Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

(06b) Kaca 50 - 65

 

( Lampahing Kabudan tuwin petangan Pawukon lan sanès-sanèsipun )

III. Bab lampahing Kabudan tuwin petangan Pawukon lan sanès-sanèsipun. Ajar Wrêgasana ngrasuk agami Islam, lajêng puruita lan ndhèrèk lampahipun Sèh Amongraga sêsarêngan Jamal Jamil.

Ajar Wrêgasana ing rêdi Lawu ingkang agaminipun Buda nêrangakên lampahing Kabudan: botên nêdha ulam lan wohing dami. Lajêng anggêlarakên petangan Pawukon, Pranata-mangsa. Padewan, Padangon, Panca-suda, Sêngkan-turunan, Taliwangke, Samparwangke dalah têtulaking Paringkêlan (pangapêsan). Kasambêt bab: budi wadinipun tiyang agami Buda, pakêming maharsi, nugrahaning ngagêsang, gêntur tapaning maharsi lan lampahing kalêpasan sarta panitisan.

Sèh Amongraga ambatang lampahing panitisan ingkang sampurna, sadaya kapanggih lêrês, Ajar Wrêgasana rumaos kawon ngèlmunipun sarta kalêgan manahipun, wêkasan nyuwun puruita kanthi ngrasuk agami Islam. Namanipun dipun gantos dening Sèh Amongraga dados: Wrêgajati, sarta lajêng dhèrèk lêlanabrata.


Kaca 52 – 65

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 8 - Kaca : 50

123.
Turunipun Su-ajag mring siti |
wuku Maktal ing Soma Pon-ira |
dewa Yama Paningron-e |
Kerangan Sêngkanipun |
kang Sapi-gumarang mring langit |
wuku Maktal Anggara |
Wage dewanipun |
Lodra nuju Uwas Nohan |
wuku Maktal ing Buda Kaliwon-èki |
Brama Mawulu Nogan ||

124.
Wuku Maktal ing Rêspati Manis |
dewa Kala Tungle Tulis-ira |
Maktal ing Sukra Paing-e |
Uma Ariyang Wurung |
wuku Maktal Tumpak Pon-èki |
Sri Wurukung Dadi-nya |
nênggih Jabung-wuku |
nèng lèr-wetan ênggènnira |
majêng ngidul ngilèn pan ing pitung ari |
sampun murugi kala ||

125.
Gantya ingkang wuku Wuye tampi |
Dite Wage nuju dewa Endra |
Paningron Dangu turunne |
ingkang Cèlèng-têmbalung |
Wuye Soma Kaliwon-èki |
Guru Uwas Jagurnya |
kuthila mandhuwur |
nuju Taliwangkenira |
Wuye Gara Manis Brama Wulu Gigis |
turunning Srigati ka ||

126.
Tumêdhak nèng kandhang dèn-ênggèni |
wuku Wuye Buda Paing-ira |
Lodra Tungle Kerangane |
kang wuku Wuye-nipun |
ing Rêspati Êpon marêngi |
Brama Ariyang Nohan |
Wuye Sukra-nipun |
Wage Kala Wrukung Wogan |
Wuye Tumpak Kaliwon lima marêngi |
Paningron Tulus-ira ||

127.
Jabung wuku Wuye (ng)gènnirèki |
wontên kilèn lêrês majêng ngetan |
sapta-ri sapta-ratrine |
ywa nêrak kala agung |
gantya ingkang wuku Manail |
ing Dite Manis-ira |
Êsri Uwas Wurung |
Manail Soma Paingnya |
dewa Endra Mawulu Dadi marêngi |
Sêngkaning Asu-ajag ||

128.
Manail ing Anggara Pon-èki |
dewa Guru Tungle Dangu-nira |
turun Sapi-gumarang-e |
wuku Manailipun |
Buda Wage Yama marêngi |
Ariyang Jagurira |
kang Manailipun |
Rêspati Kaliwonira |
dewa Lodra Wurukung anuju Gigis |
ing wuku Manailnya ||

129.
Amarêngi ing Sukra-nya Manis |
dewa Brama Paningron Kerangan |
Manail Tumpak Paing-e |
kalawan Nohan-ipun |
pan jabunge wuku Manail |
nèng kidul wetan (ng)gènnya |
pitung dintên sampun |
purun amurugi kala |
gantya wuku Prangbakat Dite Pon nênggih |
Uma Mawulu Wogan ||

Jilid 8 - Kaca : 51

130.
Prangbakat-e Soma Wage-nèki |
dewa Êsri ing Tungle Tulus-nya |
Sêngkan Cèlèng-têmbalunge |
wuku Prangbakatipun |
amarêngi Anggara Kasih |
Endra Aryang Wurungnya |
nuju turunnipun |
Kuthila-pas mring bantala |
Prangbakat ing Buda Manis Guru nênggih |
ing Wurukung Dadi-nya ||

131.
Sêngkanning Srigati maring langit |
Prangbakat ing Rêspati Paingnya |
Yama Paningron Dangune |
wuku Prangbakatipun |
amarêngi Sukra Pon nênggih |
Lodra Uwas Jagurnya |
ing Prangbakat-ipun |
Tumpak Wage dewa Brama |
amarêngi Mawulu anuju Gigis |
Jabung wuku Prangbakat ||

