Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (11) Kaca 138 – 150

 

( Sungkawanipun kulawarga Ki Bayi Panurta )

V. Kacariyos ing krajan Wanamarta, salolosipun Sèh Amongraga, andadosakên sakalangkung sungkawanipun kulawarga Ki Bayi Panurta. Nikèn Tambangraras supe nêdha lan tilêm, tansah sêmbahyang, ngaos Kur'an tuwin sêdhêkah kêndhuri wilujêngan.

Ki Bayi Panurta lan kulawarga sami lênggah ing sêrambi, takèn wartos bab kesahipun Sèh Amongraga. Warni-warni aturipun para putra tuwin kadangwarga, sadaya botên wontên ingkang gumathok. Ki Sêbagi ingkang ahli petang ngaturakên petangipun dhawah awon. Ki Bayi Panurta nêrangakên pasupênanipun rontog waja (untu)-nipun

tiga, nanging sarêng dipun-etang, dados nêm iji. Miturut Ki Sêbagi pasupênan wau ugi dhawah awon.

Kèn Tambangraras tata pangaosan para èstri, kêndhuri lan wilujêngan. Ramanipun angêngimur sampun ngantos sangêt-sangêt anggènipun Nikèn Tambangraras sungkawa ngantos supe adus tuwin dandan salimrahipun.


Kaca 140 – 150

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 8 - Kaca : 138

123.
Samya gumun andongong kapengin |
masuk ojrat wor-winor kewala |
tan ana siku kukume |
kang timpah dhadha pupu |
kalukaran sinjang jalwèstri |
datan amuna-sika |
saking sru tan emut |
aundhung bêcik kewala |
yata wau kang samya bubuka dhikir |
wus dangu antaranya ||

124.
Nulya tangi ting badhêgul sami |
lêgog-lêgog nangis salênggrukan |
swarga lir kêna rinanggèh |
saya cêlak dinulu |
datan wênèh lir sabênèki |
sawusira mangkana |
wau kyai guru |
lungguh nèng srambi tinarap |
para santri ki guru karsanirèki |
tansah karya tongtonan ||

125.
Nuduh rare alit kinèn mancing |
anèng kêndhi cêkak-cêkèk angsal |
dêlêg wadêr lawan lele |
miwah palung kalarung |
santri ubyug sami ningali |
jêjêl supênuh ingkang |
samya andudulu |
rare mancing angsal mina |
cêkekalan ting gadêbug kêna pancing |
anèng kêndhi kewala ||

126.
Kinèn ngambil sakathahing santri |
pan kamrubut rinêbat ing kathah |
ganyta-gantya pangambile |
cukup santri rongèwu |
amèt mina kang kêna pancing |
ulam-kali rêrawa |
iwak samodra gung |
alam wadonan lanangan |
pan sabantal rong bantal kêna ing pancing |
ingambil santri kathah ||

127.
Kinaropok pan lajêng binukti |
kinarya lawuh dènnira mangan |
miwah kang ginadho bae |
warêg tan mawi sêkul |
sami suka sakèhing santri |
kang rare mancing angsal |
baya gêng salêsung |
pancinge walêsan sada |
kênur bobat baya kewala kang kêni |
gêng-agêng ting bêrangkang ||

128.
Santri kang cukup bubar lumaris |
samya ajrih aningali baya |
galak arsa naut bae |
nulya krah samya tarung |
bat-bêt udrêg sabêtan pêthit |
ting galêthuk cakotan |
pan wasuh-winasuh |
agêndra samya kêrêkan |
anêrajang santri lumayu angisis |
katunjang baya kêrah ||

129.
Ingêlokkên gumuruh pra santri |
baya wolung rakit ingkang kêrah |
wurahan sarta kêploke |
otêr lir wukir guntur |
tan karuwan kang dèn-iloni |
rupa lan gênge padha |
gêng sabêdhug-bêdhug |
mêngkana Ki Guru Jamal |
anguncali sêpah lan têgêsan linting |
dadi têkèk lan cêcak ||

