Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

 (15) Kaca 219 – 231

 

( Jayèngrêsmi sipêng ing griyanipun pangulu Jabalodin )

VII. Dumugi ing dhusun Pulung, Jayèngrêsmi sipêng ing griyanipun pangulu Jabalodin. Jayèngraga lan Kulawirya ing griyanipun nyai randha Sêmbada kanthi maksiyatan sakalangkung rêsah.

1. Lampahipun Jayèngrêsmi, Jayèngraga lan Kulawirya kadhèrèkakên Nuripin dumugi ing dhusun Pulung, njujug ing griyanipun pangulu Jabalodin. Kapirêng ungêling gangsa, têtabuhan ing griyanipun randha Sêmbada, Jayèngraga tuwin Kulawirya ingkang sakalangkung rêmên gêgêndhingan nyalimpêt, lajêng kengkenan Nuripin dhatêng bok randha sangadi ngupados pasipêngan, tinampèn kanthi suka rêna.

Ing salêbêtipun Jayèngraga lan Kulawirya wontên ing karandhan, Jayèngrêsmi rêrêmbagan kalihan pangulu Jabalodin bab absahing jakat lan pitrah.


Kaca 219 - 231

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 8 - Kaca : 219

475 Salisir

1.
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
tyasnya pangkas sanalika |
tan ana kang kumalêndhang |
padhang nêrawang tan inang ||

