Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

 (14) Kaca 202 – 218

 

( Kapanggih Sèh Ragayuni ingkang adhêdhepok ing rêdi Kalênglêngan )

3. Enjingipun sami kadhèrèkakên dhatêng Pakarêman kapanggih Sèh Ragayuni ingkang adhêdhepok ing rêdi Kalênglêngan, ijèn tanpa kanthi. Para tamu sinunggata asal mangunahipun sang pinandhita. Bab dunungipun Sèh Amongraga, namung paring sasmita: kadosdene sata (ayam) mèmèti ngupados patarangan. Samangke sampun wontên ing prênah kidul-kilèn nanging botên pêrlu dipun-susul, ing têmbe badhe sami kapanggih.

Sèh Ragayuni paring wêjangan bab: pralambang pamoring kawula Gusti, sarta pralambang ngagêsang kados tiyang kakesahan kampir ing margi, sarta panunggiling rasa kajatèn, têlênging salat, panganggêp dhatêng Pangeran, pangidhêping sawiji-waji, tokid jatining kasidan. Wasana Sèh Ragayuni paring katrangan dunungipun Sèh Amongraga têmbenipun ing Wanataka. Ing têmbe sadaya badhe sagêd kapanggih ing ngrika. Enjingipun sami pamitan kanthi sêsalaman. Ing wêkdal sadaya sami/rumaos salaman, sanalika Sèh Ragayuni musna botên katingal. Sadaya sami ngungun.


Kaca 202 - 218


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 8 - Kaca : 202

467 Mijil

11.
Kang liningan gupuh nulya rakit |
sangu karag gêmblong |
wus sinungkên Nuripin tinampèn |
myang dawêgan parasan cinangking |
umatur suwawi |
yèn kadalon laku ||

12.
Nulya samya umangkat tumuli |
suku maksih apor |
ngantak-antak ing marga lampahe |
wus antara dangu nulya prapti |
wiwarèng guwa writ |
Selamanglèng luhung ||

13.
Kathah rênggane sela ingukir |
Jèngrêsmi duk anon |
langkung ngungun angling jro driyane |
yèki patilasan Kilisuci |
caritane dhingin |
dhêdhalang anjantur ||

14.
Sananing pandhita rara suci |
kadang kênya katong |
maha dhepok anèng Selamanglèng |
maksih walèh labêting ngaluwih |
gawok dènnya mêksi |
kang watu tinatu ||

15.
Pilaring kori pinatra rêmit |
rapêt adon-adon |
cècèlèng têlundhag pipinggire |
pinangada dhêdhêkan lus linis |
pinipil lir rimpil |
sêsêmpilanipun ||

16.
Ginapura teplok ngukêl pakis |
sinimbar tumpang ron |
pangubêding lung-lungan kanthète |
muwêr kadya panglêkêring luwing |
awingwing anggawing |
lir rêmêk dinumuk ||

17.
Kèndêl anèng pacrabakan jobin |
dening sela kosok |
kalumutan lêgêtan wilise |
sumarambah mêlatar wêradin |
êmpuk lir linapis |
ing wastra sinungsun ||

18.
Ingkang samya eca dènnya linggih |
sawusira aso |
myat pusparsa mayêng ngupayane |
lumaksana sadaya umiring |
maring taman wukir |
sangkêp liring santun ||

19.
Anduk gandanira amrik minging |
kèh brêmara awor |
kariruru kawigaran dene |
ring sadpada myang kukupu mamrih |
nrawung warnèng sari |
bêlonthang bang wungu ||

468 Lonthang

1.
Yata kang ngupaya tirta tan kapêdhak |
Jayèngrêsmi ngling maring Ki Wanatawa |
paran iki kaki de tan ana tirta ||

Jilid 8 - Kaca : 203

2.
Matur inggih pabèjèn prênahira |
wah mêkatên langkung ing bêgja paduka |
pan punika trêkadhang tan katingalan ||

3.
Jayèngrêsmi sumpêg kuwatir tyasira |
lalurating kadas dènnira sêmbahyang |
angandika kaki na ngêndi prênahnya ||

4.
Ing pabèjèn age payo pinaranan |
nulya mudhun sakêdhik angalor-ngetan |
tan adangu kang ingulatan kapêdhak ||

5.
Ranu nèng kulah sela pinatra ngrêmit |
patute sêgaran lêlawèh nglambe dang |
ingukir rintikan wêwêngkon lis-lisan ||

6.
Kinubêngan sangkêp saliring sêkaran |
mêncêp wenya wêning nèng kulah akilah |
Jayèngrêsmi anon kacaryan umulat ||

7.
Endahing patirtan nulya sama kadas |
wanci Hyang Arka wus nitih ing ancala |
nulya agya wangsul malih marang guwa ||

8.
Laju tumama maring sajroning guwa |
tambêning wiwara kang kidul rineka |
rêca naga manglung lir mijil saking rong ||

9.
Jêrambahing guwa sela kumalasa |
rakite lir wisma watês winêtara |
tan patya wiyar watara nêm dhêpa ||

10.
Sela lus sêdaya pinipil pêpatran |
myang nginggil langitanira pipilan |
ingukêl ngaluwêr ingunthuk cacingan ||

11.
Myang pagêr kring kanan pênuh kir-ukiran |
rurujit angrawit bintulu mapraba |
tan ana sêlanya tinatu tinatal ||

12.
Tetela lir kêmbang sêlaga gagangan |
guwa ing Selamanglèng asisinggêtan |
kang kidul singgêtnya kathah mawi lawang ||

