Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

 (11) Kaca 85 - 89

 

( Sèh Amongraga kadhèrèkakên garwa manjing panêpènipun griya tajug )

4. Sasampunipun sami kundur, Sèh Amongraga kadhèrèkakên garwa manjing panêpènipun griya tajug ing wingking, Nikèn Tambangraras kadhawuhan maos Kur'an dening kakungipun. Sèh Amongraga nêrangakên utaminipun ngaos, pêrlu mangrêtos kir'atipun. Kasambêt katrangan bab wêkdal manjingipun lan palêthèking surya, ugi bab manjingipun dalu dhatêng raina. Ing wêkdal bakda asar tuwin bakda subuh botên prayogi manawi tilêm.


Kaca 85 - 89

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||


Jilid 6 - Kaca : 85

361 Kinanthi

105.
Nulya umarêk angujung |
pamit mring sadayanèki |
nulya samya sasalaman |
mundur Dêmang Purasani |
saungkurira Ki Dêmang |
umatur kang para ari ||

106.
Mring kang raka nêmbah mundur |
punika lamun marêngi |
putradalêm sang pangantyan |
kawula suwun saratri |
pun adhi-adhi sadaya |
nuwun saratri saratri ||

107.
Ki Bayi aris amuwus |
ya sokur karêpirèki |
mêngko bêngi nèng nakira |
kang tuwa namung sawêngi |
rinane anèng wismanya |
mung sadina bae nuli ||

108.
Ana ing wismanirèku |
iya sadina sawêngi |
nuli mring para rinira |
sami sadina sawêngi |
arakita sawatara |
pedah kurmating pêngantin ||

109.
Sawise kono anuju |
sapasare nakirèki |
kang rayi lêga tyasira |
Ki Pangulu Basarodin |
kula manawi kalilan |
yèn sampun sapêkênèki ||

110.
Kawula nuwun sadalu |
kemawon lamun marêngi |
Ki Baywa ris wuwusira |
lah ya Ki Basarodin |
padha nadar sakadarnya |
salamête nakirèki ||

111.
Yata bubaran sêdarum |
akondur Kiyai Bayi |
samya angiring sadaya |
praptèng paregolan sami |
Ki Baywa ngling wis baliya |
padha ambanjura mulih ||

112.
Kang liningan samya (m)bungkuk |
samya matur nyandikani |
nulak saking paregolan |
sarêngan lampahirèki |
ngancarani kang sumimpang |
ampir-ingampirkên sami ||

113.
Yata Ki Bayi kang kondur |
praptèng palataranèki |
kang ngiring Ki Jamil Jamal |
santri Luci lan Nuripin |
wau kang anèng ing wisma |
Ni sori Bayi Malarsih ||

114.
Lawan kang putra sang ayu |
samya mêthuk maring laki |
tundhuk Nikèn Tambangraras |
mêndhak ingaras ngabêkti |
sumungku angraup pada |
Sèh Amongraga umèksi ||

115.
Sarwi narik astanipun |
ngandika arum amanis |
ya wus yayi ngong-tarima |
payo tumamèng wismadi |
nulya kinèn nut ing raka |
kang rayi asta kinanthi ||

Jilid 6 - Kaca : 86

116.
Kang rama lawan kang ibu |
ningali putra sarimbit |
bungah amarwata suta |
yata wau Kyai Bayi |
laju mring gandhok kang wetan |
de kang putra Amongragi ||

117.
Laju mring panêpènipun |
ing tajug alit pawingking |
lèr-kilèn dalêm tan têbah |
balumbang kinubêng asri |
jinaro risig jêjantan |
kori lit ingukir rêmit ||

118.
Kitri trênggulun ngrêguyung |
ngayomi natar arêsik |
kanan kering sêsêkaran |
kênanga gambir mêlathi |
kêtongkèng lan sêkar dangan |
sundêlmalêm mandhakaki ||

119.
Cêpaka kalak lan mênur |
pacar anggrèkwulan asri |
argulo patramênggala |
taluki lan wora-wari |
puring kumuning andong bang |
tayuman noja saruni ||

