpon limpa sêrêgan |
pès-pèsan tambra têngiri |
gêcok gênêm gadhon rêmpah |
lombok kêncêng lawan pêtis ||

31.
Sambêl-gorèng mangut-mangut |
sambêl kêluwak kêmiri |
lalaban kêcipir kacang |
kara timun terong-glathik |
kêceme pare lêmpuyang |
têmu poh cabe lan kunci ||

32.
Wus tata kêkêt nèng ngayun |
Malarsih matur ing laki |
punika sampun samêkta |
Ki Bayi ngandika aris |
suwawi sami wijika |
sadaya nulya wêwanting ||

33.
Dan lêkas nadhah akumpul |
pikantuk dènnira bukti |
dumugi sasênêngira |
Ki Pangulu Basarodin |
panadhahe jor-jinoran |
Pangulu lan Jayèngragi ||

34.
Jèngwèsthi mèsêm amuwus |
mring Kulawirya bêbisik |
tan pangling lan wuwusira |
(ng)gugujêng mring Jayèngragi |
anambung tantang-tinantang |
lan Pangulu Basarodin ||

35.
Punapa kenging puniku |
kalamun dipuntotohi |
pundi ingkang bêtah mênang |
gumuyu Ki Jayèngragi |
mèsêm Ki Pangulu Basar |
-rodin puluk tan ngêndhati ||

36.
Jayèngwèsthi lon amuwus |
mring kang rayi Jayèngragi |
ywa pijêr latah kewala |
mêngko ga kêsusu mulih |
kêbat susulên Ki Basar |
wus kalong kèh kokohnèki ||

37.
Kang rayi saya gumuyu |
kang cêlak-cêlak (ng)guligik |
Kulawirya wuwusira |
payo dènbut ro Ki Rodin |
angling malih dawêg paman |
yata Ki Sèh Amongragi ||

38.
Atamban pamulukipun |
kêpêle sajambe ranti |
ulam mung paru kewala |
ginigit dèniwit-iwit |
têmu poh cabe lêmpuyang |
mung puniku kang binukti ||

39.
Sira Kiyai Pangulu |
kaecan dènnira bukti |
tumpêng mêgana pinrutah |
ulam jêjanganan sami |
mot jroning tumpêng mêgana |
sarta binumbon gugurih ||

Jilid 6 - Kaca : 79

40.
Dipun-imbuh sadaya wus |
nutug dènnira abukti |
tan ana ingkang cawêngah |
Ki Pangulu Basarodin |
dènnya nadhah mathêthah |
athêkul puluk sabithi ||

41.
Ki Pangulu dènnya ngulu |
gutuk lag-lêg kêcap aglis |
lêgêndêr hêm huh anjêngat |
blai kalêlêgên êri |
pan êri iganing tambra |
kokohira kantun kêdhik ||

42.
Tangan mêksih ngêpêl gathung |
nglêgêrêg ambrêbês-mili |
sadaya kagyat wlas mulat |
Ki Kulawirya myat angling |
lah-lah ujarku ta apa |
puluh-puluh jêr tan aris ||

43.
Kaya wong kaburu napsu |
tan nganggo satitah bukti |
Pangulu nauri sêrak |
wus tandange kadi pundi |
sarta nêbut astapirlah |
Allah Allah priye iki ||

44.
Kulawirya tanya muwus |
apa balung punapa ri |
glêrêg-glêrêg saurira |
dhuh niki klêlêgên êri |
ri iganing tambra ika |
sakit têmên pripun niki ||

45.
Ki Bayi wêlas angungun |
Ni Malarsih tutup lathi |
kabèh gêtun wêlas mulat |
mring Pangulu Basarodin |
Ki Bayi alon ngandika |
mring mantu Sèh Amongragi ||

46.
Punika Kyai Pangulu |
mugi anggèr atulung sih |
supaya sagêda mangan |
yèn kalantur kawlas asih |
Amongraga aturira |
pan inggih pun Jamal Jamil ||

47.
Asring sagêd sabênipun |
Ki Bayi angatag aglis |
lah ta sira Jamil Jamal |
tulungên Ki Basarodin |
Ki Jamil anulya minggah |
mring (ng)gyanning Ki Basarodin ||

48.
Jamil matur mring Pangulu |
Kyai talinganirèki |
andika jèwèr priyangga |
sarta amaca puniki |
salèh-salèh kaping sapta |
nuntên andika êlêdi ||

