Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434706
Hari ini     :Hari ini :106
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :172
Bulan ini   :Bulan ini :3335
s/d hari ini   :s/d hari ini :434706
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (10a) Kaca 91 – 105

 

( Lumampah anyakêti Mataram, ginarubyug ingkang dados muridipun )

4. Sèh Amongraga kadhèrèkakên para santri lumampah anyakêti Mataram, ginarubyug têtiyang ingkang sami dados muridipun. Sabên kèndêl tansah sami ojrat ngèlmu karang. Dumugi ing rêdi Celor, lajêng ngalèr-ngetan nyabrang lèpèn Oya sisih kidul, têbing lambenipun ngungkuli toya, ing ngandhapipun guwa. Lumêbêt ing guwa wau, Sèh Amongraga sumêrêp gêdubang tuwin susur sata alus tilasipun tiyang nginang dèrèng dangu. Punika tilasipun Panêmbahan Senapati têtèki ing guwa Song-pati. Mêdal saking guwa nêrusakên lampah ngalèr-ngilèn dumugi Maladan, kapanggih tiyang nama Baulapa suka sumêrap wontênipun sela-undhi, sintên ingkang kiyat ngangkat lan manggul sela wau ngubêngi wit-witan agêng, yêkti kadumugèn panuwunipun. Maladan punika papanipun Panêmbahan Senapati matiraga. Lampah kalajêngakên dumugi pasisir, kèndêl ing rêdi Bungas cêlak lèpèn Kelor, wontên grojogan toya ing ngandhapipun guwa Song-pati. Punika papanipun Panêmbahan Senapati tapa asêsilih Sèh Bêngkung. Ing ngriku Sèh Amongraga tirakat tigang dintên, têrus lumêbêt mangandhap. Para pandhèrèkipun botên sagêd lumêbêt. Ing ngriku sêlawe dintên. Jamal Jamil têrus ojrat emprak, lajêng yasa mêsjid.


Kaca 91 – 107

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 8 - Kaca : 91

436 Kinanthi

22.
Tan wus ucapên ing gunung |
kang karya upamèng kawi |
yata kang lagya mahawan |
ing ardi Bangun Lêmahbrit |
lêlêngkèhing pangareyan |
margi gêng anjog Matesih ||

23.
Samya kumpul lampahipun |
adulur lumakwèng wuri |
tanapi nèng kering kanan |
Jatiraga Ragajati |
pêcalang lumakwèng ngarsa |
kang dadya gêrmaning margi ||

24.
Lêpas lampahe andarung |
adhikir samargi-margi |
praptèng dhusun Sugat-salam |
angidul-ngilèn lêstari |
rêrêb wana Jati-saba |
wanci gagat bangun ratri ||

25.
Mondhok anèng bana-lindu |
pra santri dènnya miranti |
anèng ra-ara bêbangkan |
supênuh jalu lan èstri |
kunêng dènnya majêmukan |
adhikir ojrat ripangi ||

26.
Ting garêlo guyêng junun |
sadaya buka pribadi |
jalwèstri atutup muka |
ing jarit putih rong nyari |
sinêrat ing rajah muka |
pambukaning roh ilapi ||

27.
Samya sru pangguyêripun |
wang-wêng gèdhèg gubag-gubig |
manthuk krêp narêthêk nyêngka |
napas winotan ing dhikir |
sèwu kalimah sanapas |
kèh unèn-unènne ing dhikir ||

28.
Laila ha Illalahu |
ha ilalah Illalahi |
wênèh Allah Allah Allah |
kang hu hu hu hi hi hi hi |
e e i i u u a a |
la la la la hak hik hak hik ||

29.
Sarêng panarima junun |
ting karingkêl anggulinting |
saujur-ujare niba |
wor-winor jalu lan èstri |
aundhung bantal-binantal |
tan ana walang alisik ||

30.
Sêsangat dènnira kantu |
dènnya kalêngêr tan eling |
wus dangu antaranira |
kang samya padha birai |
tangi saking pajununan |
salong maksih anggulinting ||

31.
Sidhêkus miwah sijujur |
kang wus tangi samya nangis |
kang katon sajroning pana |
gurune ingkang ginusti |
Ki Agêng Sèh Amongraga |
lênggah ing dhêdhampar rukmi ||

32.
Sarwi kinêbutan babut |
ingayap pra widadari |
andum nuduhkên sawarga |
cacadhanganira benjing |
ing pati manjing sawarga |
janma kang ambuka dhikir ||

Jilid 8 - Kaca : 92

33.
Saban-saban kang kadulu |
datan ewah ing pangèksi |
tan kirang sêcacahira |
maksih kadya wingi uni |
wuse nglilir sadayanya |
pra santri jalu lan èstri ||

34.
Samya nangis ting salênggruk |
wau Kyagêng Amongragi |
karya wêkasaning lampah |
amiwal sarengat Nabi |
sarate tan kawanguran |
limang wêktunira aib ||

35.
Karya ampinganing ngèlmu |
ngungaskên karana lahir |
suprih kawêntar supaya |
winahon ing hukum-aji |
numpak ing antara mangsa |
mèsi pungkasing kadadin ||

