Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

(11) Kaca 73 - 90

 

( Ngêdêgakên griya kangge Sèh Amongraga lan Kèn Tambangraras )

II. Ngêdêgakên griya kangge Sèh Amongraga lan Kèn Tambangraras.

1. Ki Bayi dhawuh supados para rayi lan putra enggal ngusung ragangan griya ingkang sampun katumbas lan enggal dipun-dêgakên ing kampung Pananggungan, sawetan dalêmipun Ki Bayi. Tiyang kathah ngangkati lan ngêdêgakên griya, sarta mêsjid sinung balumbang angilèkakên toya, katambahan taman lan kitri amêpaki, punapadene pagupon dara lan gêdhogan. Sadaya sami sêngkut, rukun ing karya saengga sagêd rampung ing dalêm 4 dintên.

Sampun purna panggaraping wismanipun Sèh Amongraga, sadaya pinariksan Ki Bayi, tan wontên ingewahan. Nulya sami lênggah ing pandhapi, dhahar sêsarêngan para kadang tuwin putra.


Kaca 73 - 90.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 7 - Kaca : 73

379 Gambuh

52.
Samya matur sandika sadayanipun |
tan lêganèng karsa |
Ki Bayi ngandika aris |
saiki banjurna ambodhol ragangan ||

53.
Panggarapmu ing kono bae sor tanjung |
natar Pênanggungan |
kabèh kang anambut kardi |
besuk dêge lor wetan gandhok pungkuran ||

382 Pangkur

1.
Jayèngwèsthi Jayèngraga |
myang pra ari Swarja Wiradhusthèki |
Panukma lawan Panamur |
miwah Ki Kulawirya |
samya matur sandika gya pamit mundur |
linilan nulya bubaran |
sadaya jalu myang èstri ||

2.
(n)Jêng Kyai Bayi Panurta |
lan kang garwa myang putra sèh Mongragi |
samya malbèng dalêm agung |
Mongraga Tambangraras |
sakucumbu cèthi Cênthini tan kantun |
mring panêpèn pupungkuran |
wus rinukti sarwi adi ||

3.
Linangse seta lus raras |
tinaruban ginaribig gumrining |
sing ro wus jênak nèng ngriku |
ing tajug panêgêsan |
datan arsa anèng jro tilam wisma gung |
kewala mung têrkadhangan |
mring pandhapa masjid jawi ||

4.
Wau ta kang para kadang |
kumpul anèng wismane Jayèngwèsthi |
Jayèngraga wus nèng ngayun |
samya apirêmbagan |
rêragangan wismane Murtala wau |
Jayèngwèsthi lon lingira |
mring kang paman sadayèki ||

5.
Mênggah trapipun ing karya |
punapinggih êbyukan sêdayèki |
punapa ta samya urun |
apan nyadasa sowang |
anauri para pamanira anut |
datan lêngganèng parentah |
sakarsanipun pan dadi ||

Jilid 7 - Kaca : 74

6.
Byukan sanadyan urunan |
wong sadesa kêrsane (n)Jêng Kiyai |
gêlise bae pinundhut |
sumangga ing parentah |
Ki Wuragil Kulawirya nambung wuwus |
ki raka mênggahing kula |
kang kapanggih rêmbag-mami ||

7.
Prayogi byukan kewala |
sakathahe anak-putu kinêrig |
sadaya tiyang sadhusun |
pênêd sami rumagang |
dadya samya katingal ing damêlipun |
dhokohing kathah supaya |
lêga galihe (n)Jêng Kyai ||

8.
(ng)Gih tumuntên kalampahan |
mangke gampil etang kapanggih wingking |
pangraos kula pikantuk |
Jayèngraga lingira |
rêmbagipun paman puniku ngong tumut |
prayogi datan kuciwa |
nulya sadaya ngrêmbagi ||

9.
Wus dadya (ng)gènnya bicara |
nulya Jayèngwèsthi ngandika aris |
inggih suwawi dèn-gupuh |
ambodhol kang ragangan |
dimèn nuntên katingal nèng natar mangu |
lan malih ing rêmbag kula |
sami bubuh ambumèni ||

10.
Kula ambumèni langgar |
paman Swarja gandhok kalih bumèni |
paman Wiradhustha sumur |
kulah lawan pakiwan |
man Panukma ambumèni gêbyogipun |
man Panamar bumènana |
ngukir têbêng kori lêmpit ||

11.
Dene paman Kulawirya |
ambumèni èsèl kang wêsi-wêsi |
Jayèngraga bumènipun |
gêndhèng sawuwungira |
kaki Sêmbagi Jumêna bumènipun |
sakèhe wong kasêntanan |
mêstèr jrambah sêddayèki ||

12.
Pagêr jêro gêlamitan |
lawan kitri kang patut anèng ngarsi |
lawan kaping kalihipun |
pun paman Kulawirya |
lan si adhi Jayèngraga kula tuduh |
dadiya kulmaking karya |
lurah tukang sadayèki ||

13.
Kabèh drêma bae mragang |
kang misesa kang ngreka rakit-rakit |
kang nyêpêng patanènipun |
sakèhing tukang-tukang |
mung Jèngraga lan paman Kulawiryèku |
kang ngrampungi parentahan |
pasang patut kang prayogi ||

Jilid 7 - Kaca : 75

14.
Jayèngraga Kulawirya |
tur sandika myang kabèh anjurungi |
wusira mangkana wau |
samya ngatak rèrèyan |
kinèn bodhol ragangan mring wismanipun |
Murtala nulya sadaya |
pra rèrèyan mangkat aglis ||

