Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 37

Kontak Admin.

email-kidemang

 (03) Kaca 16 – 19

 

( Tumuju rêdi Dalêpih pinanggih tiyang macul
suka pemut supados ngatos-atos )

3. Lajêng tumuju rêdi Dalêpih pinanggih tiyang macul ingkang suka pemut supados ngatos-atos. Ngambah dhusun Wiraka (têlatah Wanagiri), lajêng ngidul-ngetan dhatêng Dalêpih. Marginipun rumpil sangêt. Sakèthènging Dalêpih kasêbut wana Tirêban. Lampahipun nurut Bêngawan dumugi Dalêpih ingkang kinubêng ing rêdi alit-alit. Katingal kewan-kewan agêng-agêng kathah sangêt. Sèh Amongraga lajêng manungku puja, wêkasan sagung ingkang katingal sirna. Ingkang kapirêng kantun swantêning lurah lêlêmbut.

Saluwaring manungku puja, Sèh Amongraga angsal sasmita sumêrap sêkar sumringah ing Calêrèng. Toyanipun bêning sangêt, ing lêbêtipun katingal krikil manca-warna mawi cahya, lajêng dumugi ing guwa Sela-munggul, katingal kados danawa agêng. Ing lêbêtipun katingal sela langking kadosdene rakiting patilêman. Wontên guwa nama Jatha-ratu Kênyapuri. Miturut dêdongengan Dalêpih punika kêdhatonipun ratu Widanangga, ip. putranipun ratu Kidul ing Tunjungbang (sêgantên Kidul) patutan saking Prabu Angin-angin. Sang Ratu Kidul anggêntosi dados ratu ing sagantên Kidul, lajêng kagarwa dening Panêmbahan Senapati. Putranipun, ratu Widanangga ugi kagarwa Panêmbahan Senapati, ibu lan putra dados maru. Sakalih-kalihipun anjagi wahyuning kraton Mataram. Ratu Widanangga ing dharatan, Ratu Kidul ing samodra.


 

Kaca 16 - 19

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 8 - Kaca : 16

413 Sinom

3.
Arumpil karang kêrakal |
cucuri rangah angêri |
ardi Jamak kang pinangka |
sakèthènge ing Dalêpih |
wus langkung ardi kalih |
ing Tirêban wananipun |
nut têpining bêngawan |
kang kilèn dènnya manginggil |
prapta ing Calêrèng Dêlpih Sèh Mongraga ||

4.
Kinubêng ing ardi Anak |
ardi Gajah ardi Kuning |
ardi Tundha ardi Rujak |
ardi Babal ardi Putri |
ardi Kêkêp ardi Brit |
ardi Dhandhang ardi Gêlung |
praptèng pakêming arga |
Sèh Mongraga aningali |
buron wana watara ngêbêki arga ||

5.
Sato gêng jibêg kumêrap |
buron alit pênuh pipit |
sungsun timbun nèng kêkaywan |
sangkêp sèsining wanadri |
kêkayon tan rupa wit |
gêbèl dening kêthêk lutung |
wahu wa warangutan |
luwak trênggulung trênggiling |
wrêgul rase kuwuk garangan jêlarang ||

6.
Apêpanthan tan caruban |
myang kidang mênjangan kancil |
kikik mawar ajag yungyang |
mesa lawung danu nunggil |
macan bêlacan sing-sing |
gogor sênggrut samya ngumpul |
wirog wraha lan landhak |
bajing cirurut myang pithi |
jêjêl jibêg supênuh swara ruhara ||

7.
Tan kèksi siti kèbêkan |
ing sato kewan wanadri |
mangkana Sèh Amongraga |
rêgu tyasira tan wingwrin |
myat godhaning pangèksi |
laju tumama mring ranu |
anèng sela gigilang |
Jamal Jamil tansèng wuri |
samya marêp ngidul-ngilèn dènnya lênggah ||

8.
Sêkala ardi swabawa |
jumêglug gumlêgêr ping tri |
sigra buron wana sigra |
lir Hyang Kaladurga angrik |
buron kang alit-alit |
angabyag ambyur ing ranu |
samya anyirab tirta |
sarta swaranya gora ngrik |
lir udan drês sinêmèni mawurahan ||