132.
Anèng ing ngandhap nuju manginggil |
pitung dintên ywa murugi kala |
kalawan aywa mêmênèk |
agantya ingkang wuku |
Bala Dite Kaliwon-èki |
Kala Tungle Kerangan |
Bala Soma Madu |
dewa Uma Aryang Nohan |
wuku Bala nalika Anggara Paing |
dewa Sri Wrukung Wogan ||

133.
Tumuruning Asu-ajag nênggih |
wuku Bala ing Buda Pon-ira |
Endra Paningron Tuluse |
anuju Sêngkannipun |
ing Sapi-gumarang mring langit |
Bala ing Rêspatinya |
Wage dewa Guru |
marêngi Uwas Wurungnya |
Wuku Bala ing Sukra Kaliwon-èki |
Yama Mawulu Dadya ||

134.
Kang wuku Bala ing Tumpak Manis |
dewa Lodra ing Tungle Dangu-nya |
Jabung ing wuku Balane |
nèng lèr-kilèn (ng)gènnipun |
pitung ari ing pitung ratri |
aywa murugi kala |
tan bêcik tinêmu |
gantya kang wuku Wugunya |
Dite Paing Brama Aryang Jagur nênggih |
Kala-dite punika ||

135.
Wuku Wugu ing Soma Ponèki |
dewa Kala Wrukung Gigisira |
wuku ingkang (ng)Gara Wage |
Dewa Uma anuju |
ing Paningron Kerangan-èki |
marêngi turunnira |
kang Cèlèng-têmbalung |
Wugu Buda Kaliwon-nya |
Dewa Êsri Nohan Uwas amarêngi |
sêngkaning Kuthila-pas ||

 

Jilid 8 - Kaca : 52

427 Dhandhanggula

136.
Wuku Wugu ing Rêspati Manis |
dewa Endra ing Mawulu Wogan |
tumurunning Srigatine |
tumêdhak anèng lumbung |
wuku Wugu ing Sukra Paing |
Guru Tungle Tulus-nya |
Wugu Tumpakipun |
Pon Yama Wurung Aryangnya |
Jabung-wuku Wugu nèng kidul sapta-ri |
gantya kang wuku Wayang ||

137.
Dite Wage Lodra Wrungkung Dadi |
wuku Wayang Soma Kliwon-èki |
Brama Paningron Dangun-e |
Wayang Anggara Madu |
Kala Uwas Jagur marêngi |
Taliwangke punika |
wuku Wayangipun |
pan ing Buda Paing-ira |
dewa Uma anuju Mawulu Gigis |
Sêngkaning Asu-ajag ||

138.
Wuku Wayang Rêspati Pon-èki |
Dewa Êsri ing Tungle Kerangan |
turun Sapi-gumarang-e |
ing wuku Wayangipun |
Sukra Wage Endra marêngi |
Ariyang Nohanira |
Wayang Tumpak Kliwun |
Guru ing Wurukung Wogan |
ingkang Jabung-wuku Wayang anèng nginggil |
apan majêng mangandhap ||

139.
Apan pitung dina pitung ratri |
sampun purun amurugi kala |
gantya wuku Kulawune |
Dite Manis anuju |
Dewa Yama Paningronèki |
Tulus ing Kulawu-nya |
Soma Paing-ipun |
Lodra Uwas ing Wurung-nya |
wuku Kulawu Anggara Pon-èki |
Brama Mawulu Dadya ||

140.
Kulawu ing Buda Wage-nèki |
Dewa Kala Tungle ing Dangu-nya |
Sêngkan Cèlèng-têmbalung-e |
ingkang wuku Kulawu |
ing Rêspati Kaliwonèki |
Uma Aryang Jagurnya |
nuju turunnipun |
Kuthila-pas ing bantala |
ingkang wuku Kulawu ing Sukra Manis |
Sri Wurukung Gigisnya ||

141.
Amarêngi Sêngkaning Srigati |
ing Kulawu Tumpak Paing-ira |
dewa Endra Paningron-e |
Kerangan Jabung-wuku |
Kulawu nèng êlèr (ng)gènnèki |
majêng ngidul lêrêsnya |
pitung dintên sampun |
purun amurugi kala |
gantya wuku Dhukut Dite Pon-irèki |
dewa Guru Was Nohan ||

Jilid 8 - Kaca : 53

142.
Wuku Dhukut ing Soma Wage-ki |
dewa Yama ing Mawulu Wogan |
Dhukut Anggara Kasih-e |
Lodra ing Tungle Tulus |
wuku Dhukut ing Buda Manis |
Brama Aryang Wurung-nya |
ingkang wuku Dhukut |
ing Rêspati Paing-ira |
dewa Kala Wurukung anuju Dadi |
turunning Asu-ajag ||

143.
Wuku Dhukut Sukra Pon-irèki |
dewa Endra Paningron Dangunya |
Sêngkan Sapi-gumarang-e |
Dhukut Tumpak Wage-ku |
Êsri Uwas Jagurirèki |
Jabung-wuku Dhukutnya |
kidul-kilènipun |
apan majêng ngalèr-ngetan |
pitung dintên sampun purun amurugi |
kala yèn kasêngkala ||

