Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 37

Kontak Admin.

email-kidemang

 (12b) Kaca 168 – 177

 

( Jayèngrêsmi, Jayèngraga tuwin Kulawirya badhe ngupadosi Sèh Amongraga )

VI. Pêpuntoning rêmbag Jayèngrêsmi, Jayèngraga tuwin Kulawirya badhe kesah tirakat ngiras-pantês ngupadosi Sèh Amongraga. Lampahipun katanggor-tanggor ing salah wèwèng maksiyatan.

1. Jayèngrêsmi, Jayèngraga tuwin Kulawirya kadhèrèkakên Nuripin ing sadèrèngipun Subuh lumampah mangidul, salat ing margi, sêrap surya kampir ing dhusun Kêplêng, sipêng ing griyanipun patinggi nama Suradigdaya, anakipun pêtinggi satunggal èstri taksih prawan sunthi nama Matiyah kaparaban pun Êndhuk, kapenakanipun wulanjar, sakalih-kalihipun sami ngladosi tamu.

Santri-santri ing dhusun Kêplêng sami gêcul, rêmênipun têtabuhan lan maksiyatan. Kulawirya ngajak têtabuhan wasana dados tayuban. Talèdhèkipun nama Gêndra. Jayèngrêsmi sumingkir dhatêng tajug. Jayèngraga anggrumut Matiyah, nanging botên pakolih, wasana kalampahan kalihan pun wulanjar. Kulawirya kalihan pun Gêndra.


Kaca 172 – 177

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 8 - Kaca : 168

9.
Cêthik lambung cinakêpan |
tan kêndhat pangibingira |
anutug dènnira suka |
mudhun kalepat klêtêran |
wus dangu antaranira |
ki pêtinggi tombokira |
patang wang ginêgêm tangan |
sinuwêlkên jro kêmbênnya ||

10.
Kumrincing ngêsokkên arta |
tangan nguyêg payudara |
grêgêtên pamidihira |
asangêt panggêlintirnya |
mumundri kaya pêcaha |
ni Gêndra abêntayangan |
sarya anyablèki tangan |
pan sarya ngêsês sêsambat ||

11.
Ah biyang tan kira-kira |
kantèk pêdhês rasanira |
ambakna wong tan sêmanak |
gêr ginuyu ing akathah |
Jèngraga gumujêng suka |
Kulawirya latah-latah |
gya suwuk gêndhingira |
ronggèng niyaga araryan ||

12.
Gêndra maksih paringisan |
Kulawirya mèsêm nabda |
geneya iku bok Gêndra |
dene dêlênge ngrêsula |
kono ing ambèn lungguha |
si Gêndra alon turira |
dèn-rêmêt sru anu-kula |
pêdhês lir pêdhot-pêdhota ||

13.
Suradigdaya alatah |
tak pindho manèh mêngko ga |
si Gêndra malêruk ngucap |
èh èlah ora-ra-a |
Ki Wirya gumuyu suka |
saryangling marang si Gêndra |
anu mono iku apa |
Gêndra mèsêm angujiwat ||

14.
Kulawirya lir kêpinjal |
mêndêm mring gêndaming Gendra |
tyasira sangêt kêrkuhan |
dènyarsa nêmpuh bok Gêndra |
amrih singluning pêningal |
pêkewuh panggonannira |
ing wanci mèh bêdhug tiga |
Jèngraga alon ngandika ||

15.
Lah paman sami bubaran |
asangêt panrima-kula |
kusung-kusunge pun paman |
kularsa lêson kewala |
dinugèkakên priyangga |
sanak-sanak kang samyarsa |
wong nganggur lêlangên jogan |
ki pêtinggi aturira ||

16.
Sumangga sakarsaneka |
nulya kèn saos gêlaran |
kajang sirah sêmbagi bang |
sumaos anèng pungkuran |
Jayèngraga gya sareyan |
Ki Kulawirya anulya |
bisik mring Suradigdaya |
puniku mungguh manira ||

Jilid 8 - Kaca : 169

17.
Putrandika Jayèngraga |
sampun kongsi kêtanggêlan |
(ng)gènnipun rumaket kakang |
aprayogi kinurmatan |
ngaturan têmon jro wisma |
supaya pikantuk nendra |
punika watêkanira |
yèn wontên kang dadya manah ||

18.
Kalangkung bère pêradhah |
ngêmpuni kang kêtangêlan |
sami-sami putranira |
(n)Jêng Kyai Bayi Panurta |
kaugung alit milanya |
puniku yèn anèng ngrika |
asor putraning dipatya |
sakêrsa tan purun malang ||