13.
Jêrambah jro-mahan antara rong dhêpa |
dene kang êlèr singgêtnya mawi lawang |
jêrambah antara jêmbare pat dhêpa ||

14.
Kang pinggir kilèn wontên bale watangan |
sela lus lis-lisan amuput jêrambah |
gêngira sadhêpa lèr malih singgêtan ||

15.
Têngahipun lawang jêrambah jro-mahan |
tri dhêpa wiyarnya pêsagi tulyèndah |
guwa Selamanglèng jrambahnya sêkawan ||

16.
Lawang jro titiga lawang kang mring jaba |
kêkalih ingkang wetan lawang mring jaba |
yata kang samya salat anèng jêrambah ||

17.
Wêktu Mahrib Jèngrêsmi kang dadya imam |
bakda salat Mahrib lajêng salat Ngisa |
sabên waktu samya gantya dadya imam ||

Jilid 8 - Kaca : 204

18.
Bakda Ngisa wus pêragat sunatira |
nulya samya tata dènnya lilinggihan |
Nuripin anithik karya gêni diyan ||

19.
Samya lêjar tyasira nèng guwa pandam |
Jèngrêsmi ngandika mring Ki Wanatawa |
kaki ngong têtanya punapi wontêna ||

20.
Janma kang tirakat marene wong tiga |
ngawirya pêparab Ki Sèh Amongraga |
sabate kêkalih aran Jamil Jamal ||

21.
Praptèng nèng guwa Selamanglèng manawa |
aturira kawula datan tumingal |
manawi ta saking tan uning kawula ||

22.
Ingkang kadya pajar andika punika |
wontêna kawula matur pan bêlaka |
kang ana Sèh Mongraga kanthi sabatnya ||

469 Kinanthi

1.
Yata kang samya alungguh |
nèng guwa dènnya nênêpi |
apan namung kalih dina |
anèng Selamanglèng nênggih |
Jèngrêsmi alon lingira |
marang ki Wanatawèki ||

2.
Kaki sun-tanya sirèku |
kene saluwaking ardi |
ana kang amaratapa |
pandhita ingkang linuwih |
Ki Wanatara turira |
pan inggih wontên satunggil ||

3.
Anèng sapucaking gunung |
pucaking ardi puniki |
ardi Klothok pêkarêman |
sêpên tan kambah ing janmi |
awis ingkang uninga-a |
kadhang yèn wontên kêpanggih ||

4.
Tan sagêd asalang muwus |
bisu kewala tan angling |
yèn wontên kang inujaran |
sêpakonipun pinanggih |
etangipun angsal bêgja |
yèn panggih kongsi sinung ling ||

5.
Wastanipun kang palungguh |
Ki Dhepok Sèh Ragayuni |
manggyan pucak palêlêngan |
Jayèngrêsmi duk miyarsi |
mring ature Wanatawa |
sukèng tyas arsa pêpanggih ||

Jilid 8 - Kaca : 205

6.
Wusana alon amuwus |
payo ta tuduhna kaki |
iya maring Kalênglêngan |
manira sêdya pêpanggih |
Ki Winatawa turira |
sumangga amba umiring ||

7.
Dyan umangkat sing (n)gyannipun |
mudhun ngalèr-ngetan iring |
anikung ngilèn amanjat |
nut jagir lingiring wukir |
wanci gumatêl kang surya |
andharat sumêngkèng ardi ||

8.
Amiyak gêlagah rayung |
nêrampat lang-alang aking |
ngatêk-atêk dènnya lampah |
ing margi kalangkung sungil |
sakêdhap rèrèn kaporan |
sanggon-(ng)gon dènnira linggih ||

9.
Anênggêl sasêngkanipun |
lêlêmpong alêmpat-lêmpit |
ngambah wana pêjarakan |
jarak-cina angêbêki |
manjat arambatan jarak |
yèn raryan jarak ngayomi ||

10.
Andungkap panjatanipun |
tênggêre pucaking wukir |
têlas kang wana kêkaywan |
kêkêndhit pucaking ardi |
ngasrama ing Kalênglêngan |
dadya babuyutan wingit ||

11.
Kang samya lampah ngrêrantun |
kêsayahên anèng margi |
rêm-rêm samya mumucangan |
nèng sor kêkaywan kêlampis |
watês kêkêtêbing wana |
rêsik padhang sapênginggil ||

12.
Gya manjat (n)dêdêr mandhuwur |
anênggèk sumêngkanèki |
anjambak sukêt mêrakan |
kêlangkung rêkasèng margi |
surup wanci wisan karya |
sumalêngêt panasnèki ||

13.
Dhukut tinampakan lunyu |
sring kêplorot Ki Nuripin |
dadya gaguywan samarga |
mêrga lakune Nuripin |
gondhelan sacandhakira |
yèn jêbol kêplorot têbih ||

14.
Yata wau kang palungguh |
ing dhepok Sèh Ragayuni |
tanpa sabat tanpa endhang |
namung pribadinirèki |
tanpa wisma kêkampungan |
anèng ing sanggar sasiki ||

