Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

(06a) Kaca 33 - 49

 

( Lampahing Kabudan tuwin petangan Pawukon lan sanès-sanèsipun )

III. Bab lampahing Kabudan tuwin petangan Pawukon lan sanès-sanèsipun. Ajar Wrêgasana ngrasuk agami Islam, lajêng puruita lan ndhèrèk lampahipun Sèh Amongraga sêsarêngan Jamal Jamil.

Ajar Wrêgasana ing rêdi Lawu ingkang agaminipun Buda nêrangakên lampahing Kabudan: botên nêdha ulam lan wohing dami. Lajêng anggêlarakên petangan Pawukon, Pranata-mangsa. Padewan, Padangon, Panca-suda, Sêngkan-turunan, Taliwangke, Samparwangke dalah têtulaking Paringkêlan (pangapêsan). Kasambêt bab: budi wadinipun tiyang agami Buda, pakêming maharsi, nugrahaning ngagêsang, gêntur tapaning maharsi lan lampahing kalêpasan sarta panitisan.

Sèh Amongraga ambatang lampahing panitisan ingkang sampurna, sadaya kapanggih lêrês, Ajar Wrêgasana rumaos kawon ngèlmunipun sarta kalêgan manahipun, wêkasan nyuwun puruita kanthi ngrasuk agami Islam. Namanipun dipun gantos dening Sèh Amongraga dados: Wrêgajati, sarta lajêng dhèrèk lêlanabrata.


Kaca 33 – 52

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 8 - Kaca : 33

427 Dhandhanggula

13.
Arga Pêthapralaya jangkêp tri |
ingkang têmbing lêngkèh lèr sêkawan |
arga Tiling inggil dhewe |
kalawan arga Bayu |
arga Rimbi arga Kalithi |
pupucak gangsalwêlas |
sami angkêripun |
sakèhe wasi jêjanggan |
sami karêm pucak pribadi-pribadi |
wangsite pinakêman ||

14.
Jamal Jamil andrêmimil malih |
kang dipun-pakêm punika napa |
pra ajar janggan wasine |
cantrik gocara cêthut |
kawruh ingkang dipun-bathithil |
punapa beda-beda |
miwah saminipun |
Ki Wawasi Wrêgasana |
anauri kantênan beda sayêkti |
wukir desa nagara ||

15.
Bangsa ardi pakarêmanèki |
kamuktène tata nèng panggritan |
pala poga kang ginape |
tan kadya wong prajèku |
abojana sarwa binukti |
sakèhing dêdagingan |
woh dami kinukus |
Sèh Mongraga angandika |
kadipundi kawruhe wong ahli ardi |
manira yun wikana ||

16.
Wasi Wrêgasana matur aris |
mila tan wruh rasaning dagingan |
miwah ulam sadayane |
wohing dami kinukus |
dèn-olaha sadhengahnèki |
tata ardi tan kengang |
pala kang pinuluk |
pêndhêm gumantung kasimpar |
sawontêne liyanipun wohing dami |
tuwin ulam-ulaman ||

17.
Rêsi ingkang wus samya linuwih |
tranging cipta sidiking paningal |
uning sadèrèng winalèh |
uningèng jawata gung |
kang tumurun ing siyang ratri |
alêlantaran dina |
wuku kang lumaku |
Jamal Jamil nambung sabda |
kadipundi pawukon pinuthi-puthi |
kadya mring kitab Kur'an ||

18.
Wasi Wrêgasana lon nauri |
niku lantaraning kawaspadan |
ngaurip awon pênêde |
wit wuku têlungpuluh |
pêndhak Dite wuku satunggil |
Ngat Paing wuku Sinta |
godhonge nèng ngayun |
Dewane Yamadipatya |
suku kobok toya umbul-umbul ngarsi |
gagak wit kêndhayakan ||

Jilid 8 - Kaca : 34

19.
Dite Wage wuku Landhêp nênggih |
Hyang Mahdewa kayu kêndhayakan |
nori gêdhong nèng ngarsane |
suku kêkobok ranu |
Dite Manis kang wuku Wukir |
Mahayêkti dewanya |
gêdhonge nèng ngayun |
suku wingking kobok toya |
manukipun manyar kayu nagasari |
Dite Pon kang gumantya ||

20.
Wuku Kurantil Anggara Kasih |
Bathara Langsur gêdhong lumumah |
kayu ingas ing ngarsane |
umbul-umbul nèng ngayun |
kobok toya sukune wingking |
manuke sulindhitan |
Dite kliwonipun |
wuku Tolu kang atampa |
Sang Hyang Bayu kokobok sukune wingking |
(m)bul-umbul gêdhong ngarsa ||

21.
Kayu trênggulun branjangan pêksi |
Dite Paing Gumbrêg Sang Hyang Cakra |
gêdhong minêp ing wurine |
kobok toya ing ngayun |
kayu gurda yam-alas pêksi |
Dite Wage Wariga |
Hyang Asmara luhung |
sulastri pêksi kêpodhang |
Dite Manis Wriga-gung Hyang Pancarêsi |
gêdhong bèthèt cêmara ||

22.
Ditè Êpon ing Anggara-Kasih |
Julungwangi Hyang Sambu dewanya |
umbul-umbul ing ngarsane |
toya jêmbangan ngayun |
wit cêpaka kuthilang paksi |
Ditè Kaliwon Sungsang |
gêdhong mlumah ngayun |
dewane Bathara Gana |
umbul-umbul ngarsa suku kobok warih |
nori kayunya tangan ||

23.
Dite Paing Galungan gumanti |
Hyang Kamajaya anyangga toya |
umbul-umbul nèng ngarsane |
kayu tangan puniku |
manuk bidho nulya aganti |
Dite Wage Kuningan |
Batharèndra nêngguh |
kayunya jayakusuma |
pêksi urang-urangan gêdhong nèng wuri |
umbul-umbul nèng ngarsa ||