15.
Jayèngwèsthi Jayèngraga |
miwah para paman-pamanirèki |
samya marang natar mangu |
nèng kampung Pênanggungan |
wus miranti ginêlaran kasah agung |
nèng ngriku para ngawirya |
tugur anjênêngi kardi ||

16.
Samya ambêkta kiriman |
pateyan myang sêkadar-kadarnèki |
tan dangu kang ngusung-usung |
ragangan kang rinayap |
prapta kabèh lajêng cinathok nèng ngriku |
natar mangu Pênanggungan |
têlas tan kongsi mangsuli ||

17.
Miwah kang ngusung gêbingan |
wênèh gêbyog lakar dêlurung takir |
asêlur samya sung-usung |
gêng alit panjang cêndhak |
wusnya prapta kajêng sadaya gumlundhung |
ajajar wontên ing nglatar |
wus tinampan ing undhagi ||

18.
Pan lajêng binêlandhongan |
kang pinaju samya ambêlêdhangi |
moncong kang nugêli wadung |
anggraji wênèh nêbal |
ting kêramplong rame swaraning kang madung |
kang lagya nigaran tatal |
ana lagya marèjèngi ||

19.
Wahipun saka panirat |
myang têrumpah jêjênêng kori lêmpit |
ingkang amasah gêbyog pluk |
kang mipit têbêng lawang |
ingkang karya talundhag canthèlanipun |
kêndhiting gêbyog pulêtan |
kang aranggang gandhok kalih ||

20.
Myang karya sumur lan kulah |
wus pinêrnah sadaya dèn-kênthêngi |
miwah ukuring bêbatur |
winindu bata lepa |
dhudhukaning sumur karya rug-bêbatur |
tuwin kang lagya anggranggang |
langgar rinakit lir masjid ||

21.
Mangkana kang nambutkarya |
anarêmpêng bang enjing bang Mahêrib |
kèndêl-kèndêl lamun wêktu |
enjing wanci byar surya |
surya nglarap dènnira sami akukud |
natar mangu tinaruban |
supaya yèn nambutkardi ||

22.
Natar mangu Pênanggungan |
kadya pasar saking kèh nambutkardi |
kang masah mêthèl mêmadung |
anggraji manglus natah |
nyathok blandar anganjingkên ganda maru |
angrapêt abên-abênan |
kang ngêpluk angêlis ||

Jilid 7 - Kaca : 76

23.
Sadaya kang nambutkarya |
jawi lêbêt kathahe winêtawis |
apan wontên tigangatus |
ingkang anambutkarya |
dene wong ing Wanamarta kang tan milu |
sadaya amèt bubuhan |
amêdalakên kêndhuri ||

24.
Pan datan pinarentahan |
samya têpung kajadira pribadi |
sidhêkah tumpêng lan wuduk |
panganan dhawêt rujak |
sabên dina giliran sidhêkah satus |
satus ambêng minra-tiga |
tigangdasa (m)bêng tri ènjing ||

25.
Tigangdasa (m)bêng tri siyang |
tigangdasa tri ambêng sontênnèki |
gênging ambêng undha usuk |
ragi mêskin lan kuwat |
para randha kang sugih gêng ambêngipun |
ing sabên dina tan owah |
traping ambêng traping kardi ||

26.
Tan prabeda rahabira |
datan ana ngrêsula kang sak sêrik |
adhangan sadayanipun |
sarwa datan rêkasa |
saking dening (n)Jêng Kyai pangunahipun |
tan duwe manah kang arda |
dumadak tatrap pribadi ||

27.
Jêng Kyai Bayi Panurta |
dènnya paring boja ing sabên ari |
limalas gêng ambêngipun |
limang ambêng enjingnya |
limang ambêng siyang miwah sontênipun |
wedang panganan sêgêran |
datan kêndhat sabên ari ||

28.
Kajad anglujêngkên samya |
asung dhahar mumule (n)Jêng pra Nabi |
tuwin mule ing luluhur |
sadaya mawi pendah |
Kyai Bayi têrkadhang mijil mring mangu |
ningali kang nambutkarya |
tuwin warnining kêndhuri ||

29.
(n)Jêng Kyai aris ngandika |
mring kang putra myang para ingkang rayi |
ya ambêng samono iku |
manira durung dhamang |
paran samya mêtu saking parentahmu |
Jayèngwèsthi aturira |
kawula tan marentahi ||

30.
Tuwin paman tan parentah |
inggih saking kajadipun pribadi |
mantuk ing piyambakipun |
tan tumut nambutkarya |
samya kajad sêdhêkah kêndhurinipun |
sami têpangan piyambak |
samya gilir sabên ari ||

Jilid 7 - Kaca : 77

31.
Ambêng agêng kathahira |
ing sadintênipun mêdal ping katri |
Ki Bayi lingira arum |
sokur Alkamdulilah |
agawe susah sakèhe nak-putu |
jabakna karêpe dhawak |
saking kêrana Lah-nèki ||

32.
Sakèhe kang nambutkarya |
ingubêngan marang Kiyai Bayi |
tanya lan pangalêmipun |
apike panggarapnya |
santri Luci bikut ngajêngi andundum |
Kulawirya lir kapinjal |
jaba jro dèn-pariksani ||

33.
Bêdhug rèrèn samya nadhah |
Kyai Bayi nèng ngriku arsa bukti |
lan putra ari akêmbul |
sarêngan lan wong kathah |
sawusira nadhah lajêng samya wêktu |
anèng masjid mangu salat |
wênèh salat nèng (ng)gonnèki ||

