Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

(09a) Kaca 71 - 80

 

( Sèh Amongraga kêrsa linggar dhatêng talatah Mataram )

3. Sèh Amongraga kêrsa linggar dhatêng talatah Mataram. Lampahipun mêdal Jatisaba, wana tarataban alit, rêdi Sarêmbat (Sapikul), Kabasèng, nyabrang lèpèn Oya, mangidul lêrês dumugi wana Jakêrta anjog ing rêdi Pagutan, rêdi Sakêthi, laju mangidul dumugi rêdi Jimbaran, lêrêm ing rêdi Sambiradin (Sambirata). Lampahipun ginarubyug ing santri ngantos cacah 760 jiwa.


Kaca 71 – 80

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 8 - Kaca : 71

431 Gambuh

2.
Lah payo padha nusul |
apanjatan marang ardi Bangun |
gya lumampah Jamal Jamil Wrêgajati |
tan adangu praptèng ngayun |
Sèh Mongraga mèsèm tumon ||

3.
Alon andikanipun |
sira lagya pa anèng ing dhusun |
Jamal Jamil umatur kawula inggih |
amumulang awon nganggur |
kang sami rêmên angaos ||

4.
Ing birai ojrat dul |
ngalap barkah ing paduka nêngguh |
jalu èstri kang samya masuk birai |
pan sangêt sumuyutipun |
Sèh Mongraga lingira lon ||

5.
Lah iya sakarêpmu |
wong kang padha kajat ngaji ngèlmu |
sala silah birai ojrat ripangi |
banjurna (ng)gwanmu mumuruk |
ing ngèlmu mring sakèhing wong ||

6.
Manira arsa wêruh |
kumpulêna kabèh pra sabatmu |
gêdhe cilik manira arsa udani |
Jamal Jamil nuding gupuh |
tinimbalan sadaya wong ||

7.
Tan dangu prapta gupuh |
tuwa anom lanang wadon sampun |
pêpak anèng ngarsane Sèh Amongragi |
langkung bingah manahipun |
Sèh Mangraga ngandika lon ||

8.
Hèh Jamil karsaningsun |
ingong arsa yasa masjid agung |
kang supaya rahaba sakèhing santri |
ya kabèh para sabatmu |
iku kang wus padha mansoh ||

9.
Iya maring ngèlmu dul |
ing sala silah ripangi iku |
Jamal Jamil parentah sigra nandangi |
karya masjid apan sampun |
pagêr myang batur binanon ||

10.
Tan lami dadosipun |
saengga pupujan masjid wau |
sing katri-manira Ki Sèh Amongragi |
dinarbo lajêng binatur |
ing dintên Kêmis pinayon ||

11.
Pagêr balumbangipun |
ingilènan toya wêning sampun |
datan ana labête anyar kinardi |
kadya wus dadya sêtahun |
Sèh Mongraga nulya manggon ||

12.
Malêm Jumungahipun |
inganyaran salawatan agung |
wus kawarta ngakathah yèn Sèh Mongragi |
amumuja masjid agung |
ing sami sadintên dados ||

Jilid 8 - Kaca : 72

13.
Mangkana dalunipun |
kathah kang prapta samya andulu |
dhusun kiwa têngên urut ing Matesih |
mring Lêmahbang dalu-dalu |
pêtêng samya (m)bêkta obor ||

14.
Ing sontên wancinipun |
bakda Ngisa wus samya ngalumpuk |
santrinira sadaya kang jalu èstri |
nèng masjid sadayanipun |
apan kalihatus jodho ||

15.
Atarap kalang têpung |
ingkang anèng pangimamanipun |
Sèh Mongraga kinarya pupundhènèki |
apan kang linuhur-luhur |
kadya rinatu dening wong ||

16.
Langkung jrih sungkêmipun |
sadayanya wus samya akêbut |
pan Ki Agêng Amongraga ing Sitibrit |
dadya panêmbahanipun |
ing tanah Matesih kono ||

17.
Jamal Jamil amuwus |
lah mara wong majua ring ngayun |
ambuka-a bengidira ing ripangi |
nèng têngah sabojonipun |
kang tinuding lanang wadon ||