2.
Kadyandon asmarèng tilam |
gatining rasa kang mulya |
karangkat rêngkêting driya |
kalimput rahmating prana ||

3.
Rêmpu kataman asmara |
Jèngkrêsmi micarèng nala |
sanyata tunggal kupunya |
lan kakang Sèh Amongraga ||

4.
Apa ta manira bisa |
tunggal sasananing tingkah |
akupu lawan kakangmas |
anèng jaman kaênêngan ||

5.
Jayèngraga pan kadyèka |
tunggil pamuwusing driya |
pupuji angalêmbana |
Sèh Raga mèsêm ngandika ||

6.
Nauri kang samya cipta |
anakmas ywa wancak-driya |
wulangun sagotra lawan |
kakanta sujanma tama ||

7.
Benjang ing jaman kanêngan |
tunggal tan tunggal sasana |
yèn ta kaprècèt ing tingkah |
tata titiking satata ||

8.
Tinitik dhaupanira |
banon lan pangobongira |
yèn tan kêmanjon gêninya |
ilang namaning bantala ||

9.
Wus duwe jênêng priyangga |
lamun mogol pangobongnya |
sirna namane kalihnya |
tan bata datan bantala ||

10.
Jèngrêsmi lan Jayèngraga |
sangsaya pyuh nayanira |
saosikira kacupan |
ngling tyas sinauran basa ||

11.
Asangêt pangungunira |
nora jamak Ki Sèh Raga |
bisa nauri osik tyas |
kaya ngluwihi Mongraga ||

12.
Sèh Ragayuni lingira |
puniku sêmada cêgah |
dede watêke mukmin kas |
anggunggung samèng tumitah ||

13.
Ngêlongi panggunggunging Hyang |
sami lan nacad sasama |
sasat nênacad ing Suksma |
puniku watak kang andhap ||

Jilid 8 - Kaca : 220

14.
Wong kang wis tumêkèng tekad |
tan ngopèni (ng)gunggung nacad |
asor apêse ing tekad |
amèn anggunggung anacad ||

15.
Kulawirya wungu nendra |
kukurah raup wêdana |
asêgu alon wawusnya |
anêbut astagapirolah ||

16.
Kêturon tan nêdya nendra |
nora kêna sinayutan |
Jèngraga nauri sabda |
limrah yèn tiyang karipan ||

17.
Sèh Ragayuni wuwusnya |
puniku rahmat ing dunya |
kalih prakawis rahmatnya |
alayap lawan sahuwat ||

18.
Dene rahmating akerat |
salat lawan sêkaratnya |
yèn wus palal ahli dunya |
sukure nendra asahwat ||

19.
Yèn palal ahli akerat |
sukure salat sêkarat |
tan kenging sêlangsurupan |
malintir kandhang karipan ||

20.
Ki Kulawirya ling nala |
tuhu yèn pratamèng jarwa |
Ki Sèh Ragayuni tama |
angluwihi Sèh Mongraga ||

21.
Yèn ta pinarêngan uga |
mênawa Sèh Amongraga |
kêdarus dènnya lêlana |
tan kêpangguh ingulatan ||

22.
Randhane Ni Tambangraras |
pantês dadya jodhonira |
dhaupa lan Ki Sèh Raga |
rêbut êmbuh kang utama ||

23.
Kalawan Sèh Amongraga |
malah luhur Ki Sèh Raga |
Sèh Ragayuni anabda |
nauri kang micarèng tyas ||

24.
Puniku kalangkung langka |
panggraita lan prayoga |
narik rucating utama |
andika maca istigpar ||

25.
Tilase sukêring driya |
Ki Kulawirya anjola |
gumuyu sarwi noraga |
gèdhèg-gèdhèg kagawokan ||

26.
Ki Sèh Raga malih nabda |
patêmbayaning amangsa |
anèng jaman kasucian |
akulêm mustakik ing kak ||

27.
Kakanta Sèh Amongraga |
mèh praptèng jaman walikan |
puniku anak dèn-awas |
aywa sêlaya ing driya ||

28.
Agotra pakupunira |
jumungahanèng oliya |
kêramat nèng dina nikmat |
padhukuhan Wanataka ||

Jilid 8 - Kaca : 221

29.
Ing riku manira benjang |
patêmoning kang hakika |
lan anakmas sakaliyan |
jalaran ngasramèng arga ||

30.
Sawetaning Wanataka |
pakuwoning karungsitan |
pasêmon gaibing Suksma |
tan kêna winêdhar sabda ||

31.
Tanpa têmbayan ing wêkas |
manira poma anakmas |
pupungkasan manirojar |
sêdhêng samantên kewala ||

32.
Ing wanci bangun anggagas |
pajar gidib wêktunira |
Sèh Raga malih ngandika |
sêwawi sami akadas ||

33.
Subuh tama maksih awal |
santri kalih ginugahan |
Nuripin lan Wanatawa |
samya angladosi kadas ||

34.
Tuturuh toyèng lantingan |
sawuse dènnira kadas |
nulya Jayèngraga adan |
sawusira samya sunat ||

35.
Sampunira kinamatan |
laju ngangkat parlunira |
Jêngraga kinèn dadiman |
dèn-apti wawancanira ||

36.
Wusing takbiratal-ikram |
surat sawusing Patekah |
surat Jumuwah awalnya |
kalangkung pasêkatira ||

37.
Surat Munapik akirnya |
dening akir kinunutan |
tahyat laju sabakda |
pragat pupajiyanira ||

38.
Bakdaning Subuh sih awal |
ing wanci pajar gidiban |
nulya sarya tata-lênggah |
Sèh Ragayuni lon nabda ||

39.
Samyandum sih kawirêjan |
mara ngriki pêpamitan |
iktikap mring pasamaran |
pawitra sutrêsnèng sunya ||

40.
Adan wau Ki Sèh Raga |
-yuni yuwananing karsa |
asung salam jawat-tangan |
mring tamu katiga pisang ||

41.
Kang sinung salam agêpah |
nyakup astane sang yoga |
apan ta tan gantya-gantya |
sarêng samya sanalika ||

42.
Satêngahing patêkêman |
Ki Sèh Ragayuni musna |
ngikis nis ing pêjagongan |
samya mêksih astanira ||

43.
Angathung pèk-èpèkira |
apan maksih têtangkêpan |
tamu ing ulukan-salam |
agêpah samya anjawat ||

Jilid 8 - Kaca : 222

44.
Nauri ngalèkum salam |
luwar pangathung tangan |
kalangkung pangungunira |
samya amaca istigpar ||

45.
Kagagas pituturira |
Sèh Ragayuni minulya |
anèlakakên oliya |
nyaloni wali taruna ||

476 Sinom

1.
Yata kang kantun nèng langgar |
Jayèngrêsmi Jayèngragi |
katri lan Ki Kulawirya |
anjêtung tan ana angling |
kadya kanisan pati |
ing swami utawa sunu |
Ki Kulawirya nabda |
ya talah Ki Ragayuni |
pênyanaku wong ethok-ethok mandhita ||