24.
Dite Manis ingkang wuku Langkir |
Bathara Kala kayunya ingas |
cêmara sol satunggile |
pan gêmak pêksinipun |
Dite Êpon Anggara Kasih |
kang wuku Mandhasiya |
Brama dewanipun |
gêdhonge anèng ing ngarsa |
kayu asêm pêlatuk-bawang kang pêksi |
gya Dite Kaliwon-nya ||

25.
Julungpujud Hyang Guritna nênggih |
ngarêpkên ardi pêksi pritbawang |
pan rumbayut kêkayone |
gya Dite Paing-ipun |
wuku Pahang Hyang Tantra nênggih |
amandhi kris liligan |
kobok toyèng pungkur |
cocok kayu kêndhayakan |
Dite Kliwon Kruwêlut Hyang Wisnumurti |
astanya ngagêm cakra ||

Jilid 8 - Kaca : 35

26.
Toya ing jêmbangan anèng ngarsi |
sêsêpahan kayu parijatha |
Dite Paing wuku Mrakèh |
amunggul gêdhongipun |
umbul-umbulira ambalik |
tigaron kayunira |
nora duwe manuk |
Dite Pon (ng)Gara-Kasihan |
wuku Tambir Hyang Siwah gêdhong nèng nginggil |
parênjak kayu upas ||

27.
Dite Kliwon Mêdhangkungan tampi |
Hyang Basuki kayune pêlasa |
gêdhong nèng nginggil pungkure |
we wuri pêksi pêlung |
Dite Paing Maktal gumanti |
dewane Sang Hyang Cakra |
umbul-umbul ngayun |
gêdhonge anèng ing ngarsa |
manuk ayam-alas kayu nagasari |
Ngat Wage Wuye tampa ||

28.
Hyang Kuwera gêdhong lumah ngarsi |
kayu êtal manuke kêpodhang |
kris liligan ing ngarsane |
gya Dite manis-ipun |
Citragatra wuku Manail |
mangku tumbak liligan |
toyèng bokor pungkur |
tigaron pêksi sêpahan |
Dite Êpon Prangbakat Anggara Kasih |
dewane Sang Hyang Bisma ||

29.
Suku ngarsa akobok ing warih |
wit tirisan pêksi rang-urangan |
Dita Kaliwon Bala-ne |
Bathari Durga rêngu |
gêdhongira anèng ing ngarsi |
manuke ayam-alas |
cêmara kang kayu |
Dite Paing wukutampa |
Sang Hyang Singajalma gêdhonge nèng wingking |
wuni pêksi kêpodhang ||

30.
Dite Wage wuku Wayang tampi |
Dèwi Êsri lungguh gêdhongira |
toyèng jêmbangan ngarsane |
kayu cêpaka arum |
paksirinara yam-alas nuli |
Dite Manis kang tampa |
kang wuku Kêlawu |
Hyang Saddhana kayu êtal |
pêksi nori tumbak liligan nèng wingking |
gêdhonge anèng ngarsa ||

31.
Toya ing jêmbangan anèng wuri |
Dite Êpon Anggara Kasih-an |
Dhukut Hyang Sakri dewane |
kris ligan anèng pungkur |
sarwi manggul gêdhong winuri |
pandhan pêksi yam-alas |
Dite Kliwonipun |
selardi Hyang Antaboga |
lawan Nagagini ngarêpakên candhi |
wit Wijayakusuma ||

Jilid 8 - Kaca : 36

32.
Paksinipun punika pan gogik |
sampun jangkêp wuku tigangdasa |
wuku nêm Anggara Kasih |
Kurantil Julung-arum |
Mandhasiya kalawan Tambir |
Prang-bakat Dhukut nêmnya |
Dite Pon sadarum |
ingetang rumêksèng mangsa |
lawan bêncèt lawan dhêstha ing Kurantil |
sad sadha Julung-ngambar ||

33.
Kasa sapta ing Mandhasiyèki |
duwi astha ing Tambir lampahnya |
tri nawa ing Prangbakate |
caturdasa ing Dhukut |
jangkêp nênêm wuku (ng)Gra Kasih |
etang taun pasaran |
pintên Paing-ipun |
kalih warsa Pon sawarsa |
Wage kalih warsa Kliwon ugi kalih |
Manis-ipun sawarsa ||

34.
Pangayuhing taun lan mangsèki |
awit sèrèn eka sad Ponira |
sèrèn dwi sapta ing Wage |
anulya sèrènipun |
ing tri astha Kaliwonèki |
sarèhning mangsa marang |
pêpêkananipun |
ing catur nawa Manis-nya |
asêsèrèn kang mangka pasaranèki |
panca-windu Paing-nya ||

35.
Kumpuling etang lan dintênèki |
taun Dal Dite Gumbrêk Paing-nya |
kalih warsa gya taun Be |
Galungan wukunipun |
Sukra Paing jangkêp rong warsi |
Je Buda Pon sawarsa |
wuku Julung-pujud |
Jimawal tumpak Wage-nya |
Julungwangi nulya Ehe ing Kurantil |
Soma Wage jangkêpnya ||

36.
Kalih warsa nulya taun Alip |
Kêmis Kaliwon wuku Langkirnya |
Jimakir Tumpak Kliwone |
Pon Wuye wukunipun |
jangkêpipun ing kalih warsi |
nulya malih gumantya |
ingkang taun Wawu |
ing wuku Landêp punika |
ing Anggara Manis jangkêpe sawarsi |
etang mangsane warsa ||

37.
Kanêm kapitu sadha kasèki |
patangpuluh-siji dinanira |
dhêstha karo tri-likure |
kalimaning kawolu |
ngênêm-likur dina winilis |
kapat lawan kasanga |
sami lima-likur |
kasapuluh lan katiga |
apan sami patlikur dina winilis |
tumbuk kawolu kapat ||