34.
Wusnya bakda nambutkarya |
Kyai Bayi alênggah nèng surambi |
putra ri samya nèng ngayun |
Ki Baywa lon ngandika |
lagi pirang dina (ng)gèn nambutkaryèku |
matur kang samya liningan |
sawêg kalihdasa ari ||

35.
Ngling malih karanane ya |
ingkang dadi kulmaking nambutkardi |
kang anyêkêl barang rampung |
Jèngaga lan si Wirya |
ing saiki lagi apane kang uwus |
apa tangèh apa enggal |
Jayèngraga matur aris ||

36.
Punika sampun sadaya |
namung kantun kang rèmèh-rèmèh kêdhik |
tuwin ingkang karya sumur |
bêbatur mêstèr kulah |
wus sadaya namung kantun akingipun |
kados yèn botên sumêlang |
rampung salêbêting sasi ||

37.
Punapinggih makatêna |
atur kula paman marang (n)Jêng Kyai |
Kulawirya naur saguh |
iya bênêr turira |
wong wus kabèh kari rèmèhane durung |
sunduga sêpasar êngkas |
rampunge jaba jro uwis ||

38.
Ki Bayi lon ngandikanya |
kang nambutkarya sabobote gêlis |
sadaya nginggihi atur |
saking bêgja paduka |
majadipun kalih wulan botên rampung |
mangka tan kongsi sawulan |
yêkti sawabe (n)Jêng Kyai ||

39.
Ki Sêmbagi nambung sabda |
inggih talah trape kang nambut kardi |
arikat apik kalangkung |
kabèhe barêng dadya |
Kyai Bayi Panurta lingira arum |
rêmbugên kono adêgnya |
etunge dina kang bêcik ||

Jilid 7 - Kaca : 78

40.
Karsèngsun yèn pinarêngan |
tan kêpalang petang kang amêlati |
besuk tanggal wolulikur |
nuju dina Jumungah |
apa bêcik ya ing tanggal wolulikur |
dospundi ing ngriku uwa |
yèn awon pilih punêndi ||

41.
Ki Sêmbagi nulya ngetang |
kathuwêlan drijine angetangi |
pan kalêrêsan puniku |
nuju dintên Patekah |
langkung pênêd Jumungah ping wolulikur |
datan asangar myang nangas |
etang Jumngah Buda Paing ||

42.
Limalas lakuning surya |
pancasudanipun inggih tunggak-sêmi |
buta gajah watu wuku |
dhawah ingkang prayoga |
nanging wuku dhawah Endra Aryang Wurung |
punika ragi sumêlang |
watêg kasusahan pikir ||

43.
Ki Bayi alon ngandika |
angsal datan nangas sangar wus bêcik |
sawabe Jumungah cukup |
awona sawatara |
tan ngapa-a priye ing kono Pangulu |
ngalap bêrkah ing Jumungah |
kabèh anjurung utami ||

44.
Inggih prayogi karsanta |
namung mêndhêt sangat ingkang utami |
ya bênêr sirèku wuwus |
sangating sawab tama |
wayah apa Ahmade ing wolulikur |
lah mara etungên samya |
kowe kono Basarodin ||

45.
Ki Pangulu aturira |
Ahmadipun pêcak sadasa enjing |
Ki Kulawirya amuwus |
ambakna wong ngaetang |
bliwar-bliwur pêcak sadasa prèhipun |
(n)dika wiwiti punapa |
lêrêse enjing Ibrahim ||

46.
Yusup Ijraile siyang |
Ahmadipun bakda Jumungah lingsir |
sangat tanggal wolulikur |
Ibrahimpun enjing |
lah botên ta makatên pangetangipun |
Ki Pangulu ngling anjola |
e inggih kasupèn mami ||

47.
Ki Kulawirya anabda |
winor guyu kalingane Ki Modin |
kajaba donga Majêmuk |
kang tan kenging kalepyan |
ngulinakkên barêkalan kongsi wisuh |
tangan mêksih gêbèl upa |
kêsusu-susu amulih ||

Jilid 7 - Kaca : 79

48.
Ginaguyu ing ngakathah |
Kyai Bayi gumujêng sarya angling |
gêbèl upa priye mau |
kang rayi aturira |
pan punika inggih pun kakang Pangulu |
dènnya andongani hajad |
tan kantos dènundang prapti ||

49.
Sabên dintên datan tuwang |
sagêd pangguh pêpaka kang kêndhuri |
sampun waradin sadarum |
sami gilir sêdhêkah |
ingkang dèrèng sêdhêkah mung kang Pangulu |
Ki Pangulu mèsêm mojar |
niyatkula benjing-enjing ||

50.
Gêgêtun kula kêlintang |
ngong-wastani datan mawi kêndhuri |
kêlorog sadasa dalu |
botên uningèng ajad |
mila kula sarêng mirêng gupuh-gupuh |
ajad mawi dinonganan |
maune ngong dèrèng mikir ||

51.
Ki Bayi gumujêng nabda |
iya ta lah dadi guyon si Modin |
lan malih etungên mungguh |
lawang pinara sanga |
Ki Sêmbagi Jumêna matur (ng)gih sampun |
mèt dhawahe kawan lawang |
winastanan olèh bangkit ||

52.
Ki Bayi alon ngandika |
kadipundi uwa petanganèki |
Ki Sêmbagi aturipun |
pagêr pinara sanga |
kang ingetang kawit wetan pinggir ngayun |
punika ingkang winastan |
lawang olih akak salih ||

