Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

(07) Kaca 66 – 68

 

( Jamal Jamil madêg dados guru ngèlmu, ngebarakên ngèlmu ojrat )

IV. Jamal Jamil madêg dados guru ngèlmu, ngebarakên ngèlmu ojrat (ngèlmu karang) damêl pengeram-eram. Pamrihipun milut tiyang kathah angguru anyungga-nyungga Sèh Amongraga. Sadaya lajêng lumampah ngênêr nyêlaki talatah Mataram.

1. Sèh Amongraga sapandhèrèkipun nglajêngakên lampah nyabrang Kali Sara, ngilèn dumugi rêdi Adêg, lajêng tirakat ing pucaking rêdi Bangun watawis satêngah wulan.


Kaca 66 - 68

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 8 - Kaca : 66

429 Wirangrong

1.
Mahawan sandhaping wukir |
andulur nurut lalêmpong |
munggah pèrèng jurang ing rurungkud |
anêtêr ing bangbang |
Wrêgajati nèng ngarsa |
atuduh marga têrusan ||

2.
Prapta ing balumbang margi |
mudhun mangilèn mring Poncot |
marganya abanar kèh kadulu |
ing pagagan asri |
janma ing pagunungan |
mêruput magawe samya ||

3.
Mabang Hyang Aruna mijil |
mingip saparo mancorot |
ngênani kanangrat nir tang têdhuh |
kaujwalèng rawi |
kakaywan kaididan |
ing angin sadaya mobah ||

4.
Kèngêl kadya angindhani |
tiyunging pang kêtêling ron |
lir enggar gêmbira kayu-kayu |
kang katubing angin |
surya pênthèr wèh raras |
janma kèh samya kunduran ||

5.
Mêluku pangirit sapi |
myang kang tugar amêmencong |
kang babad trataban glagah rayung |
binubak pinurih |
dadya pangupajiwa |
amanja têgal pagagan ||

6.
Kang lagya angluru wiji |
juwawut myang lombok terong |
pan aneka-neka boga jagung |
tiningalan asri |
bêrambang ing ingalêran |
sapandêlêng bêbanjêngan ||

7.
Ingarug pinggir arêsik |
risig pinagêran waloh |
kinalèn tusan buncang ranu |
kinirih mring têmbing |
sumrambah ing pakisan |
rêna kang duwe brambangan ||

8.
Amarik muyêk awilis |
pinalisir jagung ontong |
sangkêp jêjanganan kacang wulung |
kara lan kêcipir |
linanjaran ing carang (m)biyêt ngêmohi wohira ||

9.
Kang duwe bungah ngundhuhi |
bocah lan wong lanang wadon |
ramya samya (m)bêkta cêthing wakul |
tumbu sênik rinjing |
ngundhuh-undhuh kumrayap |
asuka ngrêmbang têgalan ||

10.
Akathah kang dèntingali |
palêstrèn pèrèng sri tinon |
lêstari lumampah nèng marga gung |
kèh pagaganèki |
kang samya pêpasaran |
andulur iring-iringan ||

Jilid 8 - Kaca : 67

11.
Yata Ki Sèh Amongragi |
asêngsêm lampahira lon |
kathah kang kapyarsa kang kadulu |
langêning samargi |
myang têgal pasawahan |
pêpèrèng ing ngare desa ||

12.
Swarane ngabani sapi |
kang maluku anggêgaron |
kang tamping tulakan amamacul |
tan ana mangsèki |
tandur malêcut mapak |
sawênèh lagya gumundha ||

13.
Kang mrêkatak mêmping kuning |
miwah kang wus panèn kang wong |
kang lagya têba lan wênèh mupuk |
myang wus lêbar dami |
tan wus dèn ucapêna |
langgêng mahawan mawarna ||

14.
Kêpungkur pèrènging wukir |
wus langkung ing pasar Pancot |
nabrang kali Sara laju ngidul |
-ngilèn anut margi |
sukuning ardi Kandha |
mrih marga cêlak padesan ||