19.
Lamun parêng tyase kakang |
putrandika nimbok rara |
kèn ngadhêp ngarsa kewala |
mangsi ngangkaha punapa |
darapon tulus (ng)gènnira |
angakên milu susuta |
dadya pun kakang katingal |
pasrahe manah lêgawa ||

20.
Kula suprih têmbenipun |
tulusipun pawong-mitra |
yèn lajêng langkung suka |
gumuyu angling pêsaja |
o inggih dhatêng sumangga |
kalangkung dening prayoga |
datan rumaos sumêlang ||

21.
Dèn bêdhèla brak kawula |
botên anggrantês satuma |
karsa nampar tiyang nistha |
amundhut ing anak kula |
nulya Ki Suradigdaya |
malbèng wisma lon lingira |
mring rabi wis tinuturan |
kang wadon datan lênggana ||

22.
Gya rinukti panggenannya |
wus samêkta nulya mêdal |
matur mring Ki Kulawirya |
sampun miranti ing wisma |
nulya winungu kang putra |
ngaturan layap jro wisma |
nauri ngriki kewala |
Suradigdaya turira ||

23.
Prayogi nèng jroning wisma |
nulya wungu Jayèngraga |
tumama mring pasareyan |
ni pêtinggi wuwusira |
sutane kinèn amarak |
nèng ngarsane Jayèngraga |
ingatêrkên nulya prapta |
angling wus sira kariya ||

24.
Ladènana ramanira |
yèn mêmundhut aturana |
aja wêdi-wêdi sira |
iku ramanira dhawak |
nulya tinilar sutanya |
ni pêtinggi mring pandhapa |
nèng ngambèn cilik ngarêpan |
yata Ki Suradigdaya ||

25.
Undhang mring nak putunira |
kinèn (m)bêksa talèdhèkan |
nutug samya suka-suka |
wau kang anèng ing wisma |
Jayèngraga sêsarêngan |
tumingal marang bok rara |
kalangkung sukaning driya |
tyasira awirangrongan ||

 

Jilid 8 - Kaca : 172

457 Wirangrong

22.
Nulya ingunduran aris |
warastranira nêlosor |
linumahkên sigra rara Êndhuk |
Jèngraga ngêpithing |
ni Êndhuk tan swala |
warastrèng wêntis tumumpung ||

23.
Asta kèrinira maksih |
(ng)gêgêm ngêlus-êlus gêmbok |
astanira kanan ngarang-ulu |
sarya angarasi |
pipi myang wonga-wonga |
nyunyunge ingusap-usap ||

24.
Murinding amakenaki |
bok rara angucap alon |
lah puniku ramak raosipun |
kêpenak kêpati |
pangrasa sadina-a |
rong wêngi sukak kewala ||

25.
Jèngraga suka ngêkêti |
sarya awêcana alon |
ya anggèr mas ingwang sira Êndhuk |
wong ayu mrakati |
bisa wèh larasmara |
rara aja susah sira ||

26.
Boboconge dèn-lawani |
ing lêmpir kunthingan alon |
kagungan anglela katon muncu |
rêngate amanis |
mêmanas tyas priya |
pangusape Jayèngraga ||

27.
Rada masa-masa ririh |
bok rara murinding angot |
ngulèt pan angrasa rêsminipun |
ni Êndhuk ngrakêti |
ngrangkul jangga sêsambat |
ramak konokna kewala ||

28.
Jayèngraga duk miyarsi |
sambat pangucape wadon |
tyasira karênan kusung-kusung |
ingiringkên nuli |
wêlakange winêngkang |
sinlan pupu rêp-arêpan ||

29.
Warastra ginathuk nuli |
têngah rêngating don-adon |
prana tan animpang prênahipun |
kêbêg angêlêbi |
warastranira sigra |
dinêdêlakên ing gatra ||

30.
Sêg-sêg warastra tan mingip |
gathuke ing adon-adon |
sinêrot pinêlak winasa sru |
kontal singsal saking |
kasur kajang sirah |
rêg mênjuluk Êndhuk ngucap ||

31.
(n)Dadak dèn konokkên malih |
iki wêlakangku angloh |
mangu Jayèngraga tyas baliwur |
wangsul kasur sari |
mênggah-mênggah ing driya |
kagagas raosing gatya ||

32.
Ingagag kewala ririh |
tan inang nèng adon-adon |
(m)batêk warastranya kapit pupu |
kêngkêng lir kaywa-king |
kumêsar limputing tyas |
kontrak rarasing asmara ||