Jilid 8 - Kaca : 139

130.
Cêp mênêng kang gumêdêr ningali |
têkèk lan cêcak anèng kalangan |
kapriye mêngko dadine |
kang têkèk munya asru |
sarwi maju buntut kumitir |
wani kêlawan baya |
kang baya sinaut |
mangap luwih cangkêm baya |
têkèk sigra nyaplok (n)dhasing baya kalih |
inguntal lêg kauntal ||

131.
Baya wolung rakit dèn-untali |
lag-lêg têlas kang baya nêmbêlas |
têkèk nyêmplu gêng wêtênge |
baya pating panjêlut |
nèng wêtênge têkèk kêtawis |
têkèke manthak-manthak |
wadhuke anjêmbluk |
têkèk gênge sagêdhogan |
sru munya gêng thog-ênthog têkèk ngajrihi |
wor suraking akathah ||

132.
Alon gumuyu sakèhing santri |
samya sêlang gumun alok miyat |
bilah têkèk apa kuwe |
dene gêdhe kêlangkung |
asor baya lèhe mêdèni |
nulya cêcak cak-cikan |
(n)dhrêdhêt bungkak purun |
buntute gêtêr angacar |
têkèk pasang gumlêdhêg thog-othog muni |
cêcak angêcêk munya ||

133.
Cêcak sigra nandêr naut pêthit |
buntute têkèk cinakot cêcak |
garonjalan sru kak-êngkèk |
ingulu saking buntut |
gudabigan aniba-tangi |
sinurak santri kathah |
swara sru gumuruh |
lagya satugêl kauntal |
têkèk ènggak-ènggok nora bisa budi |
lêgêndêr wus kauntal ||

134.
Sanalika cêcak gêng nglangkungi |
sangsayèram sakèh kang tumingal |
cêcak abungkak unine |
rare kang mancing wau |
cêcakira dipun sabêti |
ing walêsan pancinge |
sêlat-sêlèt asru |
cêcake sigra lumajar |
abyak-byukan nunjang pagêr lawan kitri |
rusak kêtrajang cêtak ||

135.
Age lumayu ambyur ing kali |
asru jumêgur ing swaranira |
samya-lok e kae sinèh |
banène sru gumêbyur |
kongsi krungu ambalêbêgi |
kêdhung kiraku asat |
kêbajong kang ambyur |
santri kèh angungun samya |
ngalêm marang guru kang èdi asêkti |
wong kèh kêpingin nyabat ||

136.
Tan cinatur solahirèng santri |
gantya ingkang wau kawuwusa |
ing Wanamarta kandhane |
para kyai sadhusun |
amarêngi dina sawiji |
sawuse bar Jumungah |
Ki Bayi tan kondur |
miwah ingkang para tuwa |
nèng sêrambi ngiras angêpung kêndhuri |
mijilakên ambêngan ||

 

Jilid 8 - Kaca : 140

447 Mijil

1.
Sawusira hajat dèn-dongani |
binage para wong |
apêm rolas ambêng myang wuduke |
golong punar tumpêng mêganèki |
sadaya waradin |
santri èstri jalu ||

2.
Sawusira dènnya dum kêndhuri |
waradin sakèh wong |
Kyai Bayi alon ngandikane |
mring pra putra miwah para ari |
kapriye saiki |
Ki Sèh Amongluhung ||

3.
Apa ana kabare sêmangkin |
ngêndi (ng)gonne manggon |
apa banjur paran datan mulih |
lah ênggonne bae ana ngêndi |
kapriye sirèki |
ing duga-dugamu ||

4.
Lamun ana kabare kang santri |
asring kang lunga (n)don |
miwah wong kang dagang lunga èbèr |
salah sawiji kang olèh pawarti |
-nira Sèh Mongragi |
anèng ing (ng)gyannipun ||

5.
Putra kalih samya matur aris |
mring rama mabukoh |
kawula tan pikantuk kabare |
saking sabar namung kawulapti |
pan manusul anis |
marang kang nglêlangut ||

6.
Cadhong karsa paduka anuding |
mring amba ngupados |
dhangan kewala kawula mangke |
Kyai Bayi angandika aris |
durung karêp-mami |
kang kaya aturmu ||