15.
Tan pati agêng kang tajug |
pêcak nêmbêlas pêsagi |
payonne êduk kakaban |
pagêr galondhong pring langking |
sinunduk pan ginêndèran |
jèjèr adu rapêt pipit ||

16.
Lawang lèr lèrèganipun |
sami wutuhan pring langking |
tanpa bale palupuhan |
tiningalan saking jawi |
tan katingal pagêrira |
rinambatan ing pong-pongging ||

Jilid 8 - Kaca : 206

17.
Papasan galing lung gadhung |
(n)jên-injênan sangga langit |
lêt-ulêtan kêsèmbukan |
adal-adal lan wêdani |
ngrêmbuyung ngêbêki sanggar |
dinulu muyêg awilis ||

18.
Lir pangol sela ngalumut |
tan mungguh lamun nyanani |
yèn dadya sêsanèng janma |
saking sintruning awingit |
kang nèng sanggar pamisikan |
Ki Dhepok Sèh Ragayuni ||

19.
Arakit palungguhipun |
ngadhêp dhadharan mawarni |
kanan kirine jilidan |
satumpuk jilidan Jawi |
satumpuk jilidan kitab |
angapit ing kanan kering ||

20.
Tan mawi kêlasa lungguh |
palupuh kewala apik |
kalimis labêt wus kawak |
yata kang sumêdya prapti |
pucak arga Kalênglêngan |
wus dènnya anduduk margi ||

470 Mêgatruh

1.
Nulya prapta Jayèngrêsmi lampahipun |
lan kang paman myang kang rayi |
Ki Wanatawa nèng ngayun |
kang dadya grêmaning margi |
pitêdah prênahing dhepok ||

2.
Matur lah punika inggih dhepokipun |
napak palataranèki |
rêsik tan na rumputipun |
sela kumalasa radin |
kadya pakêkêsaning wong ||

3.
Anglulumut lêgêdan wilis dinulu |
kêlapa gadhing kêkalih |
kang minangka kèrinipun |
rumput mrakan ngrêmbyung nginggil |
kêkêtêb sêkar rêgulo ||

4.
Gya tumama Jayèngrêsmi duk kadulu |
marang ing sang apalinggih |
uluk salamu ngalèkum |
nabda ngalekum salami |
rêrakêtan tangan gupoh ||

5.
Gantya-gantya sêsalaman kang martamu |
Wanatawa myang Nuripin |
sêdaya wus kinèn lungguh |
santri wus prênah nèng wuri |
binagyan ingkang duk rawoh ||

6.
Amangsuli pambagya panambramèng rum |
wau ta sang apalinggih |
jatmika tan kêna muwus |
samya ngartikèng jro kapti |
lungit pasanging pasêmon ||

Jilid 8 - Kaca : 207

7.
Cup-cinupan sang tapa hardayanipun |
uninga lamating gaib |
cacalon mukmin kas luhung |
ing mangkya lagya nglêlari |
mring kadang ipe lungandon ||

8.
Dhadhêmpalan rèhning tinuding ing laku |
mring sudarmanira kalih |
onêngira trêsnèng mantu |
myang sagotra sama asih |
mring kang sêdya utamèng don ||

9.
Sanalika mêne tan sarawung wuwus |
Ki Dhepok Sèh Ragayuni |
ragi kathah èsêmipun |
makung kajatmikan wingit |
dadya tan ana miraos ||

10.
Jayèngrêsmi Jèngraga Kulawiryèku |
samya micorèng jro galih |
sêmada gawat wong iku |
karya gawoking têtami |
kitabe sinandhing lunggoh ||

11.
Lawan ingkang dèn-adhêp samaptèng suguh |
nyamikan sangkêp mawarni |
dudu carane wong gunung |
pasugatane di-adi |
cèrèt pinanggung nèng anglo ||

12.
Dêgan pêparasan myang kêndhi bak ranu |
tan rewang jalu lan èstri |
bisa arakit sasuguh |
woh-wohan kang manis-manis |
myang lah-olahan sumaos ||

13.
Jayèngrêsmi tumingal mring sang palungguh |
kêraos kakanirèki |
wusana kumêmbêng kang luh |
sira Ki Sèh Ragayuni |
myating têtamu ngêmu loh ||

14.
Anêmbrama nênamur sungkawèng tamu |
nojarkên pasugatèki |
sumangga sawontênipun |
sumapala palèng wukir |
supaya ring ing kalêson ||

15.
We nyu wilis tuwin sakarsa amundhut |
samya mangsuli lingaris |
inggih ing sasêlotipun |
Jèngrêsmi rêsêping galih |
myat marang ingkang dhêdhepok ||

16.
Pan inganti-anti dangu tan amuwus |
kêlangkung akung ing wadi |
mêngkana alon amuwus |
Jèngrêsmi mring sang palinggih |
marma kawula praptèng don ||

17.
Wiyosipun kawula nuwun pituduh |
mugi paduka sung tuding |
inggih ing panggenannipun |
kadang sêpuh kawlas asih |
nglalana nis nir tang wartos ||

Jilid 8 - Kaca : 208

18.
Karya kingkinipun ingkang kantun-kantun |
ramèbu myang garwanèki |
langkung sangêt kawlasayun |
kula kêlawan pun adhi |
myang paman samya ngupados ||