18.
Nulya majêng ing ngayun |
nêrbang nèng têngah sila sidhupuk |
nulya winèwèhan jimat rajah sami |
tinutupkên netranipun |
rajah pambukaning raos ||

19.
Sigra lêkas sadarum |
adhikiran kang lagonnya landhung |
sawusira lêlagon dhikirirèki |
arêmpêk swaranira sru |
gya santak anduduk-wuloh ||

432 Mêgatruh

1.
Langkung ing panggêjêgipun rapal tuhu |
amêgêng napasirèki |
sauni-uninya rusuh |
tan sarêng samya sarênti |
ak - ak ik - ik uk - uk ok - ok ||

2.
Asru-sinru anêlaskên napasipun |
têlasing swara kang muni |
kari gobag-gabigipun |
gya blag-blêg samya gumlinting |
tindhih-tumindhih carub wor ||

Jilid 8 - Kaca : 73

3.
Ujurira tan karuwan undhungipun |
pating karingkêl jalwèstri |
wong nêm kang binuka wau |
samya sru pamuwusnèki |
minta ngapura dosèngong ||

4.
Sakathahing dosa ingkang uwus-uwus |
barang kang wus dèn-lakoni |
ngomèl lir mêndêm kêcubung |
dènnya bandrèk begal maling |
miwah dènnira nyênyolong ||

5.
Kêdhik kathah awone pandamêlipun |
sawuse têlas dènnya ngling |
nulya nangis ting salênggruk |
ningali Sèh Amongrogi |
munggwing dhampar mutyara byor ||

6.
Pan ingayap pra widadari yu-ayu |
myang janma nom adi-adi |
sarwi ngandika dhêdhawuh |
pangapura sadosèki |
mring wong kang ambuka raos ||

7.
Sarta nuduhakên ing ganjaranipun |
swarga mring kang buka dhikir |
katon sanalikanipun |
mila sru nangis kapengin |
tumêka-a swarga kono ||

8.
Tan antara santri jalwèstri sadarum |
kang samya pana ing dhikir |
kang tangi kang maksih kantu |
sadaya sampun anglilir |
rumasa sampurnèng batos ||

9.
Wong nênêm kang tinutupan netranipun |
rajah nèng dluwang rong nyari |
pan sakilan panjangipun |
tinutup prapta ing kuping |
sauwusira ing kono ||

10.
Ingulapan kang rajah mring Jamal sampun |
wong nênêm maksih anangis |
katonton ingkang kadulu |
anèng sajroning adhikir |
Sèh Mongraga ingkang katon ||

11.
Wusnya aris dènnya birai asuhul |
kyai guru Jamal Jamil |
amundhut têrbang pipitu |
angklung nênêm kêndhang kalih |
tan dangu prapta sumaos ||

12.
Wus sinêntak têrbang tinatab gumêmbrung |
kêndhang ro wus dèn-kêncêngi |
wus katêmu gêdhugipun |
adan lêkas Jamal Jamil |
narêbang lawan wong wadon ||

13.
Wus miranti kang nêrbang ngêndhang lan ngangklung |
lima kang nêrbang pawèstri |
kapitu lan kyai guru |
bawa singir Jamal Jamil |
wis maca sêlawat alon ||

Jilid 8 - Kaca : 74

14.
Adan lêkas swara jalwèstri (m)barung rum |
lêlagon landhung mlas-asih |
lir kadêmung lan panêrus |
nganyut-anyut (n)dudut ati |
aris rarase nyalendro ||

15.
Singirira ojrat mêrambat ing kayun |
ya hu Allah ya Ilahi |
ngulatana ngèlmu luhung |
pusakaning ing ngaurip |
ya hu Allah sauran wong ||

16.
Nyai-nyai wong wus tuwa aja tungkul |
golèka ngèlmu sêjati |
ya hu Allah ya Ilahu |
salawase ya Ilahi |
anèng donya rewa-rewo ||

17.
Kang dêlanggung roro paranning tan wurung |
siji marang ing swarga di |
siji marang naraka gung |
ya hu Allah ya Ilahi |
babadên ing ngèlmu raos ||

