Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

 (13a) Kaca 178 – 196

 

( Nglajêngakên lampah mêdal dhadhahing dhusun, laju lumêbêt wana Sêlambur )

2. Enjingipun sami nglajêngakên lampah mêdal dhadhahing dhusun, laju lumêbêt wana Sêlambur, nglangkungi wana Bagêndhul, kèndêl ing ngandhap wit kusambi. Jayèngrêsmi mêdharakên bab kiparat lan nikmat.

Lajêngipun lampah dumugi dhusun Palêmahan, têrus dhatêng dhusun Mamênang, nuntên dhatêng Kêdhung Bayangan. Ing têpining kêdhung sami bawa-raos bab tekad tirakatan tuwin wahya dyatmika. Katêrusakên lampahipun dhatêng ing rêdi Klothok. Ing dhusun Pakuncèn, sêsêpuhing dhusun nama Ki Wanatawa, kapurih ngêtêrakên minggah ing rêdi Klothok. Jayèngrêsmi pitakèn dhatêng Ki Wanatawa punapa nate kêpanggih tiyang tirakat wasta Sèh Amongraga kanthi santrinipun kalih.

Winangsulan botên, wasana ing dalunipun sami sipêng ing guwa Selamanglèng, ing nguni pandhepokanipun Dèwi Kilisuci, pandhita putri.


Kaca 178 – 196

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 8 - Kaca : 198

465 Sinom

19.
Marang kang samya tirakat |
yèn ngucapa mituruti |
priyayi ngupaya kaka |
lêhêng abaliyèng ngriki |
kadi tan bisa panggih |
kakanta tan nêdya mantuk |
yèn etunga ing lampah |
tuwas kangelan nèng margi |
kang mangkana miyangga lamun ngucapa ||

20.
Ki Wuragil Kulawirya |
muwus sasmitèng Nuripin |
nudingi buaya ngambang |
Nuripin mèlu nudingi |
ika apa Nuripin |
bajul ngêlih arsa naut |
anguntal marang sira |
Nuripin nirokkên angling |
dèn-gigiris Nuripin niru kewala ||

466 Girisa

1.
Jayèngrêsmi lon ngandika |
suwawi paman mahawan |
payo yayi Jayèngraga |
kang liningan kalihira |
agêpah adan umangkat |
saking ing kêdhung Bayangan |
nginggil prênahing sabrangan |
angidul limang pêmbalang ||

2.
Numpak baita taripan |
wong papat samya anabrang |
sarêngan wong apêpasar |
wus nabrang ing pêlabuhan |
laju kewala nut marga |
galêng têpining pagagan |
pala srining patêgalan |
kasimpar kapêndhêm miwah ||

3.
Sawarnining jêjanganan |
pinagêr wuluh risigan |
têgale wong Majarata |
kalangkung asri kawuryan |
gaga anggênggêng rumagang |
du galêng têgal pêgagan |
pinggir sinalisir gawar |
mêripit carang lanjaran ||

4.
Kêcipir kacang dhung-dhungan |
kara kêrai sêmangka |
jêwawut jagung kimpulan |
lombok terong wijèn jarak |
têmbako tompulu kapas |
têgal wiyar bêbanjêngan |
pinggir kinirihan toya |
kumriwik atutulakan ||

5.
Yata kang samya lêlampah |
andarung ra-ara wiyar |
wus siyang tumiling surya |
ngambah wana têrataban |
musakat rêkasèng lampah |
panasing Hyang Andakara |
gumamplêng mêmpêng apanas |
tumapak lêbune panas ||

Jilid 8 - Kaca : 199

6.
Tan wontên toya katingal |
nasak pêngalang-alangan |
nampêg sumuke apanas |
samyanggong gêrah katoran |
ing ngarsa tumingal desa |
ragi kapering ing mêrga |
kasèyuban ing karoya |
sinêngka glis sadêdêlan ||

7.
Anyidhang nyimpang ing marga |
Nuripin abêntayangan |
ngrêsula sêsambat panas |
bilah panase tan lumrah |
dingarèn panasing surya |
ngisor panas dhuwur panas |
tan ana manuk bri nglayang |
bok sèdhum têka sadhela ||

8.
Jèngrêsmi mèsêm ngandika |
Nuripin sira ngrêsula |
tan bêtah rasaning panas |
jare ujare wirayat |
caritaning pra ngulama |
kêlawan panas ngakirat |
tikêl pitung mene panas |
maksih panas ing akerat ||

9.
Kulawirya nambung nabda |
ya Nuripin wruhanira |
lèhmu ngrasakkên panas |
lagi manjêre kewala |
durung sok-sokaning kerat |
besuk yèn sira nèng kerat |
kepanasên (n)dhasmu pêcah |
anjêblug utêkmu mili ||

10.
Kabèh abêcik kewala |
mung sira dèn-panas dhawak |
sajège tan sinung luwar |
malah sêlèt bangêt panas |
Nuripin matur plêrukan |
ngandika asiya-siya |
punapa namung kawula |
ingkang duraka priyangga ||

11.
Thok thil namung jasat-kala |
Kulawirya ngling lah iya |
Nuripin matur (n)dah puna |
bara-bara ngur kawula |
tinimbang kalawan ingkang |
angingkrang anèng pêpalang |
Kulawirya kagyat miyat |
sarwi anggêrèwal lêmah ||