36.
Dadya tan ngibadah wêktu |
namung anggung guyêng dhikir |
amutahakên mangunah |
tan lyan ciptane sang yogi |
sayoga nèng Ngèksiganda |
kamulyane katon gaib ||

37.
Yata wau Sèh Mongluhung |
ngandika mring para santri |
rêrêp nèng kene kewala |
kang jênêk rèrèn sa-ari |
ing ratri bae lumampah |
padha agaweya bukti ||

38.
Saanane kang tinêmu |
sakèhe iku rêjêki |
lah padha kukus-kukusa |
sêmbari bengat adhikir |
Kyai Guru Jamil mojar |
payo kono santri-santri ||

39.
Lah-olaha sakadarmu |
sêga jangan kang miranti |
santri kang tan sangu bêras |
sukêt-sukêt bae dadi |
sêga panganên ya enak |
tan beda lan bêras pari ||

40.
Gya santri pawèstri gupuh |
pasang dhingkêl ngrêratêngi |
kang sangu bêras dèn-êdang |
akêlan ngaliwêt sami |
ngêlandêng akêkêbula |
kang mêlarat santri miskin ||

41.
Angliwêt lang-alang rumput |
bathok blungkang dadi kêndhil |
myang dadi kuali wajan |
godhong dadi iyan ilir |
toya kang minangka lênga |
pan dadya lisah sayêkti ||

42.
Kiwa têngêne andulu |
mring tingkahe santri miskin |
matênge nora prabeda |
lan bêras kang dèn-pususi |
sadaya ciptaning driya |
bêrkahe kyagêng linuwih ||

43.
Samya kapengin kadyèku |
kaduwung sangu bras pari |
anulya sami anadhah |
anutug dènnira bukti |
kyai guru kang dhinahar |
punjunganing para santri ||

Jilid 8 - Kaca : 93

44.
Wus luwaran samya tuwuk |
nulya trap majêmuk dhikir |
akupêng kêpung kalangan |
amasang tutup pangèksi |
ing jarit miwah daluwang |
Pambukaning dhikir supi ||

45.
Angguyêr dhikiranipun |
kèh warnane solahnèki |
angêdên nênggak asêntak |
myang uninya warna-warni |
pan kongsi sadina bênthang |
dènnya guyêng ahli dhikir ||

46.
Ingkang wus kalêngêr dangu |
tangi nangis dhikir malih |
pating jakêkêng kang pana |
wênèh masih gobag-gabig |
kèh warnane solahira |
sakèh santri jalu èstri ||

47.
Wusing Asar surya sèyub |
samya so angaring-aring |
adhikir lir saban-saban |
kang tan kêna pot amuni |
kajawi waktu ambuka |
ambatêg dhikir ripangi ||

48.
Samya ngayêm-ayêm kayun |
mentar mijil sing wanadri |
anunggang jaran walulang |
miwah nunggang jaran ilir |
wênèh nunggang jaran tampah |
kayu-kayu wilah dadi ||

49.
Tinunggangan bisa mabur |
anapak kaywan wanadri |
pêngrasanira sêdaya |
anunggang jaran sêmbrani |
têtêgar muluk ing tawang |
kadulu langêning bumi ||

50.
Kang bêblês mring mega biru |
wêruh saisining langit |
limrah kêkayon lir teja |
ngunguwung prêdapa-sari |
jarane mangan prêdapa |
-ning kayu teja ngramêsi ||

51.
Saciptanira pan tutuk |
arikat lir kilat thathit |
kang endah-endah ajangkah |
pra santri jalu lan èstri |
tinimbang lan swarganira |
bêcik swargane pribadi ||

52.
Wus lumrah pangrasanipun |
tan ana gèsèh kadyèki |
tur ta punika jatinya |
pratingkahing santri-santri |
anunggang jaran walulang |
wilah ilir tampah tampir ||

53.
Mubêng kewala lumaku |
nèng ara-arèng wanadri |
lir wong nêgara Sêtonan |
têpung gêlang wira-wiri |
kaluyuran bêng-ubêngan |
salin pandêlênganèki ||

54.
Pangrasane bisa mabur |
mumbul maring ngawiyati |
lamun mundur lampahira |
pangrasa mêsat mring langit |
yèn maju dènnya lumampah |
pangrasa niyub mring siti ||

Jilid 8 - Kaca : 94

55.
Mangkana wanci mèh surup |
pra santri sadayanèki |
mudhun sing turangganira |
kabèh jarane wus mulih |
jaran walulang bêlaka |
ingkang ilir mulih ilir ||

56.
Wilah kayu mulih kayu |
tampah tampir mulih sami |
trêkadhang wong padhusunan |
uning wong ahli birai |
dhasar wus ngrungu pawarta |
samya kèlu masuk murid ||

57.
Wong papat lima nêm pitu |
anyabat malbu birai |
kapencut mangunahira |
kasêbut jalma linuwih |
sarwa dadi kang sinêdya |
tuwa anom-anom prapti ||

437 Sinom

1.
Yata Kyagêng Sèh Mongraga |
dènnya rêrêp nèng wanadri |
bêbangkan ing Jatisabu |
wanalit trataban kêdhik |
bakda Ngisa kang wanci |
Sèh Mongraga lon amudhun |
lah payo Jamil Jamal |
umangkat mumpung wus ratri |
kang liningan matur sandika sumangga ||