18.
Ngèlmu rasa kang karasa ing sirèku |
rasakêna kang hakiki |
wong ngaurip ya Ilahu |
badan roh-nyawa suksma di |
angilo-a ing pasêmon ||

19.
Allah Allah ya hu Allah ya Ilahu |
gudhe pandhak jannur kuning |
pandam têlas urubipun |
pupuse sajroning pati |
datan ana kang karaos ||

20.
Siti lumêng surya kêmbar wadanèku |
kali tan kalaban warih |
kasatmata ing swarga gung |
ya hu Allah ya Ilahi |
aramya sauran ing wong ||

21.
Panêrbange imbal lêlamban ajêgur |
kêndhang ro ambêbanggèni |
tampèlan kêmpyang lan gêdhug |
angklungnya gojogan ngênthir |
anjurudêmung sri tinon ||

433 Jurudêmung

1.
Kang nonton uyêl-uyêlan |
samya karênan andulu |
kapengin mèlu masuk dul |
jare ngilangkên duraka |
olèh ganjaran swarga-gung |
saikine katingalan |
sajroning dhikir ing riku ||

2.
Mêngkana dènnya samyojrat |
nutuk sababakan suwuk |
angaring-aring sadarum |
nulya ngêdalkên ambêngan |
kêndhuri rolas ngêndhukur |
miwah wedang pêpanganan |
nulya dinongan Majêmuk ||

Jilid 8 - Kaca : 75

3.
Kyai guru kang andonga |
amine ambata-rubuh |
sawusnya donga ki guru |
parentah mring santrinira |
lah mara padha-a kêpung |
ambêngan kono Bismilah |
ywa etung èstri lan jalu ||

4.
Lanang wadon tan prabeda |
ya lanang ya wadon iku |
aran padha tunggal ngèlmu |
kang liningan langkung bungah |
anggêpe samya nyadulur |
tan ana sumêlanging tyas |
nutug royoman akêmbul ||

5.
Sawusnya samya anadhah |
ambêngan nulya ingêdum |
warata sadayanipun |
mung kari wedang panganan |
jaga nyanyamikan kantun |
mung sêkul kang binêrkatan |
wus samya wangsul (ng)gènnipun ||

6.
Kyai guru Jamil Jamal |
lêkas salawatanipun |
lagu gêndhing Sêkar-gadhung |
berag santrine sadaya |
samya angantêp swara sru |
arêmpêk gêng alit sora |
la ilaha i-lêlahu ||

7.
Muhamad Rasullolah |
rampak tan ana (m)barênjul |
gumêr gora sru gumuruh |
wor têrbang pitu gênturan |
abarung kêndhang lan angklung |
tung ting tung pyêk byang prung prung brang |
pêp pêp bah bah bah gur bah gur ||

8.
Tung plêk tung plêk dhêng dhung dhung brang |
plak blang plak blang klur klu thir thur |
nampani singir wong pitu jalu kalih èstri gangsal |
kang sami narêbang bêsusu |
swarèstri gêtas arênyah |
anglik mêrit manis arum ||

9.
Lir panêrus binarungan |
anggêndèr lawan kadêmung |
pating salênthuk angguguk |
ngapipir tangane kiprah |
kang emprak nêm somah maju |
liru rakit bojonira |
pan samya anyêpêng sumbu ||

10.
Arame dènira emprak |
sajodho sumbu-sinumbu |
sajodho têb-têban watu |
sajodho agêgabusan |
sajodho pênthung-pinênthung |
sajodho urêk kris pêdhang |
sajodho awake murub ||

11.
Sakathahe kang tumingal |
suka gêgêtun agumun |
kagawokaning pandulu |
sajêge tan wruh tontonan |
kang èdi-èdi kadyèku |
eram sakèh kang umiyat |
sadaya samya kayungyun ||

12.
Wus dangu antaranira |
nulya salin sajakipun |
sêsêg têrbang kêndhang angklung |
myang kang emprak salin sajak |
carub wor dènnira (m)barung |
tan etang kancahanira |
arusuh mungsuh minungsuh ||

