Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (30) Kaca 219 - 223

 

( Lampahipun urut pasisir tanah Kaborehan dumugi sagantên Anakan )

5. Sèh Amongraga nglajêngakên lampahipun urut pasisir tanah Kaborehan dumugi sagantên Anakan, ngandhêlong ngalojok ngalèr angêndhil katangkêp ing rêdi, anjog ing wukir Lima, kaprênah sawetan sagantên Anakan, mampir guwa Selagênthong tigang dintên. Salajêngipun mampir ugi ing Watu Kêmbul, Luwêng Sirah-Blêrêng, Luwêng Upas, Pringgadhing, Sumbêr Pusêr, Karêman Jatiwulung, Sidalaya. Kêmaya ing pucuking wukir Lima sami kabuyutan, dhanyang mêrkayangan, kawingitan mara-bumi. Salajêngipun manjat rêdi-rêdi, ngidêri guwa-guwa ing rêdi Lanang, Suralaya, Samapura, Gèmbèl, Kukusan, Bathok, Manik, ngantos dumugi ardi Karanggajah pantog ing samodra. Cacahipun rêdi-rêdi ingkang ngubêngi sagantên Anakan wontên sangangdasa-sanga.

Sèh Amongraga mlêbêt ing guwa Sraboja, inggih punika guwa ingkang katingal kadung-kadung ing ngandhap rêdi papongol kidul-kilèn, botên wontên marginipun ingkang botên mbêbayani.

Katingal kathah patilasaning para linangkung. Rakiting guwa botên wontên ingkang mirip. Wontên kontên ingkang minangka regolipun, kontên mlêbêt tundha tiga, kiwa têngên katingal kados pisang tundhun, têbu, cêngkir.

Mlêbêt wiwara ingkang kaping tiga saya pêtêng katangkêp pêksi lawèt mbrubul. Sêdasa dintên nêpi ing ngriku.


Kaca 219 - 223.
 

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 7 - Kaca : 219

399 Mêgatruh

28.
Ardi Dhadha ardi Jara ardi Bakung |
guwa Cabe guwa Mantri |
guwa Jaya guwa Jungut |
guwa Mèdèng guwa Kêling |
guwa Candhang guwa Bangos ||

29.
Guwa Tapak miwah guwa Bale-lumut |
tanah ing Pacitan sami |
guwa ing Wukiran agung |
angayêng dènnya nênêpi |
trêkadhang pranggulan uwong ||

30.
Nèng pucaking ardi jroning guwa samun |
kang sami lampah nênêpi |
doh-adoh pinangkanipun |
santri pranakan priyayi |
samya mumucung lunga (n)don ||

400 Pocung

1.
Yata wau Sèh Mongraga lampahipun |
nut jurang Sêsêngkan |
sêdyanira amêsisir |
wus angancik tanah wana Kabarêhan ||

2.
Watêsipun wana Kabarêhan wau |
kinubêng ing arga |
ngêndhêngi tuwêng nêpungi |
kulon wetan wêkasan pantog samudra ||

3.
Têpinipun jêladri ngêndhêlong nyamut |
ran sêgara Anak |
ngêlojok ngalèr angêndhil |
babagan kang êlèr kêtangkêban arga ||

4.
Mêksih laju angrong jro gêbyaging alun |
sadhasaring arga |
jroning êsong winatawis |
apan wontên tigang pambandhil dohira ||

5.
Lampahipun Sèh Mongraga nulya rawuh |
anèng ardi Lima |
wetane sêgara Siwi |
apan ngongkang pangol suku ing samudra ||

6.
Anèng ngriku Sèh Mongraga kêrsanipun |
anjajah guwarga |
nèng sela Gênthong tri ari |
ardi Lima kathah kabuyutanira ||

7.
Anèng Watu-kêmbul apan kalih dalu |
nèng Diyèng Kanêngan |
nêm ratri angalih malih |
anèng luwêng Sirah-blêrêng kawan dina ||

8.
Malih laju mring luwêng Upas sadalu |
anèng patungtuman |
sadalu anèng Pring-gadhing |
saratri gya nèng sumbêr Pusêr sadina ||

9.
Kalih dalu nèng karêman Jatiwuyung |
anèng Sidalaya |
gangsal dina linggar malih |
nèng Kêmaya pucake ing ardi Lima ||

Jilid 7 - Kaca : 220

10.
Pan puniku samya kabuyutanipun |
dhanyang mêrkaryangan |
kawingitan marabumi |
ing Salêbak wukire wana Barêhan ||

11.
Sawusipun nulya ngalèr manjat gunung |
urute ingambah |
guwa Wukir kang ngidêri |
wana Kabarêhan jinajah sadaya ||

12.
Kawitipun saking ardi Lima laju |
nulya ardi Canang |
ardi Sêpa ardi Dêling |
ardi Suralaya ardi Samapura ||

13.
Ing Cêmpurung ardi Gêmbêl ardi Buyung |
lan ardi Kukusan |
miwah ardi Linggamanik |
ardi Bahang ardi Bathok ardi Braja ||