2.
Adan samya lumaksana |
ingiring sakèhing santri |
ngidul-ngilèn lampahira |
anyabrang ing kali Samin |
angidul ngêncêng margi |
ngidul-ngilèn malih laju |
angambah pasawahan |
adulur lampahing santri |
atikungan lir taksaka gêng lumampah ||

3.
Samya dhikir lilirihan |
gumêr gumalêgêr kadi |
pangakaknya naga lanang |
anglud mamangsan tan kenging |
yata nabrang bênawi |
gya prapta ardi Sapikul |
ing wanci bangun enjang |
rêrêb sakathahing santri |
nèng pucaking pupunthuk ardi Sarêmbat ||

4.
Samya dhikir (m)buka rasa |
majmuk kupêng jalu èstri |
ramya angabên kang swara |
sru gumuruh manêngkêri |
wukir lir mogak-magik |
ginora wong têlung-atus |
kalangkung rahabira |
dènnya bubuka ripangi |
war-wêr mungsêr angguyêr kêpalanira ||

5.
Wus kaduk pêndhadhakira |
blag-blêg tiba anggulinting |
kang kaglundhung ing pèrèngan |
tibèng sor maksih tan eling |
kathah ingkang kadyèki |
myang kang ngundhung sungsun timbun |
angglasah lir babadan |
saujur-ujurirèki |
mati atap kadya bangke nèng paprangan ||

Jilid 8 - Kaca : 95

6.
Mung Ki Agêng Sèh Mongraga |
Jamal Jamil Wrêgajati |
kang maksih lênggah tan rêbah |
ajênak dènnira dhikir |
sakèhing para santri |
kang samya kalêngêr dangu |
antara wus sasangat |
pra santri samya ngalilir |
ting salênggruk lir saban panangisira ||

7.
Kang samya kaglundhung jurang |
ngarèkèl ngumpul manginggil |
wus pêpak somah-somahan |
samya ngrêratêngi bukti |
waradin jalu èstri |
samya ngukus ting karêlun |
samya abungah-bungah |
sadhengah kang dèn-olahi |
datan susah bêras ingkang pinususan ||

8.
Sukêt galagah lang-alang |
kinuwêl dipun-liwêti |
sapraboting olah-olah |
sabarang cinipta dadi |
tan pae lan bras pari |
mindhak wangèn raosipun |
miwah boja nyamikan |
barangkal cinipta gêndhis |
dadi gêndhis godhong ciyut dadi amba ||

9.
Miwah wingka kang cinipta |
dadi ajang panjang piring |
sawusnya kinarya nadhah |
mulih dadi asalnèki |
sabên-sabên kadyèki |
sabat anyar kang andulu |
kalangkung kagawokan |
sangsaya suyud amurid |
tan sumêlang kandhêm kèrêm anyênyabat ||

10.
Mangkana ing wanci siyang |
sadintên bangkêlêng dhikir |
yèn wus samya abubuka |
wus ing wanci Asar akir |
samya angaring-aring |
dodolan mabur mandhuwur |
nunggang jaran walulang |
ilir tebok tampah-tampir |
kayu wilah-wilah papah tinunggangan ||

11.
Kumêrap jaran-jaranan |
sawiji tan ana kari |
jênak dêlênge kêpenak |
lènggak-lènggak malang-kêrik |
obah dhadha sêsirig |
bêng-ubêngan maju mundur |
tan owah pangrasanya |
lir saban nitih turanggi |
wit sawising Asar kongsi surup surya ||

12.
Mudhun saking panunggangan |
pra santri samya alinggih |
tansah amaca kalimah |
ririh ukur angalêsik |
Kyagêng Sèh Amongragi |
pangandikanira arum |
lah payo Jamal Jamil |
umangkat sêdhêng wus ratri |
kang liningan samya umatur sandika ||

13.
Adan umangkat saksana |
sira Kyagêng Sèh Mongragi |
ingiring santrinya kathah |
lir sabên dènnya lumaris |
mangilèn urut margi |
ing Kabasêng menggok ngidul |
manjat ardi Pyah-ilang |
kêndhêng ardi kidul nênggih |
lêngkèh ardi Gajahmungkur kilènira ||

Jilid 8 - Kaca : 96

14.
Ngidul ngilèn lampahira |
lulukikan jurang ardi |
apan sarwi dhidhikiran |
swara sru gora ing ratri |
buron wana kèh wingwrin |
kêbrasat samya lumayu |
banthèng kidang mênjangan |
sak-sakan kagyat anggêndring |
jrih miyarsa swaraning santri dhikiran ||

15.
Myang sima tinggal mêmangsan |
anggro sru lir ambarungi |
malumpat tinggal glagahan |
lutung gègèr gorèh ajrih |
gumrah wurahan wingwrin |
anuntung êpange kayu |
swarane agegokan |
ramya lir (m)bantoni dhikir |
mêrak ngakak mabur angalih pèncokan ||

