Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

 (10c) Kaca 122 – 137

 

( Lumampah anyakêti Mataram, ginarubyug ingkang dados muridipun )

4. Sèh Amongraga kadhèrèkakên para santri lumampah anyakêti Mataram, ginarubyug têtiyang ingkang sami dados muridipun. Sabên kèndêl tansah sami ojrat ngèlmu karang. Dumugi ing rêdi Celor, lajêng ngalèr-ngetan nyabrang lèpèn Oya sisih kidul, têbing lambenipun ngungkuli toya, ing ngandhapipun guwa. Lumêbêt ing guwa wau, Sèh Amongraga sumêrêp gêdubang tuwin susur sata alus tilasipun tiyang nginang dèrèng dangu. Punika tilasipun Panêmbahan Senapati têtèki ing guwa Song-pati. Mêdal saking guwa nêrusakên lampah ngalèr-ngilèn dumugi Maladan, kapanggih tiyang nama Baulapa suka sumêrap wontênipun sela-undhi, sintên ingkang kiyat ngangkat lan manggul sela wau ngubêngi wit-witan agêng, yêkti kadumugèn panuwunipun. Maladan punika papanipun Panêmbahan Senapati matiraga. Lampah kalajêngakên dumugi pasisir, kèndêl ing rêdi Bungas cêlak lèpèn Kelor, wontên grojogan toya ing ngandhapipun guwa Song-pati. Punika papanipun Panêmbahan Senapati tapa asêsilih Sèh Bêngkung. Ing ngriku Sèh Amongraga tirakat tigang dintên, têrus lumêbêt mangandhap. Para pandhèrèkipun botên sagêd lumêbêt. Ing ngriku sêlawe dintên. Jamal Jamil têrus ojrat emprak, lajêng yasa mêsjid.


Kaca 126 – 139

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 8 - Kaca : 122

17.
Obah dhadha srêg anumpang-kèli |
amêthèngkrèng miring taricigan |
kaluyuran amèlètèr |
anyunyuk lênguk-lênguk |
wiragane anèng turanggi |
andhangak langak-langak |
wênèh manthuk-manthuk |
ayab-yaban ting kareyab |
para santri praptèng Cêlor lêngkèh ardi |
têtarup ngara-ara ||

18.
Dêr-idêran sakathahing santri |
samya (m)becu tan ana angucap |
netrane ngêringin kabèh |
namung kasruging suku |
gumarêdêg kadya rug ardi |
anglarug bêng-ubêngan |
jroning tarub agung |
atata tan salang-tunjang |
rêke sami kewala pangrasanèki |
têledhang marang tawang ||

19.
Mêratani kang markata ngrêmik |
kadya kitri munggèng pêtamanan |
ngêndhêng ngunguwung pagêre |
gumilap abra murup |
ana kumalêndhang lir lungsir |
manjêthi raras pita |
awilis bang wungu |
jalada ujwala maya |
maya-maya andrawêla angawêngi |
tumeja majang wulan ||

20.
Kèh kaèksi saisining langit |
ambêlêrêng obar-abir endah |
nêmbe myat mega rumêmbe |
sadaya pan kadyèku |
sami salin pangrasanèki |
pan kokonanging mata |
kang dadi pandulu |
neka-nekaning paningal |
katon taman-taman adining pangèksi |
kaya iya-iya a ||

21.
Wanci tunggang-gunung Sang hyang Rawi |
samnya niyup saking ing gêgana |
liyêr anglêr pangrasane |
kêmput sadaya mantuk |
saking Cêlor maring ing mêsjid |
praptèng natar taruban |
ajêjêl supênuh |
mudhun saking patunggangan |
ting cakekal byar pulih sawèntèhnèki |
pandêlêngira saban ||

22.
Jaran mulih lir ajale nguni |
para santri wus tata angayap |
nèng masjid srambi tarube |
nulya sami akukus |
olah-olah akarya bukti |
wus matêng amamangan |
miwah kyai guru |
akathah punjunganira |
saking dhusun-dhusun ingkang têbih-têbih |
rampadan jodhang regang ||

Jilid 8 - Kaca : 123

23.
Kèh kang atur-atur pan anggili |
(m)balêbah sêkul ulam panganan |
ki guru langkung muktine |
pra santri mamah-mumuh |
anggalêmbus warêg kênduri |
malênthi manthag-manthag |
kèh (m)balêndhing nyêmpluk |
wêtênge pra santri kathah |
ambêdhèdhèh kêmpung lêmpènge anjêmbling |
labête krêp mêmangan ||

24.
Wanci bakda Ngisa akirnèki |
yata Kyai Guru Jamil Jamal |
ngumpulkên para santrine |
kêrsa dhikir Maulud |
selawatan ojrat ripangi |
rahab malêm Jumungah |
anèng masjid agung |
Ki Guru mundhut tarêbang |
sêlawe prah lan kêndhang pipitu tuwin |
angklungira sawidak ||

25.
Pinilihan lurah santri-santri |
kang samya bisa narêbang ngêndhang |
wus samya miranti kabèh |
trêbang kêndhang myang angklung |
sampun sami samêktèng ngarsi |
Ki Guru Jamil Jamal |
alon dènnya muwus |
sarwi anyêntak tarêbang |
lah payo padhojrat lagon ripangi |
pra santri tur sandika ||

