Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

 (04) Kaca 20 – 31

 

( Anjajah rêdi Lawu, kacariyos punika pakayanganipun para dewa )

II. Sèh Amongraga minggah lan anjajah rêdi Lawu, kacariyos punika pakayanganipun para dewa ing cariyos ringgit purwa.

1. Sèh Amongraga dalah pandhèrèkipun nglajêngakên lampah ngalèr-ngetan dumugi ing rêdi Lawu, langkung wot-watu (andha sela) dumugi Pangaribaya, manjat dumugi ing Marcukundha, watu (cakra) Srêngenge, kèndêl wontên ing Pakêlêngan, nuntên wontên prabawa, kapirêng suwantên jumêgur, pêtêng ndhêdhêt anglimputi, raos kêkês asrêp anglangkungi, sarta kapirêng kados suwantênipun tiyang surak-surak ing têngahing paprangan.

Lampahipun kalajêngakên minggah dhatêng Arga-dalêm nglangkungi Prêpat-kapanasan, dumugi Arga Diyèng, Sèh Amongraga lêrêm ing Arga-dalêm 3 dalu, lajêng nêrusakên lampah dhatêng Arga-dumilah dumugi Pakayangan ing puncak sela binatur sinangga ing kajêng tajug. Dumadakan sumêrap jalak gadhing (jêne) sajodho niyup rêbut dhucung, ing pratingkah têdah margi. Sanalika jalak kaêtutakên arahipun saengga kadosdene sumêrêp ingkang kêdah katuju. Lampahipun anjog ing kawah Candradimuka. Salajêngipun tansah manut aburipun jalak gadhing. Ing ngriku lajêng lênggah ing sela Mandragini; ing dêdongengan punika papan panyiksan. Lampahipun lajêng dumugi ing Karang-kawidadarèn, têrus dhatêng Sanggar-gung lan rêdi Pêtha-pralaya, laju ngidul-ngetan dumugi Tinjomaya, têrus dhatêng Cêmara-sèwu, mandhap anjog Têlaga-pasir, têrus dumugi ing Têlaga-sandi, Jalak gadhing tansah pitêdah margi.

Lajêng manjat malih saking dhusun Gandasuli, nuntên dumugi ing Sela-banthèng, Cêmara-lawang, guwa padhas. Kacariyos sabên Wuku Galungan, ingriku kathah sima ingkang anggêrogoti padhas lajêng kinêmah-kêmah, dhatêngipun sima ingriku andulur kathah. Lampah katêrusakên tumuju Arga-dalêm. Dumugi ing Jati Jêmpina ing puncak rêdi Tiling pakarêman ingkang wingit sangêt, janma mara janma mati; punika pakayanganipun Sanghyang Giri-nata. Botên wontên tiyang ingkang ngambah ing ngriku kajawi ingkang sampun linangkung, botên giris manahipun. Ing ngriku Sèh Amongraga, botên giris manahipun, lajêng manêkung, katarimah.


Kaca 20 - 31

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 8 - Kaca : 20

417 Pangkur

1.
Praptèng tunggangan balumbang |
ing bêlumbang kêndhiting Pringgadani |
tanah Pancot lurahipun |
ing Gandasuli wetan |
mangkat sing bêlumbang manjat ardi Lawu |
mêdal ing Cêmarawayang |
ing Bukur pêngarip-arip ||

2.
(n)Dêdêr ing jurang mangungang |
watu goling lire wot ugal-agil |
Jamal-Jamil gringgah-grungguh |
kidih-kidih anapak |
gagrunêngan bilah priye kiye iku |
jurang jro tan lumrah-lumrah |
wot dènciki golang-galing ||

3.
Mandah apa kacêmplunga |
Jamal (m)bêkuh (m)buh-êmbuh kang dera ngling |
wus kêlangkung ing wot wau |
praptèng Pangaribaya |
manjat malih ing Marcukundha mandhuwur |
ing watu srêngenge prapta |
jangkêp tundha pitu kori ||

4.
Kèndêl anèng Pakêlêngan |
wusnya raywan arsa nêtêr manginggil |
gya prabawa ardi Lawu |
sirêp sidhêm sakala |
pan jumêgur swabawane ardi Lawu |
baskara tan kawistara |
pêtêng (n)dhêdhêt anglimputi ||