120.
Tinaman panêpènipun |
asimpar singub awingit |
wau sang ro pinangantyan |
rêna nèng panêpèn ninis |
ing srambining pamêlêngan |
Cênthini kang nglaladèni ||

121.
Sumbaling ngaturkên wau |
dhêdharan saking bunèki |
woh-wohan myang lah-olahan |
wedang tèh sarêbat manis |
Sumbaling ngimbalkên dharan |
cèthi Cênthini nampèni ||

122.
Sinaoskên sêdaya wus |
nèng ngarsa asri sumaji |
sira Ki Sèh Amongraga |
angandika rum amanis |
lah yayi (n)darusa Kur'an |
ngong arsa wruh (ng)gonmu angaji ||

123.
Nikèn Tambangraras gupuh |
anuding cèthi Cênthini |
kinèn amundhuta Kur'an |
kalawan Jalalèn tapsir |
kang liningan sigra mentar |
mundhut Kur'an Kastambulmil ||

124.
Tan adangu nulya katur |
Nikèn Tambangraras nuli |
ngambil toya wulu marang |
balumbang mili awêning |
sawusnya marêg ing ngarsa |
kang Kastambulmil ingambil ||

125.
Nêmbah amiyak Kastambul |
surat Patekah awiwit |
tangawudira pasekat |
tan wangwang nèng ngarsèng laki |
tarabul tyas wit arahab |
nulya maca bismillahi ||

Jilid 6 - Kaca : 87

126.
Rahmanirakim alkamdu |
-lilahi robil ngalamin |
arahamani rakimma |
malikiyaomidini |
wa iya kanakbudua |
wa iya kanastangini ||

127.
Lan ihdina siratal mus |
-takima siratalladi |
-na an-ngamta ngalèhima |
gèrilmaglubi ngalèhim |
walalalina amina |
kir'ate datan kalêmpit ||

128.
Miwah kasar lan mat-ipun |
tuwin kandêl tipisnèki |
kang raka mèsêm ngandika |
ya wus bênêr iku yayi |
utama ingkang akerat |
nanging wong èstri tan wajib ||

129.
Yèn ngudiya irkatipun |
mung wacan ilhar kang wajib |
kir'at wajibing wong lanang |
lamun sira rêmên yayi |
wêwacan kir'at pasekat |
mungguh Patekah kang wajib ||

130.
Kudu ngawruhi puniku |
sakatah pitu kang wajib |
yèn tan ngawruhi sakatah |
pêngajine ngundang eblis |
(ng)gonne nèng talak kalimah |
iki sakatahe yayi ||

131.
Kang dhingin klimah alkamdu |
wajib mandhêg wacanèki |
yèn (m)bacut angundang setan |
tasawur ing setan dulil |
klimah lilahi saklimah |
setan irab kang nunggoni ||

132.
Rabilngalamine laju |
arahmani arahkimi |
klimah maliki sakatah |
setan kiyaho kang manjing |
yaomidini kalimah |
iyaka sakatah malih ||

133.
Setan kanak kang atunggu |
nakbudu kalimah kalih |
wa iyaka kang sakatah |
setan kanas kang ngadhêpi |
lajêng nastangin ihdinas |
lawan siratal mustakim ||

134.
Siratal la dina nuju |
an-ngamta sakatahnèki |
kang sakatah malihira |
ngalèhim gèrilmaglubi |
sakatah kang setan binga |
ngalèhim walal lalin wis ||

135.
Wus jangkêp sakatah pitu |
ayate pan nênêm yayi |
kapitu ayat bismilah |
ing Patekah kudu sidik |
karana kang mukaranah |
ing asalat wajibnèki ||

Jilid 6 - Kaca : 88

136.
Sêbab iku bangsa kalbu |
kudu-kudu apil yayi |
kang trampil ing mukaranah |
lesan lan ati ywa srênti |
tan kênèng cèwèt salilab |
pan mukaranah kang dadi ||

137.
Kawruhana sadayèku |
panjang cêndhake kang têsjid |
dènpratela kathahira |
patbêlas kalawan malih |
aksara winaca panjang |
pan pitulas kathahnèki ||