26.
Kyai Guru ambawani dhikir |
ngêlik sajak Karang-kabuyutan |
kalimah loro bawane |
lagonne Sêkar Gadhung |
swara kalih sora agilig |
kadi swara satunggal |
saking mor abarung |
ulone rada mêjana |
lêmpêng saru ngêlik angêbêki masjid |
lailaha Ilallah ||

27.
Nulya santri kabèh naurani |
sru gumuruh lir pangriking kala |
gêdhor sakane sinèndhèn |
barung trêbang patlikur |
kêndhang pitu angguguk nitir |
gumêr angklung sawidak |
wor swara gumuntur |
ngêmandhang ngêbêki tawang |
ajêguran lir blendrong grahana sami |
arame gogobyogan ||

28.
Tanpa rungyan sru swaraning santri |
wor lan gêbyuring alun samodra |
dènnya talu sadinane |
santri rahab kêlangkung |
cipta datan kêsêl (n)jrit-anjrit |
mangkana wus antara |
dangu nulya suwuk |
aso samya sesambenan |
nginang udud wênèh santri ngêbayani |
ngrukti wedang panganan ||

29.
Wedang têmu pan kinadhuk lêgi |
cèrèt lan cangkir namung rong dhulang |
sadhulang mring guru dhewe |
miwah pangananipun |
kalih wadhah isi mêpêki |
maring guru sawadhah |
kang sawadhahipun |
mring santri sadayanira |
cèrèt wedang panganan ki guru angling |
payo ing kene padha ||

Jilid 8 - Kaca : 124

30.
Ngoyag-oyag janggut ngêlus gusi |
santri sadaya èwêd saurnya |
wedang panganan sapele |
tar ana kang umatur |
angling aris Ki Jamal Jamil |
dhulang mara midêra |
ladènana gupuh |
santri kabèh kang warata |
aja kongsi dadi gawening pra santri |
ubêngêna priyangga ||

31.
Sigra dhulang cèrèt lawan cangkir |
angayêngi sakèhing santrinya |
cèrèt angêcuri dhewe |
yèn kasuwèn tan nginum |
irungira dipun-êcuri |
ing wedang gêragapan |
gya ngombe calêguk |
miwah dhulang pêpanganan |
midêr dhewe santri ganti anjupuki |
sasênênge priyangga ||

32.
Wedang panganan lari pribadi |
maksih wutuh tan kalong pinangan |
ijih bae ijih bae |
santri warêg sadarum |
datan ana kurang nyanyamik |
samya gawok sêdaya |
mring kawignyanipun |
Kyai Guru Jamil Jamal |
tuhu lamun kawasa èdi sayêkti |
ngluwihi guru kathah ||

33.
Yata Kyai Guru Jamal Jamil |
yèn wis aso payo padha lêkas |
pra santri sandika ture |
adan lêkas bawa sru |
wong sêlawe bawa asingir |
Bismilahi amina |
lilahi amanu |
tinampanan santri kathah |
Bismilahi hi amana Bismilahi |
amana mana lilah ||

34.
Sarta têrbang kêndhang angklung |
samya angantêb panabuhira |
lir bêdhah brah tarêbange |
pong ping pêg dhêng dhung brang brung |
plak plak plak blang kêtong ting tong gring |
thung plêk thung plêk dhong dhung brang |
plak plak klir klur thir thur |
krak clung krak clung blang prung prung brang |
grug ngug grug ngug pyak byang pak byang dhang thung thung gring |
pêp pêp bah dhung brang dhung brang ||

35.
Rame gumuruh gumêdêr atri |
tan etang rak sru sinuwak-suwak |
jalwèstri rare sêdène |
tan ana santri minggu |
samya suka bingah kêpati |
samyèmprak gêgabusan |
myang sumbu-sinumbu |
agèsrèk udêr-udêran |
sasênênge pêpênthungan linggis wêsi |
kang ajur kang wêntala ||

36.
Kêkancuhan ora pilih tandhing |
èstri mungsuh lare miwah lanang |
mungsuh lawan èstri lare |
ana sababagipun |
padha tuwa lan padha cilik |
wadon samya wadonan |
samyèmprak gêgabus |
patèn-pinatèn tan beda |
ingkang rênyêk ajur mumur rontang-ranting |
gêtihe dêladagan ||

Jilid 8 - Kaca : 125

37.
Ingkang gosong binakar ing gêni |
pating jalêmpah bathang kang emprak |
tuwa nom pikun myang rare |
ana kewala tatu |
gêrêng-gêrêng sambat ngririntih |
glasaran kalèsèdan |
nangis kawlas-ayun |
wong nonton gawok tumingal |
pratingkahe santri angidap-idapi |
kwèh (n)jêngêr myang karuna ||

38.
Salang gumun tan ana mangêrti |
ana dhêlêg-dhêlêg gêtun mulat |
nora na cumuwit kabèh |
mangkana kyai guru |
nuduh santrinira pawèstri |
kinèn angidêrana |
kabèh ingkang lampus |
sarwi anggawa tarêbang |
Kyai Guru nabuh angklung anèng wuri |
nyênggaki kang ngaojrat ||

39.
Sarta santri-santri wus winangsit |
pratingkahe soroge kapiyat |
ojrat linakon sabêne |
iruping pangrasa wus |
wus katampan mring santri èstri |
mangkana singirira |
ulung sambêr ulung |
yamale yahu maola |
si ulung mati ngêlayung mole rokin |
pidayakun mangkana ||

