Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

 (22) Kaca 177 -182

 

( Anjajah wana wêrit, guwa sirung, papan-papan wingit saindênging Jawi Wetan )

VI. Sèh Amongraga anjajah wana wêrit, guwa sirung, papan-papan wingit saindênging Jawi Wetan.

1. Nglajêngakên cariyosipun Sèh Amongraga wontên ing pulo Nusabarong; pitung Jumungah, kawandasa kalih dintên; botên ngupados rahmating lair, namung kasampurnaning akir ingkang ginayuh.

Ing wanci bakda pajar sidik, Sèh Amongraga dalah santrinipun nuntên siyaga gèthèk, lampahipun anut alun mangalèr andharat ing tlatah Jêmbêr.

Lajêng lumampah anênggêl rêdi, manjing guwa, tumurun ing jurang, nusup wana dumugi ing tlatah Lumajang. Lumêbêt ing guwa Dalêm, wingit lan pêtêng nglimputi, kathah kêkayon anggi-anggi, kathah suwantêning dhêdhêmit gumuruh apêpasaran. Sang brangti lajêng istigfar, suwantên sirêp sanalika. Wontên ing ardi Gilang, kathah tiyang anênêpi. Sèh Amongraga anênggêl dumugi nginggil, kathah balung cumplunging tiyang, nuntên wontên gara-gara sindhung lesus, lindhu kêtug gumaludhug, nanging sang lêlana botên kengguh. Godha-godha lajêng sami sirêp.


Kaca 177 - 182.
 

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 7 - Kaca : 177

388 Sinom

81.
Kêjêp liyêping kanêngan |
sêsangat guling gulinting |
apan tigang èwu napas |
dènnya suhul ing Hyang Widi |
tan weda wadinèki |
nalikanira akantu |
tan sirna tan warana |
panane maring kajatin |
wus antara tarêki tanajulira ||

82.
Pajalu liyaning napas |
aring pangikalirèki |
sambunging datan kêsotan |
sawataranira aris |
bakda dhikir anuli |
andonga sukur Hyang Agung |
sawusira (n)dodonga |
asujud sumungkêm siti |
takrub asru têpakurira nalangsa ||

83.
Rumasa kinarya titah |
bedaning kawula Gusti |
lir lêbu kalawan mega |
bantala lawan wiyati |
tiniti apatitis |
dhêndhaning papa kapupus |
pasrah rèh kadariyah |
siningsalakên saliring |
cipta ingkang bidêngah kibir jubriya ||

84.
Wus jêrnih nèng pasujudan |
anjunjung mustaka tangi |
sarwi maca rong kalimah |
Iya-kanakbudu tuwin |
wa Iya-kanastangin |
bakda dènnira tapakur |
pupungun kawimbuhan |
ing kasuciyan Hyang Widi |
lir sasangka katrangan ing ima mawan ||

85.
Pitêkur dènnira lênggah |
jatmika tan obah osik |
alun gêng anêmpuh parang |
jumêgur gumuruh atri |
tanpa rungwan mawêrdi |
mawukir alun gumulung |
nulya cipta sabawa |
mêne munaning jaladri |
wanci bangun angungun sang Monêng ing tyas ||

86.
Swaraning pêksi kapyarsa |
mrak manguwuh nyangungongi |
cakikèring satawana |
tuhu akolik mêlingi |
thong-thongsot anglêlungi |
lcubak bêluk blêkêtupuk |
têkak êngkak bêrduwak |
dhècu cinggoling srigunting |
tèngkèk buta lir bobolih asmanira ||

87.
Dhuh sang monêng Amongraga |
sêdhênge linggar sing ngriki |
pan wus têrang pinitayan |
kang mara-bumi jaladri |
ing têmbe mulyèng tasik |
wahyaning mangsa ing ngayun |
binabar nèng Tunjung-bang |
lunturing papa prihatin |
tèngkèk buta lir mupakatkên carita ||

