Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

 (10) Kaca 56 -72

 

( Pangantèn kaboyong wangsul dhatêng dalêmipun Ki Bayi Panurta )

10. Wanci sontên pangantèn kaboyong wangsul dhatêng dalêmipun Ki Bayi Panurta katungka Mahrib sadaya sami salat jamaah ing mêsjid. Bibar Isa sami wangsul ngèbêki pandhapa, lajêng arame têrbangan kanthi singiran sarta emprak, wêkasan kêndhuri sapari-purnanipun. Sèh Amongraga dalah garwanipun tuwin Cênthini sami wontên ing mêsjid wingking. Ing tilamsari Sèh Amongraga mêjang garwanipun bab puji lan pati ingkang awor-misah, gampil angèlipun sampurnaning pati tuwin sampurnaning gêsang.

Nuripin ingkang ngêtêrakên sowanipun Sèh Amongraga dhatêng Ki Bayi Panurta kaganjar ngêrèh gangsalwêlas dhusun.


Kaca 56 - 72.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 7 - Kaca : 56

376 Dhandhanggula

296.
Angenggalkên pasunggatanèki |
pawohan wedang kasinomannya |
wus warata sadayane |
Kulawirya amuwus |
kang Pangulu wau king pundi |
matur tan kesah-kesah |
punapa-a kumyus |
sumangga mangsa boronga |
sarwi ngingêr kêthu kang mèncèng jininggring |
kumocor toyanira ||

297.
Andêrèwès nêlêsi kulambi |
saya ginuyu maring ing kathah |
mendah wartiya ngartine |
wusnya nginang sadarum |
nulya ambêng kêndhuri mijil |
jaba jro wus rinumat |
tan ana kang kantun |
wus samya ngancaran nadhah |
adan lêkas sadaya anutug bukti |
luwar ambêng dinuman ||

298.
Binarêkat wradin sakathahing |
jalu èstri sawusnya mangkana |
Jayèngwèsthi lon dêlinge |
lampah-ngong mas Pangulu |
pan dinutèng rama (n)Jêng Kyai |
kinèn mundhut pangantyan |
tinimbalan kundur |
kabêkta-a ing manira |
aturira Ki Pangulu Basarodin |
inggih dhatêng sumangga ||

299.
Tan prabeda pitêmbungirèki |
Turida mring Ni Pangulu tuwa |
nulya majêng lon ature |
matur mring sang linuhung |
Mongraga tan suwala kapti |
sigra parèstri mangkat |
myang jawi sadarum |
jajaran songsong wus mêgar |
Sèh Mongraga Kèn Tambangraras kinanthi |
umangkat saking wisma ||

Jilid 7 - Kaca : 57

377 Kinanthi

1.
Yata wau lampahipun |
sang pinangantyan samargi |
ingarak lawan sêlawat |
kalangkung gumuruh asri |
kang ningali rêbat papan |
prapat mancalima prapti ||

2.
Kabèh sami ciptanipun |
pêngarakipun pêngantin |
sabên ingundhuh dèn-arak |
mung kari sapisan iki |
pêngarake Tambangraras |
kang rinêngga ing kamuktin ||

3.
Lir têmbene kang andulu |
ajêjêl pipit pinipit |
tan pêdhot saking Kauman |
têkèng korine Ki Bayi |
latar mangu Pênanggungan |
jro pisan wong niningali ||

4.
Jibêg sami ngurung-urung |
alulurung nganan ngering |
randhat lampahe pangantyan |
samya nêng kang aningali |
mring wênêsing cahyanira |
sang pangantyan Sèh Mongragi ||

5.
Tambangraras angunguwung |
cahyanira anêlahi |
tan ewah busananira |
pan sarwa seta rêspati |
kadi duk panggih sapisan |
tan karsa lyaning seta di ||

6.
Tan kadi sadayanipun |
sabên-sabên ngarak sami |
salin-salin kang panganggya |
saduwèk-duwèkirèki |
tan wun kang nononton samya |
ngangge-angge pamèr sami ||

7.
Mangkana ta sang linuhung |
praptèng lawang jawi kori |
kèndêl kampung Pananggungan |
nulya (n)Jêng Kiyai Bayi |
lan garwa mêthuk kang putra |
saking paregolanèki ||

8.
Natar Pananggungan mangu |
dènnira cundhuk lan siwi |
nêmbah kang putra tur salam |
kang rama gupuh ngrahabi |
Tambangraras mêndhak nêmbah |
kang ibu ngaras (m)bunnèki ||

9.
Nulya kerit lampahipun |
kang ramèbu anèng ngarsi |
masuk paregolanira |
santri sêlawatan maksih |
rakit lir duk panggihira |
kubêng tarubing pandhapi ||

10.
Sajak asrakal gumuruh |
ngadêg kewala anganti |
wau ta sang pinangantyan |
laju satêngah pandhapi |
tumamèng dalêm pajangan |
parèstri tata alinggih ||

11.
Ingkang asrakal saya sru |
gumuruh singir prapta kir |
nabi arkam ajamingan |
bi jamingis salikati |
pangalekal lahu sala |
daiman tulad dukuri ||