40.
Swara kênya mêthit anjalêrit |
gêtas rênyah êngêse wilêdan |
ambêlèr ati rarase |
anganyut manis arum |
angrês raras amuntir ati |
lir ulung kapipitan |
kang miyarsa linglung |
kumêsar manah dhêg-dhêgan |
ngondhok-ondhok kang singir kadya nangisi |
mring kang samya kêbranan ||

41.
Sêmbada lah kang kadya nangisi |
wong ro saplak ulone tan gonjing |
nyamlêng lan pêparikane |
na tangis layung-layung |
ing tangise wong wêdi mati |
anangis ngaru-ara |
wêdi lara lampus |
gêdhongana kuncènana |
yèn wus pasthi ya hualah ya ilahi |
mangsa wurunga pêjah ||

42.
Aja sira turu-turu lali |
bangun bêdhug têlu atangiya |
mujia ing Pangerane |
sucèkêna badanmu |
lah dusana banyu rabani |
jasmani bilasana |
gêragatulahu |
banyu saraban tahuran |
sukma-jati eling sajatining urip |
mulya jati wasesa ||

43.
Sampurna mulya têmahan jati |
jati têmahan sampurna mulya |
wong donya baliya manèh |
mring donya kamulyanmu |
tolihên kêkasihirèki |
hêm hêm hêm lah tangiya |
ayu ayu ayu |
mangkana pangojratira |
èstri roro ngapit guru Jamal Jamil |
sawusnya têmu-gêlang ||

 

Jilid 8 - Kaca : 126

446 Dhandhanggula

44.
Ingkang samya pêjah miwah kanin |
sampun sami mulya sadayanya |
purna lir wingi-unine |
samya emprak abikut |
têrbang magênturan sru muni |
kêndhang ciblon tatabannya |
bêbanggèn kang angklung |
kang emprak akiprah-kiprah |
wanèh ting cêlolo ngêlithu athi |
anjêngkit jingkat-jingkat ||

45.
Suka-suka sakèh kang ningali |
wong desa-desa katêmbèn mulat |
durung wruh sajêg ngumure |
kabèh tan ana mantuk |
cipta rèmèh masuk birai |
urut wong pagunungan |
jalwèstri kumêrut |
tan ana rate sadina |
saya wêwah mawêwah kèh masuk santri |
mring krajan Kanigara ||

46.
Wus antara dènnira ripangi |
lingsir dalu wanci bêdhug tiga |
agupruk nêsêg lagonne |
ngêndhêlong nulya suwuk |
langkung ngatêk babakanèki |
santri aso sadaya |
mêntas lagon dangu |
samya ngaring-aring napas |
lurah santri ana ingkang ngêbayani |
mêdalakên ambêngan ||

47.
Rolas ambêng mêjana gêngnèki |
lan ambêng panganan rolas dhulang |
kinêpung ing santri kabèh |
rongèwu-wolungatus |
kyai guru ingkang (n)dongani |
amine (m)bal-ambalan |
ramyambata rubuh |
sawusira dinonganan |
Kyai Jamal Jamil ngling anuding |
wis bagènên kewala ||

48.
Yèn kêmbula angêpung kêndhuri |
sêsak tanganmu nora kacakan |
bêcik ngur bagènên bae |
agampang nora ewuh |
tur wêrata padha ngijènni |
anyêtampah-nyêtampah |
sapangananipun |
sigra para lurah-lurah |
nuding ngambil kêndhuri aganti-ganti |
ambêng tan têlas-têlas ||

49.
Wus warata sadayaning santri |
cukup myang rare samya nyêtampah |
camplêng datan kurang luwèh |
kabèh wong padha gumun |
kasêktène ki guru kalih |
yata nulya bubaran |
arip sami turu |
kang nonton mulih sowangan |
sêdyanira mulih ngambil bêras pari |
bumbu myang arta sinjang ||

Jilid 8 - Kaca : 127

50.
Sêdya wangsul umasuk birai |
samya kêpengin gampang sinêdya |
dadya sabarang ciptane |
ing dalu tan cinatur |
byar enjang gya bubuka sami |
angguyêr kêpalanya |
niba ting gadêbug |
lapake anênggak napas |
anggêlasah asungsun timbun matindhih |
lir babadaning pisang ||

51.
Wor-winor lan jalu miwah èstri |
sadhengahneya kang kêtindhihan |
kang kawudan bêcik bae |
tan ana hukumipun |
wus tatane wong dul-birai |
singa mênang suwalnya |
sala-silahipun |
santri kang kasor ngèlmunya |
asrah jiwa raga myang bojonirèki |
katur sumanggèng karsa ||

52.
Yèn ta ana karêpe ki santri |
amêngarah èstri sadhengahnya |
tan ana walêr-sangkêre |
kenging kewala wor hyun |
wus mangkono tabiyatnèki |
anggêr luhur kawruhnya |
kang kasor sumungku |
angguru ngakên panutan |
tan rumangsa malang sakarsanirèki |
badan datan suwala ||

53.
Antara wus dangu dènnya mati |
kongsi gumatêl-gatêl kang surya |
lingsir wetan panglilire |
tangi pating badhêngul |
dhêlêg-dhêlêg (m)barêbês-mili |
kêsotan ngunjal napas |
aso ngangsur-angsur |
myat swargane saya cêdhak |
samya cipta ge-age manjing ing swargi |
mila tan etang (ng)gombal ||