144.
Gantya wuku Watugunung nênggih |
Dite Kaliwon-nya dewa Endra |
Mawulu nuju Gigis-e |
ing wuku Watugunung |
dina Soma Manis marêngi |
Guru Tungle Kerangan |
ingkang Watugunung |
ing Anggara Paing-ira |
dewa Yama nuju Aryang Nohan nênggih |
wuku Watugunung-nya ||

145.
Ing Buda Pon Dewa Lodra-nèki |
anuju Wurukung Wogan-ira |
kang wuku Watugunung-e |
Rêspati Wage-nipun |
dewa Brama Paningronèki |
tulus tumurunnira |
kang Cèlèng-têmbalung |
Selardi Sukra Kliwon-nya |
dewa Kala ing Uwas Wurung marêngi |
Sêngkanning Kuthila-pas ||

146.
Wuku Watugunung Tumpak Manis |
dewanira Endra kang lumampah |
nuju Mawulu Dadine |
marêngi turunnipun |
kang Srigati marang ing bumi |
anèng lêsung tumêdhak |
nênggih Jabung-wuku |
Watugunung anèng wetan |
majêng ngilèn pitung dintên pitung ratri |
sampun murugi kala ||

147.
Sampun jangkêp wuku tridasèki |
lampahing wuku Wrêgagêmètnya |
inganggêrakên lampahe |
Jamal-Jamil gumuyu |
sarwi angling angumpak dhiri |
nora jamak kang ajar |
ujare ambubruk |
prasasat dhalang awayang |
paham kabèh boya wus luput ing lali |
dhasar pintêr kang ajar ||

Jilid 8 - Kaca : 54

148.
Wasi Wrêgasana ambêdhidhig |
mathêm munthuk mèsêm sarwi mojar |
inggih kados pundi malèh |
tiyang wus damêlipun |
anèng wukir wuku pinikir |
lamun tan makatêna |
tan sagêd anggêntur |
tanpa damêl anèng arga |
yèn tan wruha pangulah lampahing budi |
kabudayan Kabudan ||

149.
Panglêpase tyas marang Hyang Widdhi |
kamulyaning marcapadèng dibya |
sampurna ing dêlahane |
pratistha ing panggayuh |
tang tar giyuh marang pangaksi |
waskitha ing kasidan |
sasêdyaning kayun |
têtêsing panitisan |
Jamal Jamil anjawil têtanya malih |
mring Wasi Wrêgasana ||

150.
Manira tanya kakang wawasi |
mungguh candranya ing Paringkêlan |
wuku tigangdasa kabèh |
nèh jarwakên sadarum |
tumbuk Sangar lan tumbuking Sri |
sampun tanggêl pêpajar |
kang gêmêt sadarum |
Ki Wêwasi Wrêgasana |
anauri lah inggih punika gampil |
patanyandika mringwang ||

151.
Wuku Sinta patine wong awig |
sêmunira lintang karainan |
watêke sarèh budine |
sabarang tyase lêsu |
têngah tuwuh manggih bilai |
ruwate gêdhang sanga |
kang suluh satundhun |
sakèhe arês-arêsan |
saliyane dagingan lan wohing dami |
pêndhêm gumantung simpar ||

152.
Sêlawate pan salikur picis |
wuku Landêp minapringga pêjah |
surating raditya lire |
atêrang manahipun |
amadhangi sasami-sami |
bilai karubuhan |
ing wrêksa puniku |
jalaranipun tan drêman |
ruwatipun maja têlungpuluh iji |
lawan arès-arèsan ||

153.
Sêlawate patang kèthèng nênggih |
candraning wuku wukir ringkêlnya |
lêsu wana-sata lire |
gunung asri kadulu |
pinaranan ambêbayani |
adigung-adiguna |
angèl budinipun |
bilai kêna niaya |
ruwatipun kalapa satabonèki |
pat gluntung lan arèsan ||

154.
Sêlawate apan limang picis |
wuku Kurantil dhandhang angurag |
nuju ewahan sêmune |
tan lana budinipun |
amêmènèk bilainèki |
jalaran kèh cidranya |
pangruwatanipun |
nanas sakuncunge sapta |
lan arèsan tindhih pitung kèthèng nênggih |
wuku Tolu candranya ||

Jilid 8 - Kaca : 55

155.
Pasareyan sakèh wuku nênggih |
lêngkawa kukuwung sêmunira |
apan kagêdhèn angkuhe |
bilaine kasiyung |
jalarane ajaga ati |
pangruwate sêmangka |
wutuhan pipitu |
rês-arèsan pinêpêkan |
wuku Gumbrêg patining wrêksa anênggih |
gêtêr-patêr sêmunya ||

156.
Watak wong tinuku abanèki |
lumaku ingajèn wicaranya |
kabêlabak bilaine |
jalarane kumingsun |
ruwate bênêman gêmbili |
sapuluh lan arèsan |
pan sêlawatipun |
kawan kèthèng aywa kirang |
wugu Warigalit apan jalma mati |
tan kêndhat sandhang pangan ||

157.
Sêmune kèh sandhang panganèki |
bilainira apan kahambat |
jalaran murka karone |
apan pangruwatipun |
nênggih pisang graita kuning |
satundhun lan arèsan |
apan tindhihipun |
patang kèthèng ingkang anyar |
wuku Warigagung mina lodan mati |
kêtuk lindhu sêmunya ||