9.
Sakwèh kênas buron wana |
mrih goda anggigilani |
sêjatine brêkasakan |
awarni sato gêng alit |
yata Sèh Amongraga |
angipatakên ru-biru |
mêgêng napas sêsangat |
ngusap walikate kering |
nir syuh sirna tan ana labêting godha ||

10.
Nora na kari samêndhang |
pulih lir duk wingi uni |
Jamal Jamil arêrasan |
bênêr jare kang nuturi |
luwih amamêdèni |
ing Dlêpih prabawanipun |
baya dhanyang lulurah |
marentah sakèhing pidhir |
bêthur dhuruk kèh (ng)gêgodha mring wong brangta ||

Jilid 8 - Kaca : 17

414 Asmaradana

1.
Wau Ki Sèh Amongragi |
nênggak anêngan nèng sela |
gigilang têngah Calêrèng |
cêngêng sawêngi rong dina |
dènnya angikis driya |
luwar dènnira têpakur |
sukur ing Hyang Mahamulya ||

2.
Wontên sasmita kaèksi |
têrate sêkar sumringah |
anèng têngahing Calêrèng |
maya-maya kawistara |
tyas nuksma ing sasmita |
tawakup narimèng kalbu |
luyut paningal mawantah ||

3.
Mangkana Sah Amongragi |
rêsêp dènnira tumingal |
ing Dlêpih botrawining we |
kêlangkung wêninging toya |
lir tan ana kang toya |
têlêsing udaling ranu |
katiyungan ing selarga ||

4.
Nyakêdhung singub ngaubi |
maring sapalihing sêndhang |
sumingêp atis toyane |
ulam gêng-agêng liwêran |
sangkêp warnining ulam |
myang ulam ing samodra gung |
samya gantya manjing mêdal ||

5.
Ki Jamal Jamil ningali |
kêrikil sadhasar toya |
awarna-warna tulise |
krêsna seta pita rêta |
dadu myang kapuranta |
ijo biru miwah wungu |
tuwin ingkang manca-warna ||

6.
Mancur kaujwalèng warih |
sêndhang krikile sêsotya |
gêng alit samya mêncorong |
wong roro angum ing toya |
krikile samya lumayu |
gogo karikil sotya |
kêsit tan kêna cinandhak ||

7.
Kang anèng pêntasan pinggir |
jinumput mring Jamil Jamal |
milar mancolot krikile |
mring Calêrèng mor ing kathah |
ginagap datan kêna |
wong roro samya gumuyu |
sarwi mojar garundêlan ||

8.
Bilah ngakokakên ati |
iki apane kang mawa |
lir urip ana matane |
wêruh yèn arsa cinandhak |
kumalepat akêbat |
kongsi (ng)gêbibir tan antuk |
ah payo wus padha mêntas ||

9.
Gya ngrasuk bêbêd kulambi |
Sèh Mongraga mèsêm mulat |
mring wong roro lon dêlinge |
lah payo mangkat mahawan |
midêr-midêr ngasrama |
santri ro ngandika gupuh |
umangkat Sèh Amongraga ||

10.
Ngajênging ardi Dalêpih |
pan tanah wana ing Pilang |
-putih Dlêpih têlatahe |
salêbak sukuning arga |
sangkêp kang sêkar-sêkar |
sumrik mirir gandanya rum |
rumêsêp angraras driya ||

Jilid 8 - Kaca : 18

415 Mijil

1.
Sang wingit myat asrining kang wukir |
kèh kitri nêdhêng woh |
pisang sinang suluh ing uwite |
isthanira lir cadhang binukti |
tuduh raos manis |
marang sang marlêsu ||

2.
supayane rêrêm tyas mangun sih |
labêting kawahyon |
lir mangkana pra wowoh isthane |
nanging Ki Sèh Mongraga tan ngèsthi |
mring raos angikis |
kalising pênyatu ||

3.
Namung Jamal Jamil kang ngucêmil |
tansah ngundhoh-undhoh |
woh-wohan kang matêng-matêng pinèt |
laju dènnya ngayêng Sèh Mongragi |
yata aningali |
guwa gêng asingup ||