Jilid 8 - Kaca : 173

33.
Wus tan kêna dèn-sayuti |
adrêng warastra mêcothot |
mak brol galêgêkan ngathur-athur |
drawas anggubrasi |
wêntis wêlakangira |
nyunyuge gêluprut kama ||

34.
Kêlangkung kathah dènnya mijil |
dèrèng tuntas mêksih kêjot |
lagya ngarang-arang ingaluntur |
Jèngraga tan osik |
kakêjon sariranya |
mêksih marêp ring iringan ||

35.
Grana kêrakêt ing pipi |
angganya sakojur rapoh |
ros-rosaning tulang samya kêju |
kadya dèn-lolosi |
kêndho panggawenira |
ni rara kagyat anjola ||

36.
Dening têlês-ingkang wêntis |
lêr-êlêran (n)dalèwèr kêproh |
sêngguh kaompolan duk ing wau |
pandhêsêking wêntis |
nyana lêngên kewala |
sag-sêg jorog angambal-ambal ||

37.
Bok-rara tanpa akidih |
niki napa kang mêlopor |
jêmèk nèng wêlakang napa uyuh |
têka mawi ayit |
ês biyang dene wrata |
lan ramak niki punapa ||

38.
Jèngraga sumaur ririh |
udun matêng makênêng brol |
mêcah dalèwèran lah wis Êndhuk |
susuciya anglis |
gya turuh anèng jogan |
Jayèngraga sigra mêdal ||

39.
Wit sore mula mèmèti |
bok wulanjar gung wirangrong |
bêsus mêdêd anggung pasang sêmu |
angadhang mring tami |
salah siji ywa gagal |
yèn ana kang nglanggatana ||

40.
Nglêlewa angècèr liring |
wira-wiri maring gandhok |
nuju Ki Wirya umijil nguyuh |
si lanjar nututi |
nèng natar wetan ngongak |
Ki Ragil tanggap anyandhak ||

41.
Rinangkul sru kinapithing |
kinêkêp kêmbên rinogoh |
maksih mêmêl payudara mêmbut |
ni lanjar ambêkis |
ah niki ajêng napa |
têka (n)dadak gêrayangan ||

42.
Ah pun kula ajêng bali |
lho lho mundhak nêkêm gêmbok |
nging batinne asru ngayun-ayun |
Ki Wirya bibisik |
yo nyang lêsung kewala |
tinuntun sarwi kinuswa ||

43.
Nglayang mlerok (m)bêkis ririh |
praptèng lêsung lungguh karo |
sêpi kiwa papanne alindhuk |
juwêd mingkis jarik |
napase sru kumrangsang |
pinangku du-arêp lumpang ||

Jilid 8 - Kaca : 174

44.
Bok wulanjar anggrêgêti |
murinding wulu mêngkorog |
wus anjathok bathuk ngisor (n)dhuwur |
guthul mangkas nêmik |
pinapan nèng bêdhahan |
mênuk (m)bêngkayang darawas ||

45.
Sinêrêg boyok tinarik |
manjing blês kagyat angamplok |
napas ngangsur ngrangkul gulu ganul |
payudara kalih |
rapêt jaja ki Wirya |
gya ngobahkên bokongira ||

46.
Aju undure sarênti |
anggêlur lir kêthèk momong |
kalênyêtan ni lanjar wus dangu |
patagihan ganjing |
tinêkan angga liyan |
kasaru ana wong prapta ||

47.
Ni lanjar merang gya lari |
Ki Ragil cuwa agupoh |
nylimpêt ampingan saka kandhang wus |
guthulnya (n)jêdhindhil |
dèrèng prapta ing gatya |
saya mungkug mangkêl jangga ||

48.
Mung ingungsêg sruwal garing |
Nuripin nilap gya manggon |
ling alingan goco sisihipun |
langkung jrih (ng)gagari |
dènnya bundhêl Ki Wirya |
mangkyarsa ngadhang si Gêndra ||

49.
Bok lanjar mêntas sêsuci |
arsa wangsul maring gandhok |
nèng wuri mah sêpi papag gapruk |
lan Jèngraga jêglik |
tan samar kalih mèksi |
ni Lanjar maksih kasmaran ||

50.
Labêt kacuwaning rêsmi |
Jèngraga cuwa karongron |
mèt pupulih nrima nêmu lothung |
gya cinandhak gipih |
pinithing ngêmak-êmak |
mring pawon ana balenya ||

