Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434702
Hari ini     :Hari ini :102
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :168
Bulan ini   :Bulan ini :3331
s/d hari ini   :s/d hari ini :434702
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 3

Kontak Admin.

email-kidemang

 (04) Kaca 31 -35

 

( Ngrêmbag bab utamaning rukun Islam 5 prakawis )

4. Enjingipun Ki Bayi sakadang putra sami lênggahan sinambi ngrêmbag bab utamaning rukun Islam 5 prakawis sarta kawasanira piyambak-piyambak, inggih punika: 1. sahadat, 2. salat, 3. jakat, 4. siyam, lan 5. kaji.

Dalunipun sang pinangantèn tangat palilahing ratri, nulya manjing tilam, tutup samir Ni Cênthini anèng sajawining gubah. Sèh Amongraga mêjang garwanipun bab kasampurnaning sêmbah lawan puji tan andulu ananing Hyang, papan tulis lêbur, mung tancêp panane kang dinulu. Sampurnaning panêmbah, hênêng-hêning, sungapaning lautan.

Enjingipun lêlênggahan ing pandhapi, sinambi bawaraos bab: daliling Kur'an; "kulu saein wadahu". Sèh Amongraga muradi: tan karya pêjah-gêsang, tan paring ganjaran lan siksa, tan ngowahi bagianing dumadi.


Kaca 31 - 35.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 7 - Kaca : 31

376 Dhandhanggula

135.
Samyambêkta kadi sabanèki |
bucu kupat lêgandha dhêdharan |
wus tata palungguhane |
dharan tinatèng ngayun |
Kyai Bayi ngandika aris |
sarwi nyarakkên wedang |
myang dhêdharanipun |
nulya samya nyênyamikan |
jalu èstri nulya angandika malih |
anakmas Sèh Mongraga ||

136.
Mênggah rukuning Islam puniki |
kadi punapa utamanira |
linampahan supayane |
ywa galat ing tumuwuh |
Sèh Mongraga umatur aris |
utaminipun ingkang |
Islam rukunipun |
liripun gangsal prakara |
sadat salat jakat apuwasa kaji |
apan parlu sadaya ||

137.
Kang rumiyin ngagêsang puniki |
parlu angucap kalimah sadad |
kawan prakawis parlune |
sidik lan takrimipun |
kurmat lawan tilawat nênggih |
sidik ngawruhi marang |
Pangeran Kang Agung |
kang (n)dadèkkên sadayanta |
lan naksèni Jêng Nabi kita puniki |
têtêp utusaning Hyang ||

138.
Takrim tumêmên maring Hyang Widi |
tan nêdya mungkir ing dalilulah |
kurmat maha-sucèkake |
maring Hyang Maha Luhur |
tilawat mumule Hyang Widi |
ping kalih parlu salat |
ngagêsang puniku |
kêdah nêmbah ing Hyang Suksma |
kang rumangsa tinitah kita puniki |
kinarya badallolah ||

139.
Kaping tiga pêrlu jakat nênggih |
sung sidhêkah mring pêkir kasiyan |
pitrah sarta lan jakate |
kang manjing ngisabipun |
lamun jêne wawrat satail |
ngisabipun ing jakat |
wrat kawan sêkèku |
dadya pangumbahing kasab |
samya suci kang sinandhang kang binukti |
tan wontên kang sumêlang ||

140.
Ping pat pêrlu ngaurip puniki |
siyam ing dalêm wulan Ramêlan |
ingkang amuklis siyame |
tan batal datan makruh |
mêrtandhani utamèng urip |
pangrusake kang hawa |
luamah ati dur |
mila pinrih asiyamnya |
kaping gangsal apan pêrlu minggah kaji |
mring Mêkah kang kuwasa ||

141.
Gangsal pêrkara kuwasanèki |
kang dhingin wus kêncêng niyatira |
ping ro kuwasa sangune |
sangu binakta laku |
wontên sinungakên ing rabi |
ping tiganipun angsal |
idining sang ratu |
ping pat idining gurunya |
kaping gangsal wèh têrang talak mring rabi |
lila palakinira ||

Jilid 7 - Kaca : 32

142.
Tan anambang mring rabinirèki |
pan punika rukunipun Islam |
gendhong-ginindhong lakune |
sadaya sukèng kalbu |
Kyai Bayi gumujêng angling |
ngèlmu rukuning Islam |
tan wuwus-winuwus |
nanging durung padhang pisan |
lagi kiye murad datan sumêlangi |
utama sinantosan ||