7.
Angling marang ingkang para ari |
priye kowe kono |
sadhengahe kang olèh wartane |
mangetane lan mangulonnèki |
kang rayi turnya ris |
pan dèrèng pikantuk ||

8.
Jaba si Wirya priye sirèki |
adate sok sumbon |
Kulawirya kagyat lon ature |
ragi sêpên sapunikanèki |
datan angsal warti |
ing kabar kang tamtu ||

9.
Inggih wontên sruwang-sruwêng kêdhik |
tan pantês ginatos |
warti pêpêkênan gèsèh-gèsèh |
wontên warti taksih nèng Kêdhiri |
wontên mring Mêntaris |
maring Kawis mantuk ||

Jilid 8 - Kaca : 141

10.
Botên têlêng mathênthêng kang warti |
tiyang anyalêmong |
dadya datan sagêd ngraosake |
mila atur kula mring (n)jêng kyai |
botên angsal warti |
Ki Bayi amuwus ||

11.
Pira lawase dalasan mangkin |
nakmu kang lunga-ndon |
ingkang rayi samya matur kabèh |
sampun patbêlas wulan puniki |
pêndhak Madilakir |
Ruwah langkungipun ||

12.
Angling malih rasaning tyas-mami |
lir tinilar layon |
gajêg nora karsa bali mulih |
nanging datan wulangun sun iki |
kacuwaning ati |
kadung momong mantu ||

13.
Kyai Bayi sangsaya wèh wingit |
tyasira karaos |
marang indhang putra sêkalihe |
kang para tuwa miwah putra ri |
samya tyas makingkin |
rêp tan ana wuwus ||

14.
Kyai Bayi angandika aris |
kaya priye kono |
wong kapêdhotan trêsna rasane |
tan pakolih turu lawan bukti |
matur sadayinggih |
mila-mila sèstu ||

15.
Kyai Bayi ngling manira ngimpi |
pan untuku rigol |
mung têtêlu jêbul nênêm kèhe |
siji ngarêp kang roro pangapit |
runtuh gênti-gênti |
dadi nêm sun-dulu ||

16.
Kyai Bayi tatanya para ri |
têrbukanên kono |
Ki Suwarjo mupus priye kuwe |
untu têlu kang rêntah sayêkti |
têka nênêm kèksi |
elok têmên iku ||

17.
Kyai Bayi ngling bênêr kadyèki |
salang gumun ingong |
sadayanya samya ngraosake |
Kulawirya mring raka turnya ris |
wêwadhaganèki |
pan awon puniku ||

18.
Kyai Bayi sangêt ngungunèki |
Sêbagi nabda lon |
mring Jumêna Jêmpina rewange |
myang Lawatan Malangbong ngling ririh |
para sêpuh sami |
apan ting karanthuk ||

19.
Kyai Bayi muwus kadipundi |
nèh jarwan kang mêlok |
yèn awona dospundi wêrdine |
pintên banggi panggih pênêdnèki |
dhengah narbukani |
impèn-kula niku ||

20.
Kyai Bayi angudi dera ngling |
Ki Sêbagi alon |
inggih sami kula-raosake |
(ng)gih sumpêna paduka kiyai |
lêrês aturnèki |
Kulawirya niku ||

Jilid 8 - Kaca : 142

21.
Kyai Bayi ngling kadi-punêndi |
tarbukaning raos |
matur inggih têpung satuhune |
miwah kalih awit kesahnèki |
ing petanganèki |
sarwa-won ingetung ||

22.
Kyai Bayi muwus duk punapi |
kesahe sang Among |
matur èngêt kula Tumpak-Pone |
Pancasuda Lêbu-katyup-angin |
Galungan Lodrèki |
uwas nuju Jagur ||

23.
Kyai Bayi sojar prèpun malih |
matur sangsaya won |
tanggal ping sêlawe nangas gêdhe |
yèn tumrapa darbèk icalnèki |
amlêng malah taksih |
wontên tunggilipun ||

24.
Kyai Bayi tyasira rudatin |
Ki Wirya lingnya lon |
inggih lêrês punapa pêthèke |
kados nêtês tan inang samênir |
kawula yêktosi |
wontên èmpêripun ||