19.
Lamun sampun praptèng mariki kang wau |
kadang kawula Mongragi |
ing mangkya pundi gyannipun |
yèn tan marêk yêkti mami |
nuwun pêthèk kang cumêplong ||

20.
Sang palinggih Sèh Ragayuni lingnya rum |
inggih mangke bok-mênawi |
sagêd amangsuli atur |
kilap lêrês lawan sisip |
anakmas dènnya mirangrong ||

471 Wirangrong

1.
Prayogi sêsambèn dhingin |
supaya mari kalêson |
punapa kinêrsan we-ning kang nyu |
kang liningan aglis |
samya ngalap dawêgan |
inginum manis anikmat ||

2.
Nulya sinung Ki Nuripin |
amundhut nyamikan alon |
sasukanya ngalap apikantuk |
kang samya binukti |
Sèh Ragayuni ngalap |
manggis ginêgêm kewala ||

3.
Wusnya dhêdhaharan sami |
Sèh Ragayuni lingnya lon |
anakmas tatanya kadangipun |
ingkang lêlana nis |
kawula tan pagutan |
dèrèng wruh suwarnanira ||

4.
Kang wasta Sèh Amongragi |
nanging wus wor tunggal kawroh |
jomblah nèng kanêngan lan ragèngsun |
tan kuciwèng ngèlmi |
tar samar sinamaran |
sami dèrènge pêpanggya ||

5.
Tan tingal-tiningal lair |
wus cup-cinupan ing batos |
Ki Sèh Amongraga tyas wus kupu |
lan kawula yêkti |
ing pandugi kawula |
rakanta Sèh Amongraga ||

6.
Laju ngêlalu lana nis |
wus tan nêdya atatêmon |
marang yayah rena tan lyan (n)dulu |
mring Hyang Purbajati |
jatmikaning kanêngan |
nênênga sihing Hyang Suksma ||

7.
Lir sata lagya mèmèti |
pantuk patarangan manggon |
lagya drês anigan nulya nungku |
mangrêmi pangèksi |
mrih tètèsing kasidan |
tanggaling sih kêwaleyan ||

Jilid 8 - Kaca : 209

8.
Wa-mêkatên niku sirik |
anyênthok aibing Manon |
pan lagya kinarsan de Hyang Agung |
tan kêna pinêthik |
walahu alam benjang |
yèn karilan ing Hyang Suksma ||

9.
Dene (ng)gènnipun samangkin |
nèng mêdangab kidul-kulon |
tan kenging cinêtha ing palungguh |
lamun dèn-ulati |
pan dèrèng mangsanira |
kêpanggiha ingulatan ||

10.
Kakanta Sèh Amongragi |
lagya kinarya lêlakon |
puniku ing benjang garwanipun |
tumutur ing laki |
nèng jaman pamimikan |
kathah roncening rancangan ||

11.
Lagya samantên ling-mami |
tan kêna wêdharing raos |
Jèngrêsmi duk miyarsa langkung ngungun |
katrinira sami |
Jèngraga Kulawirya |
bisik-bisik arêrasan ||

12.
Paman wong puniku èdi |
tunggal pasanging pasêmon |
lan putranta kangmas saliripun |
wuwuse patitis |
tan wontên kang sumêlang |
kadya sidik kang wêcana ||

13.
Ki Kulawirya nauri |
layake iya mangkono |
wus waspadèng cipta ngong sirèku |
thithik rada blai |
polahira nèng marga |
padha nyalèwèng maksiyat ||

14.
Mangsa wurunga kêtawis |
pêsthi kacupan ing batos |
mèsêm Jayèngraga bari suntrut |
anutuh kang uwis |
Sèh Ragayuni lingnya |
nyamun nyarakkên dhadharan ||

15.
Dawêg anggèr kang dumugi |
sami krana lah kemawon |
punika kinêdhap sarbat arum |
sawontêning wukir |
karênan kang liningan |
samya rahab dhêdhaharan ||

16.
Katri karênan ing kapti |
dene sêsambèn aroyom |
Sèh Raga angandika lah puniku |
wedang mupangati |
ron kêmadhuh kaleyang |
lan gula rèn sawatara ||

17.
Ngrês linu pêgêling daging |
ngilangkên ing ngapor ngêthok |
tali wulu waras otot purus |
kêsêl aglis mari |
yèn kaur linêguta |
primbon nyatur dadi sarat ||

18.
Katri mèsêm anginggihi |
kadosta lamun sayêktos |
puniku kaliyanging kêmadhuh |
paedah utami gya samya nginum wedang |
Jèngraga anggunggung rasa ||

Jilid 8 - Kaca : 210

19.
Paman datan nyana mami |
lamun kleyanging kêmadhuh |
yèn mawi mupangat raosipun |
gurih tungtung wangi |
kula lagi punika |
mriksa raose kang wedang ||

20.
Karênan Ki Jayèngrêsmi |
cipta jênêk anèng dhepok |
tyas sêdya ambapa mring sang wiku |
Ki Sèh Ragayuni |
uning kèjêping netra |
amêdhar jurudêmungan ||