12.
Wus antara nulya suwuk |
maca sêlawat kaping tri |
sadaya gya tata lênggah |
nèng pandhapa amiranti |
Ki Bayi mijil pêndhapa |
sadaya bah mingsêr linggih ||

13.
Ki santri Luci abikut |
ngatag kasinomanèki |
saos pateyan pawohan |
sadaya sampun waradin |
nginum wedang wênèh nginang |
nulya kêndhuri gêng mijil ||

14.
Wus pininta pandumipun |
sadaya tan ana kari |
Ki Bayi lon ngandika |
lah Pangulu Basarodin |
lah wis sira donganana |
majêmukan kajatnèki ||

Jilid 7 - Kaca : 58

15.
Tur sandika Ki Pangulu |
nulya (n)donga majêmuki |
amine ambata rêbah |
wus nutug dènnya (n)dongani |
wus ngancaran samya nadhah |
rame swaraning abukti ||

16.
Kang nadhah samya pikantuk |
wus dangu luwaran bukti |
kêndhuri dipun barêkat |
sampun rumat sadayèki |
Ki Bayi alon ngandika |
kabèh anak-putu-mami ||

17.
Mêngko sira padha wangsul |
kabèh aywa na kang kari |
sadaya matur sandika |
wus kalilan dènnya pamit |
jalu èstri abubaran |
Hyang Arka wus tunggang ardi ||

18.
Wanci surup masjid agung |
binêdhugan dhêng Mahêrib |
pra santri samya sêmbahyang |
samya dan angalik-alik |
masjid gêng myang mangu kêbak |
langar-langar bêntêt santri ||

19.
Ki Bayi sêmbahyang tajug |
lan putra Pangulu ari |
Sèh Mongraga dènnya salat |
nèng masjid panêpèn wingking |
angimami pra wanudya |
wêwacane salat Mahrib ||

20.
Awal surat Kulya-ayu |
Idaja-a akirnèki |
bakdaning Mahrib pujian |
swaraning èstri nyundari |
bêbarungan pinracandha |
nganyut-anyut langkung asri ||

21.
Sawuse pujianipun |
lajêng mupid sunat wabin |
wusnya kasud wiridira |
nulya adan Ngisa ririh |
samya sunat kabliatan |
nulya ngangkat parlunèki ||

22.
Sawuse Patekahipun |
surat Jumngah awalnèki |
surat Munapèk akirnya |
bakdanira apupuji |
tuwin swabawaning kathah |
kang pujian wênèh dhikir ||

23.
Kang sarênti ana barung |
ing sabakdanira dhikir |
kang makmum mundur sadaya |
kang kantun Sèh Amongraga |
lawan Nikèn Tambangraras |
kucumbu cèthi Cêndhini ||

24.
Kalangênaning asuhul |
traping kasucian wirit |
ing wanci wus bakda Ngisa |
para santri kabèh prapti |
samya (m)bêkta ting daluwang |
myang obor kang samya prapti ||

25.
lajêng samya tata lungguh |
andulur wingking kang prapti |
wus kêmput pêpak sadaya |
sudagar myang magêrsari |
santana santri golongan |
tan kaliru (ng)gènnirèki ||

Jilid 7 - Kaca : 59

26.
Anggili wong kang (n)dudulu |
yêl-uyêlan sukup pipit |
rame samya rêbut papan |
tan carub jalu lan èstri |
raryalit rêbut nèng ngarsa |
ana turu anggulinting ||

27.
Wus pêpak tan ana kantun |
nulya (n)Jêng Kiyai Bayi |
bakdanira saking langgar |
mring dalêm lênggah ngling aris |
anèng ngêndi sutanira |
wanci wus turu rarya lit ||

378 Asmaradana

1.
Malarsih umatur aris |
putra tuwan Sèh Mongraga |
dèrèng bakda Ngisa mêksèh |
layap anèng kanyênyêtan |
katri kucumbunira |
anging ya wus bêgjanipun |
sutanira Tambangraras ||

2.
Muga lulusèng akrami |
sun mulad lêga tyasingwang |
tan ana salayèng karo |
lan apa iku uwus ta |
carêm apêpasihan |
Ni Malarsih ririh matur |
yêktose dèrèng kasêtyan ||

3.
Paran tan mêlangatèni |
sêmajade kaya nora |
ya mung andodonga bae |
kang garwa alon turira |
kalangkung sapunika |
kados pundi malihipun |
tiyang sêpuh mrih raharja ||

4.
Nulya (n)Jêng Kiyai Bayi |
mijil maring ing pandhapa |
mingsêr kang linggihan kabèh |
Ki Bayi Panurta lênggah |
anèng lampit dêmangan |
sigra sugata mangayun |
pawohan lawan pateyan ||

5.
Wus waradin sadayèki |
(n)Jêng Kyai alon ngandika |
èh Luci mundhuta age |
tarêbang nênêm dèn-enggal |
lan trêbange Jèngraga |
si Macan-garongan gupuh |
kang liningan sigra mentar ||

6.
Tan dangu katur ing ngarsi |
Ki Bayi alon ngandika |
sarwi anyêntak trêbange |
padha wong tuwa narêbang |
si Sumbagi Jumêna |
man Lawatan lan Pangulu |
man Majabong man Jêmpina ||