25.
Kyai Bayi ngling layak kadyèki |
pêthèke amencok |
biniyanton pra kadang lêrêse |
Ki Sêbagi mathêm èsêmnèki |
mathèthèr sarya ngling |
yèn kula nanangguh ||

26.
Mangsa nuli lêpate sakêdhik |
tan (m)botêne goroh |
ting gulethak kewala tatale |
siyèn mila wus kula-petangi |
sangêt awonèki |
Kalamudhêng-ipun ||

27.
Ècèranipun pênêd sakêdhik |
kabêkta ing awon |
Kalamudhêngnya sangêt awone |
utawi awon ècèranèki |
puniku amêsthi |
kang wus adatipun ||

28.
Botên ngamohkên kalasa siji |
pan pêjah sawiyos |
wangsul-wangsul tiyang kula pêthèk |
botên wontên kang ninang satunggil |
yèn bab laki-rabi |
sangêt angkêripun ||

29.
Pasatuan awon pênêdnèki |
nêmahi sayêktos |
tan kenging pinaibên têmtune |
kang sami purna lan Ki Sêbagi |
sami anginggihi |
tètès pêthèkipun ||

30.
Kulawirya nambung wuwus aris |
kula tan maido |
sampun lêrês pun uwa pêthèke |
namung kêdhik ngong tanya tinêmpil |
nisani ing takdir |
pan ragi takabur ||

31.
Lamun pasatuwan dèn-ugêmi |
mendahipun kang wong |
datan etang dugi prayogine |
anggêr pênêd pêsatuwanèki |
punika muwuhi |
ing têkaburipun ||

Jilid 8 - Kaca : 143

32.
Baya botên sisah nambut-kardi |
sanadyan anjoto |
lamun sampun pênêd pasthi sugèh |
mandah tiyang tan ana kang miskin |
Ki Sêbagi angling |
sênênganing kawruh ||

33.
Inggih tiyang (m)bêbalung upami |
trêkadhang kumêplok |
Ki Kulawirya gumuyu linge |
lah mêkatên (ng)gih uwa Sêbagi |
pênêd sabuk bandhil |
(m)balang paminipun ||

34.
Gêr ginuyu kang samya alinggih |
kang umuk kêpagol |
Ki Lawatan amathêt guyune |
arêrasan lan Malambong ririh |
niku kang Sêbagi |
kojahe kajêglug ||

35.
Kandha lagi olèh angin thithik |
tali-goci pêdhot |
mak jêgagig tan bisa mêthènthèng |
yèn ta aja kêtanggor Ki Ragil |
iba dènnya (m)bêkis |
ngrawus masra-masru ||

36.
Barêng gumuyunira wong kalih |
Lawatan Malongbong |
Ki Nuripin milu sru guyune |
pan kêpingkêl kêkêl anêloni |
kangsi (m)brêbês-mili |
êntute andhrudhut ||

37.
Pan mangrêti ing catur Ki Ripin |
cêlak dènnya lunggoh |
nèng burine Ki Lawatan (ng)gonne |
jajar lawan lurah-lurah santri |
(ng)guguyu Nuripin |
le kapentut-pentut ||

38.
Ki Sêbagi kagyat aningali |
sarwi atêtakon |
iku sapa kang gumuyu kuwe |
abêbanggèn muni ngarêp-buri |
matur pun Nuripin |
kang kêkêl gumuyu ||

39.
Ambakna wong gumuyu si Padhil |
nora angon tinon |
Cêblung sêngkan kumrutug guyune |
tan riringa kaya kyai-kyai |
Kulawirya angling |
dhasar wong kêtutuh ||

40.
Hèh Nuripin sira sun-takoni |
parentah pawartos |
ingkang têlêng myang sruwang-sruwange |
bandaranira Sèh Amongragi |
saiki nèng êndi |
Nuripin umatur ||

41.
Datan angsal pawarti sakêdhik |
tan wontên cariyos |
sangêt sêpênipun salamine |
Kulawirya nyêntak mring Nuripin |
bênêre sirèki |
prihatina patut ||

42.
Kawitane Ki Sèh Amongragi |
wit saking sireko |
kang jinujug praptane marene |
sira kang dadi jalaran ngirid |
siralèh sih kyai |
kinarya babêndhul ||