158.
Apan abot sêsangganirèki |
bilainira apan kabanda |
sumangkeyan jalarane |
dene pangruwatipun |
pan puniku dang-dangan uwi |
ingêdang wuwutuhan |
arèsan tan kantun |
limang kèthèng ingkang anyar |
Julungwangi lumpuhing banthèng anênggih |
sarwa rum bar-abirnya ||

159.
Kèh kang asih kèh ngalamatnèki |
bilaine tinêbak ing macan |
jalaran lumuh asihe |
dene pangruwatipun |
apan durèn pitung galinting |
lawan arès-arèsan |
kucing tindhihipun |
Sungsang jaka wuru tiba |
mega mêndhung sêmune sêtêngah ati |
kawêsèn bilainya ||

160.
Jalarane wrêngkêng ruwatnèki |
jagung ontong patpuluh arèsan |
sapuluh kèthèng tindhine |
Galungan lata pruthul |
andhap-asor kalulun budi |
bilaine tukaran |
cêla jalaripun |
ruwate jêram gêng papat |
lan arèsan sangang kèthèng tindhihnèki |
ingkang wuku Kuningan ||

Jilid 8 - Kaca : 56

161.
Pring anggagar nuju teja nênggih |
sêmunira sêlamêt budinya |
apan kamuk bilaine |
jalaran gêminipun |
apan nênggih ruwatirèki |
satundhun pisang êmas |
lan arèsanipun |
salawat nêm picis kênthang |
nulya wuku Langkir lare andawani |
urip sarya oyodan ||

162.
Sêmunira wangkot budinèki |
bilaine apan tutukaran |
jalaran kadurjanane |
dene pangruwatipun |
apan bêndha nênêm galintir |
nêm kèthèng lan arèsan |
kang pêpak sadarum |
ingkang wuku Mandhasiya |
apan ringkêl mina tinilar ing warih |
kayu agung sêmunya ||

163.
Dadi pangaubaning sêsami |
nora kêna atut lan sêsanak |
anadene bilaine |
apan kêna ing siyung |
jalarane cengkre ing budi |
dene pangruwatira |
jambu kluthuk satus |
kalawan arès-arèsan |
sêlawate satak kèthèng datan luwih |
wuku Julungpujudnya ||

164.
Kathah lara sambang rimbung nênggih |
mega jodhog lêngkawa sêmunya |
watêke bêrèt (m)bêlêre |
bilaine katêluh |
jalarane apan gumampil |
pangruwatipun pisang |
bêcici satundhun |
kang sinang lawan arèsan |
sêlawate nêm kèthèng wuku anênggih |
Pahang kèh manuk Kêna ||

165.
Sêmunira pan anuju ati |
watêkipun pan panas-atènan |
ana dene bilaine |
kênnaniayèng satru |
jalarane asalah kardi |
dene ruruwatira |
jambu klampok satus |
pitung kèthèng lan arèsan |
nulya wuku Kuruwêlut kapas agring |
toya wêning jêmbangan ||

166.
Sêmunira wong sêlamêt ati |
bilaine kêna ing sanjata |
jalaran pintêr budine |
ruwatanipun têbu |
irêng patang lonjor nêm picis |
sawarnining arêsan |
wuku Mrakèhipun |
ringkêle baron asêmpal |
ing liwawar damar agung amêrapit |
padhang-atèn elingan ||

167.
Kabêlabak bilainirèki |
kêpara ngarêp jalaranira |
ana-dene pangruwate |
apan kêmiri satus |
lan arèsan (ng)gih satus picis |
ingkang wuku Tambirnya |
upas lawan racun |
lêsu lupa sariranya |
têgêsipun tan sarju budinirèki |
blai kenging pasangan ||

Jilid 8 - Kaca : 57

168.
Jalaran kèdhêp ujarirèki |
ana-dene ruruwatanira |
pan timun-watang sêlawe |
tindhihipun dom satus |
lawan pangot waja sarakit |
kang wuku Mandhangkungan |
baya ngurag nêngguh |
nèn-unèn barung sakatya |
sêmunira adêrês sora yèn angling |
bilai kasudukan ||

169.
Jalarane kudu-kudu nênggih |
ruwatane kêlayu satampah |
kang pêpak arèsanane |
tindhih picis sapuluh |
nulya malih wuku gumanti |
Maktal macan alupa |
apan lesus agung |
awor angin pancawora |
têgêsipun wantêr angên-angênèki |
bilaine atukar ||

170.
Kagêdhèn akal jalaranèki |
ruwatane manggis tigangdasa |
nêm kèthèng lan arèsane |
Wuye pasangan manuk |
gêtih tinyuh ing ruman nênggih |
wor kukusing sundawa |
ing pasêmonipun |
cugêtan-ati punika |
jalarane saking pakèwuhirèki |
dene pangruwatira ||

171.
Apan kacang dhung-dhungan anênggih |
ênêm têkêm lan arès-arèsan |
ana-dene titindhihe |
pitung kèthèng punika |
gantya ingkang wuku Manail |
apan wiji kêpapas |
lawan lintang agung |
awor mungsuh sêmunira |
tansah jaga-ajaga atinirèki |
dene bilainira ||