7.
Si Luci karo Nuripin |
mêngko padha gantya emprak |
Ki Jamil lan Widigunèk |
Crêmasênèk lan Ki Jamal |
iya sagêndhing edhang |
anulya lêkas atalu |
abawa maca sêlawat ||

Jilid 7 - Kaca : 60

8.
La illa ha illalahi |
Muhammadun Rasullolah |
(n)Jêng Kyai Bayi ulone |
grathul-grathul muluh rêmak |
mêksih kêtarèng sajak |
alon wilêd tung-tung êmpuk |
parigêl ukêling swara ||

9.
Sajak Bintara ngunani |
tan ewah wantahing sajak |
Sêkar-gadhung lêlagone |
sinauran santri kathah |
gumuruh swara rampak |
tan sarênti barung umyung |
trêbangira magênturan ||

10.
Panrêbange Kyai Bayi |
abêsus ngapipir kiprah |
agaliwangan trêbange |
tansah angliling trêbangnya |
dhasar Macan-garongan |
pan amunggul swaranipun |
ngêrobong asru piyambak ||

11.
Kêmpyang bêm gumêmbrung bêning |
gêdhugira asibêkan |
imbal ngapinjal babanggèn |
prong pêk prong pêk dhêng dhung dhung brang |
pyang pying pyêk brang prung prung brang |
tong tik tong brung pong bur pong bur |
byang pruk byang pruk brung brung brung brang ||

12.
Ki Bayi singir angêlik |
witama kaltubiasta |
bi arbabi saodade |
kadas samsu pi-ibêra |
pijihyat tana kala |
wasirtu sariyan nêngguh |
pibutunita sarapat ||

13.
Santri kathah nauri |
swara gumuruh gurnita |
barung lan trêbang arame |
Ki santri Luci angemprak |
lan Nuripin rowangnya |
santri bleke emprakipun |
tan ana cengkoking emprak ||

14.
Sumbu sinumbu agênti |
kiwa têngên corongira |
sêlomotan sakênane |
gênti tan na tabêtira |
apan asrêp kewala |
mangkana sadangunipun |
gya suwuk maca sêlawat ||

15.
Samya so angaring-aring |
sêsambèn nyênyamikira |
nginum wedang myang kinange |
Ki Bayi lon dêlingira |
wong mono yèn wus tuwa |
sabarang tan pati kudu |
êmbuh jawane kang mawa ||

16.
Antuk sababak kang singir |
ati nglokro nuli wêgah |
tan kaduga nutugake |
dene dhèk nom biyèn nora |
sabên bêngi tan kêndhat |
apan sabêdhug-sabêdhug |
nora wêgah nora sayah ||

17.
Sêmbagi nauri aris |
alêrês kang pangandika |
tiyang wus sêpuh tan tèyèng |
sabarang pakaryanira |
mung sakêdhap-sakêdhap |
kêjêntol kêdhik tan purun |
rumaos repot kewala ||

18.
Ki Bayi Panurta angling |
wadèntên samantên uwa |
tan kenging binorong-borong |
tiyang makatên tan tuman |
kang nate nambutkarya |
tan wontên karaos angluh |
sabab wus matuh kangèlan ||

Jilid 7 - Kaca : 61

19.
Beda lan kang mukti kêdhik |
tan tata rêkasèng badan |
kang ginulang pakaryane |
maoni lan parentah |
gêng alit wus panduman |
tiyang alit gulangipun |
lawan rêkasaning badan ||

20.
Gugulangipun kang mukti |
lawan rêkasaning manah |
saturute gêng alite |
Ki Sêmbagi tan bisa jar |
kaluhuran ing sabda |
kang myarsa sami tumungkul |
kasinggihan pangandika ||

21.
Ki Bayi ngandika aris |
ênya kiye trêbangira |
kono padha wong nom-anom |
narêbang ngangkang aberag |
ywa kênthêl tyas kayoman |
Ki Jayèngwèsthi agêpuh |
nampèni trêbanging rama ||

22.
Lan kang rayi Jayèngragi |
sampun anyandhak tarêbang |
myang para lurah santrine |
wus samya gantyani nrêbang |
Jayèngwèsthi abawa |
lalagon Jawa Bayêm tur |
sinauran santri kathah ||

23.
Jayèngwèsthi ngêlik singir |
hasalal kasduwal murad |
waspa wêktu wal widade |
wabiruk ya ya Muhamad |
parkat anpusul ngihad |
ramakata aminatu |
Muhamadin bilbasara ||

24.
Santri kathah naurani |
angantêp swara sru rampak |
lailla hailalahe |
Muhamadun habibullah |
gumuruh kadi gêrah |
jumêgur trêbang pipitu |
rêbut berag kang narêbang ||

25.
Wong roro ingkang ngempraki |
Ki Jamal lan Widiguna |
asangli (n)jogèd emprake |
Widiguna bêksa wayang |
Jamal emprak Bantênan |
pan akathah solahipun |
cara Karang kabuyutan ||

26.
Mingkag-mingkug lir anglangi |
anglètèr mubêng kalangan |
ambapang lir sandhanglawe |
yèn ngringkus tindak kosrèkan |
nyidhang obang-abingan |
mêncak lir êncik Malayu |
dhêpan cih-cih bancak-incak ||