Jilid 8 - Kaca : 144

43.
Pêtinggine wong desa Pêmburi |
nêkêm sakèh dhukoh |
sun-takoni tan olèh wartane |
pira-bara sira atut-wuri |
tan mikir prihatin |
dêlah kabar gabug ||

44.
yèn mangkono sun-dhêndha sirèki |
êntêbèn cikal-ngong |
krambil gadhing (m)buri roro kae |
lihên marang ngarsa kang kepering |
bing kulon kang bêcik |
ngapit-apit tajug ||

45.
Kyai Bayi mèsêm ngandika ris |
kêrambilmu karo |
krambil kêrak mingkak-mengkok wite |
mênggik nora na wani mènèki |
yèn pokah kêwatir |
uwite krambilmu ||

46.
Nora ewuh maningan ingalih |
glugu mengkang-mengkong |
kadhuwurên ewuh pangêtêbe |
tuwas kangelan tan wurung mati |
wis aja Nuripin |
sakake baturmu ||

47.
Yata Jayèngrêsmi Jayèngragi |
minggu tan miraos |
kèngêtan mring raka satilare |
anglêlana tan dunung dènnya nis |
karaosing galih |
samya kumêmbêng luh ||

48.
Micarêng tyas ya talah kang sami |
padha cacêlathon |
dene kadya rare sêdayane |
nora nana mupangatirèki |
têmah anuwuhi |
susahing tyasingsun ||

49.
Yèn ana-a kakang Amongragi |
baya tan mêngkono |
lan sawiyah-wiyah caturane |
pan mangkana rêntênge tyasnèki |
Ki Bayi ningali |
putra kalihipun ||

50.
Datan kêna ngartika ing galih |
Ki Bayi lingnya lon |
ya wus padha (n)dêdongo-a bae |
pira-bara ana sihing Widdhi |
kang lunga nis prapti |
bisa luwar ing kung ||

51.
Yata wanci wêktu Ngasar manjing |
marêbot anaboh |
ing bêdhuge nulya santri akèh |
samya wulu salat Ngasar sami |
sira Kyai Bayi |
angimami waktu ||

52.
Wusnya bakda wau Kyai Bayi |
salaman kumroyok |
laju kewala tan mawi linggèh |
pan inggiring putra lan para ri |
wangsul anèng kori |
lajêng samya mantuk ||

53.
Kyai Bayi Panurta wus prapti |
pêlataran menggok |
ngetan marang wismane putrane |
Tambangraras ingkang gung prihatin |
sarira kru aking |
najin mangan turu ||

Jilid 8 - Kaca : 145

54.
Tan anggape sabarang pakarti |
sadayane lumoh |
liya saking ibadah sungkême |
bakda salat kewala angaji |
Kur'an siyang ratri |
ngaoskên mring kakung ||

55.
Datan mèngèng ciptane mring laki |
pamujèng Hyang Manon |
muga sinung palal sakajate |
rahayuning donya praptèng akir |
angganya sadarmi |
dadya bantênipun ||

56.
Wus pratignya manthêng jroning galih |
tan gêla ing batos |
tan lyan cipta namung panusule |
lan anganti pote kal donyèki |
kinarya kêndhuri |
sêdhêng titanipun ||

57.
Salaminya tinilar ing laki |
kajate sinêntor |
tan ngopèni lêlahan panggawe |
miwah wuwus winatêsan angling |
linge nêmbah muji |
lan Kur'an kang agung ||

58.
Miwah lamun tinakèn sudarmi |
punika miraos |
mung tri pangkat kawijil wuwuse |
lamun nuding mring cèthi Cênthini |
sinasmitan wus ning |
Cênthini wruh sêmu ||

59.
Angruktèni sabarang karyèki |
tan salayèng pakon |
rumat ing kêndhuri salêbone |
myang liyane tan kongsi tinuding |
rampung de Cênthini |
kewala sadarum ||

60.
Tambangraras barang kang inapti |
ramèbu rumojong |
tan pinalang sakadar-kadare |
ingkang putra tulus dènnya mupid |
nèng jro mah tan mijil |
gêdhong kilèn nêngguh ||