172.
Apan kawêsèn punika nênggih |
ingkang dadya jêjalaranira |
kadhuwurên panggayuhe |
pangruwate kapundhung |
satampah lan arèsannèki |
sangang kèthèng Prangbakat |
kaya wringin iku |
sêmpal dening aliwawar |
pasêmone wêsi katon purasani |
kakon-atèn wataknya ||

173.
Bilaine pan mêmènèk nênggih |
jalaran tyas ngadi-adi ika |
pan rambutan pangruwate |
lawan arèsanipun |
sêlawate wêsi giligin |
wuku Bala pandhita |
angluwe punika |
sarwa tibèng kala mangsa |
asring karya gora-godha watêknèki |
katêluh kênèng upas ||

Jilid 8 - Kaca : 58

174.
Jalar kagêdhèn nêpsu tan bêcik |
pangruwatipun kara satampah |
lan arèsan pitung kèthèng |
nulya kang wuku Wugu |
pan kêluyu kêrahan nênggih |
patine padha rowang |
akasa wang-uwung |
sêmu jêmbar budinira |
bilaine kacuwik jalaranèki |
pan saking lêngusira ||

175.
Pangruwatipun kimpul satambir |
lan arèsan sadasa kèthèngnya |
dene kang wuku Wayange |
ringkêl pasêmonipun |
patining andaka wanadri |
praptanggapati ika |
mega kang lumaku |
watak jêmbar budinira |
bilaine pan kêna cidra puniki |
mênga daulatira ||

176.
Pangruwatipun pêlêm satambir |
ingkang manis-manis lan arèsan |
sêlawate wolung kèthèng |
ingkang wuku Kulawu |
apan inggih rabiya malih |
wèt dening wêwayuhan |
pêksi dewata gung |
kumpuling bun tibèng sêndhang |
apan srêpan ing rêmbug kumpuling bêcik |
blai kênèng wisaya ||

177.
Jalaranipun sring arêpanèki |
ruwate waluh loro ingêdang |
jro ginulan myang rosane |
pat kèthèng tindhihipun |
wuku Dhukut ringkêl candraning |
apan kitri tinata |
ingkang sukêt unggul |
asri larangan dipatya |
pasêmone akamot bêbudènèki |
blai kuthah ludira ||

178.
Anèng rana têngahing ajurit |
jalarane cukêng puguhira |
ruwat ing pare-wêlute |
wuwutuhan kinulup |
satampir lan arèsanèki |
nêm kèthèng tindhihira |
wuku Watugunung |
patining wrêksa narendra |
apagêra jaga gêrah uripnèki |
blai kêna niaya ||

179.
Jalarane kawigaran budi |
pangruwate apan pisang raja |
satundhun kang suluh jêne |
kêlawan pisang gabu |
sêtundhun lan mundhu kang kuning |
miwah arès-arèsan |
kang pêpak sadarum |
pêndhêm gumantung kasimpar |
sêlawate picis kênthang satak sawi |
ruwate citrakanya ||

180.
Sampun jangkêp wuku tigangdèsi |
Jamal Jamil gawok dènaya mulat |
mring Ki Wêwasi pahame |
têrang pawukonipun |
Jamal nambung sabda mring wasi |
kula kalangkung eram |
paham (n)dika wuku |
nging kêdhik taksih sumêlang |
babing Taliwangke etang(n)dika sisip |
Wrigapak (n)dika lêpat ||

Jilid 8 - Kaca : 59

181.
Kula miyarsa Kyai Sêbagi |
ing Wanamarta ragi pujangga |
alim arêsik etange |
sami sêdayanipun |
Taliwangke ing Warigamis |
pan wus pinalanggêran |
Taliwangke-nipun |
pan ana ing dina Uwas |
wasing Wrigalit nèng Rêspati Pon nênggih |
Kruwêlut Kliwon Tumpak ||

182.
Pan mêkatên wuruke kiyai |
Sêbagi mring kula wus mupakat |
pra majusi ujum kabèh |
kang sami muthi wuku |
sampun limrah yèn Warigamis |
Ki Wasi Wrêgasana |
sêmu rada milu |
mring kawruhe Jamil Jamal |
Ki Wawasi Wrêgasana sêmu ering |
mring kang ahlul tirakat ||

183.
Sèh Mongraga angandika aris |
kae wasi ngong tanya ing (n)dika |
mungguh palêpasaning rèh |
kang muhung mring Maha Gung |
wasisthaning pratisthèng wèsthi |
asthagina ginagap |
panganggêping kalbu |
budi wadining wong Buda |
kabudayan kang patitis ing panitis |
tusthaning kawaskithan ||

184.
Kang kinantha-kantha ing ngaurip |
ayun sumurup ing kêdadeyan |
jarwa-a kajatènane |
ginêng-ginênging gunung |
dunungêna panuksmèng jati |
Ki Wasi Wrêgasana |
tyasira katuju |
ing sêmu pagut kêrasa |
mêdhar jarwa Ki Ajar ing Pringgadani |
mijilkên sabda-tama ||