143.
Lah wis payo padha sèmèk bukti |
kaya sabên bae karoyokan |
nulya tinata ambênge |
pinire dharanipun |
wus akêpung golonganèki |
lah wus mara bismillah |
sigra sami wisuh |
adan lêkas samya nadhah |
nutug sami pikantuk dènnira bukti |
sawusnya cinarikan ||

144.
Mamangsêgan dhêdharan binagi |
waradin jalu èstri ambrêkat |
Ki Bayi lon ngandikane |
sêdhêng bubaran mundur |
sêsalaman wus samya mulih |
tan ucapên solahnya |
yata kang winuwus |
kang lagya amangku karya |
Ki Panamar rinayap rèrèyanèki |
wong tandha tugur karya ||

145.
Kèh kang numbang prapta jalu èstri |
tan prabeda lan kang raka-raka |
dènyarsa ngundhuh mantune |
nalika wus ngalumpuk |
ingkang badhe mapag pêngantin |
ing wanci bakda Ngasar |
dènnya samya mêthuk |
nulya prapta ing Panukman |
wus miranti têtamu kadang myang siwi |
têpung penuh pandhapa ||

146.
Wusnya sinugatan sadayèki |
rampung ing kêndhuri binrêkatan |
sigra bodhol sadayane |
rame slawatanipun |
langkung langên dinulwèng margi |
prapta ing Panamaran |
busêkan abikut |
tamu wus tata alênggah |
sinugata pawohan wedang waradin |
sarta kêndhurinira ||

147.
Rame dènnira nadhah pra santri |
nutug nulya ambêng binrêkatan |
jaba jro wus rumat kabèh |
nulya bubaran mantuk |
pan kasusu surup mèh Mahrib |
kang pandam sinumêtan |
abra ting pêlancur |
santri nulya minggah salat |
wêktu Mahrib kèh kang adan ngalik-alik |
ramya sri dènnya salat ||

Jilid 7 - Kaca : 33

148.
Wusing bakda Ngisa para santri |
kang winêling wangsul sadayanya |
tan ewah kadya sabênne |
samya dhikir Maulud |
langkung rahab akurmatnèki |
nutug dènnya singiran |
myang kêndhurinipun |
wus prapta singir sêlawat |
gya rinumat pikantuk dènnira bukti |
luwaran binrêkatan ||

149.
Sawusira nulya bubar mulih |
ingkang kantun mung rèh-rèhanira |
angrêksa ing dandanane |
yata kang anèng tajug |
sawusira tangat ing ratri |
têsbèh tahajudira |
kundur mring wismèku |
lajêng tumamèng jro tilam |
lan kang garwa myang Cênthini datan kari |
nèng sajawining gobah ||

150.
Sèh Mongraga angandika aris |
marang garwa Nikèn Tambangraras |
yayi kawruhana kiye |
ingkang garwa umatur |
pan sumangga tuwan paring sih |
ya yayi pirsakêna |
kang tumanêm kalbu |
karana kang ahli rasa |
ing rêrasan ngilmu kalangkung arungsit |
tan kêna kêcorok tyas ||

151.
Sampurnane sêmbah lawan puji |
tan andulu mungguh ananing Hyang |
tan dinulu ing anane |
papan tulis wus lêbur |
sipating ro tan ana kari |
mung mantêp ananira |
apa kang dèndulu |
pan nora na paran-paran |
iya iku yogya kawruhana yayi |
sampurnaning panêmbah ||

152.
Lamun maksih anêmbah amuji |
kawruh iku pan lagya satêngah |
durung tumêka kawruhe |
aywa gupuh gumuyu |
lamun dèrèng wêruh ing jati |
aja rêna winêjang |
ing warah lan wuruk |
pan iki maksih rêrasan |
sajatine kang mari nêmbah amuji |
lawan kêdaling lesan ||

153.
Namung ênêngira ingkang dadi |
lire ênêng ywa dadi tuladan |
mring Dalil Kadis kuduse |
miwah tuturing guru |
guru iku mung mumucuki |
tan nguwisi lalakyan |
sabab iku dudu |
ingkang ingaranan dhalang |
dede dhalang anguwisi ing sajati |
thok thil ing dhawakira ||

Jilid 7 - Kaca : 34

154.
Inkang gawe lêlakon pribadi |
pocapane luruh lan dugangan |
lan jalwèstri ya dhèwèke |
dhalang lan ringgitipun |
apan mêksih tarik-tinarik |
wayang manut ing dhalang |
solah bawanipun |
dhêdhalang manut ing wayang |
prantandhane buta tan muni Srikandhi |
maksih roroning tunggal ||

