Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 37

Kontak Admin.

email-kidemang

 (09b) Kaca 81 - 90

 

(Sèh Amongraga kêrsa linggar dhatêng talatah Mataram)

3. Sèh Amongraga kêrsa linggar dhatêng talatah Mataram. Lampahipun mêdal Jatisaba, wana tarataban alit, rêdi Sarêmbat (Sapikul), Kabasèng, nyabrang lèpèn Oya, mangidul lêrês dumugi wana Jakêrta anjog ing rêdi Pagutan, rêdi Sakêthi, laju mangidul dumugi rêdi Jimbaran, lêrêm ing rêdi Sambiradin (Sambirata). Lampahipun ginarubyug ing santri ngantos cacah 760 jiwa.


Kaca 81 – 90

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 8 - Kaca : 81

435 Girisa

3.
Kang minulya ing Lêmahbang |
Ki Agêng Sèh Amongraga |
ki guru kinarya lantar |
wakil winênang mumulang |
kyagêng ngidèni kewala |
mangkana ki guru Jamal |
Jamil akarssa sasawah |
loroging Lêmahbang (ng)gènnya ||

4.
Maluku tanpa maesa |
wêluku brujul priyangga |
singkal mingêr bêlundhusan |
macule sami gacrokan |
amalik nampingi bubak |
sadina dadi lèlèran |
sadina ngurid sumingkal |
sadina dhaut banjaran ||

5.
Sadina kudur tanêman |
sadina ngilir gumundha |
sadina gumadhung mapak |
sadina mlèncut uraban |
sadina angêmping jênar |
sangang dinane panènan |
sabên-sabên dènnya sawah |
sangang dina pêpanènan ||

6.
Dadya bungahing ngakathah |
sabarang kang tinandura |
pitung dina bae genjah |
mêdal woh tulus andadya |
nanêm jagung patang dina |
miwah tanêm terong kacang |
janganan nèng patêgalan |
kang terong rong dina awah ||

7.
Kabèh para lurah-lurah |
kang wus samya kinalilan |
sami kewala sasawah |
genjah amung sangang dina |
lawase nêmbèlas dina |
anulya mêtu wohira |
tuwuk kang sami tinêdha |
sarwi ngêmohi sêdaya ||

8.
Wong desa asuka rêna |
karya tan pati rêkasa |
mung manggung dhikir kewala |
tan pêgat dalu lan siyang |
mênêng-mênêng lamun nendra |
tan pati angupajiwa |
barang kang cinipta dadya |
nadyan nanêm anèng jogan ||

9.
Wohe genjah anèng têgal |
wus gumyah mangunahira |
sawahe (n)Jêng Kyai Agêng |
kang ngangsu mring sêndhang-sêndhang |
jalu èstri miwah bocah |
toyanira sinundukan |
myang ngangsu pikulan banyu |
miwah kathah pangeraman ||

10.
Wong wadon kêkêmbênira |
kinarya anggorèng kacang |
ana satêngah akêlan |
banyu ginembol ing sinjang |
wus matêng jangan pinangan |
wus lumrah kabudayannya |
mangkono wong pirang desa |
kiwa têngêning Lêmahbang ||

Jilid 8 - Kaca : 82

11.
Uruting Matesih samya |
katutugan sakadarnya |
kang mêncul agêgêmblungan |
panjawile pênthung pêdhang |
panyêluke bandhil balang |
jalwèstri lan bocah-bocah |
tansah anêbut kalimah |
lumrah omah anèng sawah ||

12.
Tan ewah kang sala-silah |
satêngahe mamah-mamah |
katêlah ulah kalimah |
amrih gênahing mangunah |
bungah luwih ing ngakathah |
tan ana kang solah-salah |
tan susah dènnira sawah |
agenjah pêndhak Jumuwah ||

13.
Atuwah wohnya akathah |
tanah desa ing Lêmahbang |
agêmah ripah wong kathah |
santrine sangsaya wêwah |
pengin nyabat masuk ojrat |
mêngkana sêdina-dina |
gumyah wong sawah tan susah |
yèn dalu samya slawatan ||

14.
yèn raina bubungahan |
kyai guru Jamil Jamal |
tan marentah mring sabatnya |
sadhengah kinongkon dadya |
uncêg pangot bae mara |
nadyan kêbo bèbèk ayam |
kenging kinongkon sadaya |
dalah kayu watu lêmah ||

