Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

 (05) Kaca 36 - 39

 

( Pangantèn sarimbit kaundhuh dhatêng griyanipun Ki Kulawirya )

5. Sang pangantèn sarimbit kaundhuh dhatêng griyanipun Ki Kulawirya. Wisma pinajang asri, tamu kathah, rêrêng gayêng pahargyaning ngundhuh pangantèn. Dalunipun Sèh Amongraga mulang garwanipun bab: patitising layaping dat, sipat, apngal.

Pamawasing asma wajibul wujud, wruh jatining tunggal, wruh jatining suwung. Jatining layap kalih prakawis inggih punika jaman adhakan lan jaman kaelokan. Layaping nendra lan layaping pana.


Kaca 36 - 39.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 7 - Kaca : 36

376 Dhandhanggula

167.
Tan cinatur kang samya amulih |
yata ingkang lagya majang wisma |
kang badhe ngundhuh mantune |
jor-jinor rakitipun |
apan tonjok-tinonjok sami |
ingkang numbang akathah |
ing tiyang sadhusun |
nadyan pêrapating desa |
ingulêman kanan kering samya prapti |
martamu samya numbang ||

168.
Anglangkungi ing raka ing kardi |
rakiting tarub panjang tuwuhan |
rinayap sarèhrèhane |
wong tandha kang atugur |
apan samya wong sugih-sugih |
dhasar Ki Kulawirya |
pêradhah bèr kalbu |
anutug rêrekanira |
dènnya mantu mèh mirib raka (n)Jêng Kyai |
traping wong nambut-karya ||

169.
Myang pra tamu ingkang samya prapti |
samya berag mêrabot asinang |
nganggo-anggo saduwèke |
samya amubra-mubru |
duk ing ratri midadarèni |
akathah ingkang prapta |
Jèngraga martamu |
mawi gamêlan lirihan |
ginêndhengan Sênu Surat dènnya linggih |
wurine Jayèngraga ||

170.
Sagêndhingan edhang gênti-gênti |
gus Suratin gêndhing pathêt sanga |
Gambirsawit lan Ladrange |
Lompong-kèli kalulun |
sinung gêndhing manyura wasis |
Genjong-goling aniba |
Ginonjing ngajab kung |
swara rum mrit muluh rêmak |
apupunton lan swaraning rêbab mulih |
nganyut-anyut mêdhot tyas ||

171.
Kulawirya bisa trap kamuktin |
karya wiraga mring wong jagongan |
myang santri samya brêgènggèng |
myarsa gamêlan arum |
wong pangliking gêndhing amanis |
sambada rekanira |
alangên dinulu |
kayungyun kang wong ningali |
myat rakiting pajangan tulyendah asri |
myang sinang ing pandhapa ||

172.
Pandam sèwu warananing kori |
pinalêngkung binakan calupak |
pandhapa kanan keringe |
sabên sasakanipun |
tutuwuhan pandam arapit |
myang pandaming daluwang |
rinujit bang wungu |
samya winayang putêran |
anèng tarub mrapit ngubêngi pandhapi |
tan wun ingucapêna ||

173.
Sakenjing mila kathah kang prapti |
samya numbang pan lajêng ngalêmpak |
kang badhe mapag pangantèn |
dangu pan wus ngalumpuk |
jalu èstri pan sampun mranti |
ing wanci ngandhap Asar |
kinèn umangkat wus |
jalu èstri sadayanya |
praptèng Panamaran tamu wus mêpêki |
tata anèng pandhapa ||

Jilid 7 - Kaca : 37

174.
Sinunggata sadaya waradin |
sawusira ambêng binrêkatan |
anulya sang pinangantèn |
umangkat kang sadarum |
arantapan asrining margi |
santri kang salawatan |
lumampah asêlur |
myang kang bêkta kêmbar-mayang |
nulya prapta ing Kulawiryan arakit |
kurmate sinamoha ||

175.
Saking jêrambah dumugi koni |
ginêlaran kêlasa lus pêthak |
sinawur sêkar campure |
Kulawirya amêthuk |
anèng kori ngirit pangantin |
lajêng tumamèng wisma |
sadaya wus lungguh |
atêpung anèng pandhapa |
sinugatan pawohan patèyanèki |
samya awêwedangan ||

176.
Nulya kêndhuri lumadyèng ngarsi |
wradin jalu èstri myang urakan |
wus cinaran sadayane |
nutug pênadhahipun |
santri cilik rêbat kêndhuri |
sabên-sabên mangkana |
santri bocah rusuh |
wus luwaran ambêngira |
binrêkatan kabèh samya nuli pamit |
mantuk rêbat wêktunya ||

177.
Wus winêling bakda Ngisa bali |
antara prapta bakda Ngisanya |
samya prapta sadayane |
wus samya tata lungguh |
Kyai Bayi Panurta prapti |
Jèngwèsthi Jayèngraga |
myang Kyai Pangulu |
pêpakan kang para kadang |
nulya lêkas ramya sêlawatan dhikir |
Maulud langkung rahab ||

178.
Nutug dènnira akurmat Nabi |
antara praptèng singir sêlawat |
wus rinumat kêndhurine |
anadhah sadaya wus |
ambêngan gêng nulya binagi |
pêragat samya brêkat |
samya bubar mantuk |
yata Ki Sèh Amongraga |
sawusira bakda tangat tahjud tasbih |
nèng langgar panêpènan ||