Jilid 8 - Kaca : 60

428 Mijil

1.
Datan wangwang dènnira ajarwi |
tatasing wiraos |
Wasi Wrêgasana lon dêlinge |
yèn paduka tanya ngudi-udi |
pakêming maharsi |
kang sampun linuhung ||

2.
Kang winulang jatining aguling |
anggêgêr-grit totor |
kang ginusthi anggusthi papasthèn |
kamulyane ing dalêm sawiji |
nèng sajroning pati |
patitising laku ||

3.
Kang tinalip ngariloka benjing |
wor jawata manggon |
tunggal laku tunggal panuksmane |
tunggal paribawa lan dewa di |
kang kadya cakraning |
gilingan lumintu ||

4.
Ing dêlahan ing marcapadèki |
pamilihing ênggon |
ing bantala ngakasa tan pae |
ingkang botên inang panuksmaning |
Hyang Soman manjanmi |
manising mring ratu ||

5.
Mila ratu punika linuwih |
punjul sakèhing wong |
sêbab jiwa jawata wèntèhe |
jawata pan atmaning maharsi |
wiwinih barêsih |
sukêre wus tunu ||

6.
Suksmaning rêsi dadya badaning |
ratu kang kinaot |
suksmaning ratu Hyang Soman mêne |
Narayana ya Hyang Wisnumurti |
Janardhana nitis |
suksma pulung luhung ||

7.
Maring ratu dadya nugrahaning |
jawata winongwong |
Hyang Manon mring ratu panjanmane |
ratu ingkang wus badan suksmarsi |
langgêng salamining |
saturut kadyèku ||

8.
Wus lir satu lan rimbaganèki |
rêsik lan Hyang Manon |
tan lyan marang ratu panuksmane |
mila maharsi agêntur tapi |
mumuja sêmadi |
benjang muksanipun ||

9.
Supaya tan milih ing panitis |
têtêse mring sang katong |
adhingini dwija panusupe |
jawata di nitik ing maharsi |
maharsi anitik |
panuksmaning ratu ||

10.
yèn rêsi tan wagêd nèng narpati |
luput ing panggayoh |
Hyang Manon tan arsa nukma dhewe |
yèn tan lambaran lawan maharsi |
kalihe tan dadi |
nuksmane mring ratu ||

11.
Marma gêntur ing samadi êning |
pan tan kenging bengkong |
ing panêkung jinungkung pujane |
datan bunar angênêr narpati |
ing pati patitis |
panitising ratu ||

12.
Dadya tan kêna ingaran mati |
kewala ngalih (ng)gon |
mila aran kadhaton samine |
lawan wana wilisan kang wingit |
tan kenging ginampil |
janma mring kadhatun ||

13.
Liya kang wus winênang narpati |
ngambah ing kadhaton |
sami lan ngambah wana wukire |
karatone maharsi ing wukir |
wukir sup anitis |
kadhatoning ratu ||

14.
Dening panitis isining wukir |
angkêre kemawon |
ingkang nuksma mring kadhaton rajèng |
saisining nagri sining wukir |
tan ana anilip |
sadaya mariku ||

Jilid 8 - Kaca : 61

15.
Kerut maring panuksmaning rêsi |
tan têlangke mawor |
manon-manon ing lêbak pundhunge |
masup dadya kagungan narpati |
nyawaning maharsi |
dadya badan ratu ||

16.
Pan punika gêgathekanèki |
kang pra gêntur totor |
tan pepeka tan nimpang pahume |
Sèh Mongraga mèsêm ngandika ris |
yèn mêngkono ugi |
kawruhe wong gunung ||

17.
Luwih dening rêkasa binudi |
wêkasane dhompo |
tan maoni sun saking kèh-kèhe |
kawulaning Hyang kang Maha Suci |
asnapun mawarni |
titahing Hyang Agung ||

18.
Nora kaya agama (n)Jêng Nabi |
dutaning Hyang Manon |
nucèkake rahmating kapatèn |
Nabi Muhammad Rasulullahi |
tan mawi mimilih |
wus pêpancèn sinung ||

19.
Ing ganjaran nut ahli tinaksir |
kang ènthèng kang abot |
datan kêna selak nampik milèh |
ingkang kêdhik kathah anèng adil |
kang akèh dosèki |
agêng siksanipun ||

20.
Ingkang bêcik gaganjaranèki |
anèng swarga manggon |
tanpa kira-kira tanpa tondhe |
nugrahaning pitung donya iki |
maksih luwih ngakir |
kang sinung swarga gung ||

21.
Nikmat bae langgêng ing kamuktin |
tan kêcangkol-cangkol |
tan rêkasa salawas-lawase |
luput sukur luput ing sak-sêrik |
barang kang kaèksi |
tan ana kang saru ||

22.
Kang kapyarsa aririh dumêling |
tan (m)blêbêgi rungon |
kang binukti tan ana paite |
kang ginanda tan ana mis-bacin |
kèh rasa tan risi |
tan kêpalang kayun ||

23.
Warêg bae salaminirèki |
nir tan walang-atos |
yèn wus luhung amal jariyahe |
kaote lan wong ahli ing ardi |
manggilingan nitis |
susah nusup-nusup ||

24.
Yèn mungguha ngèlmu sarak Nabi |
ambêg kang mangkono |
luwih saking sasar pangidhêpe |
owêl tapanira ingkang uwis |
mungguha kaywaking |
mung kari anunu ||