472 Jurudêmung

1.
Wancining surya gumiwang |
Sèh Ragayuni lingnya rum |
suwawi sami awêktu |
marang (ng)gonne we akadas |
samya mêdal saking tajug |
maring sêndhang pabêlikan |
margi anglèngkong tumurun ||

2.
Praptèng sêndhang pabêlikan |
sêndhang Prawati rannipun |
ngandhaping sela gêng mangul |
sêndhangnya mila andrawas |
marang sor (n)jog jurang parung |
yata kang samya akadas |
sawusnya dènnira wulu ||

3.
Wangsul minggah praptèng langgar |
samya wêktu salat Luhur |
Sèh Raga ngimami ngayun |
pêragat dènnya asalat |
samya tata malih lungguh |
wus samya cipta wor driya |
tan wangwang osiking wuwus ||

4.
Jayèngrêsmi rum tatanya |
mring Sèh Ragayuni luhung |
kawula kyai nunuwun |
rèh bodho tanpa tuduhan |
mugi paduka sung tuduh |
praptèng padhanging tyas-kula |
ngagêsang geyonganipun ||

5.
Ki Sèh Ragayuni nabda |
winor èsême asêmu |
dhuh anakmas sang binagus |
dene amila bêbakal |
wus tandur milir maluku |
dhasar wijine wangênan |
nging kêdhik kuciwanipun ||

6.
Ragi katêndhangan jawah |
sêmune sêmada alum |
kêndhat tulakan tan turun |
nanging tan dados punapa |
pan kêdah istikèng jawuh |
supaya winih waluya |
ngalilir kawanton ranu ||

7.
Wiwinih sampun prayogi |
mung kantun pangolahipun |
kêdah anuwuki pacul |
mrih dhaup winih lan tanah |
dadyarja kang tanêm tuwuh |
kang darbe sabin sih marma |
myat tandurane woh landhung ||

Jilid 8 - Kaca : 211

8.
Kontrak tyasnya kang liningan |
pan rumaos inanipun |
Ki Jayèngraga umatur |
bibisik mring kang raka |
prayogi angudi wuwus |
supados kususing driya |
ing nalar manawi rujuk ||

9.
Jèngrêsmi nganthuki rêmbag |
wusana alon umatur |
marang sang maha palungguh |
kawula nunuwun mirat |
pangandikanta kang wau |
dhauping winih lan tanah |
kadya punapi liripun ||

10.
Sèh Ragayuni lingira |
de wuwus-kula puniki |
kathah panunggilanipun |
pan inggih gangsal prakara |
ingkang dhingin dhaupipun |
Gusti kalawan kawula |
kumpula sir kang sêjati ||

11.
Lantaran uni uninga |
kaping kalih dhaupipun |
ngagêsang kalawan lampus |
kumpuling èngêt lan lipya |
lantaran nugraha wahyu |
kaping tiga dhaupira |
suksma lan jiwangganipun ||

12.
Kumpuling napas lan cahya |
lantaran rasaning tuwuh |
dene ping sakawanipun |
dhauping ilmu lan iman |
kumpuling tokid lan kawruh |
lantaran lila lan tapa |
dene kaping gangsalipun ||

13.
Kang winih kalawan tanah |
kumpuling sêmu lan êmpuk |
lantaran kalawan ranu |
puniku pralambangira |
kewala sêsamanipun |
kang dadi paugêran |
langkung pangolahirèku ||

14.
yèn ta wêwadhah kuciwa |
têmah rusak isènipun |
tan saplak lir surya tèngsu |
yèn surya tanpa wêngi ka |
baya baskara tan murub |
ilang padhanging raina |
puniku upaminipun ||

15.
Lan tunggil malih pralambang |
kadya ta sanepa dhusun |
kêrajan sajroning dhukuh |
dhukuh nèng jroning kêrajan |
kêdah wruh sakumpulipun |
yèn inang salah sajuga |
têmah copèt kalihipun ||

16.
Owêl dènnira bêbakal |
tan tulus cêbloking turus |
yèn kêdrawasan kadarus |
mila kang wus man tan arsa |
karegonan raganipun |
kêdah anungge jiwangga |
sumungku ring dhawakipun ||

17.
Kang samya myarsa karênan |
Ki Kulawirya umatur |
sanès kang kawula wuwus |
kawula duk samya prapta |
(n)jujug ing guwa linuhung |
ing Selamanglèng punika |
sela lus rinêngga tatu ||

18.
Pinatra gêmpur angrêmat |
pipining lawang kang kidul |
pan rêca taksaka manglung |
manawi wontên jarwanya |
Ki Sèh Ragayuni muwus |
di-bagus lamun atanya |
artining guwa puniku ||

Jilid 8 - Kaca : 212

19.
Sasanèng pandhita rara |
Ki lisuci kang kukuwu |
ingkang sadhèrèk pambayun |
prabu Jênggala Ngurawan |
ing Kêdhiri Singasantun |
tansah dadya rêrêbatan |
anulya sang pandhita yu ||

20.
Ambêncah warna sakawan |
anungku ring arinipun |
wêradin kadangnya catur |
Nyi gêng Têgalpucangan |
anèng ing Jênggala prabu |
dene Ni-agêng ing Sabu |
pan anèng Ngurawan prabu ||