Jilid 8 - Kaca : 76

13.
Kang ningali giris mulat |
tan mantra yèn karya guyu |
wus lir prang sayêktinipun |
sura sru samya bramantya |
sawiji èstri sinuduk |
jaja trus marang walikat |
niba blêg rahnya sumêmbur ||

14.
Siji wong lanang pinêdhang |
mring èstri gulunya rampung |
tugêl bêt pisah lan gêmbung |
kêpalane galundhungan |
gêladrahan gêmbungipun |
sasomah kang kêkêprukan |
ing lilinggis wêsi sampyuh ||

15.
Kumêpruk polone muncrat |
rênyêk babathuke sumyur |
jur mumur gêtih sumêmbur |
sasomah bakar-binakar |
gosong awake sakujur |
ambune sangit kêliwat |
kumronyos umob akumyus ||

16.
Wong myat kèh kalêngêr niba |
kami-rurusên andulu |
wênèh kang nangis gumrumung |
myang kang mambu sanakira |
ana kang ambêngok asru |
e e e e Allah Allah |
biyang biyang priye iki ||

17.
Wênèh lumayu umpêtan |
tan tahan ningali marus |
samya jrih gila andulu |
tyase samya têrataban |
tan duwe ati salugud |
sadaya ulate biyas |
samya micarèng jro kalbu ||

18.
Sabêne nora kadyèku |
kangsi samya têkèng lampus |
dahad padha têguh timbul |
tan ana braja tumama |
ih nora dhêngêr satêngu |
têka mangkono akalnya |
tan ana bisa cêlathu ||

19.
Kami-tênggêngên sadaya |
dalah têrbang kêndhang angklung |
suwuk cêp nora tinabuh |
tan ana walang sisikan |
mêngkana kiyai guru |
nuduh pawèstri sajuga |
kinèn ngidêri atêpung ||

20.
Sarta singir nabuh têrbang |
lan wong lanang siji tumut |
nèng pungkur anabuh angklung |
kang liningan sigra mentar |
angêlik swara mrik arum |
têrbang nibani irama |
angklung lamba ngêthur-êthur ||

21.
Mêngkana sisingirira |
ana tangis layung-layung |
tangise wong wêdi lampus |
ya hu Allah gêdhongana |
kuncènana dèn-akukuh |
ing pati mangsa wurunga |
santri kèh nauri barung ||

22.
Landhung rêmpêg swaranya |
hu Allah ya hu Allahu |
gya singir anganyut-anyut |
ya Nabi salawatulah |
ing sakate ya Illahu |
karamate Waliolah |
jalma luwih mêrga ayu ||

Jilid 8 - Kaca : 77

23.
Ayu-ayu ya hu Allah |
mangkana sisingiripun |
ngubêngi kang samya lampus |
têpung gêlang kaping tiga |
anulya kiyai guru |
amundhut padupanira |
kang mênyan ingobor murub ||

24.
Urube akantar-kantar |
sangsaya gêng urubipun |
gumrêbêg sundhul masjid gung |
nunu bangke ing kalangan |
swaranya pating jarêblug |
angimpun urubing brama |
pan wus antaranya dangu ||

25.
Bêbangke mulya sêdaya |
lalu sirêp urubipun |
kang emprak pulih lir wau |
malah wuwuh rupanira |
barêsih lir mêntas adus |
gya têrbang brung brung barungan |
sauranira gumuruh ||

26.
Kang nonton abungah-bungah |
alatah-latah gumuyu |
ya talah ih sukur-sukur |
pênyanaku banjur modar |
nyata èdi kyai iku |
bisa gawe salah endah |
mandah (n)jêng ki agêngipun ||

27.
Ing saktine baya ana |
pitung guru wolung guru |
gumêdêr nauri atur |
e lah mêsthi ta karuwan |
yèn ngluwihi kyai guru |
sumaur hêng êh karuwan |
wong sabate mono iku ||

28.
Yata wau wayahira |
wus lingsir mèh tabuh têlu |
samya bubaran sadarum |
kang nonton mulih sowangan |
salong lajêng nginêp kantun |
ingkang mêntas sêlawatan |
laju dhikiran sêdalu ||