49.
Salèh malih kaping pitu |
nuntên ngêlêd salèh malih |
ping pitu jangkêp ping tiga |
nulya dènpuluki nasi |
ingkang angêt sakêlêdan |
Basarodin anuruti ||

50.
Lir wulange Jamil wau |
anjèwèr kuping pribadi |
salèh-salèh pujinira |
ping pitu dèrèng kongsi |
ampuhing donga wus sirna |
sapulukan ngêlêk nasi ||

Jilid 6 - Kaca : 80

51.
Lêgêndêr lan sakitipun |
mak blas raosing sêsakit |
waluya sami sakala |
Ki Pangulu Basarodin |
amaca Alkamdulillah |
olih tulunge si Jamil ||

52.
Jamal Jamil alon muwus |
wontên saratipun ugi |
yèn wong dhahar ulam toya |
êloh samodra bênawi |
kawitana saking sirah |
pamangane ulam warih ||

53.
Yèn wus dhahar sirahipun |
majêng ngetan mutawatir |
Ki Pangulu suka nabda |
katujune ana adhi |
Jamal Jamil awèh waras |
bangêt lêgane tyas-mami ||

54.
Ki Jamil nauri wuwus |
inggih Kyai sami-sami |
pan dêrmi dadya jalaran |
Ki Basar ulate aring |
yèn mêkatên dawêg nadhah |
kula lan (n)dika ing riki ||

55.
Ki Jamil tan purun kêmbul |
pinêksa-pêksa tan apti |
(n)Jêng Kyai alon ngandika |
têka turutên prayogi |
punagining (ng)gonning waras |
lan Ki Jamal aywa kèri ||

56.
Kêmbulan kono lwong têlu |
iya lan Ki Basarodin |
Jamil Jamal tur sandika |
anulya nadhah wong katri |
sadaya (n)dan laju nadhah |
Kulawirya (ng)guguyoni ||

57.
Nyata rosa Ki Pangulu |
awak-awak talu malih |
nyanaku wus Petruk bondhan |
esuk-esuk nuli uwis |
iki bali sorenira |
lêkas wiwit mumucuki ||

58.
Ki Jayèngraga gumuyu |
kula wus mantuk dèntohi |
punika Pangulu Basar |
salin tandhing Jamal Jamil |
gumuyu kang samya myarsa |
dènnya nadhah Jamal Jamil ||

59.
Ki Pangulu nyandhak duduh |
duduh jangan dènkokohi |
angingkut ulam-ulaman |
ngalumpruk mring Basarodin |
sadaya kang samya nadhah |
sami mêne angêntosi ||

60.
Tan ana tumuntên wisuh |
Kulawirya paguywan ngling |
sasat wong laki tinimbang |
alok gosong sêdhêng malik |
Ki Basar saya kaecan |
imbuh sêkul jangan malih ||

61.
Sarwi muwus nyamuk-nyamuk |
wawi sampung iking-iking |
kang gumugi kaih kua |
gêr ginuyu sadayèki |
Jamal Jamil saurira |
botên-botêne ngoncati ||

Jilid 6 - Kaca : 81

62.
Dangu dènnya nadhah tutug |
Ki Basarodin ngandhêgi |
kumyus karingêt reweyan |
kumlakarên sundhul ati |
kêmpus-kêmpus kalêkêran |
lêgèyèh sidhudhwèng wuri ||

63.
Anganti wong ro dèrèng wus |
Kulawirya gumuywa ngling |
sarwi mara jêrku apa |
mundhuta irus dèaglis |
tan dangu katur irusnya |
Ki Pangulu dènirusi ||

64.
Kang ngirus sarwi sru muwus |
de kawon Ki Basarodin |
(n)dika têmah kajantakan |
kasoran aprang abukti |
sira Ki Pangulu Basar |
klêsik-klêsik anauri ||

65.
Kantun tigas kalihipun |
mila rosane abêlis |
mungsuh wus randhan grabahan |
sintên kuwat angêmbari |
kang myarsa gumuyu suka |
mring saure Basarodin ||

66.
Ki Kulawirya anuduh |
mring Sumbaling lan Cênthini |
kinèn anglorodkên dhahar |
baginên marang pamburi |
lan hèh sira Jamil Jamal |
ambêngmu gawanên ngalih ||

