Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (29) Kaca 214 - 218

 

( Dumugi ing pasisir kidul, ngambah ardi Pusêr,

Topèng, Munjit )

4. Sèh Amongraga sarta santri Jamal Jamil pamitan dhatêng Ki Angganala pêrlu anglajêngakên lampah ndêdêr margi mangidul, yèn kadalon sipêng ing wana-gung, awis kapanggih tiyang. Sabên punthuk guwa dipun ampiri tandhês dumugi ing pasisir kidul, ngambah ardi Pusêr, Topèng, Munjit, Gowang, Wungu, Cula, Pangon, Brok, Têlu, Dhanyang, Marabangun, Sitirêbah, Banakaki, Pura, Prêgut, dumugi ardi Sakêthi.

Mèh sabên guwa ing rêdi-rêdi dipun-ampiri, kados ta: Bêkêl, Pacal, Rêngu, Jangglèng, Rêmit, Sêdhêng, Cumbu, Krêtêng, Gupit, Lètèr, Cerong, Sungsang, Karag, Tarup, So, Sêmpati, Burêng, Racun, Tuwak, Lapis, Bêntur, Brondong, Sêjana, Kêmukus.

Lampahipun dumugi tlatah Pacitan, nglangkungi kathah rêdi-rêdi sarta guwa-guwa.


Kaca 214 - 218.
 

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 7 - Kaca : 214

398 Gambuh

13.
Padha andum rahayu |
kacatira sêlamêt mêmacut |
iya muga-muga yèn sira sêsabin |
tulusa kang sira tandur |
iya bisa-a kawêton ||

14.
Dene sira atugur |
ring manira sumungku tutunggu |
ya wus bangêt tarimèngsun mring sirèki |
Angganala matur nuwun |
inggih mugi kang sayêktos ||

15.
Kawula sal pangèstu |
sabda-paduka kawula suwun |
Sèh Mongraga pangandikanira aris |
ya padha-padha bae wus |
pinggirna gèthèkmu gupoh ||

16.
Gya winêlahan gupuh |
gèthèk banjur mring pinggir kang kidul |
nulya prapta mantog ing gisik têlagi |
samya mêntas saking ranu |
gèthèke nulya binodhol ||

17.
Wus tatas talinipun |
rut gêlamit ing gèthèk wus rampung |
tan antara kocak toyaning têlagi |
mawa lun ing samodra gung |
ombak maputêran umob ||

18.
Sigra kang gèthèk larut |
sirna kabèh tan ana kadulu |
sawusira gêmpang gèthèk pring tan kari |
arèrèh ombaking ranu |
wus pulih dhêm-dhêm anyarong ||

19.
Sèh Mongraga nabda rum |
êndi mêrgane kang bêcik mudhun |
arsa laju kawula mangidul mami |
Ki Angganala umatur |
ing Selapati kemawon ||

20.
Wontêna rumpilipun |
kêdhik nanging wontên enggalipun |
lamun parêng paduka amba aturi |
mêngalèr margi kang wau |
mring wisma-kawula manggon ||

21.
Asarèh anèng dhusun |
ing Watu-saba rêrêb karuwun |
sawontênne kawula badhe nyaosi |
yèn sagêd sêkul sênanjung |
Sèh Mongraga ngandika lon ||

22.
Wus bangêt trimaningsun |
marang sira ingga prasêtyamu |
namung untapêna tuduhêna margi |
kewala kang laju ngidul |
umatur sandika gupoh ||

23.
Lumampah anèng ngayun |
ing ardi Bunglêgi mêrginipun |
anjog mêrga ing Gênting tawang tumawing |
rêmbên dènnira tumurun |
praptèng Selapati menggok ||

Jilid 7 - Kaca : 215

24.
Ngidul-ngetan tumurun |
mêrgi siluk rumpil likak-likuk |
wus kaliwat ing Gênting lingir tumawing |
mêlipir têmbing jrang cêrung |
rèjèng pêpèrèng parang rong ||

25.
Anjujur suku gunung |
nulya praptèng padhukuhan dhusun |
ing Carma lan ing Wot-arèn pinggir mêrgi |
wus èmpèh anjog mêrgagung |
Sèh Mongraga ngandika lon ||

26.
Ing kene bae uwus |
sun-tarima lèhmu ngatêr laku |
bokmênawa katrima (ng)gonmu sêsabin |
yèn ana sanakirèku |
susah sawah tan kawêton ||