38.
Pan pinetang wuku lan mangsèki |
Jamal Jamil nambung atêtanya |
dospundi bab Taliwangke |
ngong dèrèng patos surup |
warigapak lan warigamis |
dene mawi prabeda |
kang samyètang wuku |
kula dèrèng pati cêtha |
sira Wasi Wrêgasana anauri |
ngriki kang wus kêlampah ||

Jilid 8 - Kaca : 37

39.
Taliwangke wuku nêm kèhnèki |
kawit Landêp Warigalit ika |
Kuningan Kuruwêlute |
Wayang jangkêp nêmipun |
sami Dite Wage puniki |
lan rangkêpe ingetang |
dina pasaripun |
ing Paing Budandêpira |
Kaliwone Warigapak kang winilis |
ing Wage Sukra ningan ||

40.
Pon ing Rêspati Lute marêngi |
ing Kliwon-sumaye punika |
ing Manis Anggara Yange |
jangkêp nênêm ingetung |
Jamal Jamil nambungi angling |
yèn tanah kula ngrika |
pangetunge wuku |
Warigamis Tumpak-Lutnya |
dene sanès lan etang dina ing ngriki |
etange Warigapak ||

41.
Manira tanya malih ki wasi |
pintên wuku ingkang Ringkêl jalma |
Wrêgasana lon ature |
lilima kathahipun |
Wuku Sinta ingkang rumiyin |
Soma Pon ringkêl jalma |
Warigalitipun |
Soma Kliwon ringkêl jalma |
wuku Langkir Soma Paing ringkêl jalma |
wuku Tambir ingetang ||

42.
Anèng Soma Wage ringkêl jalmi |
Bala Soma Manis ringkêl jalma |
jangkêp gangsal paringkêle |
sabên Soma yèn nuju |
dina Aryang ringkêlejalmi |
ringkêl panunggilannya |
nênêm kathahipun |
Aryang Wrukung Paningronnya |
Uwas Mawulu Tungle jangkêpnèki |
Ariyang ringkêl jalma ||

43.
Pan Wurukung ringkêl sato nênggih |
Paningron ringkêl pêksi punika |
Uwas kang Ringkêl iwake |
Mawulu ringkêl wuku |
Tungle Ringkêl godhong (n)jangkêpi |
ringkêl si wa la ta ba |
(ng)gih puniku wau |
Sinta Warigalitira |
Langkir Tambir Bala jangkêp nênêmnèki |
Soma Aryang sadaya ||

44.
Wrukung ringkêl sato wukunèki |
kang wuku gangsal wu ju ju ma wa |
Wukir lan Julung-wangine |
kalawan Julung-pujud |
Maktal Wayang jangkêpirèki |
Dite Wrungkung sadaya |
gya Paningronipun |
ringkêl paksi wuku gangsal |
kang ingetang ku su pa wu ku anênggih |
Kurantil Sungsangira ||

Jilid 8 - Kaca : 38

45.
Pahang Wuye Klawu gangsalnèki |
Paningron nèng Tumpak sadayana |
gantya Was ringkêl manuke |
apan la wa ma ma wu |
Landêp Warigungirèki |
Mandhasiya kalawan |
Mandhangkungan Wugu |
nèng Budha Uwas sadaya |
nulya gantya Mawulu kang ringkêl wiji |
ta ga ku ma dhu gangsal ||

46.
Wuku Tolu lan Galunganèki |
Kuruwêlut Makail Dhukut |
jangkêp lilima wukune |
kabèh Soma Mawulu |
nulya Tungle ringkêl ronnèki |
gu ku ma lawan prang wa |
Gumbrêg kang rumuhun |
Kuningan Mrakèh Prangbakat |
Watugunung jangkêpe gangsal winilis |
Soma Tungle sadaya ||

47.
Sampun jangkêp ringkêl nêm prakawis |
apan wontên malih kang ingetang |
ingaranan Kaladite |
nèng wuku tri wa ku wu |
Warigagung ing Dite Manis |
nuju Aryang Jagurnya |
lawan Kuruwêlut |
Dite Wage Was Jagurnya |
Wugu Dite Paing Aryang Jagur nênggih |
jangkêp wuku titiga ||

48.
Walêr-sangkêr malih saprakawis |
wuku satunggil nuju Galungan |
nênggih Dhungulan wastane |
tigang dintên puniku |
Dite Soma Anggara-nèki |
dewa Kala tri dina |
ringkêl gung puniku |
ringkêling para jawata |
lamun nuju Galungan ing tigang ratri |
minggu tan ana obah ||

49.
Sakèhing jawatèng ngawiyati |
miwah para jawatèng bantala |
jawatèng samodra dene |
dewaning kutu-kutu |
walang-taga tan ana kari |
ing dalêm tigang dina |
sumêne aminggu |
ingaran Dhandhan-kukudan |
barang karya tan bêcik kêna ing sarik |
pangapêsing jawata ||

50.
Apan kêna soting jawata-di |
kasabêting ila-ila dina |
papa mala cintrakane |
sapu dhêndhanira gung |
sami walêr-sangkêr puniki |
apan sangêt priyangga |
iku sangar agung |
tinimbang lan ringkêl jalma |
Taliwangke Kaladite datan sami |
maksih angkêr Dhungulan ||

Jilid 8 - Kaca : 39

51.
Sangêt Dhêndhan-kukudan puniki |
inggih yèn nuju wuku Galungan |
Dite Soma Anggara-ne |
dewa Kala Adhungul |
datan kenging dipun gagampil |
Sèh Mongraga sukèng tyas |
myarsetanging wuku |
sêsorah pakêming ajar |
kabudayaning Kabudan kang pinustha |
papasthèn winaskitha ||

52.
Jamal Jamil atêtanya malih |
kadipundi bab Lampahing lintang |
Wuluh lawan Waluku-ne |
kang parêng mangsanipun |
bêncèt lawan wukunirèki |
punapa manut surya |
punapa nut wuku |
Ki Wawasi Wrêgasana |
anauri lampahing lintang kêkalih |
Wuluh Waluku-nira ||