27.
Angêre miring kikincing |
angêcincang bubucangan |
apasang tamberang sale |
Ki Widiguna atandang |
acancut saserongan |
kawêng sabuk taliwangsul |
cathokan sêt kalèwèran ||

Jilid 7 - Kaca : 62

28.
Ngore rambut pinara tri |
kêris pan mongglèng manthelang |
cawêtan nyakot rambute |
asaguh singgah ing tingkah |
sêblak bêksa kêlana |
malang pasanging dhêdhêngkul |
tungkak tumancêp agagah ||

29.
Gêcot naricig sisirig |
akêsrug tanjak sigêgan |
dèblèg pancakgulu èjlèg |
sakojur oklak-aklikan |
ngalênggak langak-langak |
tangan tampèl-tampèl pupu |
hebat muwêr arenggotan ||

30.
Anggêdhindhang dhingkik-dhingkik |
kiprah gidrah runjah-runjah |
ilo-ilo alêlathèn |
ukêl tangkis salênthikan |
amanthêng-manthêng tangan |
maju ambanyak-salulup |
pèk-èpèk kêlir kipatan ||

31.
Ambuntut bèbèk kikirig |
kerogan aciciluman |
Widiguna kèh polahe |
kang myat sami sumyak-sumyak |
gumuyu kalihira |
arame sumbu-sinumbu |
anutug dènnira emprak ||

32.
Salin sumalin kang singir |
myang kang emprak gantya-gantya |
Jamil lan Cêrmasana-ne |
Jamal lawan Widiguna |
myang santri arakitan |
angêtog sasukanipun |
sasagêdira priyangga ||

33.
Asuka Kiyai Bayi |
myang sadaya samya rahab |
jalu èstri tan wun rare |
bungah-bungah sahadaya |
anulya malih lêkas |
lagon Jawa Pêtung-wulung |
niba ginonjing gambuhan ||

379 Gambuh

1.
Allah Allah Allahu |
e ya Allah tabarakallahu |
nulya santri kèh gumuruh naurani |
barung lan tarêbang pitu |
magênturan gurnita ngrok ||

2.
Singripun man mislu |
ahmad pil kaone ninah wau |
badru jamidrul waraya pikusniki |
tahuman mislu walahu |
aikalaki sarapahu ||

Jilid 7 - Kaca : 63

3.
Tinampan santri umyung |
tanpa rungwan myang kang andudulu |
samya tumut ambyong sauran bawa tri |
kêlangkung ramya gumuntur |
angarug-arug swarèng wong ||

4.
Myang sruning trêbanganipun |
mabyungan bêng pong pik pong pik prong brung |
pyang pyêk pyêng pyêk dhêng dhung dhung brang tong ting tong gring |
pong bêm pong bur pyak byung pyak byung |
bung prong brung brung prong bur brang brong ||

5.
Ki Jamal lan Jamilun |
Crêmasana lan Widigunèku |
kinèn emprak wong papat sarêng angibing |
mulya ngadêg emprak gupuh |
rekane samya dèn-êtog ||

6.
Langkung ing gulêtipun |
Jamal Jamil sami solahipun |
Crêmasana Widiguna apan sami |
kang sêlawatan saya sru |
sêsêg têrbange agobyog ||

7.
Kang emprak saya sêngkut |
Crêmasana (m)bêksa kalihipun |
Jamal wong ro emprak mêncak cara Êncik |
pamêncake cikat-cikut |
samya têlorongan corong ||

8.
Ramya sumbu-sinumbu |
Jamal Jamil awake sakojur |
dadi gêni gumrubug murub mêdèni |
ting sêmborot gumarudug |
sundhul usuke lir kobong ||

9.
Malêngak kabèh (n)dulu |
kuwatir yèn lajêng kobongipun |
Jamal Jamil wong ro samyemprak anjungkir |
anjogèd sikil nèng luhur |
anjêjêr murub lir obor ||

10.
Awake tan kadulu |
kewala mung katon gêni murub |
nganja-anja lumaku lir banaspati |
Widiguna lir tinunu |
ingkang pangabaran ngobong ||

11.
Tan tumama ing latu |
eca jêgligan apacak-gulu |
anêrècèt kêkicatan acêcêngkik |
binuka ing gêni murub |
balêbêr sêng ngancik kobong ||

12.
Anjêjêr poking pupu |
pupu murub ngapit awakipun |
Widiguna ngancik wêlakang angibing |
kang (n)jungkir mêksih Lumaku |
Crêma gambyong (m)bêksa wong ro ||

Jilid 7 - Kaca : 64

13.
Karyèram mring kang (n)dulu |
samya katêmbèn sajêg-jêgipun |
durung mulat pagunan ingkang kadyèki |
tan ana bosên andulu |
rêmên mulat sarta gawok ||

14.
Ingkang aemprak nutug |
gya mudhun jlêg Widiguna murub |
papan pisan samya murub dadi gêni |
ulêng-ulêngan agapyuk |
Jamal pundhake cinemplo ||