29.
Kang mulih ya dhidhikiran |
ting karo-lah ting karê-hu |
kang mangalor wismanipun |
kang ngulon mangidul ngetan |
dhikiran turut dêlanggung |
kongsi praptèng wismanira |
mênêng tan dhikir yèn turu ||

30.
Pan mangkana lumrahira |
adhikir ing siyang dalu |
sanadyan (ng)garu maluku |
yèn tan pêgat dhidhikiran |
mangkana salaminipun |
wong kathah dènnya dhikiran |
samya wirangrongan ngèlmu ||

434 Wirangrong

1.
Yata Kyagêng Sèh Mongraga |
anèng pangimanan manggon |
pan kinarobongan alus |
rinangkêp gubah brit |
jênêg nèng pangimanan |
sinaji dhahar dhaharan ||

Jilid 8 - Kaca : 78

2.
Sabên wayahe abukti |
awis dhinahar tan kalong |
lêt rong dina kadhang sêkulipun |
kalong sa-kêmiri |
tan rêmpid rampadannya |
ulam dhadharan mung pisang ||

3.
Satugêl ulêr binukti |
tilas lir sisaning codhot |
tan arsa umêdal lamun ayun |
ngandika mring santri |
kewala nèng krobongan |
matur sawijining gubah ||

4.
Ing nalikanira enjing |
Jamal Jamil ingayap wong |
anèng plataran sandhapipun |
ingkang kayu wungli |
Jamal Jamil paprentah |
mring sakèhing santrinira ||

5.
Pan samya dipun aranni |
Jatiraga sawênèh wong |
Ragajati miwah Jatiwuyung |
wênèh Darmajati |
Têlêngjati kalawan |
Ragasuksma Suksmaraga ||

6.
Langgêngjati Tuturjati |
Mintajati Jatilewo |
Ragalewo lawan Jatitupu |
miwah Dulêngjati |
kang kinarya lulurah |
dinum sarèh-rèhanira ||

7.
Sabat kawanatus nênggih |
pinara sangalas rêko |
lurah lèrèhannya anyèlikur |
langkung wong sawiji |
koyuping lurah ngarsa |
sadaya nuwun sandika ||

8.
Kang winênangakên sami |
ambuka ing dhikir raos |
amulang ing sabat ngayut-ayut |
mrih masuk birai |
mangka ki guru Jamal |
Jamil Wrêgajati samya ||

9.
yèn dalu ojrat ripangi |
yèn rina akarya gawok |
pangeraman sulap sarat masrut |
singluning pangèksi |
amêdhar ngèlmu karang |
kabuyutan kang kinarya ||

10.
Wong tani bêntil (m)bêtitil |
ing rêpit rikoh tan wêroh |
mung macul kewala (ng)garu-mluku |
kapintêranèki |
ing ngèlmu tan kabuka |
manut margèng kagawokan ||

11.
Wau ta ki guru kalih |
akarsa karya guguyon |
anuding bocah ro samya gundhul |
umur limang warsi |
thèsèl pancèn kêpalang |
ingundang praptèng ing ngarsa ||

12.
Mathêkêl awake kusi |
ran si Thêngul lan Sêntolo |
kang rare kalihnya rada mrusul |
kinèn mangan sami |
kang sêga ramês pindhang |
ngathêkul rare ro mangan ||

Jilid 8 - Kaca : 79

13.
Binênturan blag-blêg kêni |
bathuk rai wêtêng bokong |
tan obah tan (n)jingkat eca nyamuk |
-nyamuk nyangga takir |
watu bata myang padhas |
samya mundur tan karasa ||

14.
Ana ngunus tumbak kêris |
pêdhang kalewang myang bandhol |
sigra barêng mara sami nyuduk |
pêdhang ngênglewangi |
kang rare samya latah |
kapingkêl gumuyu suka ||

15.
Kêri lir dèn-ilik-ilik |
alêkèk-lêkèk mêrongos |
cape tanganira kang ambêntur |
dhengah wong (m)bênturi |
watu lir dhêmpo kumba |
sumyur pêcah anggalêpang ||