53.
Ping kalih tan darbe utang |
kaping tiga dukacipta kang kori |
ping pat olih pintêr ngèlmu |
panca lawang kêpatyan |
ping nêm lawang ati kêras rosa bêndu |
sapta lawang lèh sugihan |
wolu cacading narpati ||

54.
Ping sanga lèh batur kathah |
jangkêp sanga pêngalore binincil |
wit ingetang saking kidul |
lawang lèh arta ala |
ping kalih lawang sarwolih sugih ayu |
ping tri lawang sugih anak |
lawang mênang ngangkuhi ||

55.
Panca lawang kêmalingan |
ping nêm lawang lèh sugih suka ati |
ping pitu lawang lèh bêndu |
wolu lawang lèh warta |
kaping sanga lawang gêringan sring wuyung |
wus jangkêp nêkuk mangetan |
pagêr lèr ngetang kilèn wit ||

Jilid 7 - Kaca : 80

56.
Lawang kapisan gêringan |
kaping kalih lawang kèh tamunèki |
ping tri lawang sugih sunu |
pat lawang kèh ngalanan |
kaping lima lawang kêmalingan iku |
ping nêm lawang olèh karya |
jajalaran saking siwi ||

57.
Sapta lawang budi rosa |
wolu lawang lèh dosa saking siwi |
ping sanga mêlarat muput |
jangkêp malih ingetang |
pagêr wetan wit saking lèr etangipun |
lawang dosa saking liya |
ro lawang lèh èstri adi ||

58.
Ping tri lawang lèh bujana |
ping pat lawang olèh sampurnèng kardi |
panca sugih srananipun |
ping nêm lawang rusak tyas |
kaping pitu lawang asring tukar padu |
wolu gêdhening tyas |
ping sanga lawang malingan |
wus jangkêp têpung binincil ||

59.
Inggih mangsa borong uwa |
wajibipun têkiyar amrih bêcik |
èh Kulawirya sirèku |
rêmbaganing ngakathah |
prayogine ya ing besuk wolulikur |
wis padha nambuta karya |
gêlakên kang durung uwis ||

60.
Kundur (n)Jêng Kyai Panurta |
tan winuwus sakantune wus dadi |
yata ing nalikanipun |
praptèng sawiji dina |
Jumungah Paing tanggal ping wolulikur |
latar mangu Pênanggungan |
jêjêl jalma lèbèr jawi ||

61.
(n)Jêng Kyai Bayi Panurta |
nèng pandhapa lênggah lawan Mongragi |
Malarsih lawan kang sunu |
Kèn Rara Tambangraras |
cèthi Cênthini ngladèni abikut |
dhêdharan enjing-enjingan |
bikut lawan Ni Sumbaling ||

62.
Ki Bayi lon angandika |
Luci sira timbalana dèn-aglis |
anakmu lawan kyaimu |
kang padha anèng jaba |
santri Luci tur sandika sigra mêtu |
nimbali putra kalihnya |
pra ari myang kyai-kyai ||

63.
Nulya kerit lampahira |
praptèng ngarsa ngabêkti tata linggih |
wênèh atur salamipun |
tarap anèng pandhapa |
Kyai Bayi aris dènnira amuwus |
paran wus pêpak sadaya |
anak putu sadayèki ||

Jilid 7 - Kaca : 81

64.
Lawan kang sinambutkarya |
apa uwis kabèh tan ana kari |
umatur sadaya sampun |
kantun ngusung kewala |
iku mêngko arahku Jumungahipun |
ana ing kono kewala |
bêbatur wisma wus dadi ||

65.
Gaweya mimbar sadhela |
lir kokobong bae linangsèn putih |
ngiras ngalap bêrkahipun |
Jumungah dadya tulak |
supayane supangat mungguh ing ngèlmu |
ing masjid gêdhe suwungna |
ngalang Jumungah sawiji ||

66.
Samya umatur sandika |
winor guyu sami sasmitèng linggih |
gya Nuripin praptanipun |
ngirit rèrèyanira |
sarwi (m)bêkta uwos tigangdasa pikul |
thil-inthil pala pêndhêman |
tela kimpul wi gêmbili ||

67.
Gumarudug dèrèng prapta |
matur nêmbah ngaturakên wong binaris |
Ki Bayi gumujêng muwus |
iya bangêt tarimèngwang |
kabênêran Nuripin têkanirèku |
aturna mring nyainira |
sira banjura ngladèni ||

68.
Nèng pawon sakancanira |
aywa milu sira anambutkardi |
kabèh iku wong ing dhukuh |
nèng pawon tugurêna |
Ni Malarsih alon dènnira amuwus |
Nuripin sira banjura |
marang pawon bae aglis ||

69.
Nuripin matur sandika |
sarèhning andika lajêng juroni |
yata (n)Jêng Kyai amuwus |
lah wis payo Bismilah |
angkatêna kabèh kang padha sung-usung |
kang liningan tur sandika |
putra miwah para ari ||

70.
Samya ngatak rèrèyannya |
sarêng mundur putra sira king ngarsi |
kang dadi manggalanipun |
Ki Ragil Kulawirya |
dan ingangkat saka bêlandar dêlurung |
andêr molo pangrêt serang |
usuk wuwung lawan takir ||

71.
Kumêrap asêsêmutan |
pan anggili kang ngusung manjing mijil |
sakenjing rame andulur |
pinêtak prênahira |
wisma gandhok kêkalih katri lan tajug |
tan kêliru adunira |
sadaya wus dèn-angkani ||