53.
Tanggalipun myang surupirèki |
anèng dintên sawiji tan owah |
sabên ing Soma Manis-e |
tanggal myang surupipun |
sami angsal wuku mangsèki |
lampahe ring-iringan |
Wuluh lan Waluku |
lintang Wuluh dènnya tanggal |
Soma Manis ing mangsa karo marêngi |
dwi astha ing Tambirnya ||

54.
Soma Manis Mêdhangkunganèki |
nulya pêndhak Soma Manis-ira |
lintang Waluku tanggale |
nuju katiganipun |
ing tri-nawa Prangbakatnèki |
Soma Manis-ing Bala |
dene surupipun |
lintang Wuluh nuju mangsa |
ing ka-siji ka-sapta Mandhasiyèki |
Soma Manis wukunya ||

55.
Julungpujud pêndhak Soma Manis |
lintang Waluku ing surupira |
anuju mangsa karone |
barêng mangsaning wuku |
duwiastha ing Tambir nênggih |
Waluku surupira |
ing tanggaling Wuluh |
puniku pan sasarêngan |
sontên lintang Wluku surup bêdhugnèki |
lintang Wuluh atanggal ||

56.
Sèh Mongraga angandika aris |
rika tutugêna apêpajar |
ujare pawukon kabèh |
Wrêgasana asaguh |
sêmu langguk ciptaning galih |
dinuga puruita |
marang dhawakipun |
Jamal Jamil samya mojar |
kakang ajar kula andika jarwani |
Padangon Padewannya ||

57.
Miwah sêngkan-turunaning Êsri |
lawan candranya ywa kaliwatan |
sadaya nèh jarwakake |
Wrêgasana amuwus |
inggih sampun andika watir |
dewa ingkang lumampah |
wolu gantya laku |
Êsri Endra Guru Yama |
Lodra Brama Kala Uma jangkêpnèki |
Sri rêjêki wardinya ||

Jilid 8 - Kaca : 40

58.
Endra samar Guru karêp nênggih |
Yama singlu loroning atunggal |
Lodra gêtih pasêmone |
Brama gêni liripun |
Kalamurka Uma pawèstri |
dewa Kala punika |
yèn nuju lumaku |
marêngi wuku Galungan |
inggih sabên Galungan ing tigang ari |
Dite Soma Anggara ||

59.
Anèng ngriku Dhungule tri ari |
kang kula-ucap wau punika |
mila dhungul supayane |
dewa Sri mantukipun |
maring Sinta Dite-ne Paing |
Padangon sasanganya |
kawit saking Dangu |
Jagur Gigis lan Kerangan |
Nohan Wogan Tulus Wurung lawan Dadi |
pan wus jangkêp sasanga ||

60.
Dangu watu Jagur macan nênggih |
Gigis bumi pan Kerangan surya |
Nohan rêmbulan wêrdine |
Wogan ulêr puniku |
Tulus banyu Wurung pan gêni |
Dadi kayu punika |
jangkêp kang ingetung |
sadaya amawa watak |
Jamil tanya lampahe ta kadipundi |
Wrêgasana wuwusnya ||

61.
Inggih mangke pinetang rumiyin |
Sêngkan-turunan puniku gangsal |
kang rumiyin Srigatine |
Sami gumarangipun |
nulya Cèlèng-têmbalung nênggih |
tumuntên Kuthila-pas |
gya Suajagipun |
jangkêp gangsal kang ingêtang |
nulya Jabung-wuku yèn kula ingriki |
sanès lan kapujanggan ||

62.
Yèn pujangga dènnya amastani |
Kalajaya-bumi petangira |
wuku tigang-dasa kabèh |
pan pinara sapuluh |
nêlu-nêlu sadumanèki |
siang dalu rumêksa |
ing jayaning wuku |
pitung dintên gênti mara |
sabên-sabên wuku kang lumaku nênggih |
punika petangira ||

Jilid 8 - Kaca : 41

63.
Jabung-wuku Kalajaya-bumi |
kang rumêksa ing jagad purwèngrat |
wetan bênêr wuku trine |
pan Mêdhangkungan-ipun |
Sungsang Sêla-ardi (n)jangkêpi |
Bathara Mahadewa |
Mahadèwi puniku |
pasar Lêgi kutha perak |
langse seta kuntul santên kang jêladri |
sastra ha na ca ra ka ||

64.
Jabung wuku Kalajaya-bumi |
kang rumêksa ing jagad duksina |
kidul bênêr wuku trine |
Gumbrêg Pahang lan Wugu |
Sang Hyang Sambu Swagnyana dèwi |
Paing pasaranira |
swasa kuthanipun |
pan ulung bang paksinira |
langse rêkta ludira punang jaladri |
sastra da ta sa wa la ||

65.
Jabung wuku Kalajaya-bumi |
ingkang rumêksa anèng pracima |
kulon bênêr wuku trine |
Landêp Kuninganipun |
Wuye Kamajaya lan Ratih |
Êpon pasaranira |
êmas kuthanipun |
pan kêpodhang pêksinira |
langse pita madu pan jaladrinèki |
sastra pa dha ja ya nya ||

66.
Jabung-wuku Kalajaya-bumi |
kang rumêksa ing jagad utara |
ing lor bênêr wuku trine |
Mrakèh Klawu Wrigagung |
Sang Hyang Wisnu Bathari Êsri |
Wage pasaranira |
wêsi kuthanipun |
pêksi dhandhang pêksinira |
langse wulung nila kang punang jaladri |
sastra ma ga ba tha nga ||

67.
Jabung-wuku Kalajaya-bumi |
kang rumêksa jagad madyantara |
têngah ngandhap wuku trine |
Krantil Prangbakatipun |
Mandhasiya Hyang Bayu Umi |
Kaliwon pasarannya |
prunggu kuthanipun |
apan gogik pêksinira |
langse mancawarna wedang kang jêladri |
sastra ji ro lu pat ma ||