16.
Wau Kyagêng Sèh Mongraga |
ingkang mahawan ing ratri |
anusup wana wulusan |
randhat dening margi rumpil |
asiluk-siluk sungil |
pêtêng mangêp dening singub |
pandam wulan ping sanga |
rêmu-rêmênging pangèksi |
ngulap-ulap ing marga miyat lang-alang ||

17.
Margi rupak mung sapêcak |
ulur tan kêna wong kalih |
ulur siji sêsêmutan |
ing ngarsa lan wingking têbih |
têtikungan watawis |
dohira sangang panyêluk |
tan ana pêdhotira |
tuntunan jalu lan èstri |
kang bubulên grigah-griguh napak krakal ||

18.
Suprandene tan ngrêsula |
saking maksude birai |
abungah nêbut kalimah |
tan ana sangsayèng margi |
purun tunggangan ardi |
tumurun suku kang kidul |
angambah pangèmpèhan |
angidul-ngilèn lastari |
nabrang Oya ngidul praptèng dhusun Sampak ||

19.
Maksih ngidul malbèng wana |
wana Jatigonjèng anênggih |
wontên bêbangkak awiyar |
têngahing wana miranti |
sêndhangira umili |
kinubêng wit gayam agung |
Kyagêng Sèh Amongraga |
raryan nèng ra-ara radin |
bêbangkaning wana Jatigonjèng (ng)gènnya ||

20.
Ing wanci bangun raina |
dènnya rêrêb wus miranti |
majêmukan kêpung-kapang |
nulya trap ambuka dhikir |
langkung ramenirèki |
lir makêtêr wukir rigung |
kagyat wong mrapat desa |
samya prapta aninitik |
ingkang dadya gumêrah têngahing wana ||

Jilid 8 - Kaca : 97

21.
Yata kang samya bubuka |
matyatap susun atindhih |
adangu kalêngêrira |
wor sayah dènnya lumaris |
kongsi siyang ngalilir |
kanikmatên dènnya kantu |
wus tangi sadayanya |
nguculi tutup pangèksi |
nulya samya olah-olah sêga jangan ||

22.
Abusêkan kadya saban |
barang kang cinipta dadi |
sangkêp ulam rêrampadan |
myang mamangsêg warni-warni |
wowohan samya prapti |
pribadi pating galundhung |
pra samya winadhahan |
ing dhulang myang panjang piring |
sing lèr-wetan kidul-kilèn prapta dhawak ||

23.
Wong desa-desa kang samya |
anonton santri birai |
sami agawok tumingal |
waune tan kêlah-kêlih |
sakala rumat sami |
ajang panjang piring tuwung |
prabot pawon tan susah |
sadhengah cinipta dadi |
datan susah kang pinangan santri kathah ||

24.
Sami kenyut manahira |
tuwa nom jalu lan èstri |
samyambyuk umasuk sabat |
mring ki guru kang sinêkti |
samya tan ana mulih |
malah mulih ngait batur |
sabrayat masuk ojrat |
awon mimikul lan ngarit |
ngur masuk dul kang tan susah ngupajiwa ||

25.
Mangkana sangsaya kathah |
wong kang malêbu birai |
kawarta sakèh padesan |
akathah kang sami prapti |
wong rusak dadya sêkti |
barang saciptanya sinung |
mulya donya akerat |
amukti tan nambut-kardi |
pan mangkana wartane kang dadya ojrat ||

26.
Yata Kyagêng Sèh Mongraga |
nèng Jatigonjèng miranti |
dènnira rêrêp tri dina |
sangsaya-kèh santrinèki |
kathah pinangkanèki |
sauruting Ardi-Kidul |
samya kerut anyabat |
mring Ki Guru Jamal Jamil |
wus pinatah winuwuhkên ing lulurah ||

27.
Matangpuluh salurahnya |
gunggung santri sadayèki |
pan pitung-atus-sawidak |
kang sami masuk birai |
lajêng kewala dhikir |
ing Jatigonjèng supênuh |
sadaya wus sinungan |
rajah pambukaning dhikir |
tutup mata ing sinjang rong nyari pêthak ||

28.
Sawênèh ingkang daluwang |
rajah tutuping pangèksi |
janma nyar nora bêbakal |
laju kang sinêdya dadi |
tan pae lan kang lami |
samya wruh sawarganipun |
cêcadhangane benjang |
katon sadurunging pati |
saikine barang kang sinêdya dadya ||

Jilid 8 - Kaca : 98

29.
Lami tan ana sumêlang |
sumungkêm ing lair batin |
mathêm gêgeyonganira |
yata Kyagêng Sèh Mongragi |
angling mring Jamal Jamil |
sun-dulu santrimu wuwuh |
kang liningan turira |
inggih kathah ingkang prapti |
gunggungipun pan pitungatus-sawidak ||

30.
Maksih wontên ingkang prapta |
lirna kang satunggal kalih |
kang dèrèng kawula-petung |
kyagêng angandika malih |
yèn mangkono inganti |
titane kang padha rawuh |
têka rong dina êngkas |
sêdhêng rêrêm para santri |
anèng Jatigonjèng bêbangkane wiyar ||

31.
Araryan ing patang dina |
lan kurang pira sing ngriki |
ing tanah Sampar-paliyan |
umatur Ki Wrêgajati |
kirang sêdalu mêrgi |
lamun lancaran ing laku |
yèn kadya lampah tuwan |
kados tigang dintên prapti |
yèn mangkono payo nyêngka sawêtara ||