61.
Ingkang ibu nèng jêrambah linggih |
Ni (n)Daya tan adoh |
agruktèni kêndhuri badhene |
tilawatan samyèstri ing ratri |
Ni Malarsih drêmi |
tumandang karyèku ||

62.
Saking parentahira Cênthini |
kang surup ing pakon |
Ni Malarsih Daya Sumbalinge |
samya ngrukti ambêngan kêndhuri |
ramèbu (m)bên ratri |
tugur anèng ngriku ||

63.
Salaminya putra nandhang brangti |
tan kondur mangulon |
têrkadhangan kewala karsane |
saking datan kêna sah lan siwi |
yata Kyai Bayi |
ingkang lagya rawuh ||

64.
Ingiring santri Luci Nuripin |
myang bêkêle dhukoh |
praptèng wisma lênggah lan garwane |
angandika sutanta nèng êndi |
gupuh Ni Mularsih |
nimbali kang sunu ||

Jilid 8 - Kaca : 146

65.
Sira inguwuh ramanirèki |
Tambangraras gupoh |
mijil sarwi atilar rukuhe |
rasukan lungsêd sêmbagi kuning |
sinjangira putih |
sêmêkan gadhung byur ||

66.
Praptèng ngarsaning rama sêmu jrih |
tumungkul sang sinom |
Kyai Bayi myat marang putrane |
sakêlangkung dènnya wlas ningali |
kang rama ngling aris |
dhuh Nikèn sutèngsun ||

67.
Kari sacakup angganirèki |
kongsi kokot-bolot |
lir thukul tinanduran kacange |
labêt nora kobêr kambon warih |
liya toyastuti |
de rusak anggamu ||

68.
Aywa bangêt-bangêt amêmati |
ing raga tan ilok |
ya wus tama tarakira Nikèn |
nanging ywa ta sira sah rêrêsik |
pawèstri tan wajib |
kulinèng rum-arum ||

69.
Parêk malaekatira asih |
mring wong nganggo-anggo |
yèn tan rêsik doh malaekate |
pan anarik ngabêr-abêr puji |
wong nyêrtu wêwangi |
tan tama tinêmu ||

70.
Ingkang ibu nambung (m)bobolèhi |
ywa sugal ing pakon |
turutên kewala pituture |
ramanira mulang rèh prayogi |
aywa sira wani |
nikêl ing pituduh ||

71.
Sasat nikêlakên maring ngèlmi |
wangkotira dhenok |
mokal kalêmpita sira anggèr |
ngong tan maoni tarakmu brangti |
raganira kongsi |
aluluh sun-dulu ||

72.
Keswanira tan kajuming suri |
mèh gimbal lir susoh |
asarwi ginêrayang putrane |
sangêt gonggongira angêlithik |
mung wêdananèki |
sênênne sumunu ||

73.
Tambangraras kumêmbêng luh mijil |
sarwi matur alon |
inggih amba tadhah dêdukane |
sakêlangkung (ng)gèn-kawula apti |
ambuburat minging |
angêlalar bau ||

74.
Tuwin angêjum rema ing suri |
gêgêlung kang methok |
nanging ragi wontên ngawarile |
sariramba cinging mring wêwangi |
lamun mambêt amrik |
raosipun ngêlu ||

75.
Nuwun ugungan kewala mangkin |
lagya dèrèng bombong |
kang ramaèsmu mèsêm pangungune |
wit duk masih alit tan birai |
pan kongsi saiki |
ya talah sirèku ||

Jilid 8 - Kaca : 147

76.
Lan apa kang padha sira rukti |
Malarsih turnya lon |
inggih badhe angrukti ambênge |
parentahe pun cèthi Cênthini |
kataman samyèstri |
apan mangke dalu ||

77.
Kyai Bayi Panurta nganthuki |
Kamdulilah ingong |
pilihana kang wus kêna bae |
panggêdhene lurah-lurah santri |
sêntana kang ngaji |
kataman aplalu ||