54.
Nadyan ngrabèt anèng donya ngriki |
wus bingah myat badhe minggah swarga |
iya besuk ing kanane |
ing sandhang nora ngingus |
mila sami pating saluwir |
kêmul bêbêd narima |
amoh-amoh cukup |
sawusnya samya bubuka |
para santri samya adus maring kali |
kali Kelor kèbêkan ||

55.
Ting kacêbur ciblon sarwi dhikir |
gela-gelo lêlagon abungah |
wor-suh tan ana sisigèn |
saking krana-lahipun |
nadyan siwo-siniwo kenging |
pan kosok-kinosokan |
èstri lawan jalu |
guguyon bèbèk-bèbèkan |
asêsamur siratan banyu pra santri |
(n)jron banyu gêgarapan ||

56.
Egal-egol gobag-gabig dhikir |
rada tilase wong mamênculan |
brêkat wong lanang wadone |
dhasar datan sinartu |
kulinanya jalu lan èstri |
tan ana winangênan |
nir tan ana kukum |
mila ing pratingkah lumrah |
kang mangkono mangkene tan dèn-wangêni |
tatane wong dul-dulan ||

Jilid 8 - Kaca : 128

57.
Wusnya tutug dênnya dus pra santri |
samya mêntas ngambil toya kadas |
ana ingkang banjur bae |
tan nganggo toya wulu |
dènnya mangkat salat mring masjid |
nora-na ragan-ragan |
mèmèrètan bêsus |
kêmul bêbêd bae dadya |
santri kalihèwu-wolungatus luwih |
sandhangnya ting kêrumpal ||

58.
Nora nana kang marênèng siji |
saking suka-rênaning panrima |
tur saking nora gablêge |
rupane sêbut-sêbut |
kêrêp mangan tan dadi daging |
kuwat-kuwate nyandhang |
ukur bae wutuh |
kèh ngangge tambal-tinambal |
suprandene atine kaya wong sugih |
abungah suka-rêna ||

59.
Yata sakathahe santri-santri |
kang mring masjid salat Jumungahan |
supênuh jaba-jêrone |
awit kang salat wulu |
namung lajêng kewala dhikir |
gumrêmêng tanpa rungwan |
tan antara bêdhug |
(n)dhêrandhang wus samya pêrak |
sinalahan bêdhug cêp tan ana muni |
gya Jamal mangasiral ||

60.
Amêthènthèng angalangkên êcis |
praptèng akir dènnya mangasiral |
donga lingindhil Islame |
aminira gumuruh |
Kyai Guru Jamil ngajoni |
munggah kutbah ing mimbar |
ingadanan sampun |
apan kutbah wali-sana |
swara agêng êmpuk gumrêmêng amanis |
dangu dènnira kutbah ||

61.
Wusnya akir lajêng donganèki |
rame amine ambata-rêbah |
sawusnya tamat dongane |
Ki Guru Jamil gupuh |
kamat sigra sakèhing santri |
ngadêg pêrlu Jumungah |
muballahe asru |
(n)Jêng linuhung Sèh Mongraga |
angimani nulya angangkat usali |
paralal Jumuwatan ||

62.
Raka-atil imaman lilahi |
tangala Alahu-akbar nulya |
muballah asru takbire |
sadaya ngangkat parlu |
jawi lêbêt wus sami takbir |
kang nora bisa samya |
enggok-enggok lumbu |
tumut rubuh-rubuh gêdhang |
nora nganggo êmèl sapraboting takbir |
milu awak kewala ||

Jilid 8 - Kaca : 129

63.
Ngadêg rukuk sujud miwah linggih |
tiru-tiniru kiwa têngênnya |
tan bisa sarêng polahe |
bêrkate wong la-ilu |
kang dèn-aji amung birai |
ngucap dhikir kalimah |
salat dèrèng surup |
anut ing ngarêp kewala |
kang tan pêgat dhikir andrêmimil ririh |
bedane asêmbahyang ||

64.
Sèh Mongraga dènnira ngimami |
sawusing Patekah suratira |
Inna-anjalna awale |
waniti akiripun |
adêgira dipun-kunuti |
tahyat anulya salam |
bakda salatipun |
arahab puji dhikirnya |
wus paragat lajêng sêsalaman sami |
angadêg bêng-ubêngan ||

65.
Amongraga tan bisa ngoncati |
astanira anggantung kewala |
rinêbut salam wong akèh |
jalu èstri ngarubut |
sawusira salaman sami |
kang bisa nulya sunat |
bakdiyatanipun |
sampunira bar Jumungah |
gya kêndhurinira apêm winaradin |
-akên ing santri kathah ||

66.
Ngênêm tangkêp wong sawijinèki |
tampelanganing godhong akêkah |
apêm mabur mara dhewe |
warata sadaya wus |
jalu èstri myang rare alit |
tan susah andum barkat |
prapta dhewe sampun |
bubar mring panggenanira |
wancinira rare ngucul para santri |
samya berag-beragan ||

67.
Kyau Guru karsa mring jaladri |
kumêbul santri ngiring sadaya |
jalwèstri marang gurune |
kambu mring samodragung |
pan kumêrap lampahing santri |
antara saonjotan |
saking pondhokipun |
praptèng têpining samodra |
karsanira Kyai Guru Jamal Jamil |
ngêrumbah amèt mina ||