21.
Ni-gêng Selamanglèng Daha |
ing Jênangan Singasantun |
sipat pat sami warnèku |
dene cirining wiwara |
apan ing sangkalanipun |
ginraita ungêlira |
naga manglèng-sela iku ||

22.
Ingabên lan sapênika |
trus rasa gatining sunu |
sumangga andika etung |
sampun pintên laminira |
Kulawirya lon amuwus |
mring kang putra Jayèngraga |
kono anakmas nèh etung ||

23.
Jêngraga mèsêm turira |
mangsa boronga ingriku |
Sèh Ragayuni lingnya rum |
etung-kula kang sêngkala |
lagya tigangatus taun |
lan pitungdasa satunggal |
taun swarkaraning laku ||

473 Dhandhanggula

1.
Yata ingkang sami mardwèng wangsit |
wanci wus akiring wêktu Ngasar |
surya mèh nglêlaras sore |
nulya sami tuturuh |
tumurun mring sêndhang Mrawati |
sapungkurira kadas |
pasugatanipun |
pan mêdal saking mangunah |
sêkul ulam panganan sangkêp sumaji |
kadya tinatèng janma ||

Jilid 8 - Kaca : 213

2.
Parik nganan ngeri anèng pinggir |
têngah longkang kinarya sêmbahyang |
kang samya kadas prapta ge |
lajêng sami awêktu |
Ngasar bakda lajêng Mahêrib |
Sèh Ragayuni ingkang |
angimami wêktu |
sawusira kinamatan |
ngangkat niyat usali praptaning takbir |
wêwacanira ilhar ||

3.
Rêkangat kang awal suratnèki |
wusing Patekah Kulya-ayu hal |
dene rêkangat akire |
wusing Patekahipun |
Idaja-a nasrullullahi |
praptèng akiring tahyat |
asalam bakda wus |
samya pêpuji arahab |
laju dhikir tri-atus myang donganèki |
Rajugna wus pêragat ||

4.
Samya angadêgi salat wabin |
nêm rêkangat têlung salam purna |
gya manjing wêktu Ngisane |
Jèngrêsmi kinèn ngayun |
angimami nulya mangarsi |
surat wus kinamatan |
ngangkat niyat pêrlu |
usalinira pasêkat |
takbirira patitis parênging kapti |
kalawan isi molah ||

5.
Mikradjing kir'at Patekah-nèki |
kasar made jais lajimira |
kang sa-alip rong alipe |
myang kandêl tipisipun |
idambila onah isami |
sawusira Patekah |
pan wêwacanipun |
apale surat Jumuwah |
rêkangat kang akir wêwacanirèki |
sawuse ing Patekah ||

6.
Surat Munapèk kir'ate wasis |
praptèng tahyat awal akirira |
nulya asalam bakdane |
laju pujianipun |
swara sawêtara aririh |
alandhung tumaninah |
sarèh ngayat-ayut |
laju lêlagon dhikirnya |
ngangsêg rahab triatus suhuling dhikir |
wuse nulya andonga ||

7.
Anampa donga amrih utami |
wus pêragat sadaya myang surat |
amansohkên tapakure |
sawusira ing dangu |
nulya tata samya alinggih |
pandam wus angalêncar |
lir samêktèng wau |
sugata mijil mangunah |
saosanipun kinèn ngambil mangarsi |
Nuripin Wanatawa ||

8.
Ingkang samya kinèn angladèni |
sinaoskên kang sêkul rampadan |
ramut lan sawantingane |
Sèh Ragayuni muwus |
lah suwawi sami wêwanting |
kang liningan agêpah |
samya atuturuh |
Ki Sèh Ragayuni nadhah |
ukur-ukur sarat ngecani têtami |
sarya lon angandika ||

Jilid 8 - Kaca : 214

9.
Sampun cawêngah sumêlang kapti |
ingkang samya pikantuk anadhah |
rêjêkilah sawontêne |
kang maklum maring ulun |
datan pati lawan abukti |
kang dumugi priyangga |
mupung sih kêpangguh |
mungtabangat anèng dunya |
kang liningan samya sukarênèng kapti |
pikantuk dènnya nadhah ||

10.
Langkung nikmat raosing pambukti |
wus antara luwar wiwijikan |
cinarik mring pamburine |
sami pikantuk tuwuk |
têlas ulam sêkulirèki |
panjang piring lancaran |
sininggahkên sampun |
tinumpuk anèng dhudhulang |
siningkirkên ing pinggir sampun miranti |
dhadharan majêng ngarsa ||

11.
Ingancaran asêsambèn sami |
kang liningan nuwun aturira |
kang tamu panggraitane |
sayêkti yèn linuhung |
Kyagêng Dhepok Sèh Ragayuni |
wus nglairkên kêramat |
eloking pasuguh |
tan majat lairaira |
dene tanpa rewang kang janma sasiki |
sugatane samoa ||

12.
Jayèngrêsmi pan umatur aris |
mênggah traping ngagêsang punika |
ingkang dadya geyongane |
kasidaning tumuwuh |
muga amba tuwan jarwani |
mardikaning ngatitah |
kados-pundinipun |
Sèh Ragayuni lingira |
inggih mangke anakmas kula-jarwani |
manawi kalêrêsan ||