78.
Manirèki apa ya kêbincil |
milu cacah wadon |
karo priye Cênthini ngong kiye |
apan inggih tumut cacah èstri |
yèn mangkono mami |
dadi mêncir satu ||

79.
Anulya ing wanci wêktu Mahrib |
nèng dalêm kemawon |
Kyai Bayi kang dadya imame |
nèng jarambah kang makmum parèstri |
sabakdaning Mahrib |
lajêng Ngisa-nipun ||

80.
Praptèng salam bakda Ngisa nuli |
pupujiyan alon |
tan sarênti arêmpêg sajake |
swara èstri rênyah rum amanis |
lir suling nyundari |
asri nganyut-nganyut ||

81.
Wusnya pupujiyan nulya dhikir |
alon alêlagon |
samya rahab sawuse tri tasbèh |
lajeng (n)donga Rujuk Kyai Bayi |
pragat puji dhikir |
salaman kumrubut ||

82.
Aluwaran sunat bakda dhikir |
Ki Bayi lingnya lon |
payo kawit padha têpung linggèh |
ingkang kari krêbèn anêpungi |
tan adangu prapti |
parèstri kumêbul ||

83.
Prapta masuk ing wisma alinggih |
saurute kang wong |
Kyai Bayi kang nèng ing lor dhewe |
kanan ingkang garwa Ni Malarsih |
Ni Daya anuli |
Ni Pangulu catur ||

84.
Gya pra ipe Sumbaling anuli |
saurute kang wong |
keringipun putranira Nikèn |
Tambangraras nulya rayi kalih |
Turida anuli |
Rarasati lungguh ||

85.
Ni Cênthini gya saurutnèki |
kubêng têpung lunggoh |
Kyai Bayi mundhut musakape |
bantal rekal wus mubêng waradin |
Ki Bayi miwiti |
takabal-lalahu ||

86.
Min kummina wa minkum ya karim |
gumêrah swara wong |
surat Ngama Ki Bayi tamate |
Walarsih surat Wanajingati |
tamat Ni Dayèki |
Ngabasa gya puput ||

Jilid 8 - Kaca : 148

87.
Ni Pangulu tuwa suratnèki |
Ida-samsu rêko |
Ni Pangulu tênggok ing surate |
Ida-samaun patarat nuli |
Pangulu têngah glis |
nênggih suratipun ||

88.
Welul muntapipin tamatnèki |
Ni Pangulu anom |
surat Ida-samaun sakate |
Ni Sharjo Wa sama'i buruji |
Ni Wiradhusthèki |
Sama'i tariku ||

89.
Ni Panukma pan surat Sabikis |
Ni Panamar gupoh |
surat Hal ataka satamate |
Ni Wuragil Kulawirya nuli |
pan surat Walpajri |
kang nêm surat La-uk ||

90.
Lajêng mring rabining lurah santri |
surat kang ingaos |
Wa-samsi Wa-luka anulya ge |
wangsul malih ingarsa wit kering |
Tambangraras aris |
nênggih suratipun ||

91.
Pan walèli idayagsa nuli |
Turida angaos |
surat Waluka amulya Nikèn |
Rarasati surut kang ingaji |
Alam-nasrah nuli |
cèthi Cênthini wus ||

92.
Kang ingaos pun surat Watini |
Ni Sêbagi ngaos |
surat Ikrak gya Ni Jumênana-ne |
surat Inna-anjalna nulya glis |
gumanti kang ngaji |
ing saurutipun ||

93.
Ni Lawatan surat Lamyakunil |
gya Nyai Malangbong |
surat Idajul nulya tinampèn |
mring santri surat Wal ngadijati |
laju dèntampèni |
pan Alkaringatu ||

94.
Nulya surat Alhakumut nênggih |
gya tinampah gupoh |
ingkang surat Wal-ngasri nulya ge |
nulya surat Wallulikuli |
surat Lamtara glis |
Li-ila puniku ||

Jilid 8 - Kaca : 149

95.
Nulya surat Araetaladi |
surat kang gumanios |
Ina aktaena nulya |
Kulya-ayu surat lajêngnèki |
Ida ja-a nênggih |
nulya surat Kulhu ||