2.
Tan nyana lamun oliya |
katunan sun (n)dadak guling |
mung anakmas sakaliyan |
kang olèh gawening ratri |
gêgambèn kang pratohin(?) |
rasa surasa kang luhung |
Jayèngraga angandika |
ngong tumingal paman guling |
arsa kawula wungu manawi kagyat ||

3.
Kang paman nauri putra |
pèkne mêngkonone mami |
lèhira gunêman rasa |
lawan Ki Sèh Ragayuni |
sruwang-sruwang miyarsi |
nganggo cuthêl nganggo suwung |
jêg nganggo hanantaka |
dhat-dhatan sêmbari ngimpi |
nora gênah impènku dadi ngêlampra ||

4.
Wanantaka iku apa |
pasêmone apa ngèlmi |
kasambungan impèningwang |
katon nèng Wanamartèki |
jagongan lan si Jamil |
kaya anakmas wus rawuh |
nanging sun tan tumingal |
marang Ki Sèh Amongragi |
namung têmu lan Jamal Jamil akandha ||

5.
Caturan bab sarat-sarat |
katonne ngong dèn-wènèhi |
sarating kuwat anendra |
dèn-ulungkên ngong-tampani |
jarene ampêruning |
tikus pithi putih mulus |
kinluku karya sipat |
sun gya ngrungu lèhmu angling |
nganggo langit nuli dhat manèh supêna ||

6.
Katon kagungane dara |
ramanira jêng kiyai |
dara putih ran si Tawang |
sinambêr lap-alap putih |
binêkta maring langit |
wong sadesa samya (n)dulu |
jêng kyai bentayangan |
nguwuh-uwuh maring mami |
priya Wirya kae daraku si Tawang ||

Jilid 8 - Kaca : 223

7.
Agugup bangêt manira |
matur o inggih o inggih |
e lah priye kono ika |
kagungane jêng kiyai |
nuli si Jamal Jamil |
wong loro barêng cêlathu |
bok kèndêlkên kewala |
dara mring paguponnèki |
ngong sumaur ah mendahneya amokal ||

8.
Ngêndi ana lir jarira |
pagupon anèng ing langit |
iku sêlak nora lumrah |
si Jamal saure inggih |
sêwawi ngong-têdhaki |
prênahe paguponipun |
nuli manira mara |
lagi lumaku byar tangi |
kagyat pangoroke Nuripin sêngguran ||

9.
Jayèngrêsmi mèsêm mulat |
Jèngraga gumuyu angling |
paman punika katênta |
de kathah têmên kang putih |
wit tikus pithi putih |
dara putih myang kang naut |
lap-alap puputihan |
mirêng langit milu langit |
Wanantaka dèn-sambungi Wanamarta ||

10.
Ki Kulawirya anabda |
ya aranne wong angimpi |
sambung-sambunge aura |
kèlu ngêmpêlu kang kèksi |
gêtune ngong tan sipi |
tan mêningi gunêm luhung |
kaya ta wong osik tyas |
anauri wuwus lair |
têka bisa ngêcupi grunêking driya ||

11.
Manira gawok têmênan |
èdine Sèh Ragayuni |
sajêgku durung tumingal |
agawe hebating ati |
ngungkuli Sèh Mongragi |
wah-samono iku êmbuh |
Jayèngrêsmi anabda |
inggih tan kenging winijil |
sampun sami kewala madu lan kilang ||