25.
Iba-iba wruha Pangeran ing |
-kang amurbeng tuwoh |
baya-baya luwih utamane |
kawruhira iku Ki Wawasi |
lamun sisip sêmbir |
mati kaping pitu ||

Jilid 8 - Kaca : 62

26.
Krana ngèlmu ajar sun kawruhi |
kamuksan praptèng don |
kaya nora kalêmpit ngong rêke |
ingkang dadi ugêring kadadin |
duk lagi angikis |
ing panggênturipun ||

27.
Cabar tiwas bênêr lawan sisip |
anèng gêntur kono |
nora kêna bêngkung salilahe |
jroning gêntur amusthi sawiji |
lir ulêr upami |
lagya ambubuntu ||

28.
Ungkêrira pinipit apipit |
angin tan marojol |
saking sangêt si ulêr sêdyane |
bosên dadi ulêr ambêg pati |
kêpati kêpengin |
salin dadya kupu ||

29.
Pan anyuthêl pangan nyuthêl budi |
anyuthêl lêlakon |
dadya mungkêr saulêr nalare |
nora mingsêr ngêningkên sakalir |
lagya madya sasi |
gatra dadi ênthung ||

30.
Prapta ing satêngah sasi malih |
pêndhak tanggal dados |
ulêr mijil saking pangênthunge |
pêpak busana sungut larnèki |
ambabar wus dadi |
kukupu abagus ||

31.
Yèn tan rapêt pamêpêtirèki |
ungkêre sumrowong |
tanpa dadi ulêr pangênthunge |
sabab masih kapanjingan angin |
têmah kanin posit |
nora dadi kupu ||

32.
Kadya mangkono uga rêsyardi |
tan beda lan gêndhon |
yèn ta luput iku panggênture |
yèn tan sura lêgawa ing pati |
anguk ulêr bêcik |
bisa dadi kupu ||

33.
Lamun ijih ajar ajijirih |
nora wani obong |
ajar nora manjing ajur-ajèr |
tan mituhu ujaring kajatin |
jatining panitis |
têtêsing panggayuh ||

34.
Ingkang lumrah pra ajar ing ardi |
dènnya samya obong |
sauwise padhêm pangobonge |
amêmêkas duk masihe urip |
yèn benjing sun mati |
tununên ragèngsun ||

35.
Sapatine gêni awunèki |
titikên ing kono |
yèn awu iku ana tapake |
tapak bayi arêpe mring êndi |
yèku pêsthi mami |
manitis ing ratu ||

36.
Lamun tapak janma iku mami |
pan panitisingong |
maring patih mantri bêr-abêre |
dene lamun liya tapak janmi |
tanpa sato pêksi |
tununên dèn-gupuh ||

37.
Lamun maksih ya tununên malih |
ping pitu angobong |
yèn tan ilang ya uwis pêsthine |
ulatana yèn sira sêdyapti |
nut tapak kang kèksi |
tandha manuksmêngsun ||

Jilid 8 - Kaca : 63

38.
Ya mangkono punapi tan sisip |
kang kadya lingingong |
Ki Wêwasi Wrêgasana sumèh |
matur inggih sêstu ya kadyèki |
sarya (ng)ling jro galih |
ah èdi wong iku ||

39.
Surup tata sabasaning ardi |
anjantu lêlakon |
sasuwene ujar tan acèwèng |
Wrêgasana ewah dènnya linggih |
marêpêk sêmu jrih |
pagut tanpandulu ||

40.
Nundha atur mring Sèh Amongragi |
kang mugi sang anom |
kula nyuwun lajêngipun malèh |
supaya trang tyas kawula myarsi |
Sèh Mongraga angling |
ujar kang puniku ||

41.
Pratingkahe kang samya ambêsmi |
kaliru le obong |
tuna dungkap jênggan panitise |
nora antuk pangupaya yêkti |
karahayon yêkti |
tuwas dadi awu ||

42.
Atma sasar wiwinih anisir |
sire tiba asor |
sabab luput saking paobonge |
atma dadi wuta nora titis |
tapak molah-malih |
tan kêna binêstu ||

43.
Pratandhane tan bênêr kaèksi |
yêktine kablaso |
kêkandhane iku yèn tiwase |
nandhang mati kaping pitu pasthi |
rêkasaning pati |
têmah bliwar-bliwur ||

44.
Yèn wis mati kaping pitu nuli |
nitis maring uwong |
wong ing gunung dadya tapa manèh |
anggêgêntur pratingkahing nguni |
dene kang sun-angling |
pati kae mau ||

45.
Rupaning pati ping pitu iki |
dadi kewan sato |
paksi nuli dadi sadhengahe |
lalêr ulêr myang rês-rêsing bumi |
salin rupa yèn wis |
jangkêp kaping pitu ||

46.
Yèku cakraning gilingan pati |
pati kang mangkono |
kangsi praptèng salawas-lawase |
lamun tan kabênêran ing pati |
mubêng bola-bali |
kadya iku mau ||

47.
Ana ingkang manggilingan bêcik |
manggilingan awon |
nora kêna binêstu bêcike |
krana saking abote cinangking |
wêgah anglakoni |
ras-arasên nyangkul ||