5.
Laban thathit aliwêran |
gumaludhug dhêg-dhèr wawar wor riris |
mêsês bayu bajra lesus |
angidit maputêran |
nêmpuh parang jurang jro sigrong gumrunggung |
sumruwung asru srang-srangan |
sumiyut pancawora writ ||

6.
Gênjot jêt-jêt bumi kontrag |
lindhu pêtak rag-rêg arga grak-grik |
rêg gung agra guntur kêtuk |
pêpangon sela gêmpal |
sol wrêksa pang sêmpal kapêrapal pupul |
sru kasrêg ing angin gora |
gara-gara rèh kagiri ||

7.
Gêlap kumupak mabungkak |
ngakak anglir panjriting nagagini |
pêcut pracalita lacut |
pracandha mawalikan |
pan kumocak muncat talaga jumêgur |
mahagni ing palirangan |
kumukus mulêg nampêki ||

Jilid 8 - Kaca : 21

8.
Gandarum sangêt sumêngak |
suwat-suwut balêdhèg ambrêbêgi |
dhêg dhèr gêdhor mawa lindhu |
lêlèdhèk anggêladhag |
tanpa rungyan gora-godha syuh gumuruh |
pêpêdhut mangampak-ampak |
têdhuh dhèdhèt irawati ||

9.
Kumêrut kang rungkat larat |
lon swara sru lir janma surak jurit |
kulon lor wetan myang kidul |
gumêrah anêrambah |
barung ruging arga gogrog sru gumêbruk |
brag-brêg orêg anggrêg-grêgan |
bumi gonjit gonjang-ganjing ||

10.
Kadya cêpol gumalimpang |
ron-ron rontog mambrak anjrah ing siti |
ardi Lawu lir sinêrtu |
binirat ing Hyang Kala |
ngamah-amah ing rat arga wera ngêjur |
Sèh Mongraga tyas tan wang-wang |
wawêngkon durmaning ardi ||

418 Durma

1.
Sangsaya sru tatêruhing pancabaya |
sakêdhap tan ngêndhani |
swara byung barungan |
jumêbrèt abrèt-brètan |
sumêlèt gumrêbêg angrik |
sindhung prakêmpa |
kampita tang pratiwi ||

2.
Lir tinawu talagardi makêburan |
watu kol kumba têmbis |
mètyagni makantar |
lon paloning parbata |
pucak thêl bêntur samyardi |
byaha ru-ara |
pok wukir moglak-maglik ||

3.
Bumi bêlah watu cêplok sing bantala |
kajêblèsing wiyati |
lir gêlap sayuta |
malêdug anggalêpang |
lirna kang kayu-kayu wit |
jadhêl kabungkah |
rungkat kèrit ing angin ||

4.
Siwat-siwut sumêbut kadya sêsawat |
sabêtan samya sêbit |
bat-bêt ababitan |
bongkoting wit tan bangkat |
bangêt kabuncang ing angin |
datanpa rungyan |
bantala ngawiyati ||

5.
Ing akasa balêdhèg galudhug gêlap |
bubungkak tan ngêgopi |
ring pratala arga |
gograg barubuh |
kasrambah prahara tarik |
angantariksa |
lir pangriking rasêksi ||

Jilid 8 - Kaca : 22

6.
Mèwu-èwu barêng gro sakêthi yuta |
gumlêgêr manêngkêri |
ngêbêki bawana |
ngumandhang anèng tawang |
mina sato wana pêksi |
brusah bur buwah |
kabrasat mêsat posit ||

7.
Kumarutug nyêblok saking ngawang-awang |
sato kewan wanadri |
lir udan mangambak |
sungsun atumpa-tumpa |
myang udan sela karikil |
udan wrêksa swal |
barung adrês dan riris ||

8.
Miwah jawah wêlirang murub kantaran |
tumpêr wangwa kaywa king |
yayah lir kiyamat |
kairub angin topan |
barat pangruwat sakalir |
bajra pênjara |
ngasut ngebat-ebati ||