51.
Kang duwe turon nèng jawi |
myat tayuban rame gobyog |
ginaledhag ni lanjar pan anut |
rewa-rewa wigih |
niki ajêng têng napa |
mangke kularsa mring wisma ||

52.
Batinne suka kêpati |
winingkis wastra amêlok |
suluh jênar payudara mênuk |
ingêmbut (m)but ririh |
Jèngraga grêgêt sigra |
wêntis binênggang pinapan ||

53.
(m)Bêngkayang guthul nunuli |
pinarnah bêlahing gêmbok |
sinêrêg prêt labêt kênêng banyu |
rada mangang thithik |
brêbêd ni lanjar njola |
ngungun gênge sêmu dhangan ||

54.
Ginêlar saya murkinthing |
lar-lur glis ngacêpak kêproh |
wus tan nyêngka madhêt nanging lunyu |
ing rasa ngluwihi |
ni lanjar palintiran |
ngêsês-êsês rêm-rêm ayam ||

Jilid 8 - Kaca : 175

55.
Sinunggar dhêngkul kinêmpit |
mathongkrong lir kucing anjlog |
kalênyêtan nyang-nyêng turut ndhuwur |
anyuwara cak-cik |
lanjar katrêsan raras |
bêtah tan nêdya uwisa ||

56.
Galêgêg pyah têmpuh mani |
sarêng angêjot sakloron |
tuntas nglumpruk dinudut lir wêlut |
ni lanjar mêngkirig |
anungka balabaran |
Jèngraga gita umentar ||

57.
Ni lanjar kari gumuling |
maksih malumah kalêson |
alam-lamên kadi sih ginêlur |
ngèthèh-èthèh cincing |
èngêt susuci nulya |
mring pandhapa myat tayuban ||

58.
Talèdhèk tan bisa linggih |
tan kobêr dènnira (ng)gambyong |
kathah angsalira tombokipun |
kang samya angibing |
mèh bangun wancinira |
sayah nulya abubaran ||

59.
Sangêt mêndêm ki pêtinggi |
wong sêntanan ting gêloyor |
mutah bulaèran kang tinuntun |
mring bojone mulih |
Jèngraga sigra mêdal |
ambarêngi wong bubaran ||

60.
Wêdalira tan kêtawis |
laju mring kali agupoh |
Kyai Kulawirya sawusipun |
bubaran kang ringgit |
Kulawirya kêjèpan |
mring ronggèng Gêndra kèn mêdal ||

61.
Gupuh sêsarêngan mijil |
ing wanci wus bêdhug Suboh |
nanging sih pêtêngan gya rinangkul |
Gêndra kinapithing |
binaktèng palindhukan |
nèng kandhang sor taritikan ||

62.
Ni Gêndra pinongah-pangih |
kêsusu tyasira sompok |
saking kadêrêngira nekad nêmpuh |
mring ronggèng rinêsmi |
tan kongsi ngupayèng (ng)gyan |
mingkis sinjang rêp-arêpan ||

63.
Ronggèng wus pasang ing kapti |
sêngadi suthik thok-ethok |
atangkis rengkodan sarwi matur |
mbok mangke kang ririh |
tan kongsi tatan-tatan |
pakèwêd cuwa dhêg-dhêgan ||

64.
Ngrika griyane kang Cindhil |
randha sêpên tan ana wong |
nauri hêm biyang wong kêsusu |
sêlak krinan iki |
lah wis payo gage ta |
dèn-gagah bae sadhela ||

65.
Gêndra ngrangkul lambungnèki |
ing sabuk wontên mêndhosol |
ginagap yèn arta gya jinimput |
sadaya nêm anggris |
wus kinandhut sêmatnya |
nalusur malih tangannya ||

Jilid 8 - Kaca : 176

66.
Wontên kanthonging kulambi |
(n)garênjêl sida dèn-rogoh |
lopak-lopak slaka wis jinupuk |
bungah angling ririh |
mangke ta kula nginang |
Kulawirya tan darana ||

67.
Kêsusu tingkah sarya ngling |
nginang-nginèng têmên mêngko |
sarwi kathêkêran uthi bikut |
mêngkang pupu mamrih |
nulya wus linaweyan |
sêmada ngingkrang pinapan ||

68.
Wus bênêr anjathok mathis |
ngêlayang sêsèndhèn palon |
gya nganjat pinadal nêd grêgêl sru |
anglut blês poknèki |
Gêndra api (ng)garonjal |
batin kur lothung kewala ||