15.
Tan kêrsa sup ing wanadri |
mahwan têgalan kemawon |
kang wukir alitan ardi Bangun |
nèng riku Mongragi |
kakênthung pucak ngarga |
tan ana kêkayonira ||

16.
Antara satêngah sasi |
dènnira nimpar nèng kono |
pucaking arga de santrinipun |
tan tumut nèng nginggil |
nèng dhusun ing Lêmahbang |
ngobalakên ngèlmi joprat ||

17.
Supaya ngupaya bukti |
ngiras muruk Wrêgajatos |
sarak gama Islam pan wus pundhuh |
bisa-a nglakoni |
sasurasèng sarengat |
mêngkana wong desa-desa ||

18.
Kathah ingkang sami prapti |
samya (ng)guguru marono |
kèh mumulènira kêndhuri gung |
angrasakkên sami |
sêkul wuduk lêmbaran |
myang woh-wrohan kang prayoga ||

19.
Gêdhang rambutan lan manggis |
pêlêm kuwèni lan sawo |
kokosan srikaya myang kêpundhung |
tan towang bên ari |
siyang dalu sêdhêkah |
wibawa Ki Jamil Jamal ||

20.
Kathah kang samya angaji |
ojrat lanang miwah wadon |
kang samya winulang elminipun |
pan kalimah kalih |
masalah sala silah |
ojrat samya linakonan ||

Jilid 8 - Kaca : 68

21.
Sêlawatan dèn-empraki |
lan têrbang gong alit loro |
kalangkung ramya wong kang (n)dudulu |
akathah kang prapti |
sarta janma uninga |
mring Ki Wasi Wrêgasana ||

22.
Mangke ngalih Wrêgajati |
sangsaya kèh suyud kang wong |
samya masuk ojrat yata wau |
sira Jamal Jamil |
mamèrkên pangeraman |
gêgabus antêp-antêpan ||

23.
Mangunah ingkang ripangi |
wong desa katêmbèn tumon |
raryalit wong tuwa anggêgabus |
sanadyan pawèstri |
samyèmprak têp-antêpan |
kang pasah ana wêntala ||

24.
Kang mati bisa rip malih |
kang wêntala tan kêraos |
kèh patinggi desa samya kerut |
umasuk birai |
asèlèh kabêkêlan |
milalu ojrat mul-mulan ||

25.
Jamal Jamil Wrêgajati |
lir kakaul mumah-mumoh |
wus kasêbut kathah kyai guru |
sira Jamal Jamil |
minule mring pra sabat |
samya mumucung punjungan ||

430 Pocung

1.
Sakêlangkung dènnira mukti wong têlu |
ing dalêm sapasar |
kabèh kang masuk birai |
lamun siyang winulang ing sala silah ||

2.
Lamun dalu lêlagon ripanginipun |
samya sisingiran |
sêlawatan dèn-empraki |
jalu èstri wor-winor tan winangênan ||

3.
Sabatipun wus ngêrti yèn kyai guru |
agadhah bêndara |
awasta Sèh Amongragi |
anèng pucak ardi Bangun tirakatnya ||

4.
Kyai guru pan iku sakabatipun |
mring Sèh Amongraga |
kang guru samya ngêntèni |
pan sinambi mumulang anèng Lêmahbang ||

5.
Saya wuwuh pra sabat ing sungkêmipun |
maring Jamil Jamal |
samya tumut nganti-anti |
mandah apa saktinya bêndaranira ||

6.
Yata wau kang anèng ing arga Bangun |
Ki Sèh Amongraga |
wus sapta ri sapta ratri |
dènnya jamak krasan tan batal wulunya ||

7.
dènnya nêkung sumungku ing siyang dalu |
angungkih wêkasan |
mulyane sajroning pati |
jalarane manjanma jaman walikan ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (06b) Kaca 50 - 65
  • (08) Kaca 69 - 70 >