12.
Punika kaote paman |
sih badhe lan kang wus dadi |
calon kathah cacalanya |
dangu praptaning kakadin |
datan wontên kang ngawir |
sêpên babaganing saru |
wus têkdir tan kuciwa |
mupti mustakaning gaib |
tan kalêmpit ambukak kang samar-samar ||

13.
Kula tan pae lan paman |
winêdhar osiking galih |
kacupan lir wong rêrasan |
kasidikaning pangaksi |
tan wontên sêlaya ngling |
yata kang samya angungun |
nèng sanggar pamêlêngan |
wanci gagad pajar sidik |
katon biru arga rêngrêng kapajaran ||

14.
Rêgêding kayu myang ragas |
lir sinom dyah pinangantin |
pêdhut ngêndêng pawukiran |
ambalêbêt lambung wukir |
lir pasêmêkannèki |
kêndho rumimong ing bau |
mega putih lumarap |
ing tirah-tirahing wukir |
kadya tasik tan rinêmbug wêwalêran ||

Jilid 8 - Kaca : 224

15.
Kêsorot sirating surya |
kumênyar langêning bumi |
ascarya erêm ngujwala |
kawênganing mangsa enjing |
lwah-lwah lêlêmpong wukir |
ron-ron karuron ing êbun |
bilolok lèkira Hyang |
Haruna kêtaman dening |
imamawan mahandhap nêrampat kisma ||

16.
Silo silake katulak |
pêpêdhut kang anglimputi |
kang anduwa dipanira |
jalada arêbut titih |
ngêrêm Hyang Jaladragni |
giyuh kawimbuh ing têdhuh |
kadya atmaja raja |
duk misih taruna alit |
kandhah dening winawasing cèthinira ||

17.
Hyang Andakara rumangsang |
amranani ing sakalir |
(m)bengkas kang awêr wêrata |
ngalela kaywan warnadi |
lamuk kabuncang angin |
mawrat lir kapuk winusu |
rêmbêting pawukiran |
kawuwu lon lir binodri |
sumaringah kadya gring manggih usada ||

18.
Kaprabawan ing baskara |
nahyani langên dumadi |
ramya swaraning kokila |
andon mangsa woh anèng wit |
myang kewan ing wanadri |
enggar nèng pasabanipun |
Jayèngrêsmi ngandika |
mring ki Wanatawa aris |
ingkang êndi margane maring Gêgêlang ||

19.
Wanatawa aturira |
punika pan maksih têbih |
lampahan tri dalu marga |
anglangkungi ardi Wilis |
dhunipun saking ngriki |
pan wangsul malih anikung |
mangalèr turut pada |
angilèn ngubêngi ardi |
wukir Selabale margi kang prayoga ||

20.
Jayèngrêsmi lon wuwusnya |
ya wus manira mit kaki |
kewala laju lampahnya |
ngupaya kadang kaswasih |
ywan manawa kapanggih |
wus kaki andum rahayu |
anulya sinung salam |
Wanatawa matur inggih |
samya salaman agantya gêgambuhan ||

477 Gambuh

1.
Adan umangkat laju |
Jèngrêsmi lan kang paman rinipun |
Ki Nuripin nèng ngarsa gêrmaning margi |
tumurun margi kang wau |
ing Selabale mangalor ||

Jilid 8 - Kaca : 225

2.
Marga nut suku gunung |
jurang sêngkan ing pèpèrèng trêjung |
pagrumbulan bês-êmbês lulumut limit |
anglêlamat margi lunyu |
tan lanyah kambah ing uwong ||

3.
Napak rumput ngarêmbyung |
sarampadan kang rurumput mabun |
angêbêsi samargi sêdhêngirènjing |
wong papat (n)dulur lumaku |
(n)jok margi menggok mangulon ||

4.
Laju ngambah wanagung |
lêpas lampahira pan andarung |
sakèh guwa pawukiran dèn-ampiri |
tan ana ingkang panuju |
tilas kabarè tan manggon ||

5.
Mangkana lampahipun |
mahas ngayam-alas kawlas-ayun |
kadhang asring kapapag wong laku grami |
miwah priyayi asêlur |
mantri manca amêrabot ||