68.
Jabung-wuku Kalajaya-bumi |
kang rumêksa jagad ngantariksa |
nginggil bênêr wuku trine |
Kruwêlut Wayang-ipun |
Wriga surya Suranggana-di |
sastra e la pa ya o |
(lang) nêngguh jabung wuku |
Kalajaya-bumi ingkang |
rumêksèngrat kidul-wetan kang wuku tri |
wuku Wukir kalawan ||

69.
Wuku Langkir lan wuku Manail |
Hyang Kuwera sastra narasonya |
nèng kidul-wetan prênahe |
gantya kang jabung-wuku |
Kalajaya-bumi anênggih |
ingkang rumêksa jagad |
kidul kilènipun |
wuku tri Julungwanginya |
Tambir Dhukut Sang Bathara Mahayêkti |
sastranipun galdheya ||

Jilid 8 - Kaca : 42

70.
Jabung wuku Kalajaya-bumi |
kang rumêksa jagad lor-kilènnya |
apan titiga wukune |
Tolu lan Bala nêngguh |
Julungpuyud Hyang Siwah nênggih |
nurwitri sastranira |
gantya jabung wuku |
Kalajaya-bumi ingkang |
rumêksa ring jagad êlor-wetanèki |
apan wuku titiga ||

71.
Sinta Maktal Galungan puniki |
Hyang Prit-anjala sastranya bya bya |
tamat sadaya kuthane |
ingkang samya ingetung |
jabung Kalajaya ing bumi |
yèn wus waspadèng etang |
wuku têlungpuluh |
sadayane kinawruhan |
dadya ruwat mala cintrakaning urip |
kêdah paham angetang ||

72.
Langkir Wukir lan wuku Manail |
kidul-wetan jagad ênggènnira |
wuku Gumbrêg lan Pahange |
kidul bênêr (ng)gènnipun |
Julung-wangi Tambir Dhukuti |
kang kidul-kilènira |
Wuye Landêpipun |
Kuningan Tolu lan Bala |
kilèn bênêr Julung-pujud anênggani |
lor-kulon prênahira ||

73.
Warigagung lan wuku Marakih |
lan Kulawu lor bênêr (ng)gonnira |
Sinta Maktal Galungane |
lor wetan prênahipun |
Madhangkungan lan Sela-ardi |
Sungsang wetan (n)gonnira |
Kurantil lan wuku |
Prangbakat Mandhasiya-nya |
nèng pratala Kuruwêlut Wayang nênggih |
Warigalit ing tawang ||

74.
Jangkêp etang wuku tri-dasèki |
dinum nyadasa aniga-niga |
anênggani ing prênahe |
watêking jabung wuku |
ing prang apês ungguling jurit |
nêrak apês jayanya |
kang ngênggèni unggul |
punika etanging lampah |
wuku ingkang katurunan ing Srigati |
pipitu kathahira ||

75.
Wuku Tolu lawan Julungwangi |
Wukir Marakèh lan Wuye ika |
Wugu lan Watugunung-e |
jangkêp pitu ingetung |
gya arêsan ingkang winilis |
apan wuku lilima |
nênggih kang rumuhun |
Gumbrêg-an lawan Julung-an |
Mandhasiyan Galungan Dhukut anênggih |
jangkêp gangsal ingetang ||

Jilid 8 - Kaca : 43

76.
Nulya Wrêgagêmêt-e winilis |
awit Dite Paing wuku Sinta |
dewa Sri Tungle Dangune |
Sinta Soma Pon-ipun |
Endra Aryang Dangu marêngi |
Soma Pon ringkêl jalma |
Mulya Sinta-nipun |
Anggara Wage punika |
Dewa Guru Wrukung Dangu Sinta nênggih |
Buda Kaliwon-ira ||

77.
Kala Paningron Dangu ngêkêli |
Sinta ing Rêspati Manis-ira |
Lodra Uwas ing Jagure |
Sinta ing Sukranipun |
Paing Brama Mawalu Gigis |
sêngkaning Asu-ajag |
Sinta Tumpak-ipun |
Pon Kala Tungle Kerangan |
tuturipun Sapi-gumarang anênggih |
jabung ing wuku Sinta ||

78.
Jayabumi nèng lor-wetan nênggih |
majêng ngidul-ngilèn pitung dina |
sampun nêrak kala gêdhe |
gantya ing Landêpipun |
Dite Wage Uma marêngi |
Aryang nuju Anohan |
Landêp Soma Kliwun |
dewa Sri wurukung Wogan |
anulya wuku Landêp ingkang Amanis |
Dewèndra Paningronnya ||

79.
Tulus nulya Landêp Buda Paing |
Dewa Guru Uwas Wurung ika |
apan nuju Taliwangke |
Landêp Rêspatinipun |
Êpon Uma Mawulu Dadi |
Landêp Sukra Wagenya |
Lodra Tungle Dangu |
Cèlèng-têmbalung sumêngka |
Landêp Tumpuk Kaliwon dewanirèki |
Brama Aryang Jagurnya ||

80.
Turunning Kuthila-pas mring bumi |
jabung wuku Landêp kilèn (ng)gènnya |
marêp mangetan bênêre |
ing petung dintên sampun |
anêrajang kala tan bêcik |
gantya wuku Wukir-nya |
Dite Manis-ipun |
dewa Kala Wurukungnya |
apan Gigis nuju sêngkaning Srigati |
Wukir Soma Paing-nya ||

81.
Uma Paningron Kerangan nênggih |
Wukir ing Anggara Pon punika |
dewi Sri Uwas Nohan-e |
Wukir Budawanèku |
Endra Wogan Mawulunèki |
Wukir ing Rêspatinya |
Kliwon dewa Guru |
anuju Tungle Tulusnya |
nulya wuku Wukir ingkang Sukra Manis |
Yama Aryang Wurungnya ||