15.
Jamil ngadêg ing luhur |
Jamal anjêbèbèh tanganipun |
Crêmasana Widiguna angênciki |
sêmbari bêksa nèng ngriku |
sinangga ing tangan karo ||

16.
Wong papat maksih murub |
kadya kir-ukiran gêni murub |
Kyai Bayi Panurta sukanya ngênting |
myang sadaya èstri jalu |
saking katêmbèning tumon ||

17.
Sadangunira nutug |
nêlasakên guna karyèng gumun |
wus mangkana wangsul sawantahing warni |
gêni tan na tabêtipun |
emprak wêlakan kemawon ||

18.
Kang singir wruh ing sêmu |
nulya suwuk salalahu |
ngalèhi wasalam salalahu ngali |
ngala Muhamad ping têlu |
nulya rèrèn samya aso ||

19.
Ki Bayi alon muwus |
hèh Luci iki apa wus bêdhug |
matur inggih sampun bêdhug malah lingsir |
panyanaku durung bêdhug |
dene tan angrungu ingong ||

20.
Kados wau kêsamur |
dene gumuruhing singiripun |
lah ya uwis Luci saosa kêndhuri |
kang liningan mentar gupuh |
parentah kasinoman wong ||

21.
Nulya ambênganipun |
rinampa sinaoskên ing ngayun |
rolas ambêng gotong-pat gênging kêndhuri |
kang santri sadayanipun |
panganan wus dinum kang wong ||

22.
Santri Luci angetung |
undha-usuk akèh kêdhikipun |
wus mangkana Ki Bayi Panurta angling |
wus donganana Pêngulu |
angrasulkên kajatingong ||

23.
Lawan salamêtipun |
pangantène miwah anak-putu |
ing sadesa Wanamarta kabèh iki |
olèha sapangatipun |
Kangjêng Nabi kang kinaot ||

Jilid 7 - Kaca : 65

24.
Ki Pangulu gupuh |
matur sandika ngususkên wuwus |
kula turi anaidi sadayèki |
(n)Jêng Kyai ing kajadipun |
saur manuk sêdaya wong ||

25.
Pangulu gya taawud |
maca Patekah satamatipun |
Kulhu lan Palak Binas satamatnèki |
amaca Bismilahipun |
nulya (n)donga sru tumlawong ||

26.
Kabèh amin gumuruh |
rêmpêg swarane ambatarubuh |
sawusira andonga samya wiwijik |
wanting ngumbah tanganipun |
dan lêkas nadhah aroyom ||

27.
Sami pikantukipun |
ragi katoran sadangunipun |
ragi kraos luwe sakathahing santri |
mila samya thêkul-thêkul |
dhasar ulame kèh mopol ||

28.
Arame ting kariyuk |
kriyak-kriyuk ambêkuk kêrupuk |
serap-serop akèh kêcap ting karêcip |
samya ngaya-aya puluk |
kuwarêgên kèh kang ngêbrok ||

29.
Ngadidak ing gênipun |
siningkang-singkang mring kancanipun |
sami misuh bilah angambon-amboni |
binut kèh pinêksa mêtu |
nulya mundur medong-medong ||

30.
Santri cilik arusuh |
wus winekan tan winor wong sêpuh |
nèng plataran sinung saambêng pribadi |
agêdrah udrêg gumuruh |
rêbutan ulam kumroyok ||

31.
Samya jagur-jinagur |
ting jalêrit pan pisuh-pinisuh |
kêkapyukan sisiratan jangan ragi |
Ki Bayi myat ngling gumuyu |
wus adate rare rusoh ||

32.
Kang samya nadhah nutug |
kêndhurinya wus kinèn angêdum |
kang mapati moloni ingkang ngrolasi |
santri kang kapesing wau |
tan dinuman brêkate wong ||

33.
Wus waradin sadarum |
nulya samya pamit mundur mantuk |
wus linilan sadaya bubaran mulih |
mung pra lurah santri kantun |
lan bêkêl ing dhukoh-dhukoh ||

34.
Wau ta sang linuhung |
nèng masjid wingking panêpènipun |
sawusira bakda tangat ing awêngi |
pêragat tasbèh tahajud |
nulya alinggar saking (ng)gon ||

Jilid 7 - Kaca : 66

35.
Alon ngandika arum |
payo yayi marang dalêm agung |
Tambangraras umatur saha wotsari |
sarwi angucap cêcênthung |
lèngsèr aris sakaloron ||

380 Sinom

1.
Yata wau Sèh Mongraga |
tumamèng tilam seta di |
wus tumangkêp samirira |
parèstri samya sumingkir |
ngalêmpak (ng)gyan sawiji |
sadaya parèstri tamu |
anèng gandhok kang wetan |
Malarsih mijil pandhapi |
kêkalihan (n)Jêng Kyai Bayi Panurta ||

2.
Kang jênêk nèng patilaman |
Cênthini tan kêna têbih |
Sèh Mongraga ris ngandika |
pyarsakna yayi kang gati |
mungguh pati lan puji |
iku pakewuhing kawruh |
kudu wêruh jatinya |
kang puji kalawan pati |
nora kêna awor pisah nora pisah ||