6.
Tan ana aru-biru |
wus nyana yèn wong tirakat nglangut |
Jayèngrêsmi laju tan aso ing margi |
ing nalika manggih ranu |
ngriku raryan salat Lohor ||

7.
Sabakdanira wêktu |
sarèh sakêdhap anulya laju |
alêlampah tumurun jurang arumpil |
samêngkang pèrèng lulungur |
wana ing Pulung grêng rongkob ||

8.
Nusup gêlagah rayung |
wana Pulung kathah lêbakipun |
sadêdêlan ambanjêng wana pring ori |
sadêdêlan pajatên gung |
sadêdêlan malih bondhot ||

9.
Sadêdêl kulampis pung |
sadêdêlan jarak jambu kluthuk |
wanci wêktu Ngasar raryan salat Ngasri |
wus bakda nulya lumaku |
datan kêpranggul dening wong ||

10.
Kang samya alêlaku |
samya kêraosing sayahipun |
datan pati anêrod dènnya lumaris |
samya ngluh kang suku rapuh |
dadya samarga rèrèndhon ||

11.
Sakêdhap rèrèh lungguh |
anèng sela nulya mangkat laju |
sadangunya tan ana desa kaèksi |
sadintên tan bukti nginum |
sampambalang raryan ngaso ||

12.
Kulawirya amuwus |
payo mrene Nuripin dèn-gupuh |
matur lah puniku inggih dhatêng pundi |
Kulawirya asru muwus |
dèn-undang (n)dadak ambèngkot ||

Jilid 8 - Kaca : 226

13.
Nuripin mara gupuh |
tut-wuri mring Ki Kulawiryèku |
sapêmbalang dohe Ki Kulawirya ngling |
ngambila ranu dèn-gupuh |
manira arsa anguyoh ||

14.
Ki Nuripin macucu |
garundêlan malêruk umatur |
lah mbok wau punapa duk wontên warih |
wau-wau datan nguyuh |
nèng ngriki damel pakewoh ||

15.
Lah pundi wontên ranu |
wana grêng mung kêbak kayu watu |
lah bok pèpèr kewala ngarah punapi |
Ki Kulawirya sru muwus |
(n)dadak madoni kinongkon ||

16.
Nora têka lumaku |
apa kongsi (ng)ko ngong balang watu |
sarwi ngagagi balange tininggil |
Nuripin jrih glis lumayu |
garundêlan ngondhok-ondhok ||

17.
Sun iki bae tumut |
besuk manèh nora agêgêtun |
atut pungkur lulungan nganggo kiyai |
tan kudu-kuduwa mèlu |
wong ladak kaworan bancol ||

18.
Angungak jurang parung |
tan kaduga angupaya ranu |
Kulawirya myat Nuripin tan kaèksi |
nulya tinilar ing laku |
prapta (ng)gyanning putra karo ||

19.
Jayèngrêsmi lon umatur |
suwawi paman wus aso laju |
pun Nuripin wau kantun anèng pundi |
nauri lagya bêbanyu |
dimèn nusul lah wis payo ||

20.
Nulya samya lumaku |
ngambah wana tan adangu kêmput |
ngancik wana tarataban bulak radin |
Nuripin wangsul (ng)gènnipun |
wus tinilar tan ingantos ||

21.
Nuripin sru kumêpyur |
gupuh-gupuh dènnira anusul |
nguwuh-uwuh sarwi mèwak-mèwèk nangis |
akukuk tan ana nyêluk |
Ki Nuripin gêmbar-gêmbor ||

Jilid 8 - Kaca : 227

22.
Niayanya kalangkung |
wong kinèngkèn tan dèn-(n)tèni iku |
yata kang lumampah samya angantèni |
nèng soring kayu trênggulun |
Nuripin andon ingantos ||

478 Asmaradana

1.
Yata kang inganti-anti |
tan dangu nulya katingal |
Nuripin ingawe-awe |
lumayu akêdhêmpalan |
wus praptèng ngarsanira |
Nuripin samya ginuyu |
kang ginuyu parêmbèhan ||