27.
Wèhana wiji pantun |
têlung wuli kewala iya wus |
wong ing Watusaba kang bisa sêsabin |
tinut ing anak putumu |
kang adoh-adoh mêrono ||

28.
Angganala andhêku |
(n)dhêku sarwi matur nuwun-nuwun |
inggih nuwun kêlangkung kapundhi-pundhi |
kawula mêstaka-ulun |
tumanêm anèng pêpanon ||

29.
Ya wus padha rahayu |
payo sêsalaman lumastantun |
Angganala gupuh nêmbah-nêmbah mundhi |
asta pinundhi ing bathuk |
angalap bêrkah tuwajoh ||

30.
Sawusnya salamipun |
gya Jamal Jamil salaman gupuh |
inggih sami kewala andum basuki |
bêgja têmên (n)dika niku |
pinaring sabda kawêton ||

31.
Tamu puniku besok |
(n)dika dadi pangungsèn nak putu |
sakathahing wong tani kang cêlak têbih |
mring dhusun Ngêbêl puniku |
ing Watusaba angênor ||

32.
Pan dadi panjang kidung |
wong tani kang arsa sawah tulus |
mring Watusaba minta wiji mêjani |
gêdhang ayu suruh ayu |
krêp lèh slawat jambe suroh ||

33.
(n)Gih wakne sukur-sukur |
(n)dika sageda barêkat cumpu |
Angganala andhêku ngling inggih-inggih |
mugi yêktosa ing besuk |
wusnya sêsalaman karo ||

Jilid 7 - Kaca : 216

34.
Sèh Amongraga laju |
wus tinuding anjog ing mêrga gung |
taliwangan mahawan ing wana wukir |
angênclug sukuning gunung |
gênêngan jujur jurang jro ||

35.
Andêdêr dalan ngidul |
kang dumugi mêrgi lorog pangul |
kadhang asring kapapag tiyang agrami |
angunthul miwah pipikul |
Sèh Mongraga nimpang menggok ||

36.
Andarung lampahipun |
lamun kêdalon tansèng wana gung |
sabên punthuk guwa-guwa dèn-ampiri |
praptèng tanah Lorog-pangul |
ardi Sakêthi kumroyok ||

37.
Tan ana longkangipun |
tandhês mring Pasisir pisan kidul |
ardi Pusêr ardi Topèng ardi Munjit |
ardi Gowang ardi Wungu |
ardi Cula ardi Wangon ||

38.
Ardi Brok ardi Têlu |
ardi Dhanyang ardi Marabangun |
ardi Sitirêbah ardi Banakaki |
ardi Pura ardi Pugut |
samêrga anduduk-wuloh ||

399 Mêgatruh

1.
Sèh Mongraga nèng tanah ing Lorog pangul |
anjajah ardi Sakêthi |
myang kang wontên guwanipun |
mèh kang sabên wukir-wukir |
ana guwane mêlongo ||

2.
Guwa Bêbêl guwa Pacêl guwa Rêngu |
guwa Jangglêng guwa Rêsik |
guwa Sêdhêng guwa Sumbu |
guwa Krowèng guwa Supit |
guwa Lètèr guwa Cêrong ||

3.
Guwa Sangsang guwa Karag guwa Tarub |
guwa So guwa Sêmpati |
guwa Burêng guwa Racun |
guwa Tuwak guwa Lapis |
guwa Bêntur guwa Brondong ||

4.
Miwah guwa Sêjana guwa Kêmukus |
kang saratri kang tri ratri |
katrima lampahirèku |
tan ana pancabayèku |
sasasi nèng tanah Lorog ||

5.
Kadhang wontên wong ngampirkên maring dhusun |
Sèh Mongraga datan apti |
sring kèh janma amumunjung |
sakadare wong ing wukir |
Jamal Jamil warêg sugoh ||

Jilid 7 - Kaca : 217

6.
Yata wau ngalèr-ngilèn lampahipun |
umanjat sumêngkèng wukir |
pucakipun ardi Dumung |
kalangkung rumpil ing mêrgi |
arang kang bisa marono ||

7.
Sinêngka-a saking êlèr saking kidul |
kilèn wetan apan sungil |
sela gêng-agêng amanthuk |
magol amêpêti margi |
kabunton sela kang mangol ||