12.
Nuripin lumayu gancang |
binalang akêdhungsangan |
wangsul praptèng ing dêdalan |
Jèngraga gumuyu mojar |
Nuripin rada cilaka |
arêp glis nèng pangauban |
wêkasan kasuwèn panas |
yata kang sami mahawan ||

13.
Wus prapta kang pinaranan |
ngisoring kaywagung gurda |
raryan sêndhang pinggir desa |
ing Pakudèn cêlak wana |
samya nèng ngandhap karoya |
samya so ayêm gya siram |
karaos rahmating badan |
wus samya lajêng akadas ||

Jilid 8 - Kaca : 200

14.
Nuripin prapta gya-agya |
cucul byur ambyur ing sêndhang |
wusnya dus angambil kadas |
sadaya samya sêmbayang |
sabakdanira asalat |
Jayèngraga ris ngandika |
Nuripin sira mentara |
mring desa angupaya-a ||

15.
Bubucu manawa ana |
lan dawêgan kang sêdhêngan |
ngilènana kang prayoga |
Nuripin matur sandika |
gya mentar mring padhusunan |
nêmbung lan patingginira |
agupuh ingkang liningan |
tan susah mawi tinumbas ||

16.
Samêkta kadya sugata |
bubucu saulamira |
dawêgan pat pêparasan |
anèng dhulang panjang ilang |
gupuh prapta ngarsanira |
kadhêpêk kidhung trapsila |
ngusap-usap baunira |
sarwi bukuh aturira ||

17.
Punika kang sumapala |
sêkul sananjung katura |
toya kumringêt satèsan |
supaya aring katoran |
sumangga jêngira lurah |
Jayèngrêsmi ris ngandika |
kang pêtinggi sugatanta |
(ng)gèh bangêt tarima mara ||

18.
Samire godhong binuka |
kang paman lan arinira |
samya ingancaran nadhah |
gupuh samya wiwijikan |
adan lêkas kêmbul nadhah |
sêmu kalantih ing mangsa |
pikantuk dènnira samya |
abukti kang pasugatan ||

19.
Wusnya nutug cinarikan |
Nuripin nadhah lorodan |
pan ibut pamanganira |
acakut dhokoh agagah |
dhasar sakesuk tan mangan |
kêlalèn nora têtawa |
têlas tan kari saupa |
lawuh myang dawêgan bebas ||

20.
Kulawirya gumuyu jar |
Pin paran wus wruh maring wang |
Ki Ripin (m)bêkuh turira |
mriksa malih tiyang cêlak |
pratela sapolah tingkah |
Kulawirya ngling kêparat |
andadak kobêr anggarap |
sarwi ambalang balungkang ||

21.
Kêna dhêngkule anjola |
Jèngrêsmi mèsêm ngandika |
èh kakang pêtinggi desa |
wus sangêt tarimaningwang |
dènnira dana bojana |
kang liningan nuwun turnya |
lah wis manira mit mentar |
manirarsa ngraras driya ||

Jilid 8 - Kaca : 201

467 Mijil

1.
Ki patinggi (n)dhêku turira ris |
sumanggèng karsèng don |
inggih (n)dhèrèk wilujêng lampahe |
angling malih tuduhna kang êndi |
margane kang bêcik |
jujuge kang gunung ||

2.
Matur inggih kang margi puniki |
ngêncêng mring Kêlothok |
ardi Klothok guwa Selamanglèng |
yèn wus ngidul-ngilèn punang mêrgi |
sisimpanganèki |
mangilèn kang anut ||

3.
Botên wontên margi malih-malih |
jujuge mring Klothok |
mung simpangan satunggil mangilèn |
Jayèngrêsmi angandika aris |
padha (n)dum basuki |
ki pêtinggi muwus ||

4.
Katri sojar mit-amitan sami |
(n)dan umangkat gupoh |
pan tinurut pêtinggi tuduhe |
wus kapungkur Pakudhon desaki |
wanci lingsir rawi |
panase tumapuk ||

5.
Lêpas lampahira kang sêdyapti |
mring ardi Kêlothok |
prapta simpanganira mangilèn |
aningali bêlik wenya wêning |
cêlak saking margi |
rarywan samya waktu ||

6.
Salat Ngasar sabakdanirèki |
laju mawan gupoh |
kawit manjat ing ardi anètèr |
dadya randhat lampahirèng margi |
angatêk sa-ari |
suku samya rapuh ||

7.
Sinêngkakkên lampahira nanging |
tansah ngonjot-onjot |
nulya prapta dhusun ing Pakuncèn |
kang lumampah samya sêdya kampir |
tan ana patinggi |
namung kamisêpuh ||

8.
Kyai Wanatawa ranirèki |
ki Nuripin gupoh |
amanggihi sarwi atêlètèh |
gupuh Wanatawa praptèng ngarsi |
sarwi ngancarani |
kinèn lênggah salu ||

9.
Angandika aywa susah iki |
ing kene kemawon |
ngong ayun mring guwa Selamanglèng |
yèn sambada lan kasdune kaki |
untapna wakmami |
kaki maring gunung ||

10.
Kyai Wanatawa matur inggih |
sampun walangatos |
pan wus damêl kula ngatêrake |
Jayèngraga Kulawirya angling |
lah ya sokur kaki |
jurukuncinipun ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (12b) Kaca 168 – 177
  • (13b) Kaca 197 – 201 >