72.
Kang sasaka sami saka |
ingkang ricik sadaya sami ricik |
wus gêmah samya tinumpuk |
têlas ingkang ngusungan |
Kulawirya mubêng nitik angkanipun |
kêpanggih lêrês angkanya |
nulya (n)Jêng Kiyai Bayi ||

Jilid 7 - Kaca : 82

73.
Mriksani kang nambutkarya |
sarwi mrênahakên pangimbar êpring |
sêdhênge panggonanipun |
pra ari kang mêragang |
sampun sami prayogi panggènannipun |
nulya wus linangse pêthak |
miwah panggènanne èstri ||

74.
Pan wus ingalingan kajang |
Ki Bayi ngling hèh Luci dèn-agêlis |
wêtokna wedangmu bubuk |
lawan juwadah jênang |
kang warata sakèhe pra anak-putu |
santri Luci sigra mentar |
mubêng angingon-ingoni ||

75.
Ngling malih hèh Kulawirya |
mêngko yèn wus padha wedangan sami |
undangana sêdayèku |
samya bar Jumungahan |
anèng kene bae kang pada maujud |
Kulawirya tur sandika |
nulya samya dèn-undangi ||

76.
Saur manuk sadayanya |
nulya kundur asiram (n)Jêng Kiyai |
mangkana sadayanipun |
sawusira ngingonan |
samya adus susuci mèt banyu wulu |
lan dangu nulya ngalêmpak |
nèng batur wisma arêsik ||

77.
Pênuh lèbèr palataran |
jalu èstri sunat sukril wuluki |
miwah tahyatul masjadu |
Kyai Bayi Panurta |
lan kang putra Sèh Mongraga praptèng ngriku |
Malarsih Kèn Tambangraras |
Sumbaling cèthi Cênthini ||

78.
Miwah para èstri kathah |
wusnya kabèh sunatan darus ngaji |
nalikane manjing mêtu |
Jumungah binêdhugan |
masjid agung lawan bêdhug masjid mangu |
Kaputran myung Pakauman |
tuwin bêdhuging pra ari ||

79.
Gumêmplang panasing surya |
supramdene kang sunat sadayèki |
tan angraos panasipun |
malah srêp sawatara |
jalu èstri anèng ngriku ciptèng kalbu |
majade panas grah-uyang |
prandene datan manasi ||

80.
Baya sawabe Mongraga |
sakaliyan sawabe (n)Jêng Kiyai |
yata antaraning bêdhug |
bêdhug wus sinalahan |
sakèndêling bêdhug cêp tan na kêrungu |
Kyai Swarja Wiradhustha |
Pamukma Panamar tuwin ||

Jilid 7 - Kaca : 83

81.
Kulawirya samya adan |
yata adan kang adan sri kapyarsi |
wong lima barêng swara rum |
wuse sami asunat |
nulya êcis sinungkên tinampan sampun |
gya sira Ki Jayèngraga |
nulya mangasiral aglis ||

82.
Wusnya sira mangasiral |
Sèh Mongraga ingkang kutbah anuli |
mungguh salawat ping têlu |
Jèngwèsthi nulya adan |
adan ririh gumarênggêng tan asêru |
wusnya nuli Sèh Mongraga |
tangawudira matitis ||

83.
Apan kutbah wali sana |
swara ririh ruruh alêp ngalap sih |
sajak Yaman manis arum |
wilêde ambiyolah |
amlas-asih sambada lan kutbahipun |
ingkang wus sumurup makna |
angrês tyase lir kapatin ||

84.
Kang durung wêruh ing makna |
ngondhok-ondhok de swara ngasih-asih |
Tambangraras luh tumuntur |
myarsa raosing kutbah |
jalu èstri kathah samya ngêmu êluh |
mangkana akiring kutbah |
wus tamat gya dèn-tamati ||

85.
(n)Jêng Kyai Bayi Panurta |
angimami Jumungah nulya takbir |
usalli takbir sadarum |
surat wusing Patekah |
apan surat Watini ing awalipun |
akire Inna anjalna |
sarta mawi dèn-kunuti ||

86.
Wus prapta akiring tahyat |
salat bakda slawat lajêng pupuji |
gya dhikir ambata-rubuh |
lajêng amaca donga |
wus pêragat slawat salaman sampun |
kêndhuri apêm dinongan |
susnya binage wêradin ||

87.
Miwah kang salawat arta |
jalu èstri rong kèthèng tan na kari |
bakda bar Jumungahipun |
parèstri wus bubaran |
(n)Jêng Kyai ngling mring putra myang arinipun |
lah mara payo Bismillah |
sakane guru dèn-aglis ||

88.
Kabèh padha jathokêna |
kang liningan padha angatag jalmi |
sigra sasaka jinunjung |
pangêrêt myang bêlandar |
saka goco pêngiwa lan andêripun |
punang saka pat ingangkat |
sarêng adêgira sami ||

89.
Swaraning kang nambutkarya |
pan gumuruh aloke ting jalêrit |
wus ngadêg sasakanipun |
sigra blandar ingangkat |
ligarangakên sarta alokipun |
kang raka pinarentahan |
gandhok pinrih sarêng dadi ||

Jilid 7 - Kaca : 84

90.
Ki Suharja sigra ngatag |
nuntên nusul ngadêg gandhok kêkalih |
lan malih mring putranipun |
Jèngwèsthi pinarentah |
kinèn ngadêgakên aglis tajugipun |
kang putra sigra angatag |
mring wong myang undhaginèki ||