14.
Ardi Kucur ardi Mêrang ardi Kukus |
myang ardi Kukusan |
lawan ardi Tamansari |
ardi Mêlong ardi Pilang ardi Malang ||

15.
Ardi Kêmpul miwah ardi Watudhukun |
myang ardi Songbanyak |
ardi Bongkot ardi Klumpit |
ardi Krakoh lan ardi Parangmiwang ||

16.
Ardi Mungkur ardi Bale ardi Punjung |
ardi Sanggarama |
ardi Wogan ardi Guling |
ardi Bèsèk ardi Bras ardi Pongkalan ||

17.
Ardi Bawur lawan ardi Luwêng-sèwu |
myang ardi Balega |
ardi Lorèng ardi Puntir |
ardi Bawang ardi Cèkèh ardi Kala ||

18.
Ardi Jurung ardi Layang ardi Runtung |
myang ardi Wawaran |
ardi Crêma ardi Wati |
ardi Kisi ardi Rumbi ardi Saba ||

19.
Ardi Tulus ardi Pusêr ardi Tukung |
lan ardi Rancakan |
ardi Dangu ardi Rantring |
ardi Kadiloka ardi Sarasêja ||

20.
Ardi Gêmpung ardi Caluk ardi Pasung |
myang ardi Têbêkan |
ardi Wok ardi Cêmêthi |
ardi Busur ardi Kênur ardi Pêgat ||

21.
Ardi Kayut ardi Kêmput ardi Munggut |
myang ardi Carura |
ardi Dhepok ardi Manik |
ardi Sapu ardi Tênga ardi Barak ||

22.
Ardi Jêmbul ardi Bang ardi Kumêndhung |
ardi Kalantaka |
ardi Gana ardi Dèwi |
ardi Tuwa ardi dalêm ardi Lola ||

23.
Ardi Undhuk ardi Taluh ardi Têpus |
myang ardi Jaruman |
ardi Kêbut ardi Candhi |
ardi Tirêp ardi Condhong ardi Lêmbat ||

24.
Ardi Rêgu ardi Karanggajah nêngguh |
pantog ing samodra |
pagêbyuran ing jêladri |
kèhing ardi gunggung sangangdasa sanga ||

Jilid 7 - Kaca : 221

25.
Gunung-gunung watês kang ngidêri têpung |
wit ing ardi Lima |
wetan pinggiring jêladri |
wêkasane têpung ardi Karanggajah ||

26.
Samya munggul (n)jog kacob ing samudra gung |
langaping sêgara |
pandhêlonge winatawis |
yèn ta dharat lêlampahan saonjotan ||

27.
Anrêmbuku pungkasing ardi puniku |
Lima Karanggajah |
sêmune angkêr awingit |
praptèng parang amirangrong Sèh Mongraga ||

401 Wirangrong

1.
Anèng sangandhaping wukir |
papengal ing kidul-kulon |
aningali guwa Kadhung-kadhung |
mêrgine asungil |
karang sela lêmpitan |
pangol mungal ing samudra ||

2.
Sèh Mongraga widik-widik |
tanpantuk mêrga kabunton |
tan kêna winawan langkung ewuh |
wagugên ing galih |
lir satarsa matêrang |
tirah tirah ingayêngan ||

3.
Miwah sira Jamal Jamil |
pating kulithik wong roro |
angupaya mêrga tan kapangguh |
Sèh Mongraga ngungkih |
solahe lir brêmara |
angingsêp sari kincipan ||

4.
Guwa kang minangka sari |
pagolan mêrga pakewoh |
pisah kumpul pêncar wong têtêlu |
angupaya mêrga |
aso sami ararywan |
nèng sor wit nila-kucila ||

5.
Rêringa angaring-aring |
sarya myat guwa kêtonton |
cat kêtingal kadhang tan kadulu |
kacobing jêladri |
kalamun alun êrat |
lawanging guwa kêtingal ||

6.
Yèn rob aluning jêladri |
lawange guwa tan katon |
sira Sèh Mongraga ngandika rum |
marang Jamal Jamil |
lah paran karêpira |
kang êndi marga mring guwa ||

7.
Umatur Ki Jamal Jamil |
sumanggèng kêrsa kemawon |
amba tan lênggana pan tumutur |
nadyan têkèng pati |
datan sêdya suminggah |
kêmêngan Sèh Amongraga ||