9.
Makêtêring buwana kabina-bina |
Jamal Jamil (n)drêmimil |
gumêtêr plok-plokan |
sira Ki Jamil Jamal |
rumasa tan manggih urip |
Sèh Amongraga |
ngikis tyasira wingit ||

10.
Luyut lêngut tan kêjêp dènnira layap |
sang monêng tyasnya wêning |
kongsi tigang sangat |
danguning gora godha |
tan antara riris-aris |
sirna byuh ilang |
anggambuh lir winuni ||

419 Gambuh

1.
Tan ana labêtipun |
sakêdhik kang ron mirungga runtuh |
miwah ewah-ewahe sadayanèki |
tan ana singsal salêmut |
bumi kayu watu wutoh ||

2.
Mongraga luwar ing kung |
Jamal Jamil bingar ulatipun |
alon angandika marang santri kalih |
lah payo manjat mandhuwur |
maring arga Dalêm kono ||

3.
Sandika aturipun |
nulya mangkat lon-lonan wong têlu |
langkung arga Rêpat-kêpanasan nênggih |
arga Dièng gya manguntur |
praptèng arga Dalêm manggon ||

4.
Pan kongsi tigang dalu |
anèng arga Dalêm pan sumungku |
bakda Subuh umangkat manjat manginggil |
ngidul ngilèn inggahipun |
mring arga Dumilah kaot ||

5.
Korinya sungsun têlu |
ing bantal têngên ping kalihipun |
satru tapa lan kawi-rêja kang kori |
praptèng pêkayanganipun |
arga Dumilah minaon ||

Jilid 8 - Kaca : 23

6.
Pucak sela binatur |
sinanggar ing wrêksa têkang tajug |
anèng riku Sèh Mongraga kalih ratri |
karsanira laju-laju |
angayêngi kang wawêngkon ||

7.
Ing pawukiranipun |
lêbak punthuke ing ardi Lawu |
wus mangkana umangkat lampahira ris |
nulya na pêci kadulu |
jalak gadhing niup mencok ||

8.
Colot-colot nèng ngayan |
pan sajodho mibêr rêbut dhucung |
lamun têbih jalak gadhing angêntèni |
isthanya lir tuduh-tuduh |
marga simpangan kang menggok ||

9.
Yata wau tinurut |
jalak gadhing wruh paranning laku |
datan têbih tan cêlak kang jalak gadhing |
munggah tinurun tinurut |
cipta tan watir katlangso ||

10.
Karsanira ing kalbu |
mring kawah Candradimuka nêngguh |
saking arga Dumilah kang jalak gadhing |
saparan kewala tinut |
amêgat margi mangisor ||

420 Mêgatruh

1.
Praptèng kawah Candradimuka alungguh |
anèng sela Mandragini |
ing kuna pirantinipun |
duk masih jaman Dewarsi |
ênggèn pasiksan ing kono ||

2.
Yèn wus santi makidhupuh anèng ngriku |
anèng sela Mandragini |
sigra cinêmplungkên gupuh |
mring kawah kang molak-malik |
lêbur tanpa dadi tinon ||

3.
Sèh Mongraga dènnya nênêpi tri dalu |
sawusnya gya mangkat malih |
umanjat ngetan mandhuwur |
masih jalak gadhing prapti |
anggrêmani lampahnya lon ||

Jilid 8 - Kaca : 24

4.
Sêdya mring Karang-kawidadarèn nêngguh |
ardi Mayang dènayêngi |
kawah Candradimuka gung |
atêpung sukuning ardi |
Dumilah kang kidul-kulon ||

5.
Saubênge arga Mayang sadayèku |
ing Pawidadarèn wingit |
sakèhing kang dhukut kruwut |
samya angambar mrik wangi |
tan ana ganda kang awon ||

6.
Sukêt-sukêt lang-alang galagah rayung |
kaywan gêng alit mawangi |
lir tilam ingukupan rum |
kasilir maruta milir |
lir jêjêbadan marbuk wor ||

7.
Prapta ingkang wêkas kilèn wastanipun |
ing Cakrakêmbang tulyasri |
sangkêp sawarnining santun |
nagasari widasari |
puring patramênggala gong ||

