Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

 (09) Kaca 52 - 55

 

( Bab jampi apês botên pandak ing sanggama )

9. Ing griyanipun Ki Pangulu Basarodin, andhêsêg Jamal Jamil nêdha pitêdah bab jampi apês botên pandak ing sanggama ingkang kasandhang dening Ki Pangulu. Jamal Jamil suka pitêdah sarat-sarananipun murih Ki Pangulu sagêd kiyat ing sanggama, wêkasan sagêda nurunakên wiji.


Kaca 52 - 55.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||


Jilid 7 - Kaca : 52

376 Dhandhanggula

270.
Gawokinnggong wong ta duwe picis |
samargane dumadakan gampang |
lah arta sinumbangake |
salawase mêmantu |
(n)Jêng Kiyai tan kadi iki |
iba dipun-rowa-a |
mendah rêjanipun |
mangkana dènnya rêrasan |
lan rowange nambutkarya jalu èstri |
yata ing Pakauman ||

271.
Ki Pangulu Basarodin linggih |
nèng pandhapa lan Ki Jamil Jamal |
Ki Pangulu lon wuwuse |
dhi Jamal radi maju |
dènmariki lan kula linggih |
sampun wigih mangarsa |
wontên parlunipun |
Ki Jamal Jamil agêpah |
manjing ngarsa wus majêng kèn majêng malih |
tinarik tanganira ||

272.
Dadya adu dhêngkul dènnya linggih |
wong têtêlu samya dhêdhêkêtan |
Ki Basar malih têmbunge |
kula takèn satuhu |
mring andika Ki Jamal Jamil |
mênggah kula punika |
kados pundinipun |
sangêt kepengin susuta |
lamun parêng lêga galihe pun adhi |
kang mugi pitulunga ||

273.
Saratipun mrih sagêd sisiwi |
sampun tanggêl gèn angakên kadang |
ing donya praptèng akire |
ing batin ngong (ng)guguru |
inggih dhatêng pun adhi kalih |
sok uga katrima-a |
gyan-dika sung tulung |
pan agêng punagi kula |
kalih dene parlune ngong tanya malih |
bab pakuwating dakar ||

274.
Manthuk-manthuk Jamal Jamil angling |
punapa pês tan (ng)gulawat pisan |
Pangulu mèsêm saure |
inggih bêlakanipun |
botên apês têngèn pan nanging |
tan pandak mung sakêdhap |
sangêt rikatipun |
sêtun dangu gangsal grêgan |
nuntên mak brol sangêt cuwaning kang ngati |
kalihe sami cuwa ||

275.
Sin-isin punapa lan pun adhi |
mapan kula wus nêdyèng pasaja |
Jamil angling (ng)gih-gihane |
dospundi lajêngipun |
Ki Pangulu apojar malih |
punika (m)bakyu (n)dika |
yèn ngong darbe kayun |
papat pisan kawêratan |
(ng)gih punika cacade sa-ênjèk mijil |
lagya cathok brol mêdal ||

Jilid 7 - Kaca : 53

276.
(m)Bakyu (n)dika kabèh mêmoyoki |
winastan lir kambangan kewala |
sarta apanas tibane |
mila sami amuwus |
(m)bakyu-(n)dika maoni mani |
apan cuwèr kewala |
ganda lêtêng langu |
winastan iku kang mawa |
mila sangêt susahe tyas kula adhi |
mugi wlasa maring wang ||

277.
Jamal Jamil anauri aris |
yèn mêkotên ywa dadi tyas-(n)dika |
kula yun priksa warnine |
Pangulu èsmu guyu |
kadipundi ngisin-isini |
èwêd têmên kawula |
sangêt awonipun |
angling (ng)gih ngangkah punapa |
tiyang sampun sami pasaja tan kêlir |
tan wangên-winangênan ||

278.
Anauri kadi pundi adhi |
wontên ngriki kajawi angiwa |
inggih sumangga nulya ge |
maring surambi tajug |
wong têtêlu sami alinggih |
ampingan tan katingal |
nulya Ki Pangulu |
saking parluning patanyan |
lingira lon kula alim dalêm adhi |
amiyak nyampingira ||

279.
Jamal Jamil (n)jumbul aningali |
samya gumuyu alatah-latah |
arsa sinasab tan awèh |
lo kajênge ta sampun |
kula grayangane rumiyin |
Ki Pangulu mathethah |
isin pinêksa wus |
Ki Jamil gumuyu mojar |
bilah dene kaya kodhok (n)dhêkêm iki |
lir cêpuk kayu kawak ||

280.
Gêdhe bangêt bangêt cêndhaknèki |
tan sêmbada gêdhe lan dawanya |
layak yèn copotan bae |
tan sagêd kandhas masuk |
maring uwêl jêjambu jroning |
ijêp asmaragama |
sarwi tinêkêm wus |
satutup kapara mangang |
Jamal Jamil wong roro gyan anêkêmi |
gumuyu guligikan ||

281.
Darbèk-(n)dika anèh têmên niki |
mêlulu kêpala thok kewala |
nulya (m)bêkayang guthule |
mêlêng-mêlêng awungu |
(m)bêkuh mêngkirig Pangulu ngling |
ambrol kamanya mêdal |
macothot thêr thur-thur |
anyoroti tanganira |
Jamal Jamil kidih-kidih angusapi |
dèn-waspadakkên pisan ||

