Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (31) Kaca 224 - 226

 

( Mêdal saking guwa kapanggih tiyang wasta Ki Arisbaya )

6. Mêdal saking guwa kapanggih tiyang wasta Ki Arisbaya. Nama guwa Sraboja miturut Ki Arisbaja adhêdhasar dêdongengan, duking nguni wontên raja Sabrang angajawi wasta Prabu Sasrabau, dhatêngipun kadhèrèkakên para garwa ayu-ayu, anjujug ing ardi Kidul, inggih ardi Katongan mêngidul anjog ing Sampar Paliyan. Wontên ing ngriku milihi lan mêndhêt wanita ingkang ayu-ayu.

Lampahipun laju mangetan, dumugi ing Pêngging kèndêl ing pucakipun ingkang winastan Jati Gancangan. Lajêng mangetan kèndêl ing Kêlayar abên-abên sawung ing têpining laut, winastan Karangdalêm lan Karang Pangabên-sawung. Dumugi ing ngriki lajêng nêbar bala, para tumênggung lss. sami gêgriya angubêngi praja. Nagarinipun nama Kaborehan dados praja harja, ngantos tumurun, wêkasan mikrat atilar tilas awujud wukir Karanggajah wujudipun kadidene gajah njêrum, sukunipun kacob samodra lan katingal gulunipun. Tiyang sagêd sumêrêp ingkang kasinungan awasing pandulu sawantahipun, kadhaton Sraboja ingkang sakêlangkung angkêr punika.

Sèh Amongraga kapranan aningali guwa Sraboja lan sakiwa-têngênipun.


Kaca 224 - 226.
 

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 7 - Kaca : 224

402 Girisa

7.
Nulya nis sasmitaning Hyang |
luwar ing paningal wantah |
bakda Subuh wayahira |
Sèh Mongraga ris ngandika |
payo sêdhêng aluwaran |
lan pirang dina nèng guwa |
umatur Ki Jamil Jamal |
pan sampun sadasa dina ||

8.
Gya umangkat Sèh Mongraga |
linggar saking jroning guwa |
praptèng kori jawi pisan |
nganti roding lun samodra |
sigra mijil nampak parang |
nulya nyandhak taru lata |
rumambat anut tuntungan |
tan antara lampahira ||

9.
Nêrancang gya alun prapta |
nêmpuh parang gumêbyuran |
mabun ambêlêdug gora |
jumêgur muncrat sumirat |
gumulung lun mawalikan |
èsthining alun upama |
kadya janma têtamuwan |
Mongraga kala nèng guwa ||

10.
Pangêsuking alun kadya |
nututi kinèn wangsula |
cuwa lir kalanggatan |
yata Ki Sèh Amongraga |
wus praptèng pasir dharatan |
nèng kêndhiting Karanggajah |
sasor wit nila-kucila |
samya kararywan sêsangat ||

11.
Yata wontên wong kang prapta |
kulambi ereyan jala |
abêbêt pelah rajungan |
asabuk polèng baledhak |
ikête sogan wus luwas |
anyêngkêlang arit bapang |
wau Ki Sèh Amongraga |
yata sarwi atêtanya ||

12.
Lah (n)dika katuran sabda |
ing wingking pundi pinangka |
ngajêng pundi kang sinêdya |
dene nèng ngriki alangka |
tan wontên ingkang puruna |
anèng kêndhit Karanggajah |
pancèn tan kambah ing janma |
Sèh Mongraga lon ngandika ||

13.
Yèn (n)dika takèn maring wang |
manira santri bêbara |
ulungan angulandara |
sêdya tirakat kewala |
anusup wana wulusan |
pan aran santri kewala |
ro punika kancaningwang |
runtungan saparan-paran ||

14.
Aranèki Jamil Jamal |
nulya bage-binageyan |
Ki Jamal nambung tatanya |
ri raka sintên sinambat |
saking tambête manira |
lan pundi wisma andika |
nauri kang sinung ujar |
bagus tanya wisma-kula ||

15.
Punika ing gunung Lima |
Arisbaya ran manira |
milane kawula prapta |
jêge bagus sapunika |
siyèn anèng ardi Lima |
andêlajah pakarêman |
nut kêrsa saparan-paran |
antara lêt tigang dina ||