15.
Kewala kenging dinuta |
ki guru ingayap sabat |
pra lurah-lurah sadaya |
ki guru lon ngandika |
hèh ani-ani ta sira |
sun-kongkon têgorên enggal |
kabèh nangka kayu kawak |
dèn-kêbat ywa kêlayatan ||

16.
Ani-ani sigra mentar |
opang-aping lampahira |
ki guru asru lingira |
hus-hus ni-ani baliya |
(m)bok aja nganggo pan-apan |
gumagus akêteyongan |
tinggalên pan-apanira |
ngrubêdi nora cancingan ||

17.
Copotên pan-apanira |
lah wis dèn-kêbat mangkata |
ni-ani santiyêng mlêsat |
tinutakên mring wong kathah |
ni-ani anêgor nangka |
rinubung sakèhing janma |
ni-ani anggêgês nangka |
rong prangkul gênge wit nangka ||

18.
Blas-blês bisa nêbal tatal |
ginuyu marang wong kathah |
ngêsorkên wadung nêmbêlas |
tatale sami malêsat |
anyiprati kang niningal |
wus mênggik panêrêsira |
amubêng panggêgêsira |
kumrètèk dhoyong kang wrêksa ||

19.
Gumêbrug rêbah ngrêbatang |
ni-ani tumumpang nglekar |
sawusnya rêbah kayunya |
kyai guru sigra prapta |
gupuh piyak sabatira |
kiyai guru ngandika |
aranmu ni-ani ala |
tan duwe pangrasa pisan ||

Jilid 8 - Kaca : 83

20.
Jamak pang-êpange ika |
padha dèn-tutuhi samya |
nora nguwis dinuta |
ni-ani ajrih kadukan |
sigra nutuhi pang-êpang |
gêng alit rampung sadaya |
ngling malih iku wasisan |
dêlêge sira tugêla ||

21.
Sadhêpa bae kang papak |
ni-ani (ng)gêgêsi sigra |
wrêksa tugêl sakala |
sadaya gumuyu latah |
majad ni-ani tan bisa |
anêgor kayu wit nangka |
ki guru nulya ngandika |
mring wong nini-nini tuwa ||

22.
Kêmpong untune wis gêmpang |
ki guru aris ngandika |
e la sira nini tuwa |
kayu iki garotana |
bakal sun karya klowongan |
bêdhuge masjid gêng ika |
dadiya padha sadhela |
mêngko kanggo-a Jumungah ||

23.
Sigra nini-nini tuwa |
anggaroti kayu nangka |
themal-themol apilaran |
myang tatale akêmahan |
anênêm nyakoti wrêksa |
tan dangu dadya klowongan |
tabêt alus lir pinasah |
datan mantra cinakotan ||

24.
Sampun dadya kalowongan |
kyai guru ngambil bocah |
cilik maksih sinusonan |
nulya prapta lan biyangnya |
ki guru alon lingira |
lah bocah bayi ta sira |
wangkisên bêdhug sadhela |
anuli kanggo dèn-kêbat ||

25.
Bocah ingkang sinusonan |
tangi saking pangojongan |
mudhun mring lêmah lumampah |
lumaku mêsat sakêdhap |
tan dangu anulya prapta |
ngirit bocah bayi kathah |
sami pasuson slawe prah |
pating carêngèk swaranya ||

26.
Kang (ng)gawa bèji walulang |
binayang ing rare bajang |
siji nora na (m)bêrangkang |
mangkis bêdhug kalowongan |
sumriwêd gidrah grêjêgan |
akale asor wong gêrang |
walulang jinèrèng kathah |
binèjèn sagadukira ||

27.
Bèji manjing ginandhènan |
ingubêngakên supaya |
êndhèk dènnya nambut-karya |
ting garêthok thag thêg samya |
acêngèkan bayi kathah |
kongkon tuding-tinudingan |
èsthane atag-ingatag |
sêngkut dènnya nambut karya ||

28.
Tan dangu anulya dadya |
wangkisan singsêt (m)bêngkayang |
wus garing sami sakala |
bêdhug cinoba tinêmbang |
jumêglung kadya gong monggang |
janma kèh ngling biyang-biyang |
nora jamak uninira |
nulya laju kinèn (m)bêkta ||

Jilid 8 - Kaca : 84

29.
Sigra bayi salawe prah |
bêdhug ingangkat ing kathah |
para bayi jabang-jabang |
sinunggi binayang-bayang |
ampang lir (ng)gawa daluwang |
pra jabang lakune gancang |
sêlang-tunjang tan sumêlang |
lajêng pinasang anganggrang ||