13.
Gêgeyongan ngagêsang puniki |
inggih budi kang minulyèng titah |
ingkang minangka maligèn |
-ning Sang Hyang Kang Maha Gung |
pacampuwan Nabi lan Wali |
sujanmi ingkang wus man |
sakèh pra linuhung |
pasênêtan gêng punika |
pan wus mashur kang samya ahli ing budi |
binudi kang budiman ||

14.
Ingkang dadya têlênging ngarêpit |
kang pinurih-purih ing kadadyan |
nèng budi siyos wurunge |
milane wontên ngilmu |
kang sarengat tarekatnèki |
kakekat myang makripat |
panggayuhing wahyu |
Hyang Agung kang sipat rahmat |
wujuding Dat wal kayatan billarokin |
uripe tanpa nyawa ||

15.
Wujud tanpa kaanan puniki |
ing dalêm kak sajati lantaran |
inggih budi lantarane |
sarupa wujuding hu |
pan jumênêng Muhamad latip |
mustakiking Hyang Suksma |
kanyataanipun |
budi wujuding Hyang Suksma |
inggih budi inggih Hyang kang Maha Suci |
budi têtabonira ||

Jilid 8 - Kaca : 215

16.
Pan upaminipun wohing tiris |
banyu kêlapa bathok sêpêtnya |
puniku saupamine |
toyanya budinipun |
klapa ati kang sanubari |
bêbathok napsunira |
sêpêt badanipun |
toya budi dhatêng sukma |
budi kapanjingan Dat sipating Widdhi |
lawan apêngaling Hyang ||

17.
Puniku woring kawula Gusti |
tunggil adat lawan tunggil sipat |
lawan tunggal apêngale |
dene antaranipun |
bedaning budi lan Hyang Widdhi |
budi tan kapanjingan |
Asmaning Hyang Agung |
Dat Sipat Asma Apêngal |
namung Asmaning Hyang kang tan manjing budi |
nanging umanjing uga ||

18.
Panjinging Asma pan rêpit malih |
datan kêni winadhag ing rasa |
tuwin tan kenging ngumume |
anèng jatining samun |
ingkang tan kasaman ing janmi |
ngênirkên tan bayinat |
namung dhawakipun |
kumambang marang Hyang Suksma |
Hyang Suksma-di kunambang marang pribadi |
pribadi dhawakira ||

19.
Kang liningan kapagutan kapti |
Jayèngrêsmi nyathêt ing wardaya |
myarsa Sèh Raga wuwuse |
datan siwah sarambut |
tunggal pancêr rasaning jati |
lawan Sèh Amongraga |
kajateyanipun |
Jayèngrêsmi-aturira |
kadospundi pungkasipun kang sajati |
Sèh Raga wuwusira ||

20.
Inggih sêlotipun mangke ratri |
dinugèkkên dènnya nyênyamikan |
ingriku sapikantuke |
dene punika wau |
ingkang budi dhatêng Hyang Widdhi |
tan pae paekanya |
kang sampun sumurup |
ajali abadining Hyang |
ingkang sampun linuhung datan ngromèsi |
wus mungkur ahli dunya ||

474 Pangkur

1.
Pralambanging ngagêsang |
lir kesahan têbah kampir ing margi |
sêtun dangu mung sêdalu |
kadhang sakêdhap mangkat |
wus gumantung ing lampah sêdyanya mantuk |
marang wismane priyangga |
tan pepeka anèng margi ||

Jilid 8 - Kaca : 216

2.
Puniku kang sampun tama |
datan arsa ing lampah ngampir-ampir |
kacangkol marang donyèku |
kuwatirira dahat |
tan cipta lyan pan amung mring jodhonipun |
mustakik roning ngatunggal |
jalu kalawan pawèstri ||

3.
Kita punika upama |
janma èstri kesah tutuwi têbih |
mangkat miwah mantukipun |
sangêt samar nèng marga |
pêngampire dadya rubedaning laku |
kathah mutawatirira |
awis ingkang bisa mulih ||

4.
Kathah kandhêm anèng marga |
sabab saking apêsipun janmèstri |
kabegal baya-pakewuh |
kathah liring rêncana |
mrih ngilangkên wisma laki darbèkipun |
korup papa anèng paran |
tan èngêt wasananèki ||

5.
Pae lan kang sampun kawas |
ngawruhi kang dadya bancanèng margi |
nèng pangampiran puniku |
pangkalan kahidhupnya |
datan arsa pepeka anèng marga gung |
kinawalan lan tawêkal |
cipta ge praptèng wismèki ||

6.
Wismanipun minangka Hyang |
apan sami pangajêng-ajêngnèki |
kang nèng paran lan kang kantun |
samya pagutan cipta |
tan sêlaya mêkatên supaminipun |
Gusti kêlawan kawula |
tunggil karsa ing kajatin ||

7.
Mênggah lantaring tumêka |
maring rahsa rasaning kang sajati |
salat-jati kang kêdah wruh |
salat tundha titiga |
tur ta sêmbah adi-adi kang puniku |
lir tirta saking ancala |
umili marang jêladri ||

8.
Kathah kandhêg ing sawangan |
salat-jati ing têlêng prênahnèki |
pilih ingkang prapta ngriku |
jroning salat punika |
kadya ngobak toyèng dandang paminipun |
sawêg samantên kewala |
pinêthêt sêmuning rêpit ||