68.
Alon muwus ki guru mring santri |
kabèh lan payo padha ngurêmbah |
mèt mina manawa olèh |
ki guru karya prau |
janur kuning kang dèn-tunggangi |
nuding santri sadaya |
kinèn amêrau |
ngêrumbah maring samodra |
sigra samya mêrau kèh warnanèki |
kang mrau godhong dhadhap ||

69.
sawênèh kang mrau godhong wringin |
miwah wilah papah tatal rontal |
godhong nangka lan godhong prèh |
kang mrau sêpah têbu |
godhong suruh miwah calumpring |
santri sadaya nira |
wus samya anyêmplung |
kang mêrau wulu êlar |
wus manêngah kang samya ngêrumbah mancing |
jêkak-jêkèk nyêkekal ||

Jilid 8 - Kaca : 130

70.
Samya bungah-bungah olèh mancing |
angêlangut nèng têngah lautan |
nutug saparan-paranne |
silêm dharatanipun |
kang katingal toya lan langit |
katêmbèn pratingkahnya |
wruh têngahing laut |
ngênting suka-bungahira |
wruh sakèhing iwak sagara sêkalir |
gêng-alit warna-warna ||

71.
Gêng sagajah saomah sakonthing |
aliwêran sagunung anakan |
gawok mulat pangrasane |
tan mamang lir satuhu |
sajatine anèng gigisik |
mangkag-mungkug wus kadya |
amêlahi prau |
awake tan lunga-lunga |
lungguh bae moyag-mayêg egol gigir |
netrane rêm-rêm ayam ||

72.
Kang mangkono pratingkahing santri |
pan gunane guru Jamil Jamal |
ngirup sakèh pangrasane |
kang dèn-irup tan surup |
ing cinthunge Ki Jamal Jamil |
susulap ngèlmu karang |
mrih mangunahipun |
kèdhêp sapadhaning janma |
ingkang andon-cipta pangrasane minggir |
saking têngah sêgara ||

73.
Angsale ulam dènnira mancing |
wus pinangan nèng têngah lautan |
têlung dina pangrasane |
warêg tan mangan sêkul |
amung ulam sabên binukti |
warêg iwak samodra |
ing pangrasanipun |
wus samya praptèng pinggiran |
samya mêntas nut alun anèng gigisik |
byar pandêlêngan saban ||

74.
Kyai Guru parentah mring santri |
malah samya kinèn jêjaranan |
kadya sabên pratingkahe |
myang nunggang ambèn lêsung |
gêdhèg galar pêngaron kêndhi |
miwah anunggang lincak |
myang lawang (m)pyakipun |
ambodhol omah satunggal |
omahe wong gawe uyah ing pasisir |
rinêncak tinunggangan ||

75.
Pan kumêrap sakathahing santri |
gumarêdêg kang jaran-jaranan |
samya mabuk pangrasane |
ngungkuli samodra gung |
angayêngi ing ngawiyati |
myat ngawiyat sêgara |
saparan anglangut |
wruh wiyarre ing samodra |
myang jêmbaring langit pangrasanirèki |
wruh surya manjing mêdal ||

Jilid 8 - Kaca : 131

76.
Mayêng-mayêng langlang marang langit |
nusup alas sasêlaning lintang |
taman-taman adi aèng |
anunggang ambèn lêsung |
pangrasane jêmpana joli |
êmpyak katon wimana |
myang puspaka murub |
miwah paraboting jaran |
abra murub dalah jaranne sêmbrani |
kumêlap kadya kilat ||

77.
Kabèh mancorong ambêlêrêngi |
tur ta iku angrèrèwèng êmpyak |
ambèn lincak lawan gêdhèg |
lumpang alu myang lêsung |
iyan lan lawang lan patang aring |
kang samya dèn-dhêdhabyang |
wong loro têtêlu |
miwah wong nêm wong sêsanga |
anggêgèwèng sadaya ginawa mulih |
mring dhusun Kanigara ||

78.
Ting kêreyap gumrêdêg lumaris |
samya ambêcu tan ana ngucap |
lir wong anglindur sajake |
lumaku ting kaluyur |
cangkêm mingkêm netra maringin |
wus wruh adat wayahnya |
dènnira tumurun |
sabêh tungganging ancala |
pangrasane mudhun saking ngawiyati |
cumlorot lêr kêpenak ||

79.
Para santri wus prapta ing masjid |
sarêng dènnira mudhun tunggangan |
byar mulih dêlêngan wèntèh |
kang lêsung mulih lêsung |
kabèh mulih ajale nguni |
sawusira mangkana |
pan samya angukus |
lah-olah kang sêga jangan |
wusnya matêng mêmangsan pra santri-santri |
wong kathah ting kucapah ||

80.
Bakda Ngisa wayahe kang wêngi |
Sèh Mongraga mijil sing krobongan |
kyagêng anglela lênggahe |
pangandikanira rum |
marang Kyai Guru kêkalih |
mêngko padha singiran |
pêpakna santrimu |
kang rahab dènnira ojrat |
manira yun wruh solahing santri-santri |
kang padha tarêbangan ||

81.
Guru Jamal Jamil matur aris |
nuwun sandika sumanggèng karsa |
sigra anuduh santrine |
ngumpul nèng masjid agung |
ing surambi têtarub jawi |
santri akèh akapang |
têlung (ng)gon alungguh |
kinèn angumpul sadaya |
nèng sajroning masjid wus tata miranti |
têpung salurah-lurah ||