91.
Sadaya sarêng tumandang |
wisma langgar lawan gandhok kêkalih |
rame swara sru gumuruh |
barungan tanpa rungwan |
Kyai Bayi lan Sèh Amongraga luhung |
lênggah bale tinaruban |
sêsajèn dhêdharan ngarsi ||

92.
Kulawirya lir kekeyan |
anyakupi sakèhe nambutkardi |
bancang pat parentahipun |
ngungkuli para kadang |
cèkèh cikat cêlingkrik mènèk mandhuwur |
saruwale kombor pêthak |
tudhung basunanda prêkis ||

93.
Tan wigih ing pêpènèkan |
ngetan ngulon lumayu turut takir |
maoni kang durung mungguh |
watak nora sêrantan |
tinandangan dhewe sapakolihipun |
takir pinilês dèn-wawal |
kancing-kancing sampun manjing ||

94.
Usuk serang caluringan |
manjing kabèh pakêncêng wis kinancing |
topèng pinritgantil kukuh |
serang wus ingingkaban |
bêlandar kinêlam ing ura-ura duk |
takir ambangkok nèng gimbal |
inggil-inggilan wus dadi ||

95.
Wisma gandhok lawan langgar |
apan sarêng wuse panjingan inggil |
Ki Kulawirya glis muwus |
lajêng apêparentah |
gêbyog-gêbyog kinèn angêtrapkên gupuh |
cakut kang pinarentahan |
sambunge wus dèn-angkani ||

96.
Samya sarêng mara mragang |
tinrapakên sakèhe pra undhagi |
kang sadaya gêbyogipun |
pan wus atrap sadaya |
Kyai Bayi alon dènnira amuwus |
hèh Jayèngwèsthi Jèngraga |
lan pamanmu kon mangarsi ||

97.
Gupuh marêg kang liningan |
atêtanya Ki Bayi lan kang rayi |
hèh Wirya apa ta uwus |
kari apane ingkang |
durung atrap Ki Kulawirya umatur |
wondene kang dèrèng atrap |
kantun têbêng kori lêmpit ||

Jilid 7 - Kaca : 85

98.
Kang nginggil gêndhèng êrènguya |
ingkang dèrèng Ki Bayi angling malih |
ya wus lèrèna sadarum |
arêbut wêktu Ngasar |
apa mangan dhisik apa pêrlu wêktu |
rèhning padha akir Ngasar |
Kulawirya matur aris ||

99.
Aluhung rêbat sêmbahyang |
yèn wus salam mangke sami abukti |
Ki Pangulu nambung wuwus |
mênggah rêmbag kawula |
luhung nêdha rumiyin prayoginipun |
ngling Suharja Wiradhustha |
ngong rêmbag amangan dhingin ||

100.
Pakolih maklum ing kathah |
Kulawirya gumujeng nambung angling |
batos kula (ng)gih kadyèku |
nanging sampun katingal |
(m)bujêng bukti (n)Jêng Kyai angling gumuyu |
bênêr si Pangulu Basar |
-rodin ngur madhangan dhingin ||

101.
Kang rayi matur sumangga |
nulya nuduh Ki Bayi marang Luci |
mara wêdalna ambêngmu |
santri Luci asigra |
ngatag marang Nuripin sakancanipun |
anata kêndhurinira |
jinèjèr wus winatawis ||

102.
Rolas ambêng wrat gotongan |
tuwin rampèn kêndhuri saking wuri |
ambêng têlungpuluh têlu |
dhulang myang layah tampah |
wus pinetang sadaya kêpunganipun |
sakawan ambêng ing ngarsa |
kêndhuri nèng panjang giri ||

103.
Wusnya rumat ambêngira |
Ki Baywa ngling marang Ki Basarodin |
lah donganana Majêmuk |
mule kang akal bakal |
lan slamête kang nambutkarya sadarum |
salamête wong sadesa |
nak-putu Wanamartèki ||

104.
Ki Pangulu tur sandika |
nulya (n)donga sinauran gêr amin |
gumuruh ambata-rubuh |
sawusnya dinonganan |
samya wijik dan lêkas nadhah sadarum |
pan sami pikantukira |
nutug dènnya samya bukti ||

105.
Nulya samya aluwaran |
ambêng dinum cinarik wus binagi |
waradin sadayanipun |
lajêng samya bubaran |
Kyai Bayi Panurta aris amuwus |
mring kang putra myang rinira |
pikirên prayoginèki ||

106.
Arahku besuk Jumungah |
pêndhak kiye kênane dipindhahi |
bisa arampung sadarum |
jêro lawang korinya |
rêsikane pisan palataranipun |
kitrine ingkang prayoga |
gaweya balumbang mili ||

Jilid 7 - Kaca : 86

107.
Nyidhata banyu srèwèhan |
joging tajug laju mring jamban mili |
yèku prihên bisa rampung |
ywa kongsi pindho karya |
ingkang putra lan para ri samya matur |
kados botên pindho karya |
tamtu rampung sadayèki ||

108.
Lah iya Alkamdulilah |
payo bubar rêbut wêktu wus akir |
Kyai Bayi nulya kundur |
putra ri sarêng mêdal |
Sèh Mongraga lajêng mring panêpènipun |
kang rama mring langgar ngarsa |
ing ratri datan winarni ||

109.
Enjingipun kang winarui |
bakda Subuh kawit anambutkardi |
nutugakên ingkang durung |
têbêng kori lêmpitnya |
myang gêdhongan kokoh lan ambènipun |
nambal jrambah kang dhinungkar |
ing saka pinêstèr malih ||