67.
Ki Bayi nambungi wuwus |
ya bênêr gawanên ngalih |
Ki Bayi gya wisuh asta |
sadaya nulya wêwanting |
kang tuturuh ngumbah tangan |
wus samya suci pra sami ||

68.
Rampadan linorod mundur |
pinratah marang pêmburi |
warata tan ana kirang |
santri Luci angêluti |
Ni Malarsih lan kang putra |
wusnya angladosi laki ||

69.
Mundur saking ngarsanipun |
lajêng malbèng dalêmnèki |
Sumbaling Cênthini mêdal |
ambêkta gembolan sirih |
dharan mêksih jing-enjingan |
wus tata malih alinggih ||

70.
Kang anginang wênèh udud |
Ki Bayi angancarani |
wawi punika mangsêgan |
punapa kang dènkarsani |
umatur inggih sumangga |
Jamal Jamil mêksih bukti ||

71.
Wong roro samya asêngkut |
sêkul sapanjang munjungi |
ulame nêm piring bebas |
gumuyu kang samya mèksi |
myang miyat Pangulu Basar |
-rodin maksih dènirusi ||

72.
Wêtêngira dènbuk-êbuk |
obah aliyan alinggih |
mênggèh-mênggèh cêgèh sayah |
Ki Pangulu Basarodin |
angling dhuh mangke sakêdhap |
kularsa totoyan sêni ||

Jilid 6 - Kaca : 82

73.
Gêdhubrugan ngadêg timpuh |
griguh jinagan ing santri |
santri sakawan tan têbah |
mudhun joganing pandhapi |
kadung grago sukunira |
kaglongsan napak ing siti ||

74.
Kyai Pangulu tibambruk |
kaglimpang srêban kaglindhing |
santri papat katindhihan |
ting barêngok jêlih-jêlih |
Kyai Basar tinulungan |
tinarik wis bisa tangi ||

75.
Srêban inganggèkkên sampun |
Ki Pangulu Basarodin |
sarêngan mring santrinira |
santri pat padha pênyakit |
tan kêna gawe liyangan |
nora kongang anjagani ||

76.
Kang myarsa sami gumuyu |
kasusu Ki Basarodin |
age ingkang mring gêdhogan |
wus kalingan jaro kêlir |
tan kongsi pandhodhokira |
lagi Pangulu acincing ||

77.
Antarane dèrèng dangu |
mak brok prèt prèkèt angising |
kagyat kang anèng pandhapa |
gêr barêng gumuyu sami |
Kulawirya latah-latah |
de ngêmandhang saking ngriki ||

78.
Tan wus wuwusên ing guyu |
yata ing wêktu wus manjing |
sira Ki Bayi Panurta |
ngandika mring santri Luci |
hèh Luci sira tata-a |
salatan kêlasa lampit ||

79.
Nèng kana ing masjid mangu |
dènage lan si Nuripin |
kang liningan sigra mentar |
Nuripin lan Jalalodin |
mring masjid mangu anata |
pêsalatan wus miranti ||

80.
Ki Bayi ngandika arum |
suwawi sami amijil |
ing ngrika ingkang ajêmbar |
matur sumangga prayogi |
anulya samya amêdal |
salat Luhur maring jawi ||

81.
Ki Bayi lawan sang mantu |
Jayèngwèsthi Jayèngragi |
Suharja lan Wiradhustha |
Panukma Panamar tuwin |
Kulawirya lan Ki Dêmang |
Purasani lan Sêmbagi ||

82.
Jumêna Jamal Jaminguh |
lawan para lurah santri |
samya angêntèni marang |
Ki Pangulu Basarodin |
tan dangu nulya katingal |
lajêng nusul mring ing mêsjid ||

Jilid 6 - Kaca : 83

83.
Dèniring pra santrinipun |
sapraptanira ing mêsjid |
wusnya wulu nusul sunat |
sadaya wus sunah sami |
Ki Bayi angatak kamad |
Mongraga kinèn ngimami ||

84.
Nutug dènnya salat Luhur |
prapta ing bakdanirèki |
pujiyan dhikir andonga |
nulya sêsalaman sami |
lajêng sunat bakdiyatan |
wus pêragat sêdayèki ||

85.
Laju kewala alungguh |
anèng surambining mêsjid |
wus tata dènnira lênggah |
angandika Kyai Bayi |
marang para arinira |
Suharja Wiradhusthèki ||