82.
Pandam sèwu amyang amêrapit |
sabên kang saka satunggal-tunggal |
diyan sèwu sadayane |
Ki Guru Jamil muwus |
rada sompok (ng)gonmu alinggih |
pagêr gêbyog ing ngarsa |
beladhahên gupuh |
tawingêna kering-kanan |
sigra para santri ambêladhah aglis |
rampung sami sakala ||

Jilid 8 - Kaca : 132

83.
Pan wus ombèr kang sami alinggih |
masjid têpung ing srambi akapang |
ki guru pangandikane |
mundhuta têrbang satus |
lawan kêndhang sèkêt dèn-aglis |
lan malih amundhuta |
angklung têlung-atus |
kang liningan para lurah |
gupuh nuding mring santri sigra lumaris |
tan dangu praptèng ngarsa ||

84.
Katur kang têrbang mring guru kalih |
wus pininta santri kang narêbang |
sèkêt santri èstri bae |
sèkêt kang santri jalu |
lawan sèkêt ingkang ngêndhangi |
kang angklung kathahira |
santri têlungatus |
nulya lêkas salawatan |
Bismilahi hi amana Bismilahi |
amana manalilah ||

85.
Sinauran gêr swaraning santri |
tri gumuruh gumlêgêr lir gêrah |
kadya rug prabata lèngsèr |
barung tarêbang satus |
kêndhang sèkêt angklung sru angrik |
kumruwuk tanpa rungwan |
gumrah pong bur pong bur |
plak blang plak blang brung brang brung brang |
tung plêk tung plêk klur klur thir thur dhêng dhung dhung brang |
pyak pyak byang pyung byang pyung byang ||

86.
Wong padesan akèh samya pranti |
lakon sonjotan kalih onjotan |
samya ngrungu gumuruhe |
ingkang lakon sabêdhug |
kang sadina angêlon-loni |
prapta lajêng anyabat |
awis wangsul mantuk |
mangkana dènnira ojrat |
santri têlungèwu-patangatus nênggih |
kang nonton langkung kathah ||

87.
Lêkas rambah-rambah dèn-empraki |
maju satus-satus kang angemprak |
rarywalit jalu èstrine |
karyèraming pandulu |
gêgabusan têb-têban sami |
samya bakar-binakar |
kang suduk-sinuduk |
kang gonyèh myang kang wêntala |
datan ana labête angganirèki |
kang ajur rênyêk pêjah ||

88.
Kang tinêngkêr-têngkêr gêmbungnèki |
gêtih nêmbur-nêmbur dêladagan |
ingkang kinêthok êndhase |
ususe ngandhul-andhul |
kuleweran anggêgilani |
kêpruk-kinêpruk samya |
buncur tan kapupu |
kinumpulkên bangkenira |
ingkang mênang mundur rèrèn samya linggih |
ki guru sigra ngatag ||

Jilid 8 - Kaca : 133

89.
Kinèn numpuk kayu lawan wêlit |
sigra rinukti sami sakala |
sinulêt ing obor age |
ingobong bangkenipun |
gêni mulad-mulad andadi |
sundhul molo gêninya |
urube gumrubug |
wong nonton kuwatir mulat |
nyana lamun lajêng kobar kang surambi |
saking gênging dahana ||

90.
Kyai guru nuduh santri èstri |
sêkawan kang bêcik swaranira |
lilima santri lanange |
kang papat nabuh angklung |
santri ingkang siji ngêndhangi |
kang kinèn sigra mara |
angubêngi latu |
nulya samya kinêthokan |
gulunira tugêl bêt (n)dhas tibèng siti |
asindhèn galundhungan ||

91.
Rahnya lurah-lurah anyêmburi |
sirah galenteran lir kekeyan |
samya ngubêngi gênine |
asingir nganyut-anyut |
runtut barung datan sarênti |
sirah sindhèn tan ewah |
gêmbunge lumaku |
kang narêbang maksih nêrbang |
miwah ingkang ngêndhang ngangklung maksih ngênthir |
midêr gêmbung kewala ||

92.
Gêmbung narêbang kipyah ngêpipir |
sabêbanggèn sêlaning irama |
kêndhang anduduk gêdhuge |
angklung imbal kumlunthur |
gêtih maksih dêrawas mili |
dhadha gigir ngadidang |
jarit kêbês marus |
sumlêngêrên kang tumingal |
ulatira pucêt tan ana cumuwit |
mêngkarag kamigilan ||

93.
Nêmbe tumon angebat-ebati |
gêmbung maksih lumaku kapenak |
êndhas galundhungan sindhèn |
ngubêngi gêni murub |
ngalik-alik swararum manis |
lir sambating lêlara |
nangisi kang lampus |
wong nonton samya ngrês mulat |
ting salênggruk wênèh anjrit lir kêpatin |
kèh kang karasa wêlas ||

94.
Sêmbada lawan swaraning singir |
kadya suling barung rinêbaban |
abêning gumrining ènthèng |
wilête nganyut-anyut |
nadyan sami santri kèh nangis |
singirira mangkana |
ana gêni murub |
urube gêni nêraka |
kang anglêbur dosane kang buka dhikir |
ngilangakên duraka ||

95.
Talêcêr jati urubing gêni |
rênuk jati kukusing pawaka |
karêngês jati arênge |
kayu badan suksma-gung |
jati mulya langgêng ing urip |
urip tan kêna rusak |
ayu ayu ayu |
mulya têmahan sampurna |
byah cêndhala tiba lir mani kang kari |
Suksma langgêng wisesa ||