8.
Parijatha manis rêja-rêja sagung |
atata marik maripit |
ngubêngi sela sanggar gung |
sanggar Ginêng ranirèki |
Mongraga nèng kono manggon ||

9.
Anèng Sanggar Gênêng amung kalih dalu |
bakda Subuh lajêng malih |
ingkang sinêdya ing kalbu |
ing Pêthaprêlaya ardi |
mucung jalak gadhing katon ||

421 Pocung

1.
Anèng ngayun jalak tuduh marga ayu |
Jamal Jamil ing tyas |
lir jalma si jalak gadhing |
yèn wus tutug si jalak anuli ilang ||

2.
Lampahipun nulya prapta kang jinujug |
ing Pêthapralaya |
nèng ngriku namung saratri |
laju ngidul ngetan marang Tinjomaya ||

3.
Mung sadalu laju mring Cêmarasèwu |
mudhun malih ngetan |
maring ing têlaga pasir |
sadalu gya mring tlaga Sandi sadina ||

4.
Jalak pingul tansah tuduh margèng ngayun |
wangsul malih manjat |
saking dhukuh Gandasuli |
gya ing Selabanthèng ing Cêmaralawang ||

Jilid 8 - Kaca : 25

5.
Lampahipun menggok ngilèn margi ciyut |
rumpil mung satapak |
trêjunging jurang ambambing |
sêdyanira mring guwa Sagala-gala ||

6.
Nèng margèwuh pipitan kang watu-watu |
pangol ginocèkan |
nulya non (n)dhampèng andhêmping |
padhas putih sela gêlur wastanira ||

7.
Jamal Jamil wong roro kandhêg ing laku |
ningali pragalba |
wêkasan samya (ng)garoti |
mamah padhas nèng dhampèng pating kalemprak ||

8.
Ciptèng kalbu iku paran marmanipun |
macan doyan padhas |
athèmol lir mangan daging |
sami kagyat mulat ing janma manungsa ||

9.
Asru gugup pakewuh palayunipun |
tan ana simpangan |
sor jurang jro nginggil ardi |
dadya mèpèt muringis ngisis siyungnya ||

10.
Sèh Amongkung tar wangwang mahawan laju |
sima tan nukarta |
mung gêrêng-gêrêng muringis |
Jamal Jamil tyase pyang-pyang maskumambang ||

422 Maskumambang

1.
Wus kalangkung (ng)gyanning sima kang (ng)gêroti |
kang Sidadya guwa |
yèn nuju wuku sawiji |
Galungan parase sima ||

2.
Jamal Jamil lumampah sarwi anolih |
aningali sima |
lumaku ngetan nut margi |
lunga prapta gênti mara ||

3.
(n)Dulur lima (n)dulur nêm anggênti margi |
marang Selapasah |
ing arga Gêlur (ng)garoti |
padhas kang kinêmah-kêmah ||

4.
Lamun ora Galungan têrkadhang kadhing |
marang Selapasah |
siji loro datan pati |
kaya yèn wuku Galungan ||

5.
Yata Amongraga lampahira ririh |
wus ombèr kang marga |
luk-lukan manjat sakêdhik |
tantara anulya prapta ||

Jilid 8 - Kaca : 26

6.
Anèng guwa Sêgala-gala Mongragi |
wiwaraning guwa |
abuwêng lir lènging bêdhil |
winatara kawan dhêpa ||

7.
Majêng ngidul-ngetan ngongkang jurang trêbis |
ngarsèng kori guwa |
sela gêng-agêng namung tri |
sela Kandhêm sela Gajah ||

8.
Sela Pakan minangka tutup ngalingi |
kang pama wêrana |
jèjèr sumbul lan sela tri |
kang kêkaywan pakis gêlar ||

9.
Arèn majêr tan owah amung sauwit |
sira Sèh Mongraga |
tumama mring guwa wingit |
jro kêncêng datan (n)jlêgodhah ||

10.
Datan pati kaot wiyare lan kori |
lir lènging sanjata |
lêbêtira winatawis |
saonjotan wirangrongan ||

423 Wirangrong

1.
Alêmpêng sumingêp wingit |
jrone mujur ngalor ngulon |
pan sela kewala sadayèku |
sela blêg lan siti |
ing kanan kering kathah |
gêng alit têrusan guwa ||