30.
Sadaya abungah-bungah |
sakèhe sabat kang anyar |
gèdhèg nêbut tobat-tobat |
eram gumun gawok mulat |
samya (ng)gunggung gurunira |
èdi saktine kaliwat |
cipta krasan nèng Lêmahbang |
kêpengin gampang pinangan ||

31.
Kang bêdhug wuse pinasang |
santri kèh a-Jumungahan |
kumêrut kabèh santrinya |
jalwèstri rare nom-tuwa |
ring masjid a-Jumungahan |
agêng alit winatara |
kalih-bêlah èwu ana |
srambi èstri kering-kanan ||

32.
Supênuh masjid malapar |
kêbak dalah pêlataran |
Ki Agêng Sèh Amongraga |
ngimami nèng pangimaman |
pan maksih kinarobongan |
guru Jamal mengasiral |
guru Jamil ingkang kutbah |
prapta kir bakda Jumungah ||

33.
Kênduri kalangkung kathah |
godhong ancak kadya sarah |
(m)bêlabar sêkul lam-ulam |
waradin warêg ambrêkat |
mudhun bubar bar Jumungah |
sami mulih sowang-sowang |
sêmbari andhidhikiran |
nut panjang wêtuning napas ||

34.
Wênèh dhikir nut tindaknya |
myang lagon sasênêngira |
wus lumrah wong pirang-pirang |
gumrêmêng dalu lan siyang |
satêngahing nambut-karya |
santri èstri kang wus bisa |
samya karya pangeraman |
èstri barang karyanira ||

35.
Anutu adang akêlan |
namung tinunggu kewala |
sarwa dhikir Allah Allah |
kang nutu asangga-uwang |
alune gêjug priyangga |
tampah napèni kêpyakan |
yèn wus rêsik anèng wadhah |
miwah ingkang olah-olah ||

36.
Ajêngglu (n)jangur kewala |
mung nyalumik dhidhikiran |
kang la Ilaha Ilallah |
ana Ilalah Ilalah |
myang kang dhikir Allah Allah |
miwah hu hu dhikirira |
kang angi enthonge bisa |
anglêr sêga baludhusan ||

Jilid 8 - Kaca : 85

37.
Ilirnya kopat-kapitan |
irus solèt munthunira |
samya kluthukan priyangga |
myang kayu sumuguh dhawak |
kabèh tan susah anggrayang |
rampung dhewe pirantinya |
kang dadya kasukanira |
kang santri-santri sadaya ||

38.
Saluran-saluranira |
ngadu-adu pangeraman |
cêmpe bijig lan maesa |
myang kancil kalawan macan |
gêmbar-gêmbor sima kalah |
kodhok ingabên lan ula |
ula dèn-êmplok inguntal |
kodhok (m)badhudhug sablungkang ||

39.
Kyai guru Jamil-Jamal |
nuding raryalit satunggal |
ingacêng-acêng dakarnya |
pêlinya bocah amêkar |
ambêdhêdhêg mulur dawa |
malêmbung padha sadhela |
dinêlêng katon undhaknya |
pakênêng-pakênêng mêkar ||

40.
Dawa kangsi limang dhêpa |
dêdêlêge gêng sakêndhang |
mung pawakane kewala |
kajaba gêgalêngira |
amêdhok rah-irahira |
jalèbère bulêdira |
sapayung bèbèk bawera |
kêngkèng atos ambêngkayang ||

41.
Manggut-manggut ablag-blêgan |
janggute sumèlèh lêmah |
dadi rubungane kathah |
samya myat ing poting bocah |
ki guru Jamil ngandika |
lah mara padha nungganga |
ing guthule mot wong pira |
pra lurah gumuyu latah ||

42.
Sandika sigra anunggang |
sag-sêg samya jèjèr wayang |
raose walakang mangang |
mot wong salawe boncèngan |
pan maksih kapara longkang |
ingsat-ingsêting lungguhan |
watês gathoking lingiran |
ki guru Jamil lingira ||

43.
Lah mara dhêngal-dhêngalna |
bandhamu kang limang dhêpa |
matur inggih sami latah |
nulya potinge anjêngat |
ngadêg têlung gêgantar |
wong sêlawe kudhampêlan |
ngêthapêl dhogoling mêta |
kang lungguh cêngêle guthul ||