32.
yèn wus ing rong dina êngkas |
mêndhane santri kang prapti |
umatur inggih sumangga |
ing karsa amba umiring |
mangkana para santri |
kalamun ing wanci bangun |
kabèh samya bêbuka |
bakdanya kongsi byar enjing |
laju samya olah-olah kang tinêdha ||

33.
Tan owah lir sabênira |
dhêmênên sakèhing santri |
dadi kalawan cinipta |
sawarnane kang binukti |
datan cuwa ing ati |
enak tur anutug tuwuk |
yèn wus samya amangan |
dhikir sru kongsi sa-ari |
tan kêrasa panas anèng ara-ara ||

34.
Prapta wanci bakda Ngasar |
samya têgar ngawiyati |
anunggang jaran walulang |
sadengah kang dèn-tunggangi |
pangrasanira dadi |
jaran sêmbrani linuhung |
ulês ijo mawi lar |
mabur bêblês maring langit |
busananèndah ngujwala ambra markata ||

35.
Pan wêruh saliring paran |
adi-adining pangèksi |
bayakan abêbarêngan |
ngêmbara mring awiyati |
tan ana angling lining |
kewala sadaya minggu |
lir tingkah jroning nendra |
tumonton nêdya ngaruhi |
jroning pangrasa têkan ingkang pinaranan ||

36.
Sayektine badanira |
tan lunga-lunganèng siti |
mubêng-ubêngan kewala |
ing ara-ara aradin |
ingkang laju lumaris |
ana kang lumaku mundur |
samya jaran-jaranan |
wit nyemplo paningal salin |
wus mêngkono trape wong ojrat dul-dulan ||

Jilid 8 - Kaca : 99

37.
Yèn wanci suruping arka |
rèrèn sadaya alinggih |
pan sami pangrasanira |
mudhun jog prapta ing siti |
tungganganira mulih |
maring dhapure kang wau |
lulang mulih wêlulang |
sadaya lir wingi-uni |
lamun dalu ojrat emprak gêgabusan ||

38.
Têb-têban bakar-binakar |
tan ana kang miyatani |
kadhang kang gamoh kewala |
pinêdhang sinuduk mati |
binakar gêsêng posit |
kang kinêpruk ajur lampus |
gêtih adêladagan |
wus mati bisa rip malih |
pan tan ana sumêlang tumêkèng tiwas ||

39.
Mangkana Sèh Amongraga |
sawusnya ing kawan ari |
anèng bêbangkaning wana |
ing Jatigonjèng miranti |
angling mring Jamal Jamil |
payo sêdhênge lumaku |
iki wus bakda Nigsa |
mupung sih sore lumaris |
samya matur sandika nulya parentah ||

40.
Lah dèn-age lurah-lurah |
tatanên kancamu santri |
kang dhudha randha bènèhna |
lan kang sosomahan sami |
aywa wor ing lumaris |
sandika ingkang tinuduh |
sampun samya samêkta |
sakathahing santri-santri |
(n)dan umangkat wau Kyagêng Sèh Mongraga ||

41.
Angidul bênêr lampahnya |
asêlur kang santri-santri |
ing ngarsa têbih lampahnya |
kang wingking taksih alinggih |
kêmputira lumaris |
saonjotane wong mikul |
gumrêmêng galêgêran |
santri kang lumampah dhikir |
gumarêdêg kadya prahara manampak ||

42.
Panjatan wana Jakêrta |
terataban wana alit |
prapta ing ardi Pagutan |
wit tanah ardi Sêkati |
nurut tikungan ardi |
laju lampahe mangidul |
ardi kang kaliwatan |
ardi Lêndrêg ardi Kiping |
ardi Munthil ardi Bawak ardi Bungkak ||

43.
Ardi Mathak ardi Bangak |
[---] |
ardi Lok ardi Jimbaran |
ardi Sangkal ardi Bangir |
yata lampahirèki |
prapta ing ardi Kamadhu |
mangidul malih manjat |
rêrêp ardi Sambiradin |
amêlapar kuwu anèng Sambirata ||

44.
Ing wanci bangun raina |
sami bubuka pra santri |
sangsaya sru swaranira |
kang samya ambuka dhikir |
uning mangsa pribadi |
sabên wayahipun wêktu |
pan sami trap priyangga |
tan kongsi dèn-parentahi |
para santri arahab dènnya bubuka ||

Jilid 8 - Kaca : 100

45.
Sawusnya samya lah-olah |
sasênêngira ngratêngi |
ayêm atêntrêm tyasira |
sakathahing para santri |
Kyagêng Sèh Amongragi |
nèng Sambirata tri dalu |
kathah kang sami prapta |
wong desa ing kanan kering |
saurute wong pawukiran kèh prapta ||

46.
Samya masuk nyabat ojrat |
nora kêna dèn-sayuti |
lakon saonjotan prapta |
jèlwèstri mring Sambiradin |
wêwahira winilis |
têlungatus pitungpuluh |
gunggung sadayanira |
lan santrinira kang lami |
apan sèwu langkung satus-tigangdasa ||