3.
Sadat kalawan sakarat |
kayata daim lan kaim |
yèku tunggal jatineka |
purnaning sadat sajati |
anèng daim lan hakim |
ingkang sadat tanpa sadu |
kumandhang tanpa swara |
yèku pasênêtan pati |
daim iku puji kang tan kêna pêgat ||

4.
Iku yayi dèn-waspada |
yèn pêjaha rowang sirik |
lamun tan sarowang kowar |
yèn ninggalana sirik |
yèn tan ninggali kapir |
lamun suwung iku kupur |
tan ana dèn-panggiha |
gampang sampurnaning pati |
luwih angèl yayi sampurnaning gêsang ||

5.
Gampang sampurnaning gêsang |
angèl sampurnaning pati |
gampang angèl anèng sira |
piyambak tan ana kalih |
mung ngèlmi kang linuwih |
jroning wisesa dinulu |
lawan kang angsung tingal |
andêling marang kajatin |
kadi sarêm sawuku tibèng sagara ||

Jilid 7 - Kaca : 67

6.
Wus amor kamulyaning dat |
sarêm iku roh ilapi |
kêjêp liyêp lêngut sirna |
yèn padha anane sirih |
lamun nora asêpi |
pisan iku dadi suwung |
mokal yèn ngayawara |
minangka ananing singgih |
nora kêna cèwèng tunggal kênyataan ||

7.
Êdating Hyang ananira |
sipat Hyang uripirèki |
ananing Hyang kambi kita |
apêngal Hyang ngèlminèki |
iku yayi ywa lali |
ling-lingên ing siyang dalu |
iku ingkang ngaranan |
sampurnèng puji lan pati |
ya sampurnaning sahadat lan sêkarat ||

8.
Ugêr-ugêring ngagêsang |
kang patitis maring ngèlmi |
sarengat lawan terekat |
hakekat makripat yayi |
kudu-kudu ngawruhi |
ngèlmi sakawan puniku |
yèku sampurnanira |
ing puji kalawan pati |
ngèlmi papat pètên pupuse kewala ||

9.
Pupuse ngèlmi sarengat |
niyat kudu anglakoni |
pupuse ngèlmu tarekat |
kudu kusus angyêktèni |
pupusing kakekati |
kudu têmên sarta tuhu |
nyatakkên kanyataan |
pupusing makripat yayi |
kudu maklum sarta sukur tan pepeka ||

10.
Iku wiwinih santosa |
sungut pradapaning wali |
-yullah kêkandhanganira |
wus mangkono purwanèki |
tan kêna mêlang ati |
kudu sumungku ing ngèlmu |
upama wong ngawayang |
ugêre jêjêr dèn-apti |
kudu akèh jêjanturaning pocapan ||

11.
Jêjêr raraton minulya |
sabarang kêlakonèki |
mijil saking jêjêrira |
mêngko mungguh ing ngaurip |
kudu mrih jêjêr dhingin |
kang prayoga ing tumuwuh |
kaya agawe wayang |
wisesa corèkanèki |
corèk Petruk apan tan dadi Rêjuna

12.
Pênatahe nut corèkan |
tan nalimpang ing gêgarit |
yèn corèkane Rêjuna |
Rêjuna dadining ringgit |
nulya dèn-palimpingi |
dinêling wuwuh asêmu |
binodri wêwalêran |
ulat cinawi ingukir |
durung pulas rêspatine wus kawangwang ||

Jilid 7 - Kaca : 68

13.
Gya pinulas pinarada |
dhasar pamulase apik |
dhêdhasar kancana mubyar |
wus dadi babaran ringgit |
asigit cinêmpurit |
Rêjuna tuhu binagus |
kae dhalang kasmaran |
anopèkkong marang ringgit |
sabab dening kabênêran dadinira ||

14.
Tur ta kang gawe ki dhalang |
pinulas dèn-cêmpuriti |
mangkya ki dhalang mangeran |
mring gaweyaning pribadi |
panggarape aririh |
jroning tyas asuhun-suhun |
mangkono ing tumitah |
rêbuta jêjêr kang bêcik |
supayane kaya ki dhalang lan wayang ||

15.
Mepu tyasnya Tambangraras |
agêsêng matêng ing ngèlmi |
mungal ing rasa waskitha |
rumaos dèn-cacawangi |
kêraton akerati |
sang ayu lir kayu gapuk |
tinètèsing dahana |
kumutug mèntèr amintir |
kawistara tarunaning aoliya ||

16.
Wau Ki Sèh Amongraga |
angikal astaning sori |
tiniyung lungayanira |
mrih dhêkêt dènnira linggih |
Tambangraras mangarsi |
tyasnya wantah wus rahayu |
wus datan anêratab |
ringga riringa tan mawi |
myating raka cipta samining wanita ||

17.
Ingêlus srinatanira |
mring raka sarwi angaksi |
ingusap larapanira |
uning ing garwa tan wigih |
pae lan wingi-wingi |
mêksih labête kumêpyur |
ing mangkya wus tan taha |
Sèh Mongraga ngandika ris |
sokur yayi sira ngalamat santosa ||

18.
Tandhane tyasira rara |
tan kadya sabêne yayi |
muga sira pinarêngna |
palaling Hyang Maha Suci |
têguhe tyasirèki |
pasrah maring Hyang Maha Gung |
samana wancinira |
amarêngi bangun enjing |
nulya mijil sang kalih maring patirtan ||