88.
Blêkêtupuk lir nambung basa |
luntur pisan iku benjing |
mangsa wus akir katiga |
mèh labuh kapat nukuli |
wêka mataning kunci |
niscaya ambabar luhung |
thithik mêksih sêsangat |
tutuwu lir angiyani |
jan-jannane têmtu ing tembe kasidan ||

Jilid 7 - Kaca : 178

89.
Kêdhasih mèlu rêrasan |
iya bênêr iku benjing |
minulya ing kaênisan |
nanging yèn pangkating cilik |
cilaka lahirnèki |
batinne sapa kang wêruh |
sabab jalaran dosa |
kulawangsane prihatin |
tan sumurup yèn dadi marganing mulya ||

90.
Mulyaning ahli uliya |
sênêt karatoning gaib |
dudu jamaning wong jamak |
mukmin kas ingkang (n)jamani |
gêmak mêlung mêlingi |
sêrawungan nawung wuwus |
pêpancèning ganjaran |
kawulanira Hyang Widi |
apês kuwat wus tinakdir tulisira ||

91.
Karêm rahmad ing dêlahan |
karêm rahmad ing (n)donyèki |
iku Ki Sèh Amongraga |
tan karêm rahmad ing lair |
donyane dènsinggahi |
mung muhung marang Hyang Agung |
yèku tekad utama |
tumanêm tinêmu luwih |
sampurnane kapurba Prabu Mataram ||

92.
Mangkana pêksi èsthanya |
kang samya mungêl ing ratri |
ana kang ngetung laminya |
nèng Nusa Barong Mongragi |
wus kawandasa ari |
apan langkung kalih dalu |
jangkêp pitung Jumungah |
bèthèt maido madoni |
gumarêjêg kang ngetang ngajak totohan ||

93.
Tan wun ujare pêksi ka |
sêsangat dènnya kapyarsi |
nulya umrês ing samodra |
jumêgur nêmpuh prang curi |
ing wanci pajar gidib |
nulya ngangkat wêktu Subuh |
sawusira akadas |
Jamal Jamil angadani |
wusnya salat wêktu Subuh pupujian ||

94.
Bakda ing pajar sidig byar |
Hyang Aruna mêrbawani |
karya ujwalèng samodra |
myang isining wana wukir |
sira Sèh Amongragi |
asalat Loka sumungku |
rolas rêkangat salam |
sabakdanira anuli |
midêr-midêr nèng têpi tirahing karang ||

95.
Non kitri pinggir samodra |
tiris kucila kêcapi |
wohe kang tiba samodra |
pan dadi ulam jaladri |
sang monêng ngling jro kapti |
apa baya wahyanipun |
wohing puyuh kang tiba |
myang woh kucila kêcapi |
ingkang runtuh dadi ulam ing samodra ||

Jilid 7 - Kaca : 179

96.
Sèh Mongraga lon ngandika |
hèh ki santri Jamal Jamil |
dulunên wohing kalapa |
kucila lawan kêcapi |
dadi ulam loh sami |
mara ta dulunên iku |
Jamal Jamil tumingal |
woh kang dadi ulam warih |
matur inggih woh dadi ulam samodra ||

97.
Wong roro gumun rêrasan |
apa wis adate iki |
woh kang tiba ing sagara |
padha dadya lam jaladri |
sang monêng mèsêm mèksi |
ing sasmita wus kadulu |
dêdalaning kasidan |
kang kasêdya siyang ratri |
pêmbabare woh dadya ulam sagara ||

98.
Mangkana aris ngandika |
dangdana gèthèk dèn aglis |
nutugên paraning driya |
ngêlangut ngupaya budi |
sigra ki Jamal Jamil |
dangdan gèthèke kang wau |
ingêrut kinukuhan |
tan antara wus miranti |
Sèh Mongraga saking Nusabarong linggar ||

99.
Tumurun saking samodra |
nitih gèthèk pring lêstari |
nut alun ngrambang ngarumbah |
kabuncang prapta ing pinggir |
pan wus tumamèng tasik |
laju kewala anglangut |
mangaler mahas wana |
anabrang ing kali Kithing |
lêpas kang sinêdya marang ardi Pigang ||