2.
Kang samipa wiyarnèki |
tan petungan ting palongo |
Ki Sèh Amongraga anèng ngriku |
apan pitung ratri |
angandhas nèng pantongan |
lawange katon sabendha ||

3.
Tan ana toya saprintis |
sumuk panas lir dèn-obong |
Ki Sèh Amongraga sru sumungku |
sukurirèng Widdhi |
nikmat tyas kajênêkan |
nèng guwa Sagala-gala ||

4.
Agorèh Ki Jamal Jamil |
tan tahan grah lir ginodhog |
tansah manjing mêdal sadayèku |
angupaya warih |
tan antuk mung wowohan |
manis-rêja parijatha ||

5.
Tan patya kèh angsalnèki |
sawusnya ngundhuh-undhuh woh |
masuk jroning guwa cêlak pintu |
ingkang radi isis |
yèn kajêron tan kuwat |
panas grah kadya pinanggang ||

Jilid 8 - Kaca : 27

6.
Mangkana wus pitung ratri |
Mongraga dènnira manggon |
luwar sing gwannira arsa mêtu |
pangguh santrinèki |
aris dènnya ngandika |
lah payo laju lêlampah ||

7.
Samya matur sandika glis |
mijil lampahira alon |
wangsul marginira pinggir trêjung |
jurang jro ambambing |
prapta ing Selapasah |
wetaning song wontên singa ||

8.
Pipitu ulur ing margi |
tumingal jalma kaprêgok |
kandhêg lampahira sima nêkuk |
wangsul ngetan malih |
wus ombèr asar-saran |
laju lampahe Mongraga ||

9.
Wangsul arga Dalêm malih |
dènnya minggah ngonjot-onjot |
sarira kalêswan karsanipun |
ngaso ngaring-aring |
anèng sela Pundhutan |
sagênuk pitu tumpukan ||

10.
Bundêr sela alus langking |
nèng kumlasa mujur ngulon |
sumendhe Mongraga akrang ulu |
ing sela kang mundri |
jrambah sor sumayana |
undhakan sela balabak ||

424 Balabak

1.
Sèh Mongraga layap nèng sela Pundhutan |
ênggonne |
Jamal Jamil wruh bêndarane kuwayon |
anggane ||

2.
Jamil mojar Jamal kariya sadhela |
nèng kene |
manira yun ngambil wowohan kang matêng |
yèn olèh ||

3.
Rika dhewe tungguwa kang lagya nendra |
bêcike |
Jamal manthuk pan sarwi amêmêtêki |
padane ||

4.
Tan adangu sakêdhap dènnira layap |
nulya-ge |
angandika si Jamil mau nèng ngêndi |
paranne ||

5.
Alon matur pun Jamil kesah ngupaya |
sêdyane |
ngambil woh-woh kang matêng mênawi angsal |
ing mangke ||

6.
Dangu dènnya anganti maring Ki Jamil |
suwene |
kang inganti-anti tan antara prapta |
lampahe ||

Jilid 8 - Kaca : 28

7.
Angsal wohing parijatha manis-rêja |
kan pange |
Sèh Mongraga mèsêm ningali Ki Jamil |
gupuhe ||

8.
Ki Jamil matur punika woh manis-rêja |
tunggile |
parijatha kang matêng kang lagya nyadham |
sêgêre ||

9.
Sèh Mongraga narima lampahing santri |
gugupe |
wohing manis-rêja kang dhinahar kêdhik |
sarate ||

10.
Wusnya dhahar santrinya kinèn amangan |
karone |
samya sêgêr sarira bisa anjuru |
-dêmunge ||

425 Jurudêmung

1.
Yata wau Sèh Mongraga |
karsanya kewala laju |
santri ro tansah ing pungkur |
ing Arga-dalêm wus prapta |
rarywan sakêdhap awêktu |
bakda salat gya umangkat |
mangalor ing puncakipun ||

2.
Arga Tiling kang sinêdya |
ing arga Dalêm tumurun |
praptèng lalêngkèhing gunung |
pan langkung ing arga Pasar |
nulya wit manjat mandhuwur |
arêsik tan ana wrêksa |
mung lang-alang glagah rayung ||