8.
Angrêrèkèl mêrgi rumpil nut pênthukul |
nètèr pinggir jurang bangbing |
lêmpong tumiyungnya kêdhung |
ngadhuwêng ngaluwêng dhêmping |
lampahe angayut oyot ||

9.
Wus unimpah saking lengkong bangbing têrjung |
lajêng amanjat manginggil |
sela bênthèt sapandhuwur |
tapis lapis ingkang siti |
samya (m)balêdhag nêla jro ||

10.
Rêrongkoban lang-alang gêlagah rayung |
dhukut mrakan lan gêrinting |
myang kaywa gêng-agêng taun |
bonthot rêndhêt bêndha bandhil |
gadhêl butrawali wowo ||

11.
Wêwalêdan olat-alit wawal wuwud |
walulin panjalin cacing |
rêngkêding ardi grêng rungkud |
Jamal Jamil dimik-dimik |
prandene asring kêblowok ||

12.
Jamal lamun kêjêblos Jamil kang (n)dudud |
Jamil tiba Jamal narik |
wong roro pating barêkuh |
têla sasab tan katawis |
blêng kagyat lamun kêjêblos ||

13.
Watês cêcangklakan tangane angayut |
gujêngan sacandhaknèki |
sarta tinulungan wau |
Jamal Jamil kawlasasih |
sikil tan kandhas maksih jro ||

14.
Sèh Mongraga mring Jamal Jamil wlas (n)dulu |
sring kalêbèng têla wukir |
nabda ywa sira kasusu |
kèh têlane jro acuri |
ati-atinên kang alon ||

15.
Samya matur punika inggih kêlangkung |
kêdah kauntal ing siti |
sêbab têla tan kadulu |
dene dêdalaning janmi |
pantês dalaning rong-orong ||

16.
Lah wus payo lon manjat mandhuwur |
kurang thithik nuli prapti |
umatur sumanggèng kayun |
sumêngka lampahira ris |
prapta pucuk wukir manggon ||

Jilid 7 - Kaca : 218

17.
Pan ambathok mêngkurêp pucuking gunung |
wit kusambi gêng sawiji |
lingiring tambi sêprangkul |
oyod mawalik katindhih |
witing kusambi gêrowong ||

18.
Kadya guwa nguwêng-uwêng sumaruwung |
jroning growonging kusambi |
wontên rêca taksaka gung |
anglir taksakarsa mijil |
si têla minangka êrong ||

19.
Sèh Mongraga dènnya sênêt anèng ngriku |
wiyarira winêtawis |
kamot tiyang wolulikur |
Jamal Jamil ciptèng kapti |
tumingal rêca anèng rong ||

20.
Layak kiye manut jênêng ardi Dumung |
patut lan sajaking ardi |
cinatur pan pitung dalu |
anèng guwa wit kusambi |
tangat toya mum ngêlowong ||

21.
Sawusira nutug dènnira sumungku |
kitrah ing tyas pitung ari |
luwaran dènnya anunu |
Sèh Mongraga ngandika ris |
lah payo mudhun mangisor ||

22.
Samya matur sandika samya tumurun |
ngulati mêrgi liyaning |
mênawa na kang tinurut |
kang èmpèh ampahanèki |
nalika wontên pêpangol ||

23.
Sela-gêdhêg minangka sakèthèngipun |
tumpuk pasang sumbulan tri |
sad-sêd lir obah kumluthuk |
agumun Ki Jamal Jamil |
dèn-waspaoskên miraos ||

24.
Kêna ngapa watu banène kêmluthuk |
de tan ana kêlah-kêlih |
dene tumpukane kukuh |
rag-rêg lir dènagak-agik |
apa wis date mêngkono ||

25.
Nulya nuju lêstari dènnya tumurun |
andalir mêrgi agampil |
Sèh Mongraga kêrsanipun |
ngidul-ngilèn amêsisir |
amêrgi-mêrgi rèrèn don ||

26.
Wus kasêdya guwa Pawukiran agung |
guwa Wukir dèn-ampiri |
kang sadalu kalih dalu |
babagan wukir Sêkati |
kathah pêncu ting panyonyo ||

27.
Ardi Kidêr ardi Bungkêr ardi Angkus |
ardi Tumpêr ardi Suri |
ardi Tawas ardi Wuku |
ardi Lumpang ardi Sêmbir |
ardi Barat ardi Groyok ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (28) Kaca 203 - 213
  • (30) Kaca 219 - 223 >