138.
Mad lajim lapal lalinu |
tigang alip panjang sami |
êlè êlad panjangira |
sami lan alip kaping tri |
kèhing jabaring Patekah |
patangpuluh-nêm kèhnèki ||

139.
êjère pan sangalikur |
êpèse pan amung nèm nil |
kalihlikur klimahira |
iku sunating awajib |
ingkang sampurnèng Patekah |
dadi gêr-ugêring pingil ||

140.
Kang rayi nêmbah tur nuwun |
tumungkul kalangkung ajrih |
karahmatan mring kang raka |
kapasuk ing tyas anggusthi |
angèsthi saya waskitha |
tan cèwèt wulanging laki ||

141.
Sangsaya mèntèr ing kalbu |
kabuka talabul ngèlmi |
brêsih jrênihi jinarwan |
raga tan suwalèng kapti |
sira Ki Sèh Amongraga |
ngandika ris payo yayi ||

142.
Angambila toyèng wulu |
ing wêktu Ngasar mèh akir |
kang liningan nulya kadas |
wusnya samya toyastuti |
sarêng dènnya minggah salat |
sang ayu makmum ing laki ||

143.
Bakda dènnya salat sampun |
wangsul gyan tata alinggih |
Sèh Mongraga angandika |
mring garwa wruhanta yayi |
ing sawising wêktu Ngasar |
mungguh caritaning Kadis ||

144.
Tan kêna lamun aturu |
apan datan manpangati |
malah kiparat mêlarat |
suda ganjaran donya-kir |
krana pangandikaning Hyang |
wabasiral akajirmi ||

145.
Waidapi mukinatu |
lijulela pinahari |
watung lijuna arpila |
èliya badan nurihi |
padha ningalana sira |
ing jirim lagine munkin ||

Jilid 6 - Kaca : 89

146.
Kalaning surya mèh surup |
panjinging rina lan wêngi |
kudu arêp uninga-a |
kayata surya mèh mijil |
panjinging ratri mring siyang |
kudu arêp nguningani ||

147.
Kadi ta ing bakda Subuh |
panyêgah yèn turu yayi |
tan beda lan bakda Ngasar |
kiparating ing guguling |
yèn wong sring nendra bakda Sar |
bakda Subuh saminèki ||

148.
Lalèn tur pêtêng tyasipun |
dhêdhêl graitaning sêdhil |
kêthul marang kira-kira |
karana datan ngawruhi |
mring wêwêlaking anendra |
yogya kawruhana yayi ||

149.
Kang rayi nêmbah mituhu |
yata wau Kyai Bayi |
pinarak anèng mandhapa |
lan garwa Nikèn Malarsih |
ningali anèng wong prapta |
gumarudug jalu èstri ||

150.
Sami angangge-angge mubru |
tuwa nom myang kang rarywalit |
pamêthuk sang pinangantyan |
dene kang dadi pangarsi |
Turida lan Rarasatya |
sarta lan kang bibi-bibi ||

151.
Praptèng ngayun tata-lungguh |
têmbunge nuwun ngaturi |
mring raka sang pinangantyan |
kang rama ngandika aris |
mring putra mantu kalihnya |
sirèku mapag pêngantin ||

152.
Kang putra inggih turipun |
ngling mring garwa Ni Malarsih |
matura mring anakira |
Sèh Mongraga dènaturi |
marang adhine amapag |
karo pisan kèh kang ngiring ||

153.
Wis mangsa bodho sirèku |
busanane nakirèki |
apa karsane kang lanang |
kewala turutên bêcik |
Malarsih lèngsèr sing ngarsa |
amrayogi mring kang siwi ||

154.
Tundhuk mring kang putra lungguh |
mèsêm tumungkul Mongragi |
pinajar sadayanira |
pra paman ingkang punagi |
sira Ki Sèh Amongraga |
umiring karsèng rèh bibi ||

155.
Sinaosan anèng ngayun |
busana sakarsanèki |
nulya kondur dhatêng wisma |
samya mabusana adi |
ngagêm lir duk panggihira |
sarwa seta lus rêspati ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (10) Kaca 71 - 84
  • (12a) Kaca 90 - 107 >