69.
Tan kongsi gêlur ping kalih |
(m)bêdêdêng banjur brol mukok |
angglêgêg kêjotan amrêkungkung |
ngêdên tan kêna ngling |
pan wus sêsontên mila |
dènnya noncong mêsi mangkas ||

70.
Mila glis mijil raswèki |
tan kongsi angonjot-onjot |
sawusira tuntas angêlumpruk |
gumrèwèl angampil |
luwar dènnya cawèlan |
Ki Kulawirya asigra ||

71.
Laju kewala anggêndring |
mangidul mring kali gupoh |
apan tan kèngêtan darbèkipun |
lopak-lopak kari |
kêsusu tan kêrinan |
dèn-lumayu aingkang ||

72.
Kaprêgokan Jayèngragi |
nèng kali wus dènnya Suboh |
kang paman tan nyana yèn kang sunu |
andhêrok nèng kali |
Ki Wirya gya jinabad |
Ki Jayèngraga agiyak ||

73.
Kang paman nauri bêlik |
ya padha wus jumboh |
sawusnya jinabad nulya Subuh |
bakdanya gya panggih |
sami apopoyokan |
kang paman anjumbul mojar ||

74.
E lah katiwasan mami |
lopak-lopakku kalolos |
rada kadhèdhèlan lêbur tumpur |
dhuwitku nêm anggris |
tan sêsangu (n)tèk-êntèkan |
wus mangsa bodhoweng marga ||

75.
Titip badanku sadêmi |
rumangsa nèng paran repot |
Jèngraga alatah paman ngringkus |
pasrah pati urip |
Kulawirya wuwusnya |
bêcike bali mring wisma ||

76.
Katêmu lan kang pêtinggi |
Jèngraga nauri mopo |
o ah botên paman lamun wangsul |
kula ragi isin |
yèn wontên cêcaturan |
alêrês pajare paman ||

Jilid 8 - Kaca : 177

77.
Sangêt rêkasaning rêsmi |
arêpit sangêt kabunton |
tangèh ingalukar sakêlangkung |
pakèwêd ingudi |
kajudhêgan ing lampah |
luwar jêjawèn kewala ||

78.
Langkung wrat prabawanèki |
badan sakojur lir theklok |
Ki Wirya alatah o lah tanggung |
nora kongsi muntir |
kang lilikasan mana |
wor prêmbêh-prêmbèh anggronjal ||

79.
Kêpêtêk thithik anjêmpling |
ki Jayèngraga anjorog |
sarya ngling alatah (ng)gih puniku |
kang kula wigihi |
tan wande agêmporan |
mendah dukane kakangmas ||

80.
Sêmèntên niki kuwatir |
rumaos lêpat kemawon |
kang paman wuwusnya sun ya gêtun |
èh tuwas barindhil |
tan ana rong grêg-grêgan |
basa blêng banjur brol mêdal ||

81.
Sing dèn-anu nora gati |
enak-enak nginang nyah-nyoh |
Jayèngraga latah ro gumuyu |
yata ki pêtinggi |
kang mêndêm angathang-athang |
anèng pandhapa ginugah ||

82.
Mring bojone kinèn tangi |
nulya tangi muntah sak-sok |
sarwi rinaupan gya kakêmu |
bojone nglingnya ris |
dèn-age têmonana |
dhayohmu kang anèng langgar ||

83.
Sigra dangdan amarani |
ikête maksih bra-ebro |
ing pênyananira dhayuhipun |
ngalumpuk ing masjid |
nulya prapta (ng)gyannira |
Jayèngrêsmi lon ngandika ||

84.
Man pêtinggi manira mit |
samyandum lujêng kemawon |
sun-arsa umangkat mumpung esuk |
pêtinggi turnya ris |
inggih sumanggèng karsa |
nuwun apuntên paduka ||

85.
Saking kêkirangan mami |
maklum paduka kemawon |
Jayèngrêsmi marma lan amuwus |
inggih sami-sami |
umatur malih tanya |
rinta lan paman-paduka ||

86.
Dene tan wontên ing pundi |
Jèngrêsmi nauri alon |
ngrumiyini lampah ngiras Subuh |
rèrèn anèng kali |
lamun ngêntèni paman |
mênawi yèn kasiyangan ||

87.
Ki pêtinggi matur inggih |
andhèrèk lujêng kemawon |
(ng)gih paman sun-trima nulya gupuh |
umangkat Jayèngrêsmi |
Nuripin wus pamitan |
ingiring mring maskumambang ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (12a) Kaca 151 – 167
  • (13a) Kaca 178 – 196 >