44.
Gendholan ikut akêkah |
sarwi jêlih-jêlih samar |
awang-awangên yèn tiba |
pating barêngok sadaya |
kêsêl ngemplok ing guthulnya |
ki guru alon lingira |
tiyungna bêncolèngira |
nulya tinungkulkên sigra ||

45.
Sumiyut wong slawe maras |
kuwatir manawa tiba |
lah wis concongên kewala |
dhêngalna ing sawêtara |
dimèn kang nunggang sakeca |
lumakua sisirigan |
tur sandika bocah mentar |
kinèn mubêng pakarangan ||

Jilid 8 - Kaca : 86

46.
Ingaggut-anggut guthulnya |
sêdhêng dènnya dhêngal-dhêngal |
wong sêlawe cikrak-cikrak |
enak-ênuk nunggang guthul |
dèn iring ing santri kathah |
lir wong angarak pangantyan |
gar-gêr samya gumyak-gumyak |
nèng lurung ngubêngi desa ||

47.
Kêpapag kêbo bayakan |
kêbo sapi bubar-bubar |
wor sinurak ing ngakathah |
saya lumayu ambêdhal |
giras anêlasak dhawah |
wêdi mring guthul tan lumrah |
kang angarak bungah-bungah |
gumêrah ngêbêgi sawah ||

48.
Tan adangu nulya jawah |
guthule saya sumringah |
mêngangah kaya kinumbah |
wong kathah alatah-latah |
kang nonton sangsaya gidrah |
nora mundur drêsing jawah |
potinge ngadêg andhêngal |
samya nguthapêl kang nunggang ||

49.
Lir bencok rèmbèl ing papah |
nèng githok tênggoking dakar |
ngaubi thothok kang mêkar |
wong sêlawe tan kodanan |
lir ngangge payung kambangan |
wong akèh ngaup rêbutan |
nèng bongkot adhêdhêsêgan |
midêr-midêr turut dhadhah ||

50.
Dhogol ngadêg sring kapêlak |
ing papringan palêthosan |
wangsul praptèng ngarsanira |
ki guru aris ngandika |
wus trang guthulmu tungkulna |
sigra potinge anglayang |
alon sumèlèh ing lêmah |
mudhun sadaya kang nunggang ||

51.
Pan sarwi gumuyu suka |
ki guru malih ngandika |
potingmu guyangên kana |
ing kali Bandhul kang bêna |
wong sêlawe ngosokana |
guthule dimèn sêmbrana |
bisa bigar mrana-mrana |
wong sêlawe tan lênggana ||

52.
Sandika mangkat saksana |
potinge ngadêg anulya |
sampun mentar saking marga |
pang-pang sêmpal wohnya gigal |
kêpranggal guthul andhêngal |
kumrutug kadya bêrangkal ||

53.
Praptèng kali Bandhul enggal |
ginuyang wong sêlawe prah |
kinosokan ing gêlagah |
dhongole arunjah-runjah |
sêlulup kêdhung mêntêngah |
satêngah padhang abêtah |
tangi niba nêbah-nêbah |
lir bocah arunjah-runjah ||

54.
Guthul sru dènnira polah |
lir kinêbur muncrat wutah |
kêbajong dhogol (n)jalêmpah |
toya gung sakêdhung bubrah |
poting ngolang-aling rêbah |
yèn janma-a kiprah-kiprah |
anglumba-nglumba gêgidrah |
ngalobak sapolah-polah ||

Jilid 8 - Kaca : 87

55.
Bocah poting nangis susah |
agila ginawa solah |
si bocah langkung (ng)garêsah |
jêrit-jêrit mêksa tansah |
potinge sigra gumregah |
angodor adrêng mring dhadhah |
kêpapak ing kêbo ranggah |
sinondhol kalumah-lumah ||

56.
Dhogole gêgabul lêmah |
sinurak-surak ing kathah |
jalwèstri nonton gumêrah |
poting mring wong wadon ngangkah |
dèn sundhul kalumah-lumah |
polahe guthul tan lumrah |
agawe sadhengah-dhengah |
gobag-gabig mutah nanah ||

57.
Ambêlasak maring ngomah |
kang ambabah bubrah-bubrah |
abudi tan kêna ngampah |
kang duwe omah malêpah |
mupus tan rumasa gadhah |
pratingkah saking parentah |
ciptane samya sumarah |
ing manah sampun dalelah ||