2.
Ki Kulawirya sru angling |
sirèku pakèwuh apa |
dene suwe sira monyèt |
lumaku bambang-bambangan |
mungkur lèmbèhan dawa |
anèng alas adol bagus |
(n)dadak dadyantèn-êntènan ||

3.
Nuripin gumuyu nangis |
ya ta-lah nora kaya-a |
ya dene wau kinèngkèn |
ngambil toya paturasan |
Kulawirya lingira |
nora nguyah nora nguyuh |
Nuripin apalerokan ||

4.
Inggih sampun inggih-inggih |
angsal mênang kêdah numpang |
tiyang kawon dados guyon |
Jèngrêsmi marma tumingal |
aris dènnya ngandika |
aywa mangkono tampamu |
wus lumrah wong durung tahan ||

5.
Sadhengah iya kadyèki |
lamun ta wus saban-saban |
nora ana kuwatire |
Nuripin nuwun turira |
mangkana wancinira |
Ngasar akir panas eyup |
kang samya rèrèn ing marga ||

6.
Kasilir maruta kèsis |
myarsa rarasing gamêlan |
salendro ngalêp saking doh |
niniling Ki Jayèngraga |
angling kawula paman |
myarsa gamêlan munya rum |
kados cêlak padhusunan ||

7.
Kang paman nauri aris |
layak ya wus cêlak desa |
lamat-lamat rum swarane |
Jêngraga matur ing paman |
inggih gêndhing punapa |
kang paman alon amuwus |
gajêge gêndhingan Candra ||

8.
Mirêng-kula Gambir-sawit |
nanging gêndhing sampun niba |
nauri ya êmbuh kae |
Jayèngrêsmi lon turira |
lah kados pundi paman |
punapa kampir ing dhusun |
punapa laju kewala ||

9.
Ki Kulawirya nauri |
prayoga kampir ing desa |
ing laku rada kalantèh |
ngilèni bukti atanak |
nyarèhkên badan sayah |
Jèngraga nambungi rêmbug |
prayogi mring padhusunan ||

10.
Lah mara priye Nuripin |
lamun laju ketanggungan |
Nuripin alon ature |
inggih sumangga kewala |
ajrih lamun matura |
Ki Wirya (m)bêkuh gumuyu |
bilah Nuripin pamèran ||

Jilid 8 - Kaca : 228

11.
Lir mrakara rajapati |
kathik ajrih yèn matura |
amêngku wadi adile |
wong rêrasan salêbaran |
andadak konthol bêlang |
Nuripin (ng)garundêl muwus |
apa ta ujarku apa ||

12.
Tan ana luwasing gêtih |
bênêra kae ya duka |
tan kabênêran sêdene |
dhasar rêmêne dêduka |
Ki Kulawirya latah |
srêngênku manut wangunmu |
sawangun-wangunmu kithal ||

13.
Wong wangunmu pantês sisip |
nora patut kabênêran |
mulane kudu anggandhèn |
ah kajawi ta punika |
dhasar rêmên tiyangnya |
Jèngrêsmi gumujêng muwus |
iku pan mêngku paedah ||

14.
Wong lulungan ing atêbih |
sarat guguyon ing marga |
tan pati krasa kêsêle |
ingkang samya sinasmitan |
pan sami suka rêna |
Jèngrêsmi malih amuwus |
suwawi paman umangkat ||

15.
Wus aso samya lumaris |
buntas wana têrataban |
amublak patêgalane |
katon dhukuhe kawuryan |
anggênggêng kitrinira |
ing Pulung pan dhusun agung |
kasorot ngarka lumarap ||

16.
Antara dangu gya prapti |
anèng dhadhah pêkarangan |
ing Kêpulung desa gêdhe |
Nuripin gya malbèng desa |
tanya ing pakauman |
(n)jujug wismaning pangulu |
anjèjèrèh dènnya pajar ||