48.
Wus mangkono prabawaning bêcik |
sru suguhe linyok |
kaya iya-iya-a niyate |
nuli mangkene bae ya uwis |
arang kang nuhoni |
mila sasar-susur ||

Jilid 8 - Kaca : 64

49.
Beda lan kang maharsi linuwih |
tan ana pakewoh |
ambêg sura lêgawèng patine |
pangugêre anggêntur pangèksi |
waskitha ring pati |
tan inang sêrambut ||

50.
Yèn wus munthuk ing dina sawiji |
tahên gya tinotor |
pinauman gêtnha kakêlènge |
puthut manguyu gocara cantrik |
endhang angèndhangi |
rabuk ratus arum ||

51.
Wus rinukti sakèh cantrik-cantrik |
piranti kaobong |
sarta samya angastuti kabèh |
samya santi thiri-thiriguthi |
hong ilahèng ahing |
hêm-hêm paum-paum ||

52.
Sêdhêng andadi urubing gêni |
akatar tang totor |
nir tang kukus urube anungge |
sang maharsi nulya marêpêki |
mring agni sêmadi |
ngêningkên pandulu ||

53.
Tan antara ana kang kaèksi |
nèng sajrone totor |
janma cahya awor lan urube |
kawistara narpati mandhiri |
nèng sajroning gêni |
sakaprabonipun ||

54.
Kaèksi wantah lir prabu tinangkil |
maharsi duk anon |
ingkang dadya dêlinge ciptane |
tan têlangke umaksanèng agni |
murub anguladi |
angganya maha-pyu ||

55.
Yèku (ng)gwaning panukmanira ring |
ratu kang kinnot |
wus pancaka tan ana labête |
nora nganggo tapak kang tinitik |
sanalika wus nir |
sampurna ing riku ||

56.
Nora kumalêndhang wus anunggil |
panuksmaning katong |
dadya nora samar panitise |
maring ratu kang minulyèng bumi |
manikingrat yêkti |
panjênêngan ratu ||

57.
Kang mangkono maharsi sêjati |
wasis wruh tumuwoh |
Wasi Wrêgasana nalikane |
myarsa sabdaning Sèh Amongragi |
gigal tyasirèki |
kaluhuran wuwus ||

58.
Ngunandika jroning tyas Ki Wasi |
sayêkti kinnot |
kaya trahing maharsi kang gêdhe |
tatas maring sabdanira nênggih |
sun durung miyarsi |
kawruh kang linuhung ||

59.
Sira Wasi Wrêgasana aglis |
linggih amalorot |
tunggil lungguh lan Jamal Jamil-e |
saha sêmbah atur patiurip |
panggusthining kapti |
mrih Sèh Amongluhung ||

Jilid 8 - Kaca : 65

60.
Aturira sarwi ngasih-asih |
dhuh geyonganingong |
mulyakêna jiwamba ing mangke |
sumanggèng karsa tuwan asung sih |
ing wong kawlasasih |
tumutur sakayun ||

61.
Kawula nut rèh paduka yêkti |
sumarah kemawon |
anêtêpna amêcata dene |
pan kawula darmi anglampahi |
ingkang mugi-mugi |
angsunga pituduh ||

62.
Sèh Mongraga mêsêm lingira ris |
mring Ki Wasi alon |
yèn mangkono karêpira kuwe |
asalina ing agama suci |
sarengating Nabi |
duta kang linuhung ||

63.
Anêbuta ya kalimah kalih |
Ki Wasi wus sagoh |
gya winuruk agama Islame |
wus mangkana Islam Ki Wawasi |
Sèh Mongraga angling |
ngaliha aranmu ||

64.
Sun-arani sira Wrêgajati |
wus pantês mangkono |
Wrêgasana sandika ature |
pan sêkenjing dènnira papanggih |
kangsi Asar ngakir |
Sèh Mongraga wêktu ||

65.
Wrêgajati umantuk sung warti |
mring nak rakyat kang wong |
pan wus samya mangêrti tuture |
sigra kinèn angrukti sêsaji |
arèsan mawarni |
palaboga agung ||

66.
Kalih jodhang dènnira miranti |
rencange anggotong |
praptèng sela Prabakesa (ng)gonne |
Sèh Mongraga ingaturan bukti |
namung angenaki |
sarat kusung-kusung ||

67.
Suruping surya asalat Mahrib |
Jamal Jamil wong ro |
amuruki salat pratingkahe |
maring Wrêgajati wus ginati |
pan manut ing ngarsi |
enggak-enggok lumbu ||

68.
Kunêng dalu kawarna-a enjing |
bakda wêktu Suboh |
Sèh Mongraga alon ngandikane |
wus kariya sira Wrêgajati |
sun arsa lunga nis |
anutukkên kayun ||

69.
Wrêgajati aturira aris |
nuwun yêkti lumoh |
datan nêdya kantun saparanne |
amba sampun dhumatêng kang sakit |
nadyan praptèng pati |
kawula tumutur ||

70.
Sèh Mongraga suka myarsa turing |
Wrêgajati sagoh |
têka tilar marang sasanane |
adan mangkat saking Pringgadani |
ingiring santri tri |
amirangrong laku ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (06a) Kaca 33 - 49
  • (07) Kaca 66 – 68 >