19.
sarêng para santri samya |
bubar kang anèng pandhapi |
samya amèt toya kadas |
salatira maring masjid |
Ki Bayi lan para ri |
sadaya Subuh nèng tajug |
paragat dènnya salat |
Sèh Mongraga kang ngimami |
wus salaman sadaya sarêng umêdal ||

20.
Mandhap saking tajugira |
bubar mantuk para santri |
amung ingkang pra santana |
myang lurahe para santri |
yata Kyai Bayi |
kondur saking masjid mangu |
lan Sèh Mongraga |
ingiring pra lurah santri |
miwah putra kaponakan ruruncungan ||

Jilid 7 - Kaca : 69

381 Pocung

1.
Ki Pangulu lajêng umiring ing pungkur |
prapta ing pandhapa |
Malarsih sampun angrukti |
saosane dhadharan enjing-enjingan ||

2.
Tan adangu nulya pra kadang kang rawuh |
tanapi kang putra |
sagarwa lir sabênnèki |
samya (m)bêkta rampadan sêkul panganan ||

3.
Praptèng ngayun dhaharan tinampèn gupuh |
pan lajêng tinata |
Ni Sumbaling lan Cênthini |
nglaladèni wong loro atata-tata ||

4.
Nulya wau ingkang prapta Nyai Jambul |
Ni Burat Ni Jêbad |
Nyai Soyi Ni Kasturi |
Nyai Bobot Ni Kinjêng Jayamênggala ||

5.
Nyai Kupu samya sarêngan mêrtamu |
kabèh sami randha |
randha tuwa sami sugih |
samya (m)bêkta rampadan ajojodhangan ||

6.
Duk andulu Ki Bayi Panurta muwus |
ing ngriki cêlakan |
lan putra (n)dika Malarsih |
uwa Jêbad wa Bobot lan bibi Burat ||

7.
Samya sajêng sadaya wus nunggil lungguh |
lan Nyai Panurta |
kang (m)bêkta wus dèn tampani |
apan lajêng samya tinatèng ing ngarsa ||

8.
Piringipun rampadan lancaran Jêpun |
ingisènan muncar |
ulam panganan mawarni |
lah-olahan adi-adi myang wowohan ||

9.
Sêkulipun aputih pangajêng bucu |
mêgana lan pênak |
liwêt pitik myang gêbuli sêkul gorèng wuduk lan kupat lêgandha ||

10.
Ulamipun pan akathah warninipun |
kang bêkakak menda |
opor bèbèk basngèk pitik |
panggang lawar bètutu balêbêd banyak ||

11.
Pal puk duduh dhèndhèng age abon rêmus |
panjèn susujènan |
gorèngan kathik gulathik |
age ati age srêgan lawan lidhah ||

Jilid 7 - Kaca : 70

12.
Dhèndhèng crubuk kêrupuk têrung lan gêpuk |
gêcok gênêm utak |
gadhon dhèndhèng pal puk ragi |
pêcok srundèng sambèl-gorèng pêcêl tambra ||

13.
Pèsan palung bothok jambal mangut surung |
munjit lan balendrang |
lombok kêncêng lawan pêtis |
jangan lodhoh bobor loncom brongkos pindhang ||

14.
Dadar sawut bêkamal lan cêplok untup |
miwah juwadahan |
têtêl jênang lan surabi |
gêmblong lèmpèng ledre lan bakaran pisang ||

15.
Jênang sagu caca kukus jênang grêndul |
srabi kêtan kolak |
êbrêm sumpil lan cêriping |
carabikang kêtan lodhoh puthu mayang ||

16.
Talês kimpul wi gêmbili gêdhang suluh |
jruk kêprok rambutan |
pêlêm nangka lan kuwèni |
manggis duryan kêpundhung dhuku pijêtan ||

17.
Sawusipun dhêdharan tinatèng ngayun |
Ki Bayi Panurta |
ngling lah payo mupung enjing |
padha sêsèmèkan royoman wong kathah ||

18.
Samya gupuh sadaya sigra tuturuh |
dan lêkas anadhah |
pikantuk samya abukti |
jalêr èstri tan taha kêrana Allah ||

19.
Ngêlung sinung pribadi sapênêdipun |
punapa sêptanya |
tan cuwa sami pakolih |
sabên-sabên nadhah royom kanikmatan ||

20.
Èstri jalu samya dhokoh thêkul-thêkul |
mung Sèh Amongraga |
wus adat tanpantuk bukti |
kêpêlipun gênge sawidara bajang ||

21.
Lan sang ayu Tambangraras tan pakantuk |
dènnira adhahar |
lir kang raka Sèh Mongragi |
wus tan pati ulam kêdhik mung lalaban ||

22.
Sapikantuking dariji tri amuluk |
pan wis kawistara |
ing mangkya kalis ing bukti |
wus sêbagi lan kang raka Sèh Mongraga ||

23.
Samya ngungun sadaya myat ing sang ayu |
dalah kucumbunya |
cèthi Cênthini tan pati |
antuk nadhah wus kadi bêndaranira ||