100.
Apan tanah ing Lumajang |
lan ing Jêmbêr tunggil wangkit |
mangkana ing lampahira |
Sèh Mongraga nênggêl ardi |
prapta kèndêl ing kêndhit |
nèng guwa mirong sadalu |
kalangkung jro awiyar |
jroning guwa wontên ardi |
alit sawatara nulya ingunggahan ||

101.
Pucak rata lir pinapar |
gigilang gêng sela langking |
sadalu dènnira tangat |
enjing nulya sami mijil |
umangkat manjat malih |
nênggêl wukir pucakipun |
praptèng lukiting arga |
arêrêm ing tigang ari |
wus mangkana tumurun Sèh Amongraga ||

102.
Jurang-jurang kinandhasan |
anètèr ing parang rumpil |
aluk-lukan ing lêlêka |
lêmpar laju lampahnèki |
ngalèr nusul wanadri |
kêdalon tansèng wanagung |
marang ing ardi Kilang |
maksih tapêl-watês nagri |
ing Jêmbêr kang wetan kang kulon Lumajang ||

Jilid 7 - Kaca : 180

103.
Prapta dhepoking parbata |
guwane kalangkung wingit |
guwa dalêm namanira |
pêtênge anglilimputi |
sigra Ki Jamal Jamil |
ngagar kaywaking karya pyu |
kang guwa ingoboran |
kathah parane kaèksi |
alurungan ngidul ngulon ngalèr ngetan ||

104.
Kalih dalu anèng guwa |
enjingira samya mijil |
laju manjad ing aldaka |
kêkayon kèh anggi-anggi |
sêkar sangkêp mawarni |
panjrah ing sari rum-arum |
gandapura ngayangan |
sukêt sulanjana mamrik |
mêmêrakên êmêr sêre kamijara ||

105.
Pakis galar kasimbaran |
wisamarta jenggod rêsi |
kucila lan katilampa |
talompe tampèlan tangkil |
prijatha kajar kêji |
lung-wana lan kêncor-wulung |
malelu kumlandhingan |
bilungan lan adhêm-ati |
kaywan inggil manisrêja lan paponan ||

106.
Wau Ki Sèh Amongraga |
ngancik sapucaking wukir |
myarsa swaraning pêpasar |
umyung tumawon kapyarsi |
diyèng gyanne dhêdhêmit |
apêpasaran gumuruh |
sang monêng gya istipar |
sirna swaraning pawèstri |
lir mirangrong kawanguran janma tama ||

389 Wirangrong

1.
Yata Ki Sèh Amongragi |
nèng ardi Kilang amanggon |
pupucaking arga ting pêcucu |
bubucuning wukir |
pan sela kumalasa |
kayone mung manis-rêja ||

2.
Lan paponan sapanginggil |
kèh dhampèng pange pêpangol |
Ki Sèh Amongraga andudulu |
kabèh dèn ubêngi |
pasang patuting arga |
lir makuthaning Rahwana ||

3.
Anjajah wêngkoning wukir |
calowokaning lêlêmpong |
kèh tilasing dupa labêt kutug |
pamujaning janmi |
sang monêng linging driya |
karane si gunung Kilang ||

4.
Akèh wong kang anênêpi |
gunung awingit minanon |
pantês yèn angkêra yêktinipun |
sêmune kang ardi |
kèh papane pamuja |
dinalajahan sadaya ||

Jilid 7 - Kaca : 181

5.
Sang Monêng ningali malih |
pêpêncu sawiji monjok |
apan jilma mara jilma lampus |
sato mara mati |
pan iku pakarêman |
tan kêna kambah ing janma ||

6.
Sèh Mongraga angoncati |
mring pakarêman mêrono |
santri Jamil Jamal tangsèng pungkur |
mèh prapta ing nginggil |
sira Ki Jamil Jamal |
arip ngantuk arenggotan ||

7.
Matane lir dènpuluti |
lèrèn (ng)gêloso angorok |
wong ro sênggoran padha turu |
sang monêng ningali |
santri padha anendra |
karo samya ginugahan ||