4.
Lêlêmpènging ing ardi Dalêpih |
ingkang kidul kulon |
kadya cangkêming buta patute |
sela kêbo pan sundhul ing nginggil |
jèjèr nêm angapit |
kadya untunipun ||

5.
Kanan kiri balêdhuging ardi |
lir pipi yèn tinon |
nginggil guwa sela munggul gêdhe |
magir kadya irunging rasêksi |
gumuk sela putih |
kiwa têngênipun ||

6.
Kadi netrane Hyang Kala runtik |
anguyap jagad wor |
tarulata rawudan dhukute |
simbar pakis wisa-marta wiring |
jêjalèn pênjalin |
lir wok bris anjêmbrung ||

7.
Sèh Mongraga mèsêm myat ing ardi |
rakite mangkono |
lir ringgiting dhalang buta gêdhe |
Kumbakarna mêndhêm ing pratiwi |
pupucaking ardi |
lir makuthanipun ||

8.
Gya tumamèng jro guwa Mongragi |
karênan tumonton |
kadya cêthak têlak sayêktine |
kanan kering sela gêng atharik |
kadya bam sayêkti |
pasang patutipun ||

9.
jrambah sela kasap têngah margi |
mulu ngetan ngulon |
kadya ilat madal bam rakite |
ing lak-lakan wontên kang kaèksi |
sela-lus amundri |
satilam gêngipun ||

10.
rakit langse tilase lalangking |
lir gubah sinerong |
sela êmbam ambêlik toyane |
guwa jatha ratu kênyapuri |
Dalêpih kinanthi |
marang Ratu Kidul ||

Jilid 8 - Kaca : 19

416 Kinanthi

1.
Sajarah ratu lêlêmbut |
ratu Wida-nangga Dlêpih |
ngadhaton ing guwa Jatha |
Ratu Kidul kang sisiwi |
ngadhaton anèng ing Tunjungbang |
sami ratuning dhêdhêmit ||

2.
Putra dadya marunipun |
Ratu Kidul Ratu Dlêpih |
puniku patutannira |
lêlêmbut Prabu Ngin-angin |
kinarya sirna dening Hyang |
Ratu Kidul gumantya Ji ||

3.
Kramantuk ratu linuhung |
Panêmbahan Senapati |
ing alaga Ngèksiganda |
mulyakkên agama Nabi |
winahyu sura jayèngprang |
kang sinêmbah ing Matawis ||

4.
Ratu Dlêpih Ratu Kidul |
kagarwa (n)Jêng Senapati |
dadya bu maru lan putra |
rumêksa wahyuning aji |
tah-têlatah nungsa Jawa |
ing dharatan Ratu Dlêpih ||

5.
Ing samodra Ratu Kidul |
samya rumêksèng narpati |
Senapati ing alaga |
awayuh prayangan pêri |
ratu-ratuning lêlêmbut |
ing dharatan ing jêladri ||

6.
Apan wus ubayanipun |
prapta ingaluri-luri |
narendra ing tanah Jawi |
satrahe (n)Jêng Senapati |
maksih dadya garwanira |
tan pae pangrêksanèki ||

7.
Mangsuli caritanipun |
yata Ki Sèh Amongragi |
nèng sajroning guwa Jatha |
dènnya nênêpi nêm ratri |
nênêgês ngêningkên cipta |
prapta ing wêkasan jati ||

8.
Luwaran dènnya manêkung |
ngandika mring Jamal Jamil |
lah payo laju kewala |
matur sandika umiring |
wus linggar saking ing guwa |
ngalor-ngetan anut wukir ||

9.
Ardi Suwêng ardi Sêrung |
ardi Burêng ardi Bêdhil |
ardi Ngok ardi warangan |
ardi Ponjèn ardi Cangkring |
ardi Rob ardi Pangantyan |
ardi Kitha ardi Bathil ||

10.
Ardi Grabah ardi Kêthu |
ardi Wangsa ardi Kaki |
ing Cêmpurung ardi Gêdhang |
ardi Krêsna ardi Abrit |
mudhun ardi Sêkarjingga |
kapungkur ardi lit-alit ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (02) Kaca 14 - 15
  • (04) Kaca 20 – 31 >