3.
Kèndêl anèng sela Canggah |
kawit andêdêr mandhuwur |
rumambat watu susulur |
kongyarga Tiling titiga |
sela Canggah sela Lumur |
ing sela Gêsêng kantrinya |
saya nênggêl sêngkanipun ||

4.
Kèndêl nèng ngriku Mongraga |
kêparag gêng Prabawagung |
panasing surya kêlangkung |
cêlak saking pucak arga |
sadungkapan inggilipun |
sumuk bangêt ambêrandang |
sor panasing agni murub ||

5.
Jamal Jamil datan kuwat |
nèng sela Gêsêng samyambruk |
tan bisa manjat mandhuwur |
Sèh Mongraga wlas tumingal |
gya (n)dêdonga ing Hyang Agung |
mèt toya mum gya istika |
katrima pandonganipun ||

6.
Santrinya sakala saras |
datan panas raosipun |
gya jalak gadhing kadulu |
wus samya lêga tyasira |
andulu mring jalak pinggul |
angling suwe datan prapta |
gus jalak gadhing wus rawuh ||

Jilid 8 - Kaca : 29

7.
Sanalika gya katingal |
margane manjat mandhuwur |
pêpangol (ng)gujêngi watu |
nètèr anggujêngi pucak |
kèndêl anèng sela lungguh |
watêsanipun ing pucak |
saisinya wus kadulu ||

8.
Sela itêm blêg sadaya |
wutuh alus anglulumut |
tan kêna tinapak lunyu |
jalak gadhing lincak-lincak |
asung marga kang tan lunyu |
tinurut pêrêt marganya |
prapta têtaraking gunung ||

9.
kêkaywan pucaking arga |
jati jêmpina lan kêpuh |
kusambi tolak trênggulun |
pan arga Tiling punika |
nênggih pêkayanganipun |
Hyang Pramêsthi Girinata |
marma angkêre kêlangkung ||

10.
Arga Tiling pakarêman |
jalma mara jalma lampus |
sato mara sato lampus |
pan tan kêna ingambaha |
kajawi kang wus linuhung |
wawênang munggah ing arga |
katrantang giris tyasipun ||

426 Girisa

1.
Mangkana Sèh Amongraga |
nèng arga Tiling nêm dina |
ngêning tyas kang kawawas |
wusanane sanalika |
nulya na sasmitaning Hyang |
jagad komplang tan katingal |
sêgarardi sèsiningrat |
surya sasi pon tan ana ||

2.
Mung padhang tan kumalêndhang |
aningali dhawakira |
lan garwa ni Tambangraras |
tingaling dalêm sasmita |
sarju roroning atunggal |
nèng tirahing tarate-bang |
wusnya pagut byar wèntèhan |
Sèh Mongraga sukur ing Hyang ||

3.
Nulya ngling mring Jamil Jamal |
payo tumurun sing arga |
santri ro matur sandika |
nulya umangkat lon-lonan |
nut paraning jalak dênta |
tumurun lêngkèh kang wetan |
manjat malih maring arga |
Pamênang saratri siyang ||

4.
Nulya mêdhun saking arga |
arga Bayu inganjatan |
praptèng pucak sêdalu gya |
tumurun malih sumêngka |
mring pucak arga Sadewa |
sadintên sadalu sigra |
mangandhap pan ngalèr-ngetan |
ing lêlêngkèh malih minggah ||

Jilid 8 - Kaca : 30

5.
Pucak arga Candhirêngga |
tri ratri nulya mahawan |
tumurun kêndhit tênggangan |
laju tumurun sumêngka |
arga Rimbi pucakira |
sadalu nulya umangkat |
tumurun lajêng sumêngka |
arga Kalithi pucaknya ||

6.
Tri ratri sigra mangandhap |
sumêngka malih mring arga |
arga Aji kalih dina |
tumurun lêngkèh sumêngka |
arga Bintulu sadina |
pan wus kajajah sadaya |
nulya tumurun Mongraga |
ngilèn nut lêngkèhing arga ||