47.
Mangkana Sèh Amongraga |
dènnya rêrêp kalih ratri |
anèng ardi Sambirata |
kathah wêwahe kang santri |
andikanira aris |
marang santrinira têlu |
payo sêdhêng umangkat |
kurang lakon pirang ari |
pan umatur kirang kalih dintên prapta ||

48.
Wrêgajati aturira |
ing lampah lamun marêngi |
prayogi siyang kewala |
paduka maklum ing santri |
luhung rêrêping ratri |
bêrkate ngambah wanagung |
dadya randhat ing lampah |
manawa lumampah ratri |
santri èstri lan rarya-lit kang musakat ||

49.
Sèh Mongraga lon ngandika |
bênêr ture Wrêgajati |
ing wêngi nadyan padhanga |
amamar ngupayèng margi |
matur Ki Jamal Jamil |
inggih lêrês aturipun |
mindhak dhanganing manah |
kang badhe tuwan-kêrsani |
(ng)gènning santri supaya krasan kasmaran ||

438 Asmaradana

1.
Yata Kyagêng Sèh Mongragi |
lêga tyasira ngaturan |
wusana ngandika alon |
ya mêngko bangun kewala |
sawuse padha buka |
ilmu rasaning-pandulu |
lan padha dimèn sêsarap ||

2.
Lah wus tatanên kang bêcik |
santrimu salurah-lurah |
pandumên sarèrèhane |
samya umatur sandika |
mundur samya memetak |
santri ing salurahipun |
anglimang-puluh-sasanga ||

3.
Nalikanira ing latri |
samya ojrat lêlagonan |
anêlasakên sukane |
kang emprak èstri lan priya |
samya agêgabusan |
têb-têban sumbu-sinumbu |
sasuka-sukane dadya ||

Jilid 8 - Kaca : 101

4.
Ingkang mati urip malih |
kang wêntala tan karasa |
barang tumamèng anggane |
kabudayan pangeraman |
tan ana susahing tyas |
amangan lan luru-luru |
pan wontên sami sakala ||

5.
Sabarang pratingkahnèki |
tan bêbakal amilala |
dadi saking cipta bae |
tur ta sayêktine padha |
bêbêthak olah-olah |
sangu bêras (ng)gendhong mikul |
kimpul wi jagung kêtela ||

6.
Tan ngrasa pratingkahnèki |
ngrasa yèn dhikir kewala |
wus matêng karêpe dhewe |
mila sêdaya kêrasan |
rinasa tan rêkasa |
kerup manahe kaincup |
mring Ki Guru Jamil Jamal ||

7.
Ing wanci wus pajar gidib |
yata Kyagêng Sèh Mongraga |
angling mring Jamal Jamil-e |
lah payo padha umangkat |
kang liningan sandika |
sigra ingundhangan sampun |
Sèh Mongraga (n)dan umangkat ||

8.
Ingiring sakèhing santri |
adulur gêdab rantaban |
sêsêg tan ana pêdhote |
lir sêlaba abubulan |
gumrêmêng adhikiran |
ing wingking pan dèrèng kêmput |
maksih eca abêbêthak ||

9.
Gumriwis lampahing santri |
gumrêdêg santri sahasra |
pan wus kêmput sadayane |
lampahira têtikungan |
kumrap ngêbêgi marga |
sumêngka minggah tumurun |
tan pêgat samya dhikiran ||

10.
Luk-lukan lêngkèhing ardi |
tinut lampahing akathah |
asri tinon sêdayane |
lir nagaraja mahawan |
(ng)gubêdi pawukiran |
swara gumalêgêr asru |
kadya rug lampor wanarga ||

11.
Wus lêpas lampahirèki |
mangilèn manjing ing wana |
pêjatèn dhusun ing Bogor |
punthuk kang wus kaliwatan |
Sakêthi pawukiran |
ardi Bugêl ardi Cumpung |
ardi Andha ardi Duta ||

12.
Ardi Kêndhit ardi Suling |
ardi Galur ardi Tuwa |
ardi Tênggak ardi Monglèng |
ardi Bara ardi Gambang |
ardi Wrat ardi Lancar |
ardi Jênu ardi Rungrung |
ardi Crême ardi Wayang ||

13.
Yata Ki Sèh Amongragi |
rêrêp nèng ardi Magora |
kadya pinapar puncake |
wiyar mot santri sanambang |
asimpar papan rata |
pêtêng pangayomanipun |
trênggulun kêsambi baga ||

Jilid 8 - Kaca : 102

14.
Jati bêndha lawan bibis |
gêng-agêng kêkayon tuwa |
suka dènnya samya rèrèn |
ing wanci wus ngandhap Ngasar |
santri-santri sadaya |
ambubungah tyasira yun |
angayêm-ayêm têtêgar ||

15.
Kêbut tan ana kang kari |
pan samya jaran-jaranan |
wêlulang tampah tampire |
lir kayu wilah papah |
sadhengah tinunggangan |
iris solèd enthong munthu |
cinèngklak katon turangga ||

16.
Samya bêng-ubêngan sami |
anèng ing ardi Magora |
dhasar awiyar papane |
jalwèstri rare nom-tuwa |
anètèr sisirigan |
kang maju kang samya mundur |
angalênggak langak-langak ||