Jilid 7 - Kaca : 225

16.
Kula tututi tan ana |
anyana lamun palastra |
adat kang wus kalampahan |
awit kang bisa mantuka |
lajêng kapulung kewala |
salèh anèng pakarêman |
mêrkanyang nèng Kabarehan |
mangke tan nyana kêpanggya ||

17.
Anèng ing Nila-kucila |
ngriki (ng)gih tan kêna kambah |
gus saking pundi wau ta |
Sèh Mongraga ris ngandika |
manira saking jro guwa |
nêtêpi sadasa dina |
tan ana janma kang prapta |
anjurudêmung nèng marga ||

403 Jurudêmung

1.
Arisbaya duk miyarsa |
sangêt dènnira gêgêtun |
ngunandika jroning kalbu |
wong iku dudu wong ala |
sayêkti janma linuhung |
sun tanya nora pasaja |
amêndhêm kula wong iku ||

2.
Baya trahing wong utama |
pasang pasêmon sumunu |
antêng jatmika aruruh |
solah-bawane kêtara |
mangkana graitanipun |
Ki Arisbaya noraga |
tumungkul aris umatur ||

3.
botên anyana ing lampah |
kalamun manggih rahayu |
datan wontên wong kang purun |
lumêbêt guwa Sraboja |
saking angkêre kêlangkung |
mangka paduka punika |
nèng guwa sadasa dalu ||

4.
Wilujêng tan kabêncana |
angsal idayat ing ngriku |
kawula langkung jumurung |
Sèh Mongraga angandika |
paman sun-tanya satuhu |
winastan guwa punapa |
Arisbaya aturipun ||

5.
Mila ran guwa Sraboja |
warti duk kala rumuhun |
wontên panjênêngan ratu |
ratu sabrang angajawa |
wasta Prabu Sasrabau |
praptane nitih dipangga |
lan pra garwa dyah yu ayu ||

6.
Winot anèng pêlana |
(n)jujuge ing ardi Kidul |
ardi Katongan mêngidul |
anjog ing Sampar Paliyan |
ngambil pawèstri warna yu |
mila ran Sampar Paliyan |
nyampar milihi dyah ayu ||

Jilid 7 - Kaca : 226

7.
Kathah parèstri binêkta |
laju ngetan lampahipun |
kèndêl pupunthuking Pênggung |
rêrêp sapucaking arga |
sagarwa wadya nèng Pênggung |
winastan Jati Cancangan |
nèng nginggiling ardi Pênggung ||

8.
Nulya ngetan mring Kèlayar |
rarywan ngabên-abên sawung |
karang gêng têpining laut |
Karangdalêm wastanira |
lan Karang pêngabên sawung |
duk kinarya pêngabênan |
kasukan lan balanipun ||

9.
Gya praptèng ngriki punika |
apan nêbar balanipun |
sakèhe para tumênggung |
wisma ngubêngi ing praja |
ajèjèr kubêng atêpung |
pêpatih kang wêkas wetan |
nulya bupati sumambung ||

10.
Anulya dadya prajarja |
kêlangkung panjang apunjung |
winastan prajanipun |
nêgari ing Kêbarèhan |
lami harjaning praja gung |
lami-lami kang nagari |
sinartan kongsi tumurun ||

11.
Mekrat wus akarya tilas |
ingriki sadayanipun |
pan Salêbak wukiripun |
ing Kêbarèhan punika |
wukir Karanggajah anjrum |
ing suku kacob samudra |
ing samodra sukunipun ||

12.
Mila ran guwa Sraboja |
pajungutaning sang Prabu |
Sasrabau kinanipun |
ngêdhaton nèng Kêborehan |
mila angkêre kêlangkung |
katêlah dalasan mangkya |
guwa Sraboja punika ||

13.
Sangkêp kaprabon narendra |
saupacaraning ratu |
wong kang wus sinung pandulu |
katingal sawèntèhira |
barang sakèh kang kadulu |
sira Ki Sèh Amongraga |
amirangrong dènnya (n)dulu ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (30) Kaca 219 - 223