82.
Nulya Wukir ing ri Tumpak Paing |
dewa Endra Wurukung Dadi-nya |
turunning Asu-ajage |
jabung waktu anêngguh |
Kalajaya-bumi ing Wukir |
wontên ing kidul-wetan |
pitung dintên sampun |
purun amurugi kala |
gantya wuku Kurantil Dite Pon nênggih |
anuju dewa Brama ||

Jilid 8 - Kaca : 44

83.
Paningron Dangu Sêngkan-irèki |
Sapi-gumarang mêsat mring wiyat |
[…] |
[…] |
Kurantil ing Anggara Kasih |
anuju dewa Uma |
mula Gigisipun |
Karantil Buda Manis-nya |
dewa Êsri Tungle Kerangan anuli |
Krantil Kêmis Paing-nya ||

84.
Dewa Endra Aryang Nohan nênggih |
Kurantil-ing Sukra Pon punika |
Guru Wurukung Wogan-e |
Krantil Tumpak Wage-ku |
dewa Yama Paningronèki |
Tulus tumurunnira |
ing Cèlèng-têmbalung |
jabung wuku Kurantil-nya |
anèng ngandhap majêng nginggil pitung ari |
sampun murugi kala ||

85.
Gantya Tolu Dite Kliwon nênggih |
dewa Lodra Uwas Wurung ika |
sêngkaning Kuthila-pas-e |
Tolu ing Soma Madu |
dewa Brama Mawulu Dadi |
sang Srigati tumêndhak |
pawon dènnya nurun |
Tolu Anggara Paing-nya |
dewa Kala nuju Tungle Dangu nênggih |
Tolu Buda Pon-nira ||

86.
Dewa Uma Aryang Jagurnèki |
Tolu ing Rêspati Wage-nira |
dewa Sri Wrukung Gigise |
Tolu Sukra Kaliwun |
Endra Ningron Keranganèki |
Tolu Tumpak Manis-nya |
nuju dewa Guru |
marêngi Uwasing Nohan |
Jabung-wuku Tolu lèr-kilèn (ng)gènnèki |
pan majêng ngidul-ngetan ||

87.
Pitung dintên pitung dalu nênggih |
sampun purun amurugi kala |
gantya gya wuku Gumbrêg-e |
ing Dite Paing-ipun |
Yama Mawulu Wogan-èki |
Sêngkaning Asu-ajag |
Gumbrêg Soma-nipun |
Lodra Pon Tungle Tulus-nya |
turunnipun Sapi-gumarang mring bumi |
Gumbrêg (ng)Gara Wage-nya ||

88.
Dewa Brama Aryang Wurung nênggih |
Gumbrêg Buda Kliwon dewa Kala |
Warukung nuju Dadi-ne |
Gumbrêg Rêspati Madu |
Uma Paningron Dangunèki |
Gumbrêg Sukra Paing-nya |
ing Sri Uwas Jagur |
Gumbrêg tumpak dewa Endra |
amarêngi Mawulu anuju Gigis |
Jabung-wuku Gumbrêg-nya ||

89.
Anèng kidul bênêr (ng)gonnirèki |
pitung dina ywa murugi kala |
gantya wuku Wrigalite |
ing Dite Wage Guru |
nuju Tungle Kerangan nênggih |
Sêngkan Cèlèng mring wiyat |
Warigalitipun |
Soma Kliwon dewa Yama |
Aryang Nohan marêngi kang ringkêl jalmi |
turuning Kuthila-pas ||

Jilid 8 - Kaca : 45

90.
Warigalit ing Anggara Manis |
dewa Lodra ing Wurukung Wogan |
nuju Sêngkan Srigati-ne |
ing Warigalitipun |
Buda Paing Brama marêngi |
Paningron Tulusira |
Warigalitipun |
Rêspati Pon dewa Kala |
Uwas Wurung nuju Taliwangke nênggih |
Warigalit ing Sukra ||

91.
Wage Uma ing Mawulu Dadi |
Warigalit Tumpak Kaliwon-nya |
dewa Sri Tungle Dangu-ne |
nênggih kang Jabung wuku |
Warigalit anèng ing nginggil |
ing pitung ditên aywa |
murugi kala gung |
gantya wuku Wrigagungnya |
Dite Manis Endra Aryang Jagur nênggih |
Kala-dite punika ||

92.
Wuku Warigagung Soma Paing |
dewa Guru Wurukung Gigis-nya |
turuning Asu-ajag-e |
ing Warigagung-ipun |
Anggara Pon Yama marêngi |
ing Paningron Kerangan |
nuju Sêngkannipun |
Sapi-gumarang mring wiyat |
Warigagung ing Buda Wage marêngi |
Lodra ing Uwas Nohan ||

93.
Wrigagung Rêspati Kliwon-èki |
dewa Brama ing Mawulu Nohan |
Wrigagung Sukra Manis-e |
Kala ing Tungle Tulus |
Warigagung ing Tumpak Paing |
Uma Aryang Wurung-nya |
ingkang Jabung-wuku |
Wrigagung nèng lèr (ng)gènnira |
majêng ngidul pitung dina pitung ratri |
aywa murugi kala ||

94.
Gantya ingkang wuku Julungwangi |
Dite Êpon Sri Wrukung Dadinya |
Julungwangi Soma Wage |
Endra Paningron Dangu |
turunnipun Cèlèng mring bumi |
Julungwangi Anggara |
Kasih dewa Guru |
Uwas Jagur sêngkanira |
ing Kuthila-êpas mêsat maring langit |
wuku Julungwangi-nya ||

95.
Buda Manis dewa Yama nênggih |
amarêngi Mawulu Gigisnya |
tumurunning Srigati-ne |
ing paturon (ng)gènnipun |
Julungwangi Rêspati Paing |
Lodra Tungle Kerangan |
Julungwangi-nipun |
ing Sukra Pon dewa Brama |
Aryang Nohan ingkang wuku Julungwangi |
ing Tumpak Wage-nira ||