Jilid 7 - Kaca : 71

24.
Samya sukur mring Tambangraras jumurung |
dènnya palakrama |
lêgêd tan siwah ing batin |
Tambangraras rarase bisa akrama ||

25.
Wus anutug kang samya nadhah sadarum |
nulya aluwaran |
kêndhuri kinèn ambagi |
wus warata jalu èstri tan prabeda ||

26.
Gantya maju dhêdharan nyamikanipun |
samya mêmangsêgan |
sapikantukira bukti |
ngeca-eca nutug ing sasukanira ||

27.
Nulya sampun binagi nyamikanipun |
pan sami kewala |
kathahe barêkatnèki |
rinumatan barêkat wus binuntêlan ||

28.
Alon muwus Kyai Bayi Panurtèku |
marang santrinira |
Luci iku si Nuripin |
apa ora mulih-mulih ing wismanya ||

29.
Apa tugur de siyang dalu kadulu |
Luci aturira |
tingal-kula kados inggih |
botên mantuk lajêng angrungkêp kewala ||

30.
Kawitipun kala putra dalêm rawuh |
(n)jujugakên lampah |
mring wismane Jayèngragi |
dumadakan kalantur anyangkul karya ||

31.
botên kaur dalah mangke dèrèng mantuk |
wrat-wrating parentah |
ajrih lamun tilar kardi |
lan botên ta mêkatên dhi awak-dika ||

32.
Lon sumaur inggih lêrês gyan umatur |
jrih kulèng parentah |
kancakula bêkêl wingking |
wusing karya kathah ingkang mantuk samya ||

33.
Rêmbagipun samya gilir gantya mantuk |
tiyang kalihdasa |
sabên ari jaga kardi |
namung kula piyambak datan giliran ||

34.
Yèn dèrèng wus ludhang pisan dèrèng mantuk |
Luci saurira |
e lah kadospundi malih |
Kyai Bayi Panurta èsmu wlas mulat ||

35.
Ciptèng kalbu (n)Jêng Kyai runtuh sihipun |
mring Nuripin sabab |
kang dadya jalaranèki |
Sèh Mongraga praptane nèng Wanamarta ||

36.
Sasat asung kautaman kang linuhung |
Ki Bayi ngandika |
Nuripin sira saiki |
gêdhe cilik têgêse sira sun-ganjar ||

37.
Wong ing padhukuhan ya limalas dhukuh |
ing Jaha ing Putat |
ing Kalisat ing Sulatri |
ing Wanasari ing Pasarèn ing Patoman ||

Jilid 7 - Kaca : 72

38.
Ing Sêmpulur ing Galuran ing Têlutur |
ing Natar ing Pancar |
ing Tèmpèl ing Têmuwangi |
Ing Cabakan gênêpe dhukuh limalas ||

39.
Dadi iku nêmbêlas karo dhukuhmu |
dhewe ing Pagutan |
pêtinggi ing dhukuh sami |
iku sira Nuripin kang parentaha ||

40.
Pan sun-gadhuhakên ing sira sadarum |
barang sêsanggannya |
mêtuwa saking sirèki |
pajêg puluh bau suku saking sira ||

41.
Nuripin sru nêmbah-nêmbah matur nuwun |
kapundhèng mustaka |
pasihanipun (n)Jêng Kyai |
botên sagêd kawula darmi kewala ||

42.
Pêtinggiku Luci timbalana gupuh |
padha pasrahêna |
mring Nuripin dipun-agilis |
dimèn mulih kon ngiring lurahe anyar ||

43.
Luci gupuh nimbali pêtinggi dhukuh |
tan adangu prapta |
pinasrahkên pra pêtinggi |
sadaya wus dhinawuhan ||

44.
Amangulu mring Nuripin barang tuduh |
kinèn amanuta |
marang Nuripin kang bêcik |
pra patinggi sadaya matur sandika ||

45.
Wusnya sinung Ki Nuripin kinèn mantuk |
nêmbah lèngsèr nulya |
ingiring para pêtinggi |
gumarudug kadi dadi dêmang anyar ||

46.
Wusnya pungkur Ki Bayi malih amuwus |
mring kang putra miwah |
para kadang sadayèki |
aprakara ragangane si Murtala ||

47.
Ya dèn-gupuh yèn wus prakarane rampung |
aywa kêlayatan |
iku bodholên tumuli |
ngupaya-a dinane ingkang prayoga ||

48.
Undhagimu si Kriyamênggala iku |
lan si Kriyatruna |
Kriyapatra lan Ki Wêrni |
sanak Kalang Ki Prakosa Bauyuda ||

49.
Dadi iku anggarap wisma têtêlu |
masjid gandhok omah |
pikirên barênge dadi |
ing sadina kono adêge barêngna ||

50.
Omah têlu rayapên ing wong sadhusun |
supaya glis dadya |
lan pilêstère dèn-dadi |
sun wangêni sasasi dadining wisma ||

51.
Lah wus gupuh rêmbugên dhewe kang rampung |
myang kulah pakiwan |
sapa tukange kang bêcik |
reka-reka kêmbang-kêmbangane kulah ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (09) Kaca 52 - 55
  • (11) Kaca 73 - 90 >