17.
Ki pangulu Jabalodin |
asuka kinèn ngaturan |
Nuripin wangsul ge-age |
matur mring bêndaranira |
laju kang ingaturan |
ki pangulu gupuh-gupuh |
(ng)gêlar kalasa ing langgar ||

18.
Ngaturan lênggah surambi |
katri samya sêsalaman |
Jabalodin tur pambage |
Jèngrêsmi angling pêsaja |
anutur mula-buka |
pangulu andhêku-dhêku |
wus pratela ing pawarta ||

19.
Sarwi kèn-mundhut tap-sirih |
klobot têmbako ududan |
sarta kèn-amèk dêganne |
tan dangu prapta ing ngarsa |
dawêgan pinarasan |
sinunggatakakên sampun |
kêduduk ing wêktu salat ||

479 Mêgatruh

1.
Sawusira samya nginum we-ning kang nyu |
wanci surup ngawal Mahrib |
gya mudhun mèk toya wulu |
wusnya kadas Ki Nuripin |
nulya adan tumalawong ||

Jilid 8 - Kaca : 229

2.
Lajêng sunat kabliyatan sadaya wus |
pangulu angancarani |
lah suwawi sang abagus |
kula ngalap barkah ugi |
andika ngimami gupoh ||

3.
Jayèngrêsmi pinaksa anulya maju |
Kulawirya kang ngamati |
nulya imam ngangkat parlu |
usali praptaning takbir |
Patekah ingkang winaos ||

4.
Sawusnya Patekah surat Kulya-ayu |
Idaja-a akirnèki |
kalangkung pasêkatipun |
dhasar swara ning gumrining |
pangulu eram ing batos ||

5.
Sabakdaning Mahrib nulya sunatipun |
wabin tigang salam nuli |
manjing wêktu Ngisa-nipun |
Jayèngraga angadani |
lajêng sunat asêrantos ||

6.
Wusnya sunat kinamatan ngangkat pêrlu |
sawusing Patekah-nèki |
surat Jumngah awalipun |
akire wêwacanèki |
surat Munapèk winaos ||

7.
Praptèng matang rêkangat tahyat salam wus |
sabakdaning sunat Witir |
laju samya tata lungguh |
ki pangulu Jabalodin |
mring wisma kèn ngrukti sugoh ||

8.
Gya winêdalakên pasugatanipun |
sêkul ulame mênuhi |
Ki Jabalodin amuwus |
sumangga kawula turi |
paduka sami têturoh ||

9.
Sumapala maklumipun sang abagus |
sawontêne anèng ngardi |
kang cinaran lingira rum |
sarwi sarêng awiwijik |
ênggèh sangêt tarimèng-ngong ||

10.
Wangsul ingsun karya susah man pangulu |
anukêri salu pranti |
namung sampun kirang maklum |
pangulu mangsuli aris |
kang botên-botên rinaos ||

11.
Adan lêkas kang samya bukti pikantuk |
sêmada ragi kêlantih |
pan sampun antara dangu |
samya luwaran awijik |
lajêng linorot maring sor ||

12.
Ki Nuripin pamanganipun athêkul |
lorodan têlas tan kèri |
ingimbuhan sêkul lawuh |
kokoh lir wiwitanèki |
Kulawirya ngling dèn-alon ||

Jilid 8 - Kaca : 230

13.
Klêbu nyêngka lalakon iki anglarug |
tan etang parang arumpil |
Nuripin ririh ngling (m)bêkuh |
milu-miluwa priyayi |
andulu baguse anom ||

14.
Wawratipun rencang mêkatên (ng)gih sampun |
pêngulu ngling mring Nuripin |
nèh tutugakên kang tuwuk |
Nuripin ngling (ng)gih-(ng)gih-nèki |
mangsi angangkaha wêdos ||

15.
Sarwi (ng)gadho ulam têlas sêkulipun |
sadaya sampun balindhis |
sininggahkên ajangipun |
wus wisuh ngombe Nuripin |
galègèkên dènnya atob ||

16.
Yata wau kang samya tata alungguh |
winêdalan suguh malih |
nyamikan wowohan gunung |
pangulu angancarani |
suwawi masêgan uwoh ||