96.
Barungan lan wong akèh kaping tri |
arahab pra wadon |
nulya kang surat Palak Binas-e |
lajêng Patekah wêkasanèki |
lajêng durus ratib |
swarèstri ramya rum ||

97.
Samya apil sadaya ing ratib |
tan ana kang bodho |
wusnya ratib pan laju dhikire |
alêlagon asri anyundari |
angèrèng rum manis |
rêmpêg rarasipun ||

98.
Wusnya nutug dènnya samya dhikir |
sêlawat linagon |
turun-turun rampung salawate |
bakda sêlawat salaman sami |
marang Kyai Bayi |
Panurta angrubut ||

99.
Ulur barêng mara gênti-gênti |
samya laku bokong |
wus waradin dènnya tur salame |
wangsul atata dènnira linggih |
Ki Bayi ngling aris |
mring kang sêpuh-sêpuh ||

100.
Sapa bênêre ingkang (n)dongani |
Malarsih turnyalon |
prayogi paduka utamine |
iku ora aja dumèh mami |
prayoga samyèstri |
kang andonga iku ||

101.
Bêcik Ni Pangulu nom (n)dongani |
acêtha lèh ulon |
wis Cênthini ekrala hajate |
gya Cênthini alon angijabi |
lah punika nyai |
kajate sang ayu ||

102.
Apan ngrasulakên kurmat Nabi |
Mustapa kinaot |
lan mêmule marang lêluhure |
saking jalêr tuwin saking èstri |
lawan lujêngnèki |
Ki Sèh Amongluhung ||

103.
Miwah lujênge sabrayatnèki |
kabèh lanang-wadon |
Ni Pangulu nom gya ngabulake |
punika kang sami anaiti |
kajate utami |
mugyantuk pitulung ||

Jilid 8 - Kaca : 150

104.
Sadayanya umatur naiti |
ramya swaraning wong |
wus mangkana Ni Pangulu age |
atangawut lan Patekah ririh |
gya santak (n)dongani |
wit barakallahu ||

105.
Santri gumuruh barungan amin |
sru ambata ruboh |
rahab samya nasibi gêgêntèn |
wusnya nutug dènnya andongani |
Ki Bayi ngling aris |
tatanên ambêngmu ||

106.
Mara kono etungên mirani |
uruting tuwa-nom |
nulya samya ngangsêg pangêpunge |
wus prayoga bagining kêndhuri |
Luci lan Nuripin |
angladèni bikut ||

107.
Nulya samya sarêng awêwanting |
wijik turuh wisoh |
lah wis payo Bismillah sêdhênge |
matur inggih dan lêkas abukti |
sakèhe santrèstri |
kaecan pikantuk ||

108.
Wus antara nutug dènnya bukti |
aluwaran wisoh |
nulya samya binagi ambênge |
wus warata dènnya (n)dum kêndhuri |
miwah kang nèng jawi |
winarisan sampun ||

109.
Sigra pra santri-santri pawèstri |
samya pamit bodhol |
kinalilan nulya mundur kabèh |
wus bubaran kang samya angaji |
loyop sayah kadi |
prêdapaning gadhung ||

448 Sinom

1.
Tan cinatur solahira |
kang samya mapan ing ratri |
ratrine malih winarna |
yata wau Jayèngrêsmi |
wit wingitnya duk wingi |
bakdaning Jumungahipun |
pangungunira dahat |
mring raka Sèh Amongragi |
karsanira kêncêng kêdah angupaya ||

2.
Wanci wusing bakda Ngisa |
kondur saking masjid alit |
prapta ing wisma alênggah |
lawan kang garwa sinaji |
dhêdharan sri mawarni |
pateyannya tansèng ngayun |
sira Nikèn Turida |
myat ing raka èstu wingit |
alon matur mring raka sarwi ngrêrêpa ||

3.
Punapa ingkang dadya tyas |
de tan pati karsa angling |
tuwin tan kulina nadhah |
pan wus kalih ari mangkin |
manawi andukani |
mring amba tadhah bêbêndu |
kang raka rum lingira |
kang ora-ora dera ngling |
lagya nora arsa wacana kewala ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (10c) Kaca 122 – 137
  • (12a) Kaca 151 – 167 >