58.
Potinge tan têyah-sayah |
kang andulu samya wêgah |
mring poting adhadhah-dhadhah |
wong kathah gêdrah gumêrah |
guthul bisa ngarah-arah |
mangkana ki guru Jamal |
potinge binalang sêpah |
poting mungkrêt kadya lintah ||

59.
Mulih sauruting bocah |
gêgêtun gumun sadaya |
mangunahe gurunira |
ginugu sadina-dina |
tan dangu ki guru Jamal |
santrine matur gurunya |
paduka pan tinimbalan |
gupuh ki guru lumampah ||

60.
Yata Kiyagêng Sèh Mongraga |
kang tinuding praptèng ngarsa |
ngandika nèng jro krobongan |
hèh Jamal manira tanya |
wus pirang dina samangkya |
nèng ardi Bangun Lêmahbang |
Jamal Jamil aturira |
èngêt kawula angetang ||

61.
Sampun kawandasa dina |
kapriye saiki padha |
sabat-sabatmu pêpakna |
sun arsa nutukkên lampah |
linggar saking ing Lêmahbang |
kabèh padha poyanana |
kang liningan tur sandika |
gya amêpak sabatira ||

62.
Kang samya lurah sangalas |
tan dangu prapta sadaya |
mring masjid lir Jumungahan |
dhinawuhan sadayanya |
yèn Kangjêng Kyagêng samangkya |
karsa linggar sing Lêmahbang |
nulya Kyagêng (m)bantu karsa |
kabèh santri-santri sira ||

Jilid 8 - Kaca : 88

63.
Lah uwis padha kariya |
sun-arsa andon lêlana |
nutukkên paraning karsa |
andum salamêt kewala |
ingkang liningan sadaya |
kèndêl tumungkul tan nabda |
ki guru nambungi nabda |
mring pra sabat kang liningan ||

64.
Lah mara padha matura |
maring Kangjêng Kiagêng samya |
mangkana kang para sabat |
samya umatur prasêtya |
ature samya lênggana |
kawula tan purun tilar |
kêdah tumutur ing tuwan |
manggiha lara lan pêjah ||

65.
Tan nêdya amba suminggah |
sanadyan tan linilanan |
kawula mêksa tut-wuntat |
mangkana aturnya samya |
yata Kyagêng Sèh Mongraga |
ngandika mring Jamil Jamal |
hèh santri ro karsaning wang |
mring tanah nagri Mataram ||

66.
Wus mangkono têlênging tyas |
takonna mring sabatira |
yèn ana kang wus angambah |
ing tanah Sampar-paliyan |
pasisir sapangulonnya |
Ki Jamal nulya tatanya |
mring sabatira sadaya |
samya matur tan uninga ||

67.
Ki Wrêgajati amojar |
manira biyèn wus ninga |
Sèh Mongraga lon ngandika |
iya lakon pirang dina |
têka ing kene Lêmahbang |
Wrêgajati aturira |
apan tigang dalu marga |
manawi lampah lancaran ||

68.
Saking nagri Ngèksiganda |
pan sadalu margi prapta |
Sèh Mongraga angandika |
yèn mangkono Jamil Jamal |
mêngko ing latri kewala |
sun-linggar saking Lêmahbang |
dene sabat-sabatira |
ya sakadare priyangga ||

69.
Sêthithik sanadyan kathah |
jalwèstri anom myang tuwa |
kon dandan saiki padha |
ing mêngko ratri umangkat |
kang liningan tur sandika |
sobat samya lêngur sigra |
mulih dandan sowang-sowang |
tan etang ingkang tinilar ||

70.
Pomahan tandurannira |
kang kuwat kêbo sapinya |
namung sangu kang ginawa |
bumbu bêras lawan arta |
samya-yêg sadayanira |
Sèh Mongraga angandika |
sira pinaring dening Hyang |
sabat dadya kanthinira ||

Jilid 8 - Kaca : 89

436 Kinanthi

1.
Yata wau wayahipun |
bakda ngisa para santri |
sampun samapta sadaya |
santrinya jalu lan èstri |
kang para lurah sangalas |
tan ana kang nêdya kari ||

2.
namung sabat-sabatipun |
kang tumut wontên kang kari |
kathah kang samya nut lampah |
mring Kyagêng Sèh Amongragi |
kathahira winatara |
tigangatus jalu èstri ||