110.
Sadaya kang bibal-bibal |
tinambalan apan pinulih malih |
ginêblèg gangsur sinapu |
ginarit jojobinan |
miwah kowèk-kowèk tilas ngowak labur |
wus sinalin rinêsikan |
kanan kering saking wuri ||

111.
Mangkana ing sabên dina |
pan ginêlak trape kang nambutkardi |
rèng gêndhèng tanapi wuwung |
jaro gapit jêjêdan |
lawang kori kang (ng)garap bêlumbang tajug |
ingilèn toya gumantar |
mili angubêngi masjid ||

112.
Kêbon wingking paninisan |
mawi langgar alit tinata inggil |
mrapat (n)dhak-undhakanipun |
ngegla tan ginêbyogan |
kitri pacar-cina lawan pacar-kuku |
tayumas patra-mênggala |
andong bang lan kayu puring ||

113.
Sikatan dêlima wantah |
anggrèk-wulan argulo wora-wari |
kênanga cêpaka wungkul |
tongkèng lan sêkar dangan |
inganjangan pinalêngkung mlati mênur |
rekane Ki Kulawirya |
sinêkar sataman asri ||

Jilid 7 - Kaca : 87

114.
Putêran kitri trumruna |
jram pacitan purut pêcêl watawis |
pucang sêlan tiris puyuh |
pinutêr ingantêban |
kitri ngayu sawo pêlêm dodol madu |
santog lan jambu drêsana |
myang kêlampok arum manis ||

 

Jilid 7 - Kaca : 88

383 Dhandhanggula

1.
Wismanira Ki Sèh Amongragi |
uwus purna salirira dadya |
tan kanti pêndhak dinane |
mung kawan dintên rampung |
wus tan ana labêting kardi |
sinaponan sumilak |
tan katara lamun |
pagriyan anyar kinarya |
kitri-kitri tan ana ngalum-alumi |
lajêng sêkar mardapa ||

2.
Kulawirya lawan Jayèngragi |
bakda Luka wus anèng griyanya |
angubêngi sadayane |
lamun ana kêliru |
tuwin ingkang dèrèng prayogi |
pan wus sadayane ka |
tan ana kang saru |
Kulawirya kagawokan |
arêrasan kalih lumampah ngidêri |
kalawan Jayèngraga ||

3.
Iya ta lah jroning gawe iki |
barang sinambut nora rêkasa |
wit mantu kanti saprene |
tangkêpe wong sadarum |
kang anumbang munjung kêndhuri |
sabên dina tan kêndhat |
miwah bau suku |
dhangan rikat tur prayoga |
doh ing majad sun rêrasan iya saking |
bêgjane Tambangraras ||

4.
Jayèngraga anauri aris |
inggih lêrês (m)bakyu ingkang bêgja |
sawab saking mangunahe |
Ki Sèh Mongraga luhung |
paman pan punika kang mawi |
kados puniki paman |
wisma kang rinamut |
tan nyana sagêd glis dadya |
apan têbih majade takêring kardi |
tan sampun tigang wulan ||

5.
Kadosta punika kitri-kitri |
tan ana lum asêgêr kewala |
malah sungut prêdapane |
lah botên ta puniku |
têtelane mangunahnèki |
putra (n)dika Mongraga |
karya elokipun |
Ki Kulawirya anabda |
iya talah wus nora kêna pinikir |
labêting ngulama kas ||

6.
Angling malih wau Jayèngragi |
e lah lêrês paman kêkirangan |
mung bakuponipun dèrèng |
paman prayogi sinung |
anauri manira lali |
iya mêngko andadak |
dadine be sesuk |
yata Ki Bayi Panurta |
lagya angêploki daranira Gambir |
kang bêblês ing ngawiyat ||

7.
Apan sabên enjing sajêgnèki |
wong sadesa pisan Wanamarta |
kang dadi kabungahane |
anggêrtak dara mabur |
sru ngangngangan sawangan muni |
kang jodhon kang bayakan |
samya muluk-muluk |
kinêplokan-kinêplokan |
lamun nuju pêksi pradangga mimiling |
darane byar anglarap ||

8.
Salang tiyup mawut dènnya wiwrin |
ambyar ura mawur asasaran |
arêbut dhucung udhunnya |
ana nilap mandhuwur |
bêbês amblês katon sabibis |
cat kaksi uga ilang |
mêmêt nyamut-nyamut |
kang duwe dara asuka |
miwah lamun kang dara nuju pinêndir |
ing pêksi alap-alap ||

9.
Atilapan wat-wêt angindhani |
wong sadesa swarane gumêrah |
samya alok lere-lere |
yèn muput nilap mudhun |
dara mencok baguponèki |
kang duwe bungah-bungah |
dèn-kudang lir sunu |
pan mangkana wong sadesa |
sabên enjing apan wus dadya kamuktin |
anglawatakên dara ||

10.
Lamun sontên wanci Asar akir |
kabungahanira ngundha-undha |
layangan glathik êmprite |
jêprah panjêr amuluk |
barung umyung mawi sêndari |
angèrèng kapawanan |
dadya srining dhusun |
awor swaraning kitiran |
sarta unining gamêlan angrêrangin |
suraking rare dolan ||

11.
Myang (m)bêngingèhing kuda sarênti |
kapyarsa ring pêrapating desa |
lamat-lamat gong unine |
nganyut-anyut karungu |
dhasar munggul kêtêp kang kitri |
sambada swabawanya |
desarja gêng kubuk |
sênênning dhusun apraja |
wong amanca samya anêbut nagari |
kêrajan Wanamarta ||