Jilid 8 - Kaca : 46

96.
Dewa Kala Wrukung Wogan nênggih |
Jabung-wuku Julungwangi-nira |
apan anèng kidul-kilèn |
majêng lèr-wetanipun |
pitung dintên ing pitung ratri |
sampun murugi kala |
tan pênêt tinêmu |
gantya ingkang wuku Sungsang |
Dite Kliwon Uma Ningron Tulus nênggih |
Sungsang Soma Manis-nya ||

97.
Dewa Êsri Uwas Wurung nênggih |
wuku Sungsang Anggara Paing-nya |
Endra Mawulu Dadi ne |
Su-ajag Sêngkannipun |
Sungsang Buda Êpon marêngi |
Guru Tungle Dangu-nya |
Gumarang tumurun |
Sungsang Rêspati Wage-nya |
dewa Yama Aryang nuju Jagur nênggih |
Sungsang Sukra Kliwon nya ||

98.
Dewa Lodra ing Wurukung Gigis |
wuku Susang ing Tumpak Manis-nya |
Brama Ningron Kerangan-e |
anênggih Jabung-wuku |
Sungsang wetan ênggonnirèki |
ing dalêm pitung dina |
sampun purun-purun |
nrajang kala tan prayoga |
gantya wuku Galungan ingkang gumanti |
ing Dite Paingira ||

99.
Dewa Kala Uwas Nohan-èki |
Galungan ing Soma Pon punika |
Kala Mawulu Wogan-e |
wuku Galunganipun |
ing Anggara Wage nirèki |
Kala Tungle Tulusnya |
Sêngkaning Têmbalung |
puniku Dhungulanira |
dewa Kala tigang dintên Andhunguli |
Dite Soma Anggara ||

100.
Galunganing Buda Kliwon nênggih |
dewa Uma Aryang Wurung ika |
turuning Kuthila-pas-e |
Galungan Kêmis Madu |
dewa Êsri Wurukung Dadi |
Sêngkan ing Srigatinya |
ing Galunganipun |
Sukra Paing dewa Endra |
Ningron Dangu Galungan Tumpak Ponèki |
Guru Uwas Jagurnya ||

101.
Jabung wuku ing Galungan nênggih |
nèng lor wetan ngidul ngilèn rêpnya |
aywa murugi kalane |
gantya Kuningan-ipun |
Dite Wage Yama marêngi |
Mawulu Gigisira |
ing Kuninganipun |
ing Soma Kaliwon-ira |
dewa Lodra ing Tungle Kerangan-èki |
Ningan (ng)Gara Manis-nya ||

102.
Dewa Brama Aryang Nohan nênggih |
Kuningan ing Buda Paingira |
Kala Wurukung Wogane |
Asu-ajag tumurun |
Kuningan Rêspati Pon nênggih |
marêngi dewa Uma |
ing Paningron Tulus |
Sêngkaning Sapi-gumarang |
Kuningan ing Sukra Wage dewanèki |
Êsri Uwas Wurung-nya ||

Jilid 8 - Kaca : 47

103.
Apan nuju Taliwangke nênggih |
Kuningan ing Tumpak kaliwonnya |
Endra Mawulu Dadine |
pan Jabung-wukunipun |
Kuningan nèng kilèn (ng)gènnèki |
apan majêng mangetan |
pitung dintên sampun |
purun amurugi kala |
gantya wuku Langkir ingkang Dite Manis |
Guru Tungle Dangu-nya ||

104.
Ingkang wuku Langkir Soma Paing |
dewa Yama Aryang Jagurira |
anuju ringkêl jalmane |
Langkir (ng)Gra Pon-ipun |
dewa Lodra Wurukung Gigis |
Langkir Buda Wagenya |
dewa Brama nuju |
Paningron Keranganira |
turunnipun Cèlèng-têmbalung mring siti |
Langkir Kêmis Kliwon-nya ||

105.
Dewa Kala Uwas Nohan-nèki |
nuju sêngkaning Kuthila-êpas |
Langkir ing Sukra Manis-e |
dewa Uma Mawulu |
Wogan turunnipun Srigati |
tumurun padaringan |
wuku Langkir-ipun |
ing Tumpak Paing punika |
dewa Êsri Tungle nuju Tulusnèki |
jabung-wuku Langkirnya ||

106.
Anèng kidul-wetan (ng)gyannirèki |
majêng ngalèr-ngilèn pitung dina |
sampun murugi kala-ne |
gantya Mandhasiyèku |
Dite Êpon Endra marêngi |
nuju Aryang Wurungnya |
Mandhasiyanipun |
ing Soma Wage Guru-nya |
amarêngi ing Wurukung nuju dadi |
Madhasiyèng Anggara ||

107.
Kaliwone apan (ng)Gara Kasih |
dewa Yama Paningron Dangunya |
Mandhasya Buda Manis-e |
dewa Lodra Was Jagur |
Mandhasiya Rêspati Paing |
Brama Mawulu-nira |
Gigis Sêngkanipun |
kang Asu-ajag mring tawang |
Mandhasiya ing Sukra Pon Kala nênggih |
Tungle nuju Kerangan ||

108.
Turun Sapi-gumarang mring siti |
Mandhasiya ing Tumpak Wage-nya |
Uma Ariyang Nohan-e |
nênggih kang Jabung-wuku |
anèng ngandhap majêng manginggil |
ing pitung dintên aywa |
murugi kala gung |
gantya Julungpujud-ira |
Dite Kliwon Êsri Wrukung Wogan-èki |
Julungpujud ing Soma ||

Jilid 8 - Kaca : 48

109.
Manis Endra Ningron Tulus nênggih |
Julungpujud Anggara Paing-nya |
dewa Guru Was Wurunge |
kang wuku Julungpujud |
ing Buda Pon Yama marêngi |
ing Mawulu Dadi-nya |
wuku Julung-pujud |
ing Rêspati Wage Lodra |
Tungle Dangu Cèlèng sumêngka mring langit |
Julungpujud ing Sukra ||