17.
Amathèngkrèng malang-kêrik |
manggut-manggut obah dhadha |
lir obah bêsus mêthethe |
pangrasanira anunggang |
jaran sêmbrani samya |
praboting turangga murub |
busanane dhewe mumpyar ||

18.
Kabungahanira ngênting |
bisa mumbul ing gêgana |
awor lawan mega bule |
myang mring mega biru pisah |
akèh kang tiningalan |
kitri manguwung linuhung |
katon dalane mring swarga ||

19.
Nutugi karêpirèki |
angosak-asik ing tawang |
kang dadya kabungahane |
wêruh saisining tawang |
katêmbèn dènnya mulat |
tan inang pangrasanipun |
mila mantêp masuk ojrat ||

20.
Wus antara surup rawi |
kang samya jaran-jaranan |
niyup mêdhun pangrasane |
anglêr lir kontul anglayang |
mencok maring dharatan |
sadaya lampahe maju |
samya ngunyur saubêngan ||

21.
Nulya kèndêl para santri |
mudhun saking panunggangan |
byar wêlaka paningale |
wus tata linggihanira |
nèng ngarsane gurunya |
jaran mulih asalipun |
sadhengah mulih sadhengah ||

22.
Nulya samya ngrêratêngi |
panganan sêkul lan ulam |
padha olah-olah kabèh |
wus matêng samya pinangan |
arame ting kucapah |
sangêt suka rênanipun |
santri jalu èstrinira ||

23.
Mangkana Sèh Amongragi |
dènnya nèng ardi Magora |
tanah Sampar-paliyane |
dènnira rêrêp rong dina |
akathah ingkang prapta |
ing Ponjong Sima Sêmanu |
prapta ing Sampar-paliyan ||

24.
Samya umasuk birai |
ojrat kang kaliwat-liwat |
èdi asêkti gurune |
bisa nguripkên wong pêjah |
yèn pêjah munggah swarga |
tan susah adang anutu |
sêgane matêng priyangga ||

Jilid 8 - Kaca : 103

25.
Barang saciptane dadi |
bisa mibêr ngawang-awang |
mangkono gumyah wartane |
mila wong turut gunungan |
ambyuk samya anyabat |
tan ana ingkang kaetang |
kudu mring ardi Magora ||

26.
Kathahira winatawis |
kawanatus pitung dasa |
sèwu wolungatus kabèh |
yata Kyagêng Sèh Mongraga |
sawusing kalih dina |
ngandika mring santrinipun |
Wrêgajati Jamil Jamal ||

27.
Hèh Wrêgajati sirèki |
iki wus prapta ing Sampar |
-paliyan iya tanahe |
[---] |
kadohên lan samodra |
kang dadya jênak tyasingsun |
kang parêk têpi samodra ||

28.
Umatur Ki Wrêgajati |
yèn ta sampuna kuciwa |
ing karsa taksih amilèh |
ingriki langkung prayoga |
pikantuk papan ngarga |
padhusunan agung-agung |
tan susah toya tumumpang ||

29.
Anambung atur Ki Jamil |
punika sabat kawula |
pun Jiwayuda wastane |
lamun paduka karsa-a |
ngupaya liyan tanah |
punika kang sampun wêruh |
nitik milih-milih tanah ||

30.
Sèh Mongraga ngandika ris |
êndi sabatmu kang warta |
kang wus wruh jajahan kene |
konên umatur maringwang |
Ki Jamil sigra ngatag |
mara majuwa umatur |
mring Ki Agêng kang pratela ||

31.
Kang liningan majêng ngarsi |
umatur Ki Jiwayuda |
sarwi sedhokan sêmbahe |
pukulun andangu tanah |
urut Sampar-paliyan |
inggih sapêngilènipun |
kang cêlak pinggir samodra ||

32.
Lamun parêng sang ayogi |
tanah ing Giring bungas-nya |
kang wêkas kidul parêdèn |
angongkang pinggir samodra |
dhusun ing Kanigara |
kathah pasênêtanipun |
guwa kang kêr-angkêr samya ||

33.
Titiga guwa kang wingit |
guwa Mawanti wastanya |
kalawan pun guwa Cêlor |
guwa Songpati katrinya |
pan ngokop ing samodra |
ing wana Giring puniku |
akathah tilas pratapan ||

34.
Punika ingkang prayogi |
pan ing dhusun Kanigara |
tan cuwa ing sabarang rèh |
ewamakatên sumangga |
tuwan ingkang kinarsan |
pangraos-kula amung |
inggih dhusun Kanigara ||

35.
Sèh Mongraga ngandika ris |
yèn mangkono Jiwayuda |
sun sênêng aturmu kuwe |
ya desa ing Kanigara |
duwe guwa prayoga |
pira doh-cêdhake iku |
lan kutha ing Ngèksiganda ||

Jilid 8 - Kaca : 104

36.
Matur lampahan sê-ari |
sing riki inggih sadina |
kaot sakeca margine |
Magora mring Kanigara |
lawan dhatêng nagara |
rumpil lêmpitaning gunung |
kêpara têbih mring kitha ||