282.
Kamanira Kyai Basarodin |
Jamal angling (ng)gih bênêr kang mojar |
mastani kopyor manine |
sami samya tuturuh |
pan wus sami wisuh barêsih |
Ki Jamal wuwusira |
mring Kyai Pangulu |
kula apajar kewala |
dene saratipun amrih kuwat rêsmi |
sranane oyod kakas ||

Jilid 7 - Kaca : 54

283.
Ingukur dèn-sami panjangnèki |
lan dakare dèntên racikannya |
marica sunthi lan cabe |
pipitu ingkang wungkuk |
uyah lanang lan arêng jati |
gula rèn pinêrapat |
pinèt saprapat mung |
pinipis têngahe latar |
nuju wanci têngahe pipisannèki |
rinajah-rajah kêlar ||

284.
Yèn wus giling winatêg puniki |
sang dewa sênjata akas-akas |
kurang baga lwih akase |
kurang baga akukuh |
ora nana patine nuli |
jêjamu dipun untal |
sa Allah puniku |
dene sarat maring kama |
supaya mrih mani tan mêtu tumuli |
tlutuh pisang bênggala ||

285.
Kunir lanang lawan murmak daging |
uyah lanang lisah wijèn ika |
tinoyan jêruk lilange |
mangka nuli inguyup |
adatipun sampun sring-asring |
dene amrih supaya |
agadhaha tuwuh |
babakan dalima wantah |
lan êndhoging sawung kate lisah wijin |
pinipisa cangkangnya ||

286.
Lan tètèsing sarêm sawatawis |
ingurutkên saking kawêtira |
wit saking silit kodhoke |
majêng mring dakaripun |
sabên sontên suruping rawi |
lan malih kang inguntal |
pêli bajing gêndhu |
racik sanenjong kêdhikan |
siji cabe wungkuk bongkot pucuknèki |
tan mawi sinarêman ||

287.
Lamun sampun lêmbat pan pinipis |
winorkên sajroning tigan ayam |
kate têmbeyan sarate |
nguyup sing cangkêmipun |
pêndhak (ng)Gara Kasih jêjampi |
sampun akêndhat-kêndhat |
yèn dèrèng tumuwuh |
insa Allah inggih uga |
gadhah tuwuh mantun grewal-grèwèl iki |
têmu jênak atanak ||

288.
Wa samantên botên ngrumiyini |
ing dalêm pêsthi karsaning Allah |
nanging ihtiyar wajibe |
katrima botênipun |
langkung bêgjanipun pribadi |
apan walahu alam |
tan kawasèng tèngsun |
nitik kang wus kalampahan |
dèrèng wontên kang madal saking satunggal |
kang pêluh dadya akas ||

289.
Ki Pangulu lêga tyas ngungun ling |
adhuh sadulurku Jamil Jamal |
muga katrima kojahe |
yêkti kula pituhu |
mugi sagêd nadar tumuli |
mangke kula awakap |
sapêngadêgipun |
mring pun adhi kalih pisan |
nulya nuding mundhut sapêngadêg jarit |
tan dangu sinaosan ||

Jilid 7 - Kaca : 55

290.
Lah punika krana Lah dhi Jamil |
pratandha saking katrêsnan kula |
Jamal Jamil lon ature |
puniku kula nuwun |
botên purun manira tampi |
sadèrènge sampunnya |
sihe Ki Pangulu |
sangêt panarimaningwang |
botên watak angupaya ing wêjani |
mung krana Lah kewala ||

291.
Kula puniki tiyang kakalih |
langkung drêmba tadhah kula mangan |
sami lan tiyang gangsale |
prandene kula lampu |
angêlikik luwe tan bukti |
lamun datan sinungan |
pangan mring sang Luhung |
putrandika Sèh Mongraga |
sanadyan kantosa pintên-pintên ari |
lamun tan kinèn nadhah ||

292.
Inggih botên ngajêng-ajêng bukti |
sanadyan sandhang yèn tan sinungan |
saking putra-dalêm dhewe |
kawula datan purun |
salin sinjang liyan kang paring |
Pangulu kêgawokan |
gêgêtun agumun |
lah inggih dhi sakaliyan |
kula ngarah kewala karsane adhi |
punapa pinarêngan ||

293.
Lah wus (n)dika wangsul ing pandhapi |
kula adus mring kulah sakêdhap |
lamun kasêlak praptane |
Pangulu sigra adus |
pan jinabat kurujil mani |
satêngah dènnya siram |
kasêlak kang rawuh |
têtamu ingkang amapag |
ing pangantyan gumarêdêg jalu èstri |
prapta tatèng pandhapa ||

294.
Tarap têpung adu dhêngkul linggih |
Ki Pangulu kasusu dènnira |
siram nulya dandan age |
srewat-srewot agupuh |
gupuh dènnya manggihi tami |
wus prapta ing pandhapa |
toya taksih kumyus |
sêmu malêm busanannya |
Kulawirya waspada dènnya ningali |
têtanya mring Ki Basar ||

295.
Ki Pangulu wau saking pundi |
punapi kesah têbih wau ta |
kongsi kêbês karingête |
mencong dumancungipun |
kêmancêpên kirang jêngginik |
sarwi sasmitèng kathah |
kang mulat gumuyu |
dalih saking tan kaopan |
Ki Pangulu kèwuhan dènnya nauri |
sinamur paparentah ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (08) Kaca 47 -51
  • (10) Kaca 56 -72 >