155.
Durung sampurnaning sêmbah puji |
sabab maksih korup swara rupa |
dadya kadho mring karone |
saiki apa iku |
keron budi ing isbat napi |
isbat upama wayang |
nadhi dhalangipun |
yèku sih kuwasaning Hyang |
durung jati kang sajati-jatinèki |
tan ana jatineka ||

156.
Iku luwih bangêt gawatnèki |
ing rêrasan tan kênèng rinasa |
tan kêna ginurokake |
yèku yayi dèn rampung |
ênêng ênêngira kang êning |
sungapaning lautan |
tanpa têpinipun |
pêlayaran ing kasidan |
anèng sira dhewe tan lyan iku yayi |
ênêng êning wardaya ||

157.
Tambangraras ngaras padèng laki |
saha sêmbah umatur ing raka |
mugyantuka pangèstune |
sih tuwan kang kasuhun |
kang tumanêm ing iman mupti |
sêngsêm sumungkêm ing tyas |
kawula tuwajuh |
ing donya praptèng akerat |
datan mèngèng kang dasih tur pati urip |
lêbura nèng padanta ||

158.
Payo yayi ngambil toyastuti |
myarsa wangsiting putêr bênggala |
wus akir bangun wayahe |
sêdhêng awêktu Subuh |
mupung awal amrih utami |
wau ta sang ro nulya |
mijil lan kucumbu |
mring patirtan samya kadas |
lajêng maring gandhok adan angimami |
parèstri sadayanya ||

159.
Nulya kathah sabawaning santri |
ingkang sami adan ngalik-alik |
miwah sadesa langêne |
kapyarsa mawèh rungrum |
datan ewah srining desadi |
Subuh praptèng bakda byar |
mangkana sang bagus |
sawusira bakda Luka |
lajêng mijil mring pandhapa lan kang rayi |
lênggah lawan kang mapan ||

160.
Ni (m)bok Panamar gupuh nyaosi |
patèyan myang dharan jing-enjingan |
Cênthini kang ngladèkake |
tan dangu ingkang rawuh |
para kadang lan Kyai Bayi |
Pangulu lan pra putra |
sarêng praptanipun |
sadaya wus sasalaman |
tata lênggah sagotra jalu lan èstri |
Ki Bayi angandika ||

Jilid 7 - Kaca : 35

161.
Mring kang putra kalih myang pra ari |
priye kono padha rinasakna |
Daliling Kur'an lapale |
kulu sèin wad-hahu |
durung olih murat kang ramping |
putra ri sadayanya |
tumungkul mabukuh |
sumangga karsa paduka |
pan kawula dèrèng kadugi muradi |
manawi kasêlayan ||

162.
Ngandika ris ring putra Mongragi |
prayogi minuradan anakmas |
Sèh Mongraga lon ature |
punika miradipun |
kulu sèin wad-hahu nênggih |
ing pangandikaning Hyang |
kang wus tinartamtu |
têtêping Hyang pinardika |
datan singgan-singgun sakèhing dumadi |
tan karya pêjah gêsang ||

163.
Tan kêrsa (m)bagi ingkang dumadi |
tan angganjar nugraha lan siksa |
datan ngowahi sakèhe |
ing dalêm pancènipun |
tan ngêlongi datan muwuhi |
wus rampung ing sapisan |
tan kapindho kang wus |
tan sakuthu ing asya-a |
yèn ta lamun ing papêsthèn ngaping kalih |
tan têrang tuwajehan ||

164.
Sabab Dalil lapal kulu sèin |
wajêhahu têntrêm ing babagan |
ing dalêm nèng papêsthène |
sêkuthu tan sêkuthu |
ing kawula kalawan Gusti |
tan kumpul datan pisah |
sigêg nalaripun |
wontên ing raos piyambak |
nalirahe paworing kawula Gusti |
wontên piyambakira ||

165.
Samya ngalulun tyasira wêning |
myarsakakên ing Dalil muratnya |
suka sukur têrang tyase |
Ki Bayi lon amuwus |
durung ana murad kang ramping |
pra ngulama rêrasan |
kaya durung tutug |
saiki wus manggih padhang |
ing murade kakangira Amongragi |
samya nuwun sadaya ||

166.
Angling malih payo padha bukti |
sêsèmèkan ran wus manggih murad |
kang samya liningan age |
nulya sarêng tuturuh |
adan lêkas kêmbul abukti |
nutug dènnya anadhah |
wus luwaran dinum |
tinundha bukti mangsêgan |
sapikantuk nyênyamikan gya binagi |
wusnya nulya bubaran ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (03) Kaca 27 -30
  • (05) Kaca 36 - 39 >