37.
Malih angandika aris |
ya wus prayoga turira |
ing Kanigara kinuwon |
sêdhêng dohe lan nêgara |
olèh sêmada kiwa |
Jamal Jamil nambung atur |
inggih langkung kasinggihan ||

38.
Sumangga karsa sang yogi |
kang dados parênging karsa |
Sèh Mongraga andikane |
sarèhna ing pêndhak dina |
ana karsa-manira |
arsa karya masjid agung |
sukuning ardi Magora ||

39.
Lan Jiwayuda sirèki |
sira sunwènèhi aran |
ya si Gorajati bae |
lan sira undhang-undhanga |
kabèh nak-putunira |
papaning masjid desamu |
ing Magora pan prayoga ||

40.
Jiwayuda kang sinung-sih |
nuwun-nuwun aturira |
asêsedhokan sêmbahe |
nulya malih angandika |
mring guru Jamil Jamal |
lah mara kabèh santrimu |
padha konên nêgor wrêksa ||

41.
Kang gêdhe dadiya mêsjid |
kang rumat sadayanira |
ngadêga sapasar kiye |
Jamal Jamil tur sandika |
ngundangi santrinira |
sadaya sandika gupuh |
wus samya mundur sing ngarsa ||

42.
Anêgori kayu jati |
agêng-agêng rinêbahan |
rinayap ing santri akèh |
ing karya nora rêkasa |
sinambi dhidhikiran |
ènthèng kang sarwa jinunjung |
êmpuk kang sarwa pinêrang ||

43.
Agampang dènnya nyathoki |
lir kayu randhu kewala |
bonggol gadêbog pamane |
ngadoni anjing-anjingan |
rapêt tan ana rênggang |
rong dina rinagang sampun |
tan ana ingkang kuciwa ||

44.
Laju ingadêgên aglis |
sêrambi myang gandhokira |
bêrukut lan balumbange |
miwah bêdhuge wus dadya |
santrine gawok mulat |
tan nyana glis dadosipun |
majade tan bisa dadya ||

45.
Tan mantra yèn mêntas dadi |
labête anyar kinarya |
lir wus têtaunan windon |
nuju ing dina Jumungah |
masjide inganyaran |
supènuh pra santrinipun |
ambèr marang palataran ||

46.
Mangkana Ki Guru Jamil |
Jamal ingkang mangasiral |
Jamil kang kutbah mimbare |
Kyagêng ngimami Jumungah |
praptèng akiring salat |
wus bakda Jumungahipun |
akathah kêndhurinira ||

Jilid 8 - Kaca : 105

47.
Kinêpung ing santri-santri |
rame dènnira amangan |
wus dinum barêkate |
santri kèh wus bubar mêdal |
mring (ng)gonning sowang-sowang |
kari kang pra pinisêpuh |
kang maksih sami nèng ngarsa ||

48.
Yata Kyagêng Amongragi |
ngandika mring Jamil Jamal |
katri mring Wrêgajati-ne |
pilihana sabatira |
padha wèhana aran |
Jamil Jamal ngandika wus |
sabate sinungan aran ||

49.
Mintaraga Mintajati |
Mulyajati Jatimulya |
Sênêngjati Jatimêne |
Awasjati Jatipura |
Sukajati kalawan |
Rênukjati Jatiliwung |
Dewajati Jatijiwa ||

50.
Kang sami dipun-aranni |
sawêlas pinatah lurah |
wus mangkana ing karsane |
ngandika mring Jamil Jamal |
lah payo padha mangkat |
ananggung bae ing laku |
satutuge anèng marga ||

51.
Dene sira Gorajati |
yèn wus praptèng Kanigara |
sira anulaka bae |
muliha marang Magoro |
rêksanên tilasingwang |
têtêpa jumungahipun |
yèku ywa kongsi muadah ||

52.
Sun silih lakunirèki |
nuduhkên ing Kanigara |
kang liningan tur sêmbahe |
lamun parêng kinarilan |
kawula tan nêdya sah |
lumados ing siyang dalu |
ya wus bênêr sun-tarima ||

53.
Rêbut pêrlu kang utami |
Gorajati tur sandika |
ngling malih mring santri karo |
lah payo Ki Jamil Jamal |
nanggung bae lumampah |
Gorajati kon nèng ngayun |
adan umangkat saksana ||

54.
Adulur sêlur samargi |
wus matuh samya dhikiran |
wong sèwu wolungatus ke |
kadya wong ngili gègèran |
santri kèh warna-warna |
ana (ng)gêgèndhong myang mikul |
ting karuwêg ngêmban anak ||

55.
Ana ingkang nyangking kêndhil |
kudhung jarik myang capingan |
payung kang kudhung bêbêde |
têkên dholog nocol kisa |
wênèh kêmbu kêranjang |
isi cowèk lèmpèr irus |
sadangdananing bêbêthak ||

56.
Jarite pating bathithil |
buntêlan bêras lan karag |
ana kalung bêbêd lêgèh |
kang wuta tuntuntunan |
kang ribug bubul bêlak |
lakune pating gariyuh |
para repot rerendhonan ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (09b) Kaca 81 - 90
  • (10b) Kaca 106 – 121 >