86.
Sun têtanya ing sirèku |
paran tumon wisma bêcik |
yèn gawe mênawa lawas |
tan bisa kanggo tumuli |
priye kono rêmbugira |
pikirên ingkang prayogi ||

87.
Bakale panggonannipun |
pulunanira iang mangkin |
tuwin paman lawan siwa |
Sumbagi Jumêna dening |
tumingal wisma kang pelag |
kang cêlak kewala ngriki ||

88.
Ki Suharja lon umatur |
ing raka sêmunira jrih |
kawula sumanggèng karsa |
pundi paduka karsani |
wismaning para santana |
myang sudagar magêrsari ||

89.
Mangsa èwêda ing kayun |
wisma kathah kang prayogi |
sadhengah ingkang kinarsan |
kawula ingkang ngrampungi |
kang raka lon andikanya |
ya bênêr kwèh wisma bêcik ||

90.
Nanging tyasngong taksih ewuh |
durung kêtêmu ing pikir |
Suharja matur sumangga |
kapriye ing kono yayi |
padha matura priyangga |
êndi kang sira pirsani ||

91.
Ki Wiradhustha umatur |
tingal-kula kang prayogi |
griyanipun pak Rajiyah |
gêng piyambak tawon-boni |
Panukma ngling inggih samya |
lan wismane Basarodin ||

92.
Ngling Panamar kaot sêpuh |
sêpuh griyane Ki Rodin |
pênêd griyane pun uwa |
Sêmbagi kuciwa alit |
Kulawirya wuwusira |
lêrês sadaya prayogi ||

93.
Nanging pintên bangginipun |
parêng karsane (n)Jêng Kyai |
Dêmang Purasani nabda |
kula ing ngriki satunggil |
prayogi lamun kinarsan |
man dêmang dhongkol wismèki ||

Jilid 6 - Kaca : 84

94.
Nanging wontên têbihipun |
botêna kula kadugi |
ngrampungi andhatêngêna |
Ki Bayi ngandika aris |
(ng)gih nak Dêmang ngong tarima |
Ki Kulawirya ngling malih ||

95.
Punika wontên kalamun |
parêng karsaning (n)Jêng Kyai |
nanging mêksih rêragangan |
pêcak sèkêt sasur nanging |
kuciwa dhapur limasan |
Ki Bayi suka myarsa ngling ||

96.
Lah iya iku ngong rêmbug |
tuture arinirèki |
hèh Wirya kang duwe sapa |
umatur kewala ngriki |
inggih pun anak Murtala |
pêndamêlipun dèn-apti ||

97.
Arapêt cathokanipun |
sarwa santosa nglangkungi |
balungan takir bêlandar |
sakarsa taksih kadugi |
Ki Bayi alon ngandika |
mring putra Ki Jayèngwèsthi ||

98.
Kulup rêmbugên kang patut |
lan paman-pamanirèki |
ragangane si Murtala |
pira rêgane kang mêsthi |
aywa nganti amisesa |
pikirên ingkang abêcik ||

99.
Yèn dènrêgani puniku |
tutugên satawanèki |
sathithik aywa kok ênyang |
lamun ora angrêgani |
têgsirên tikêlên rêga |
supaya ywa dadi pikir ||

100.
Prakarèku yèn wus rampung |
tutugêna dadinèki |
aja lali sanak kalang |
kon (ng)garap dadi papali |
lawan undhagi Japara |
si Patrakriya kang bêcik ||

101.
Mangsa bodhowa sirèku |
rayapên dimène gêlis |
kiranên bisa-a dadya |
jroning patangpuluh ari |
tanggal patlikur kanggeya |
ing sasi ngarêp puniki ||

102.
Ingkang putra ris umatur |
inggih sandika umiring |
pitarèn kang paman-paman |
punapa sampuna (m)benjing |
kangge tanggal salawe prah |
ing wulan ngajêng puniki ||

103.
Kang pra paman sami saguh |
yèn ginêlak kaya uwis |
wus samêktèng rêmbugira |
yata Dêmang Purasani |
umatur mring Ki Panurta |
(n)Jêng Kyai lamun marêngi ||

104.
Amba nuwun pamit mantuk |
nauri Kiyai Bayi |
punapa tan kêtanggungan |
prayogi bok benjing-enjing |
sakeca pan datan panas |
adrêng Dêmang Purasani ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (09) Kaca 58 - 70
  • (11) Kaca 85 - 89 >