12.
Tan wun ucapên srining desa di |
yata (n)Jêng Kyai Bayi Panurta |
wuse ngêploki darane |
lajêng mring wisma baru |
santri Luci lawan Nuripin |
ngiring (m)bêkta lantaran |
lan salêpanipun |
Kyai myat putra-rinira |
angling malih apa wus suwe sirèki |
matur duk bakda Luka ||

Jilid 7 - Kaca : 89

13.
Sarwi samya midêr niningali |
dene kiye iya wus prayoga |
tan ana kuciwa kabèh |
kitrine tan ana lum |
sêgêr bae banjur abêcik |
putra ri nuwun turnya |
sabda sampeyan wus |
nulya Ki Pangulu prapta |
kadya sabên kang martamu lan kang èstri |
samya (m)bêkta dhadharan ||

14.
lajêng nusul mriki Nyai Bayi |
nulya para ari ingkang prapta |
Suharja Wiradhusthane |
Panukma lan Panamar |
lajêng nusul kewala sami |
ningali rakit wisma |
samya cipta gumun |
ilang labêting dhudhukan |
miwah kitri tan ana alum sawiji |
lir lami wus sawarsa ||

15.
Kyai Bayi angandika aris |
wis ayo padha maring pandhapa |
sadaya sumngga ture |
praptèng pandhapanipun |
wus atata dènnira linggih |
Ki Sèh luhung Mongraga |
garwa sakucumbu |
umarêk prapta ing ngarsa |
ingkang rama samya ngingsêri kang linggih |
miwah kang para rayat ||

16.
Ni Malarsih lawan Nyai Bayi |
nata dharan piyambak-piyambak |
Sumbaling lawan cèthine |
samya ngladèni ngayun |
santri Luci nepasi gêni |
anglone mongah-mongah |
wedang pinrih sêpuh |
Ki Bayi alon ngandika |
payo padha sêsarapan mupung enjing |
enak angêt-angêtan ||

17.
Kaya sabênne bae abêcik |
kêmbul wis kono padha wisuha |
gupuh kang liningan kabèh |
samya sarêng awisuh |
lah wis payo Bismillah bukti |
nulya sami anadhah |
aroyom pikantuk |
kêmbulan lawan wong kathah |
santri Luci Nuripin lan Jamal Jamil |
myang lurah santri kapang ||

18.
Samya nutug tuwuk kang abukti |
nulya luwaran awiwijikan |
kinèn ambagi ambênge |
gya dinum brêkatan wus |
jalu èstri sampun waradin |
gantya ingkang dhêdharan |
kinêkêt ing ngayun |
angling payo mêmangsêgan |
sapêkolèh apa sasênêngirèki |
wowohan juwadahan ||

19.
Samya nyênyamikan sadayèki |
Kyai Bayi alon angandika |
hèh Wirya dhèk wingi kae |
sapa kang duwe manuk |
kang sinaut lap-alap kêni |
matur Ki Kulawirya |
inggih pêksinipun |
rinta pun kakang Suharja |
angandika iku daramu kang êndi |
apa si Ganjur megan ||

Jilid 7 - Kaca : 90

20.
Matur dede pan inggih pun Panjing |
angling malih pindhone kang dara |
luput kongsi bundhêl suwe |
sapa kang duwe manuk |
pêsthi ujar awake kawin |
dèn-cêngkrêm alap-alap |
Kulawirya matur |
pêksi-ngong pun Kaladuta |
inggih botên wontên labêtipun kawin |
saras-sèrès kewala ||

21.
botên bodhol gulune satunggil |
bundhêl cinangkêrêm botên pasah |
Ki Bayi gumuyu linge |
bêgja têmên sirèku |
pamulane têguh kang pêksi |
Kulawirya turira |
inggih yêktosipun |
kula nyoba Jamil Jamal |
kèn nyarati têguh supaya tan kêni |
sinaut alap-alap ||

22.
Samya nolih sadaya kang linggih |
Kyai Bayi ngling malih prayoga |
padha anelat sarate |
sadaya sarêng muwus |
samya takèn sarating pêksi |
(n)Jêng Kyai andikanya |
gus Jamal Jamilun |
tulunga amrih manpaat |
karya tulus sukane sêsami-sami |
Jamil matur sandika ||

23.
Inggih gampil saratipun nênggih |
apan inguntalan lancêng pêthak |
balêndhuk gêbang lan malèh |
jamur lot jamur paku |
insa Allah têguh kang pêksi |
sarate pêksi kewan |
pan punika têguh |
Ki Kulawirya anabda |
kang Pangulu Basar anganèh-anèhi |
akèh wong (ng)gêtak dara ||

24.
Kang Pangulu (ng)gêtak bèbèk brati |
kabèh menthoge samya kalangan |
niku punapa sababe |
lir dara nglawat muluk |
Ki Pangulu mèsêm nauri |
inggih pun adhi Jamal |
apan akalipun |
kula dhih-dhih dhèdhèwèkan |
nuntên menthog-kula dipun-sarati |
wikana kang kinarya ||

25.
Nanging punika cacade kêdhik |
lamun botên wontên adhi Jamal |
menthog maksih mènthèk-mènthèk |
pan datan sagêd mabur |
sanès lamun wontên dhi Jamil |
menthog sagêd anglawat |
lir dara amuluk |
dugikula sosopakan |
dene botên sagêd awèt ibêrnèki |
sangêt cuwaning manah ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (10) Kaca 56 -72
  • (12) Kaca 91 - 99 >