9.
Langkung lungiting graita |
ing kajatin lir kukus saking agni |
myang siti kalawan ranu |
lir oyod mêdal tirta |
badan kita Sukma dharat dèn-kadulu |
lir lêbu kalawan kisma |
pêsate ngamun-amuni ||

Jilid 8 - Kaca : 217

10.
Lèn kadya nyut tibèng toya |
saking agranirèng patra maringih |
wilaja lan marbukipun |
paeling tinggal raga |
kadya sating tirta ing bantala luyut |
anglir padhêming dahana |
kantun wangwa nèng kaywa king ||

11.
Kayu pami kang rêraga |
apan budi wujudipun kang gêni |
panasing gêni Hyang Agung |
puniku têlêng salat |
kêdah ingkang waspada panasing latu |
tuwin kêdah wruh ing pisah |
kumpule roroning tunggil ||

12.
Myang padhange kinawruhan |
maring pêtêng wus pêde dèn-kaliling |
kados puniku wus cukup |
kang kèh wêwêd kita |
têmah dadya sura lêgawa nrang kewuh |
pan wruh sajatining kira |
-kira tan mangeran dhiri ||

13.
Tan mangeran tawang-tuwang |
tan mangeran ing papan kang tinulis |
tan mangeran swara wuwus |
tan mangeran kaanan |
tan maangeran kang ora tan mangeran wruh |
tan mangeran riricikan |
tan mangeran agal rêpit ||

14.
Tan mangeran ing Hyang Suksma |
tan mangeran ing nabi miwah wali |
tan mangeran guru ratu |
tan mangeran sasama |
tan mangeran mring pribadi dhawakipun |
tan mangeran barang titah |
tan mangeran rame sêpi ||

15.
Namung sirnaning têlêng tyas |
kang tan labêt sadrahing angin-angin |
luyut karone tan mujud |
pan datan kawimbuhan |
datan amimbuhi mring lawananipun |
pan datan angraga-sukma |
suksma tanpa raga-jati ||

16.
Komplang roroning ngatunggal |
sampurnaning kawula lawan Gusti |
puh sirna byuh ilang jumbuh |
wus tan kenging ingucap |
apan maksih nênggih andungkap ing wuwus |
ing dalêm kauwusannya |
mawi sarat mangsa kalih ||

17.
Ing riku jatining pungkas |
Jayêngrêsmi tyasira lir sarêsmi |
nalikanira mèh turun |
kang rasa adi mulya |
panggagading tyas sariranira gathuk |
miwah sira Jayèngraga |
kapranan angunap kapti ||

Jilid 8 - Kaca : 218

18.
Lingsir dalu wayahira |
Ki Sèh Ragayuni lingira ris |
prayogi wus sêdhêngipun |
sami asêsareyan |
nulya ngambil kêlasa lan lêmpiripun |
ngalap saking pangimaman |
satunggil sewang wus tampi ||

19.
Nulya samya alêlêswan |
Kulawirya nglêgèyèh lajêng guling |
Nuripin Wanatawa wus |
dangu sami anendra |
Jayèngrêsmi Jayèngraga maksih lungguh |
lan Sèh Ragayuni ika |
adêdalon anrang ngèlmi ||

20.
Sidhêm kayon sanalika |
swabawaning ratri tan amêlingi |
tan muni mêne manawung |
nganyut ing kanyênyêtan |
angin-angin tan angenu ingabangun |
sanalikaning amangsa |
sira Ki Sèh Ragayuni ||

21.
Amêdhar jatining wahya |
kalamangsa katri ing sabda gati |
Ki Sèh Raga lingira rum |
anakmas sakaliyan |
ingkang mugi mituhu narimèng wahyu |
titigasaning kasidan |
têlêng sajatining ngèlmi ||

22.
Samya aniyung mustaka |
Jayèngrêsmi Jèngraga Ragayuni |
Ragayuni lon amuwus |
wiwisiking pamêdhar |
anakmas ro sajati-jatining ngèlmu |
adate Hyang adat kita |
Sipat Hyang sipatirèki ||

23.
Asmaning Hyang asma kita |
Apêngal Hyang apêngal kita pêsthi |
sakathahing bangsa lêmbut |
malekat bêlis laknat |
inggih kita sakathahing kang maujud |
ing akasa bumi pala |
sapêngisor sapênginggil ||

24.
Langgênging Hyang langgêng kita |
murahing Hyang murahing kita yêkti |
sihing Hyang sih kita tuhu |
dunya pan inggih kita |
dede besuk siksa lan ganjaranipun |
swarga nêraka (ng)gih kita |
sadaya inggih kitèki ||

25.
Rampung cukup wus nèng kita |
suhul jumbuh kita lan dhatêng Widdhi |
Datu wajibulwujudu |
sami kaananira |
kadya banyu lan toya supaminipun |
mung sanès basa kewala |
napining Hyang napi kami ||

26.
Sama tan kenging kinira |
paminipun suwung kalawan sêpi |
tan pae mung sanès wuwus |
tigas cuthêling rasa |
(ng)dungkapipun nèng têlapakaning ngèlmu |
tokid jatining kasidan |
poma sampun analisir ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (13b) Kaca 197 – 201
  • (15) Kaca 219 – 231 >