3.
Mangkana Sèh Amongluhung |
anglela dènnira linggih |
mijil saking karobongan |
ingayap santri jalwèsri |
sadaya gawok tumingal |
ing cahyanya Amongragi ||

4.
Awênês jatmika ruruh |
sumilak pasêmon wingit |
jalwèstri tyasnya kakênan |
sumungkêm samya jrih-asih |
toh jiwambêk lara pêjah |
kukuh rêngkuhe anggusti ||

5.
Sèh Mongraga ngandika rum |
mring Ki guru Jamal Jamil |
paran wus samya samapta |
kabèh sanak-sanak santri |
kang padha brangtèng Pangeran |
mrih utamaning ngaurip ||

6.
Ki Jamal Jamil umatur |
katiga Ki Wrêgajati |
punika sampun sadaya |
sakathahing para santri |
angantos karsa-paduka |
umiring tan nêdya kari ||

7.
Ki Agêng malih amuwus |
mring lurah santri sawiji |
hèh Ki Tisnaraga sira |
kariya aywa umiring |
rêksanên patilas-ingwang |
ngimanana santri-santri ||

8.
Jumungah ing masjid agung |
supaya kang kari-kari |
padha sêngsêm ing agama |
lan saturunnira benjing |
ajênêng nganggowa rana |
nak-putumu ing Lêmahbrit ||

9.
Kamituwaning ing Bangun |
poma aja walang-ati |
kang liningan saha sêmbah |
mring guru ingkang ginusti |
mênggah-mênggah Tisnaraga |
sêdyamba tan nêdya kari ||

10.
Pan ajrih wêwalêripun |
Ki Agêng Sèh Amongragi |
umatur salurahira |
yèn parêng dalêm lilani |
tumutur saparan tuwan |
pêjah gêsang atut-wuri ||

Jilid 8 - Kaca : 90

11.
Sèh Mongraga alon muwus |
ya wus suntrima sirèki |
lamun ana kajatira |
nusula kewala bêcik |
yèn wus tamtu ing (ng)gwaningwang |
prapta-a ing Wanagiri ||

12.
Kang sinung ngling nêmbah matur |
sandika tan walang-ati |
ngling malih mring Jamil Jamal |
katri lan Ki Wrêgajati |
lah mara payo Bismilah |
umangkat kang nglalana nis ||

13.
Sapa kang wus wruhing laku |
anggrêmanana ing margi |
sigra nuduh Jamil Jamal |
marang santrine kêkalih |
Ragajati Jatiraga |
pinatah lumakwèng ngarsi ||

14.
Adan mangkat Sèh Mongluhung |
saking dhusun ing Lêmahbrit |
ingiring santrinya kathah |
margi nut kêndhiting ardi |
(n)dulur lampah sêsêmutan |
sadaya sami adhikir ||

15.
Tan rêmpêg sakadaripun |
dhikir sasênênge muni |
ririh bawane wong kathah |
gumêr lir gêdhor kang siti |
antara pitung pambalang |
ulure ingkang lumaris ||

16.
Wus kapungkur ardi Bangun |
tidhêm kayon samya tis-tis |
tan ana angin sumrabat |
anjêgrêg dalan kasisir |
kadya gêgêtun sungkawa |
wêwêngkon wukir Bangun gring ||

17.
Nir kêkênyêpira samun |
ardi Bangun lir ngêmasi |
kanisan suksma sakala |
singsal sasananing urip |
lir dyah kapugutan trêsna |
anjêtung sèsining wukir ||

18.
Kadya bela atumutur |
mring sang andon lêlana nis |
kup-angkupan munyêng wrêksa |
lir panjriting kang rarya lit |
kêlayu nguwuh sudarma |
sinauran ing kêdhasih ||

19.
Angalik-alik mlas-ayun |
lir dyah angoso ing siwi |
wis cêp mênênga ywa beka |
tan kêna sira-klayoni |
sêpuluh milu-milu-a |
wus tan sira tan tinolih ||

20.
Dolana bikiran tandhu |
lir sunu kang saya nangis |
têkèk nèng gawok sru munya |
lir mêdèni lare budi |
bangkong munya nèng pangrongan |
kadya kakine ngaruhi ||

21.
Enêng-nêngana anakmu |
budi kêlaywèng sudarmi |
bapakmu lagya lêlana |
nora lawas nuli bali |
yèn janma-a èsthanira |
sadaya mengarang kingkin ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (09a) Kaca 71 - 80
  • (10a) Kaca 91 – 105 >