Jilid 8 - Kaca : 134

96.
Wusnya singir santri kang ngubêngi |
gêmbung sirah ambyur ing dahana |
mrêkotok krunyus banène |
êndhasnya sami (n)jêblug |
kang ningali njêlih ih ih ih |
Allah Bismilah setan |
priye kuwe iku |
mêngko dadine kayapa |
wusnya nêbut klakêp tan ana cumuwit |
andongong kagawokan ||

97.
sami sêdhakêp gumun ningali |
dahana murup pan dèrèng kêndhat |
gumrubug kalangkung mèntèr |
yata ingkang tinunu |
bangke santri kang sami mati |
mêtu saking dahana |
urip ting jarêdhul |
dèn-lokakên ing ngakathah |
o we o we bilah padha urip maning |
surak asumyak-sumyak ||

98.
Myang têrbang kêndhang angklung sru muni |
ginobyokan nduduk magênturan |
lir grah gumuruh gora rèh |
tanpa runyan saking syuh |
wor aloke kang nonton sami |
suka abungah-bungah |
myat pratingkahipun |
sadaya micarèng nala |
nora jamak ki guru sêkti aèdi |
akarya pangebatan ||

99.
Kang angemprak angubêngi gêni |
wus antara dènnya bêng-ubêngan |
nulya sami kinèn mêne |
gêni gêng maksih murub |
kang narêbang sampun winangsit |
cinadhuk ing tarêbang |
gêni urubipun |
angandhang jroning tarêbang |
têrbang papat mêlong-mêlong padhang kèksi |
gya mati anèng têrbang ||

100.
Nulya sami linggih ngaring-aring |
anyamikan wedang lan panganan |
cangkir piring mara dhewe |
santrine têlung èwu |
kawêratan cèrèt sawiji |
wedang tan têlas-têlas |
myang pangananipun |
Kyai Guru Jamil Jamal |
(m)buwang blarak lan kulit sêmangka dadi |
macan kalawan ula ||

101.
Sima kêrah gidrah wolung rakit |
lawan ula lanang nêm kêmbaran |
mulêt sabêtan pêthite |
santri myang kang andulu |
samya bubar lumayu ajrih |
sima krah sami sima |
gêjag grut-ginarut |
sukuning wingking wak-wakan |
rame gêbêg-ginêbêg sru anggro ngêrik |
mangkrak akêkêrahan ||

102.
Ula lanang sadêbok gêngnèki |
kakruwêlan pulêt lêt-ulêtan |
kang nonton angadoh bae |
samya gila andulu |
ing tontonan ngedab-edabi |
sardula mangkikikan |
krura naut-naut |
kang sima minangsèng sarpa |
sru gro-gêro ting galêbor dèn-sauti |
sima inguntal sarpa ||

Jilid 8 - Kaca : 135

103.
Mangsa sima lag-lêg angijènni |
samya malênthi wadhuking ula |
maksih kurang mèlèt-mèlèt |
siwo sabêtan buntut |
mulêt saka guru ing masjid |
masjid oyag-ayigan |
lir kalindhon eyung |
ula ulêt tatarikan |
kang narêbang myang santri kèh samya minggir |
amèpèt pagêr tarap ||

104.
Dangu-dangu kang samya ningali |
têntrêm manahe abungah-bungah |
anonton ula lêlakèn |
mangkana Kyai Guru |
Jamal Jamil nulya akardi |
nguncalakên balungkang |
dadi kungkang agung |
sarpa tumon ing canthoka |
nganta-anta lir anglih amanggih mukti |
sarpa anut canthoka ||

105.
Kodhok mangap andhêlak pan wani |
apan caplok-cinaplok arannya |
ula cinaplok êndhase |
êlêg-êlêg ingulu |
wus kauntal ula binukti |
amêkongkong mathèthah |
maksih dèrèng tuwuk |
ula kang sawiji ngancap |
naut tinadhahan ing kongkang krah sami |
ramya acêcakotan ||

106.
Ula naut cangkêm dèn-ingkêmi |
marang kodhok sarpa wus kauntal |
kang nonton asru aloke |
samya suka andulu |
kang narêbang cêp datan muni |
pan pijêr latah-latah |
myat sawêr atarung |
lan bangkong kalah ularnya |
nulya sarpa gênti mara ingkang kari |
angrubut ing canthoka ||

107.
Bangkong panggah prayitna tan wigih |
kodhok ika andheprok amapan |
sarpa asru panaute |
tinadhahan ing tutuk |
(n)dhasing ula nêt dèningkêmi |
ulane palintiran |
ngaruwêl mulêt sru |
dèn ulu-ulu ulanya |
sarpa gênti mara têlas dènuntali |
kabèh ula nêmbêlas ||

108.
Sabên tambah nguntal ula siji |
wadhuking kodhok saya gêng mêlar |
ambêdhadhag mènthèh-mènthèh |
sakala anjênggunuk |
apan sundhul pangrêt srambi |
ngêbêki lampit kasah |
kang samya andulu |
kongkang gênge têlung lawang |
nulya wau Kyai Guru Jamal Jamil |
ambuwang gagang sêdhah ||