7.
Arga Tiling sukunira |
têmbing kawah palirangan |
tumurun mring gunung Anak |
mring ardi Sukuh myang Tambak |
kèh brahala rêca-rêca |
rakit-rakite lir pura |
tilas talêsing kêliran |
labêt cêpuri kadhatyan ||

8.
Pilaring kori pinatra |
wiwindon ukir-ukiran |
kèh rineka samya sela |
blumbang binotrawi patra |
gapura rinaja wêtha |
ingukir bintulu praba |
caritane puranira |
sang Aprabu Brajadênta ||

9.
Brajamusthi gunung Tambak |
dening Pringgadani pura |
kadhatonnya Sri Arimba |
lan ari ran Prabakesa |
kadang pan sami rasêksa |
sawiji Arimbi kenya |
yata wau Sèh Mongraga |
kalih ratri gya umangkat ||

10.
Mangidul mring ardi Tambak |
samya kathah ardinira |
lan Sukuh tan pati beda |
sadintên sadalu sigra |
ngidul-ngetan jurang sêngkan |
mring Pringgadani sinêdya |
praptèng puncaking aldaka |
arêrêp mung kalih dintên ||

11.
Têmbing kidul langkung arga |
sela gêng lir gunung-anak |
ing sela Rimbag wastanya |
munggul nginggiling jujurang |
têngah malêkah lir bêngkah |
angudal jurang toyanya |
gumrajag sru kumêrangsang |
kali Bandhul sirahira ||

12.
Byar enjing laju kewala |
sêdya wangsul mring balumbang |
tumurun pèrènging jurang |
rarywan nèng lorog cêlangap |
nèng sela Brajamusthi ka |
langkung gêng mèh jujul jurang |
ing kuna kêpêlanira |
sira sang Prabu Tutuka ||

Jilid 8 - Kaca : 31

13.
Lir gajah andhêkêm jurang |
kakalih mèh sami gêngnya |
ran sela Parabakesa |
Sèh Mongnêng mulat kacaryan |
sèyub katawingan jurang |
ajênak dènnira lênggah |
Sèh Mongraga ngling prayoga |
santri matur lir kukila ||

427 Dhandhanggula

1.
Lon ngandika Ki Sèh Amongragi |
paran wus tapis arga sadaya |
ing gunung Lawu pucake |
Jamal Jamil umatur |
kados sampun tan wontên kari |
pupunthuk pawukiran |
pucak ardi Lawu |
lêlêngkèh lêmpong lêlêbak |
kaidêran waradin bubucu wukir |
kidul sapêngalèrnya ||

2.
Yata wontên wong sawiji prapti |
saking kidul tumurun ing jurang |
angênêr gati lampahe |
murugi ing (ng)gwannipun |
ingkang lagya eca alinggih |
dèn-adhêp santrinira |
nèng ngandhap tumungkul |
kang sêdya mara gya prapta |
anut lungguh sêmune adingkik-dingkik |
asandi abipraya ||

3.
Anèng sela Prabakesa linggih |
sarwi amangku kudhi têrantang |
polèng kênthing pênganggone |
ing wayah têngah tuwuh |
pan kêpara lingsir sakêdhik |
kêthu sinjang puntiran |
ngaluwêr lir unthuk |
-ing cacing nyakot kiyongan |
athi-athi marênthil gimbal ing sumping |
jenggot mèh ngangkat gimbal ||

4.
Sabuk talidhatu tasbèh kranthing |
mawi kathok kayu tutup rasa |
nging maksih nganggo jarite |
wayah sêdhêng agêntur |
mangkya dèrèng lagya anitik |
dhepok samangsa-mangsa |
dènnira anggêntur |
anggrit kêlèng nèng pakuman |
Sèh Mongraga tatajêm jatmika wingit |
Jamal Jamil duk mulat ||

5.
Marang ingkang lagya prapta linggih |
sarwi bisik-bisik arêrasan |
wong iku pego wangune |
yèn ta aja akêthu |
patut wor lan Widigunèki |
bagor ing Wanamarta |
mendah dening bêsus |
mara bêdhèk iku ajar |
suprandene rada tuwa ambêsusi |
susumping iku apa ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (03) Kaca 16 – 19
  • (05) Kaca 32 >