8.
Kagyat garegah atangi |
Jamal Jamil matur alon |
yèn parêng ing karsa luhung wangsul |
raose tyas mami |
ambaliyur kewala |
punika mring pakarêman ||

9.
Lamun sinêngka tan kenging |
mêsthi datan wande (ng)gloso |
sapele ing lampah apan têmtu |
padhêm wong dhêdhêmit |
sang monêng lon ngandika |
kang ora-ora rinasa ||

10.
Payo padha manjad nginggil |
ywa kuwatir sira karo |
pikirmu kang tatag aja korup |
mring rês-rêsing budi |
Jamal Jamil ngandikan |
tandya sami lumaksana ||

11.
Anênggêl prapta ing nginggil |
anggarêmbêl kang kêkayon |
baga bibis kroya kêpuh bulu |
sengon lawan têkik |
sêlingan têpung-gêlang |
têngah mêlatar awiyar ||

12.
Arêsik lir dènsaponi |
tan na kaliyanging godhong |
alêkok ing têngah lêbêtipun |
sapanggayuh kudhi |
buwêng bêngkah marapat |
ambêlumbang sapambalang ||

13.
Sèh Mongraga aningali |
isining balumbang kono |
wulu pêksi kathah lan bêbalung |
sato kewan pêksi |
minangka wuh rarahan |
lan tulang cumplunging janma ||

14.
Sèh Mongraga datan wingwrin |
myat pêngalapaning sato |
pêksi miwah janma alum tungtum |
mangkana sang brangti |
nèng lungit pakarêman |
ngayêngi pucaking arga ||

15.
Sèh Mongraga nulya linggih |
sigra gogodha tumêmpoh |
mêndhung agiyungan têdhuh lesus |
bayu bajra ngidid |
ngasudsud pancawara |
udan angin alimêngan ||

Jilid 7 - Kaca : 182

16.
Adrês mamrês brêsing riris |
pracalita lindhu gênjot |
agonjat-ganjitan manggut-manggut |
magêntur gora tri |
wrêksa sol singsal sêmpal |
kaprapat pracandha gadha ||

17.
Tan pêgat angoncat-ancit |
papacit wukir lir cêpol |
arga lwir rug gigal ringgang-ringgung |
mawar erawati |
gêtêr patêr putêran |
pêtêng dhêdhêt alimêngan ||

18.
Lindhu kêtuk unggrak anggrik |
gumaludhug dhêg-dhèr gêdhor |
kumupak poking kang kapêlupuh |
prahara wor riris |
ampuhan kras marwasa |
amusus isining arga ||

19.
Sang monêng Sèh Amongragi |
tan keguh tyase tinêmpoh |
ing gora gadha gra tyas rahayu |
tan watir samênir |
tyasnya wantah walaka |
mêmucung pamucangira ||

390 Pocung

1.
Yata dangu mangrêsing panca nèng gunung |
antara sêsangat |
sindhung riris sampun aris |
godha pancabaya sadaya wus sirna ||

2.
Kayu watu pulih tan ewah lir wau |
pan malah sangsaya |
mindhak ron prêdapa sami |
myang rêsike arga kadya sinaponan ||

3.
Wulu balung pêksi kewan janma tungtum |
sirna tan warana |
nulya na sasmita kèksi |
narmada gung numpak umpaking samodra ||

4.
Tan myat gunung laut gung ingkang kadulu |
têngahing samodra |
sêkar tarate bang kèksi |
Sèh Mongraga istigpar astagpirolah ||

5.
Sirna luyut ingkang nyêlani pandulu |
nulya myat wanarga |
tan ewah lir wingi uni |
Sèh Mongraga gangsal ratri anèng arga ||

6.
Ngandika rum lah payo padha tumurun |
wus lêga tyasingwang |
antuk sasmitaning Widi |
Jamal Jamil samya umatur sandika ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (21) Kaca 167 - 176
  • (23) Kaca 183 - 185 >