Jilid 8 - Kaca : 136

109.
Dadi cacing-kalung gêng sawiji |
sigra bangkong kang cacing minangsa |
cacing cangkême anjêbèr |
kalangkung wiyaripun |
kungkang naut cangkêming cacing |
kodhoke lêg dèn-untal |
mring cacing wus kolu |
cacing mulur pangkêrêtan |
kang ningali sukêr gila kirig-kirig |
iluning cacing mêdal ||

110.
Amis asêngir ambuning cacing |
kang myat umor wênèh mutah-mutah |
agila gigu atine |
ki guru sigra nuduh |
rare alit anguntal cacing |
kang rare sigra mangan |
cacing gya dèn-ulu |
tan suwe pangêlêdira |
dangu-dangu kolu lêgêndêr kang cacing |
dêlênganê aenak ||

111.
Kêcap-kêcap takèn cacing malih |
kang ningali nyêbut kamigilan |
amumuji ing gunane |
gurunira kang luhung |
sigra rare kinèn asisi |
gya sisi asêmprètan |
mêtu cèlèng (m)brubul |
lan asu sapirang-pirang |
sru (n)jujugug samya amburu si gênjik |
cèlèng tarung srênggala ||

112.
Kabungahan rare dènnya sisi |
mêtu kalong lawa walang-kapa |
ambêrubul sing irunge |
sisi brol mêtu manuk |
ting salêbar awarni-warni |
brol mêtu sato-kewan |
gêng alit gumrubyug |
pêpak saisining wana |
abuburon kang kêrah ana kang aring |
lir anèng palegungan ||

113.
Kyai guru ngling mring santri-santri |
yèn ana kang arsa angambila |
nyêkêl kidang lan kancile |
bêlèhên (ng)gonên lawuh |
lamun sira padha kapengin |
nulya santri kèh sigra |
gupuh ambuburu |
wong nonton mèlu angrêbat |
marang kidang mênjangan sasênêngnèki |
cag-cêg satunggal-tunggal ||

114.
Jalu èstri miwah lare alit |
kabungahên ngambil sato-wana |
tutur lir ngambil ingone |
ingkang mikir dèn-ingu |
wênèh banjur dèn-pêragati |
ulam lajêng binakar |
anèng ing (ng)gènnipun |
kang binumbon kang kinalak |
apan samya kewala lajêng binukti |
aloke enak-enak ||

115.
Wus warata sakathahing santri |
lir binage ingkang sato-kewan |
rêbut sênêng pamilihe |
kang milih anèm sêpuh |
kewan têlas samya dèn-ambil |
kantun kang karam-karam |
tan ana rinêbut |
mangkana Ki Guru Jamal |
rare ingkang sisi wau kinèn malih |
nyêkêli sato-kewan ||

Jilid 8 - Kaca : 137

116.
Kinèn ambacuki sadayèki |
rare gya cinêkêlan kalewang |
sigra pinêcokan kabèh |
buron wadidangipun |
sapi sima ajag myang gênjik |
wus rêbah anggulasah |
tapis sadaya wus |
gêtihira nyiprat-nyiprat |
sinêmbêlèh kabèh tan ana kang kari |
kinèn lajêng amangan ||

117.
Sato-kewan kang dèn sêmbêlèhi |
lajêng pinurak pan kinêletan |
dèn-alir-alir daginge |
rare wus dadèk latu |
daging kinêropok ing gêni |
pinangan athemolan |
cèlèng miwah asu |
macan kuwuk rase luwak |
datan kongsi matêng dènnya (m)bakar daging |
mêntah-mêntah pinangan ||

118.
Têlas daginge sato binukti |
nulya balunge kinêmah-kêmah |
ngrasa kurang maksih ngêlèh |
kabèh gawok andulu |
samya nêbut ngaruh-aruhi |
bilah setan tan jamak |
bocah apa iku |
doyan mangan cèlèng macan |
miwah asu myang luwak garangan cacing |
iku anake sapa ||

119.
Kaya buta nora nampik daging |
têkan polo-polone dèn-gaglag |
ngrêmus kang balung-balunge |
dudu bocah bayèku |
karanjingan budi sêrani |
rarene galêgêsan |
cangkêm kopah marus |
kang tumingal kamigilan |
yata wau ing wanci wus bangun enjing |
nulya kinèn bubaran ||

120.
Samya kukut sakathahing santri |
miwah kang nonton sami bibaran |
nanging datan ana mulèh |
tanggung wanci wus esuk |
padha mire awor lan santri |
kang duwe pêsanakan |
Kanigara ngriku |
akèh mondhok maring desa |
sami (m)bêkta dènnya (m)bêrkat kêbo sapi |
wêdhus kidang mênjangan ||

121.
Ana kang cipta ginawa mulih |
nyoba ngingu patangpuluh dina |
kênane lawan orane |
yèn malah-malèhipun |
pan mêngkana sakèhing janmi |
para santri sêdaya |
kêsêl samya turu |
tan cinatur solahira |
dènnya nendra byar enjing samya atangi |
lajêng atrap bubuka ||

122.
Tutup netra daluwang sanyari |
miwah sinjang pêthak kang kinarya |
janur kuning myang kropake |
wus omah guyêripun |
nênggak napas gya blag-blêg mati |
niba pating jalêmpah |
timpah tinimpah wus |
ting karingkêl yêl-uyêlan |
janma kathah kang durung masuk birai |
myat tingkahe abuka ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (10b) Kaca 106 – 121
  • (11) Kaca 138 – 150 >