179.
Kundur maring wisma lan kang rayi |
lajêng tumamèng ing tilam raras |
Cênthini nèng jawi langse |
tumangkêp samiripun |
kang parèstri mijil mring jawi |
samya maklum pangantyan |
manawa mong lulut |
dinuga wus kacarêman |
tan wruh lamun dèrèng kêtarasan ing sih |
mêksih jêjaka kênya ||

Jilid 7 - Kaca : 38

180.
Sèh Mongraga nêng jroning tilamrik |
lan kang garwa Nikèn Tambangraras |
Sèh mongraga lon dêlinge |
yayi pyarsaknèng wuwus |
patitising layape wirid |
apan tigang prakara |
yayi kang karuhun |
layaping dat lawan sipat |
de layaping apngal jangkêp tri prakawis |
dene laping kang Êdat ||

181.
Datan ana ing ananirèki |
tan ngrasa darbe solah priyangga |
tansah kapurbèng solahe |
solahe sang Maha Gung |
tan sêkuthu marang pribadi |
dene layaping sipat |
tan ana ripipun |
uripe tansah ing Suksma |
tan ana kang kuwat urip puniki |
namung kalawan ing Hyang ||

182.
Napon layaping apêngal yayi |
tan rumangsa ing panggawenira |
kula tan na ihtiyare |
tan wun pamilihipun |
pan tan ana osik sirnèki |
kumambang ing priyangga |
mung Hyang Kang Murba Gung |
yayi ing têlung prakara |
iku ingkang rampung sanalikanèki |
purnanên blas sakala ||

183.
Ngandikane Waliulah mupti |
sapa wonge anêmbah ing asma |
tan dèn kawruhi maknane |
dadi kapir puniku |
lamun tan wruh ing maknanèki |
makna iku kang nyata |
musamaranipun |
kang nêmbah ya kang sinêmbah |
wong kang nêmbah ing makna tan dèn kawruhi |
mring asma iku kopar ||

184.
Sabab nora wruh kang dèn aranni |
krana asma iku sajatinya |
asma wajibul-wujude |
kang nyata maknanipun |
dadi wajib kita ngawruhi |
lair batin ya batal |
batale yèn lumuh |
wus tan kêna tininggala |
asma lawan maknane tan kêna kari |
sing sapa wruh ing makna ||

185.
Lawan asma kang kak dèn kawruhi |
iku mukmin êkas kang sampurna |
ngawruhi lair batine |
jênênge êning iku |
ati suci tan ngaro pikir |
jênênge lair ika |
sucining pamuwus |
yèku ran iman sahadad |
wong kang wus wruh ing asma lan makna yayi |
mukmin ngarip kang kusna ||

Jilid 7 - Kaca : 39

186.
Panglêburan ing papan lan tulis |
bisa amrat tulis anèng papan |
bisa nganggo sakarone |
myang salah sijinipun |
bisa nirnakakên ing kalih |
wruh sajatining tunggal |
wruh jatining suwung |
êsir pan jatining tunggal |
sajatining suwung pêsthi ananèki |
anane tan kinarya ||

187.
Tan wiwitan tan wêkasan pasthi |
datan mamak datan kasatmata |
pan ana anane dhewe |
anèng ênêngirèku |
ênêng ingkang mardika suci |
dene jatining tunggal |
sirna kalihipun |
kula Gusti tan kawêdhar |
datan kêna dinuga kalawan ati |
tan kêna kinaya-pa ||

188.
Roro iku sira lan sirèki |
ing atunggal muhung dhawakira |
iku patitis layape |
yayi layap puniku |
rong prakara jamaning nênggih |
dhingin jaman adhakan |
kaping kalihipun |
layap jaman kaelokan |
ingkang layap jaman adhakan puniki |
alayap wong anendra ||

189.
Lagya lêse kala durung ngimpi |
ping ro layap jaman kaelokan |
layape wong pana salèh |
kalanira asuhul |
kudu turu pra sanak pati |
iku tunggal babagan |
sami nikmatipun |
yèku yayi dènkadriya |
Tambangraras cumêplong tyasira wêning |
winêjang ingkang raka ||

190.
Miwah cèthi Cênthini adêling |
kacathêtan panjuming wardaya |
dènnya myarsakkên anungge |
yata wus gagat bangun |
sinasmitan sikatan muni |
mijil mring pawarihan |
ngambil toya wulu |
lan garwa kucumbunira |
wusnya suci Sèh Mongraga angimami |
nèng gandhok pra wanudya ||

191.
Barung santri samya dan sarênti |
agalikan umyang ing sadesa |
asri ing sabên Subuhe |
Mongraga dènnya wêktu |
sabên Subuh wêwacannèki |
wusing Pakekah surat |
Sujada asujud |
kang akir pan surat Kasar |
dangu dêgge parèstri kang makmum sami |
karênan tyasnya rahab ||

192.
Kang rêkangat mawi dènsujudi |
samya cipta anèh lan pra imam |
sadaya tan kadya kiye |
rasa-rasa yèn uwus |
kanikmatan kang makmum sami |
swara ngalêp ngumandhang |
ulêm manis arum |
miwah ing tawajuhing tyas |
kang parèstri sadaya awêdi asih |
mring Mongraga ngulama ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (04) Kaca 31 -35
  • (06) Kaca 40 -41 >