16.
Rare loro kinèn ngambil |
ambrengkal watu sagênthong |
sigra binarengkal wus kajunjung |
gya têb-têban sami |
kadya kapuk salamba |
watu ingumbulkên tawang ||

17.
Muluk angungkuli krambil |
tinadhah gigir bokong |
miwah tinadhah ing gundhul |
myang sinikut bali |
kinarya gagathèngan |
kang watu sagênthong ampang ||

18.
Tinonton sakèhing janmi |
dhengah mulat gawok-gawok |
tan dangu gègèran kêbo ngamuk |
kèh curnan binijig |
sinundhang ing maesa |
usus mrodhol kulawèran ||

19.
Wong akèh pating jalêrit |
sru gumuruh lanang wadon |
ki guru angatag lah dèn-gupuh |
bocah ro sirèki |
papagên kêbo gidrah |
anglêburakên wong kathah ||

20.
Gya tandang rare ro nuli |
mapag abijig lan kêbo |
ingêlokkên kathah sru gumuruh |
kang jêblès abijig |
binut ro kang maesa |
kang siji (ng)gujêngi kêkah ||

21.
Sikiling kêbo kang wingking |
tan bisa (ng)gronjal si kêbo |
ngarêp binijigan mring si Thêngul |
dhag-dhêg dèn jêblèsi |
sunguning kêbo pokah |
gigal karo tibèng lêmah ||

22.
Kêbo ambruk (n)jrum ing siti |
pêcah êndhase malopor |
polone maesa lajêng lampus |
andêladak gêtih |
(n)dhas ajur lir ginêcak |
bathang kêbo gya binuwang ||

23.
Jinunjung sikile (m)buri |
sinawatakên tibèng doh |
mêlongok kang mulat gya kang tatu |
anyuwun jêjampi |
apan tiyang sêkawan |
tatu tri pêjah satunggal ||

Jilid 8 - Kaca : 80

24.
Ingaturkên guru kalih |
sarwi tinangisan kang wong |
sigra tinambanan wong kang tatu |
marang Jamal Jamil |
mênyêt indrênging pisang |
ingusapakên minantran ||

25.
Kang kinèn mulya lir nguni |
kang mati ginudag kêbo |
nulya ingusadan gya sinêbul |
bun-êmbunanèki |
rinaupan ing toya |
ginugah nulya gumregah ||

26.
Mulya kadya duk winuni |
kang umiyat kabèh (n)jomblong |
kagawokan marang kyai guru |
nguripkên wong mati |
misuwur ing ngakathah |
èdi sêktine gurunya ||

27.
Sanake bungah kêpati |
mulya saking guru karo |
mangkana karsanya kyai guru |
mundhut walulang glis |
dhadhalang kinèn natah |
jaran mawi lar kang kathah ||

28.
Mangkana kabèh wus dadi |
jaran walulang rong puluh |
pinaringakên lurah sadaya wus |
kinèn anunggangi |
jaran walulang sigra |
ginêtak pan kinêplokan ||

29.
Gya mabur bêr ngawiyati |
têgar pucaking kêkayon |
sadaya kang nunggang raosipun |
pan jaran sêmbrani |
ulêt ijo mawi lar |
pakanne prêdapa kêmbang ||

30.
Tutug sakarsanirèki |
mayêng-mayêng mibêr adoh |
kitêr nèng kêkaywan sabatipun |
gèdhèg-gèdhèg sami |
gawok eram mulat |
agiris mring gurunira ||

435 Girisa

1.
Yata kang sami têtêgar |
mring awang-awang polatan |
wus dangu antaranira |
samya maniup mangandhap |
prapta anèng ngarsanira |
ing guru santri sadaya |
mudhun saking panunggangan |
wus mulih jaran walulang ||

2.
Uwus kawêntar ing desa |
kang doh-adoh sami prapta |
pan anyabat masuk ojrat |
kapengin sampurnèng titah |
tinêkan sakajatira |
kang linuwih ing ngakathah |
saking tuwajuh angalap |
saking wau bêrkahira ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (08) Kaca 69 - 70
  • (09b) Kaca 81 - 90 >