Jilid 7 - Kaca : 222

8.
Anulya wau ningali |
oyod pupunton maring sor |
mubêd lir anaman sulur pêngkuh |
kukuh tan kuwatir |
kacob ing tirta sobrah |
oyode nila-kucila ||

9.
Mèsêm lêjar Sèh Mongragi |
jalaring mêrga kêpanggoh |
nulya Sèh Mongraga gya tumurun |
nute oyod aririh |
sigra Ki Jamil Jamal |
samya tumurun tan samar ||

10.
Nuju alun angêrati |
prapta ing kandhasan alon |
lêmpiting dhampingan anglulumut |
liniwatan limit |
minggah sela panjatan |
mênginggil undhak-undhakan ||

11.
Rikat lampahe wus prapti |
tumama marang guwa jro |
sigra alun gora gumaludhug |
kumucak nangkêbi |
mêngkana Sèh Mongraga |
nèng jroning guwa Sraboja ||

12.
Kathah tilasing ngaluwih |
lawang kang minangka regol |
sawetaning lawang wontên ranu |
tuk tawa ambêlik |
kabèh tan mili lukak |
awêning nyarong lir kaca ||

13.
Karênan Sèh Amongragi |
nèng guwa Sraboja kaot |
langên tiningalan rakitipun |
tan wontên kang mirib |
lawang jro tundha tiga |
kanan kering lir tuwuhan ||

14.
Pisang tundhun têbu cêngkir |
rekane kadya sayêktos |
lamun cinêlakan ukur-ukur |
tan pati kaèksi |
mangsuk malih Mongragi |
ing wiwara kaping tiga ||

15.
Sangsaya pêtêng kaèksi |
kêtangkêp pêksi saking jro |
pêksi lawèt karab ambêrubul |
swaranya gora tri |
gumrêbêg tanpa rungwan |
lir salaba abubulan ||

16.
Samya anglawat umijil |
sabên surupe surya yom |
lawèt anglawat sabên dalu |
dènnya kambu mijil |
enjing masuk ing guwa |
yata Ki Sèh Amongraga ||

17.
Nimpang sarwi salat Mahrib |
praptèng bakda Ngisa mansoh |
sawusnya atangat tatrap suhul |
tuwakup ing Widi |
anèng pipining lawang |
tar wangwang wêngwênging guwa ||

Jilid 7 - Kaca : 223

18.
Cinatur sadasa ari |
nèng kamare guwa manggon |
arêmêng kewala datan limut |
sabarang kaèksi |
akathah kanthanira |
sikêp sining pakamaran ||

19.
Lukitaning kèni-kèni |
sêkalir sayêkti kinon |
sagotra-sagotra karang ulu |
sarwa na sêkalir |
sakathahing rêrênggan |
agiris Ki Jamil Jamal ||

402 Girisa

1.
Myat rekaning karang-karang |
kamaring guwa Sraboja |
lir patilêman narendra |
saupacaraping pura |
mêngkana Sèh Amongraga |
sumungku nèng jinêm karang |
maksud bengat kaênêngan |
alayap panahul pana ||

2.
Pêndhak Subuh dènnya kasran |
wêktu Subuh Luhur Ngasar |
Mahrib kongsi praptèng Ngisa |
aplal bangidan jamingan |
kasran min layu gayiran |
acipta utamèng titah |
sukuping wêktu sapisan |
ing dalêm saratri siyang ||

3.
Sigêg muntu datan obah |
mêrdika pancadriyanya |
cuthêl thok thêl tanpa ulap |
lêpasing tyas wus watêsan |
sucining Hyang Maha Mulya |
campuh sampurnaning tingal |
katingalan tiningalan |
awujud tan kawujudan ||

4.
Amrênatan munasika |
manggon tanpa ênggon (ng)gyannya |
mênêng datan kaênêngan |
êninging Sèh Mongraga |
arêgu datan mirugu |
asênêd dènnira sunat |
sanitya tyasing kasêtyan |
purbaning Hyang sanalika ||

5.
Kang sasmita kasatmata |
kusuma kang sumaringah |
têrate tuwuh ing tawang |
asri mayêng mayang-mayang |
pan anggitan surèngpatya |
angroronce rêrancangan |
lir orèhan sutra jingga |
sakêdhap tan katingalan ||

6.
Rambahing kang kawistara |
wontên thathit nèng samodra |
ubêding thathit sastra Rab |
Surat Eklas pan têtela |
sastra kilat kilah-kilah |
maya-maya amarkata |
Sèh Mongraga nuksmèng tyas |
tuwakup sukuring Suksma ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (29) Kaca 214 - 218
  • (31) Kaca 224 - 226 >