17.
Kang cinaran inggih paman sêlotipun |
sêsambèn sêmbari linggih |
sih-andika wus nèng ngayun |
nulya sasênênge ngambil |
nangka pisang raja ambon ||

18.
Wi gêmbili talês kimpul tela-gantung |
mangkana ana kapyarsi |
gamêlan talu cumêngkung |
gêndhingane Titi-pati |
sêmada rêmpêg panaboh ||

19.
Jayèngraga Kulawirya sarêng (n)jumbul |
nilingkên gamêlan muni |
sami sasmitèng pandulu |
arongèh dènnira linggih |
Jèngraga têtanya alon ||

20.
Man pêngulu sintên kang natab gangsa gung |
sêdhêng rarase nyundari |
punapa tiyang mêmantu |
punapa kyai patinggi |
ingkang amocung salendro ||

480 Pocung

1.
Alon matur puniku dudu wong mantu |
kang natab gamêlan |
pan dede kyai patinggi |
inggih Nyai Sêmbada tur ta arandha ||

2.
Owêl sêpuh sugihe kêlangkung-langkung |
ing riki tan ana |
kang nyamèni sugihnèki |
pangungsène tiyang urut pagunungan ||

3.
Mila sampun inggih rêrêmênanipun |
anatab gamêlan |
tan towong ing siyang ratri |
langkung asih mring tiyang sagêd gêndhingan ||

Jilid 8 - Kaca : 231

4.
Pan gumuyu Jèngraga Kulawiryèku |
samya jêjawilan |
lèjême angajak mijil |
apan sami garunêke karsanira ||

5.
Wusnya têpung ing sêmu samya tumurun |
sayadan totoya |
Nuripin jinawil aglis |
Jayèngrêsmi myating paman lan rinira ||

6.
Linging kalbu wus datan kêna sinamur |
sih ing pakarêman |
nuruti panggawe sirik |
dene uwus sumurup pitutur tama ||

7.
yèn angrungu gamêlan tan etang-etung |
lir uwus tan arsa |
kêlèpètan ing agami |
padha dene tuwa anom kaya bocah ||

8.
Ingkang ngungun pinupus kalbu wus sokur |
pangulu turira |
punika wau mring pundi |
lan kaprênah punapa lawan paduka ||

9.
Alon muwus pan ariningong waruju |
siji pamaningwang |
manira duga tan bali |
kalih pisan padha dhêmêne gamêlan ||

10.
Pandugèngsun tan wurung yèn kongsi esuk |
maklume pun paman |
pangulu umatur inggih |
pan sumangga sakêrsanipun kewala ||

11.
Kula nuwun ngalap bêrkah mring sang bagus |
sangêt kikirangan |
satêmah ngisin-isini |
sring sinual kang ngèl-angèl mring kawula ||

12.
Langkung cêguk balilu dadya pangulu |
panuwun-kawula |
bab pitrah myang (m)bêlèh pitik |
inggih sampurnanipun kadi punapa ||

13.
Alon muwus Jayèngrêsmi mring pangulu |
mungguh sucinira |
ngamal jariyah puniki |
mungguh pitrah pan pinara têlung duman ||

14.
(ng)Gih puniku wontên kaole têtêlu |
kang saduman kalal |
kang saduman mêkruh yêkti |
kang saduman sêmada puniku karam ||

15.
Ing liripun kang têlung prakara niku |
dene ingkang kalal |
rêjêki ingkang wus wajib |
mring pangulu rêjêki suci pinangan ||

16.
Malihipun kang saduman ngaram mêkruh |
gantungan sidhêkah |
malêm Mulud myang mumule |
mring (n)Jêng Nabi Wali Mukmin kang wus swarga ||

17.
De kang têlung prakara ran karamipun |
kinarya gantungan |
pawèwèh wong pêkir miskin |
ingkang samya angêmum kalularatan ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (14) Kaca 202 – 218
  • (16a) Kaca 232 – 248 >