110.
Kliwon Brama Aryang Jagurnèki |
turunipun ing Kuthila-êpas |
mring siti Julungpujud-e |
ing Tumpak Manis-ipun |
dewa Kala Wurukung Gigis |
Sêngkanning Srigati ka |
nênggih Jabung-wuku |
Julung-pujud ênggènnira |
nèng lèr-kilèn majêng ngidul-ngetan nênggih |
Guru Tungle Tulusnya ||

111.
Aywa nêrak ing kala tan bêcik |
gantya Pahang Dite Paing tampa |
Uma Ningron Kerangane |
kang wuku Pahangipun |
ing Soma Pon dewanya Êsri |
marêngi Uwas Nohan |
wuku Pahangipun |
Anggara Wage Dewèndra |
Mulu Wogan Pahang Buda Kliwon nênggih |
Guru Tungle Tulusnya ||

112.
Wuku Pahang ing Rêspati Manis |
dewa Yama Aryang Wurungira |
Pahang ing Sukra Painge |
dewa Lodra Wurukung |
Dadi nuju turunirèki |
Su-ajag mring bantala |
wuku Pahangipun |
Tumpak Êpon dewa Brama |
Ningron Dangu Gumarang mêsat mring langit |
Jabung ing wuku Pahang ||

113.
Anèng kidul marêp ngalor nênggih |
pitung dintên ywa murugi kala |
gantya wuku Kruwêlut-e |
ing Dite Wagenipun |
Kala Uwas Jagur marêngi |
Kala-dite punika |
wuku Kuruwêlut |
ing Soma Kaliwon-ira |
dewa Uma Mawulu anuju Gigis |
wuku Kuruwêlut-nya ||

114.
Ingkang (ng)Gara Manis dewa Êsri |
amarêngi ing Tungle Kerangan |
Kruwêlut Buda Paing-e |
Dewèndra Aryang Jagur |
Nohan Kuruwêlut Rêspati |
Pon Guru Wrukung Wogan |
wuku Kuruwêlut |
Sukra Wage dewa Yama |
Ningron Tulus Cèlèng tumurun mring siti |
wuku Kuruwêlut-nya ||

115.
Ing Tumpak Kaliwon amarêngi |
dewa Lodra Uwas Wurung ika |
Sêngkan ing Kuthila-pas-e |
Jabung-wuku Kruwêlut |
anèng nginggil lêrês (ng)gènnèki |
apan majêng mangandhap |
pitung dintên sampun |
purun amurugi kala |
gantya wuku Marakèh ing Dite Manis |
Brama Mawulu Dadya ||

Jilid 8 - Kaca : 49

116.
Tumuruning Srigati mring bumi |
tumêdhakira anèng ing taman |
Marakèh Soma Paing-e |
Kala ing Tungle Dangu |
Marakèh Anggara Pon-èki |
marêngi dewa Uma |
Aryang nuju Jagur |
Marakèh Buda Wage-nya |
dewa Êsri marêngi Wurukung Gigis |
kang wuku Marakèh-nya ||

117.
Ing Rêspati Kaliwon-irèki |
dewa Endra Paningron Kerangan |
Marakèh Sukra Manis-e |
Guru Was Nohan-ipun |
wuku Mrakèh ing Tumpak Paing |
Yama Mawulu Wogan |
Su-ajag mêndhuwur |
Jabung-wuku Marakèhnya |
nèng lor lêrês majêng ngidul pitung ari |
aywa murugi kala ||

118.
Gantya ingkang wuku Tambir tampi |
Dite Pon Lodra Tungle Tulusnya |
Turun Sapi-gumarang-e |
Tambir Soma Wage-ku |
Brama Aryang Wurung marêngi |
ringkêl jalma punika |
wuku Tambiripun |
ing Anggara Kasih-ira |
dewa Kala Wurukung anuju Dadi |
Buda Manis Tambir-nya ||

119.
Uma ing Paningron Dangu nênggih |
Tambir ing Rêspati Paingira |
Sri Uwas nuju Jagure |
Tambir Sukra Pon-ipun |
dewa Lodra Mawulu Gigis |
Tambir Tumpak Wage-nya |
nuju dewa Guru |
Tungle Kêkerangan-ira |
Sasêngkaning Cèlèng-têmbalung mring langit |
jabung wuku Tambirnya ||

120.
Anèng kidul kilèn (ng)gènnirèki |
majêng ngalèr ngetan pitung dina |
aywa nêrak kala gêdhe |
awon ingkang tinêmu |
gantya Mêndhangkungan-irèki |
Dite Kaliwon Yama |
Aryang Nohanipun |
turuning Kuthila-êpas |
kang wuku Mêndhangkungan ing Soma Manis |
Lodra Wurukung Wogan ||

121.
Nuju Sêngkanira ing Srigati |
Mêndhangkungan Anggara Paingnya |
Brama Paningron tuluse |
ing Mêdhangkungan ipun |
Buda Êpon Kala marêngi |
Uwas nuju Wurungnya |
Mêdhangkungan-ipun |
ing Rêspati Wagenira |
dewa Uma Mawulu anuju Dadi |
kang wuku Mêndhangkungan ||

122.
Ing Sukra Kaliwon dewi Êsri |
Tungle dangu wuku Mêndhangkungan |
nuju ing Tumpak Manis-e |
Endra Ariyang Jagur |
Jabung-wuku Mêndhangkunganing |
nèng wetan lêrês (ng)gènnya |
majêng ngilèn nêngguh |
pitung dintên ywa nêrajang |
kala gêdhe gantya Maktal Dite Paing |
Guru Wrukung Gigisnya ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (05) Kaca 32
  • (06b) Kaca 50 - 65 >